Anda di halaman 1dari 5

Miturut cerita saka Jawa Timur, ana pemuda kang bagus lan aran Jaka Tarub.

Pemuda iku
anake lanang mbarep Mbok Rondho. Jaka Tarub duwe bojo widodari kang aran Nawang Wulan
sing ayu tenan. Ana ing kahyangan para widodari cacah 10 pada rembugan arep adus amarga
arep pada lunga menyang adicara ing kahyangan. Ing dalan para widodari kui pada
geguyonan. Tekane ing pesanggrahan jebul banyune ora mili, Banjur para widodari tumurun
ono bumi...
SUGENG AMIRSANI
- Tari pembukaan (SOUND 1: Tari Pembuka)
Adegan 1 Sendang (Sore hari)
Musik iringan : (SOUND 2: Air Sungai)
Nawang ayu :”wah jebule banyu ing bumi iki seger yo.”
Nawang wulan    :”iya mbakyu,banyune ya resik.”
Nawang arum     :”eh sedurunge bali menyang kahyangan jajal mlaku mlaku disik yo.”
Nawang sekar    :”iyo mbakyu aku kepengin ndelok kahanan ing bumi langsung.”
Nawang kunthi   :”hayo sopo ngerti ketemu satrio kang bagus.”
Nawang turi       :”setuju mesti satrio ing kene bening bening,apik kanggo kesehatan mripat.”
Nawang yayi       :”bening bening sebening banyu kali iki.”
Nawang wuyung :”banyu kali mandeke ing segoro.”(karo nyanyi)

Nawang manis    :”sttt ampun sengko sengko.Mengko nik ana sing krungu pie jal”
(Jaka Tarub njupuk salah sijine slendang sing warnane ijo duweke nawang wulan)
Nawang turi       :”hayo manis ki sok koyo suarane apik wae.”
Nawang wulan    :”dewe ora iso mlaku mlaku mbak,amarga yen pelangine iki wus ilang mengko
dewe ora iso bali menyang kahyangan.”
Nawang ayu        :”selain kui dewe yo kudu ngati ati karo wong bumi iki.”
Nawang agni       :”iyo bener,wis ayo cepet cepet ndang go klambi ndag mengko kesoren.”

Para widodari ora ngerti yen slendange nawang wulang dicolong. (SOUND 2
BERHENTI: Air Sungai)
Nawang wulang  :”mbakyu ana sing ngerti slendangku ora?”
Nawang sekar    :”mau kok delehke ngendi”
Nawang turi       :”iya jajal dieling eling disik.”
Nawang wulan    :”mau ning kene mbakyu,tapi kok ora ana.”
Nawang arum     :”aduh aja aja ilang.”
Nawang kunthi   :”apa??ilang??
Nawang yayi       :”jajal goleki sing tenanan”
Nawang wuyung :”iya paling keno angin kabur.”
Nawang agni       :”yen slendange nawang wulan ora ketemu mengko nawang wulan ora bisa
bali menyang kahyangan.”
Nawang wulan    :”aduh mbakyu kepiye iki aku wedi tenan.”
Nawang ayu        :”uwis ojo do geger mendingan ayo goleki bareng bareng.”
Nawang manis    :”iyo bener wektune wong mepet.”
Nawang kunthi   :”siap.”
Nawang agni       :”waduh teja ne arep ilang.”
Nawang arum     :”piye sedulur dewe mosok arep ninggalke nawang wulan ing kene.”
Nawang ayu        :”tapi nek dewe ora lungo mengko dewe ora bisa bali.”
Nawang sekar    :”ya wis mending dewe munggah mengko ing kahyangan njaluk tulung dewa
tirto lan dewa surya.”
Nawang wulan    :”duh mbakyu aja tinggalke aku.”(nangis)
Nawang ayu        :”dingapuro adiku aku lan para sadulur kudu lunga saiki.”
Nawang wulan    :”mbakyu...mbakyu aku ojo ditinggal dewe”

Widodaro cacah 9 kui pada bali menyang kahyangan. Nawang wulan kudu goleki slendange
nganti ketemu banjur iso bali menyang kahyangan. (SOUND 3 MULAI: Perkampungan) Ing
bumi nawang lagi bingung keliling kampung nakoni wong wong kang ngerti babagan slendang
ijo duweke de.e.
Adegan  2    bumi
Nawang wulan    :”bu kula badhe tangklet sekedik.”
Penduduk 1        :”napa nduk cah ayu”
Nawang wulan    :”slendang warni ijem kula ical,mbok menawi ibu semerep.”
Penduduk 2        :”waduh aku ora ngerti slendang ijo kui sing kok maksud.”
Penduduk 1        :”apa slendang kui penting banget kanggo awakmu?”
Nawang wulan    :”nggih bu,kula mboten saget wangsul menawi slendangipun mboten
ketemu.”
Penduduk 2        :”walah mesake temenan to nduk.”
Penduduk 1        :”lha kowe ki omahe ngendi?”
Penduduk 2        :”iyo,hudu wong kene to?aku ra tau weruh sliramu.”
Nawang wulan    :”nggih kula sanes tiyang mriki.”
Penduduk 1         :”njur seko ndi,yen adoh mending bali disik wis arep peteng sesuk goleki
meneh yen padang.”
Penduduk 2        :”iyo nduk mengko yen kewengen malah ra wani bali dalane peteng.”
Penduduk 1        :”ho.o sepeteng rupamu yo,Yu?”
Penduduk 2        :”hayo....heh kurang ajar we.”
Nawang wulan    :”matur nuwun Bu ananging kula kedah nemokake slendang niku riyen.”
Penduduk 2        :”wah yo dingapuro nduk aku ora iso ngrewangi opo opo.”
Penduduk 1        :”betul,betul betul dingapuro iki meh bali disik mugo mugo sukses yo.”
Penduduk 2        :”sukses le ngopo?”
Penduduk 1        :”olehe golekki slendang to yo.”
Nawang wulan    :”nggih matur nuwun bu.”
Mbah roto          :”walah nduk, kok mesake temenan. Sopo jenengmu nduk?”
Nawang wulan    :”kula nawang wulan mbah.”
Mbah roto          :”yowis nduk saiki awakmu melu aku wae.”
Nawang Wulan   :”nopo mboten ngrepoti simbah mangke?”
Mbah roto          :”ora popo nduk aku malah seneng ana kancane tur yo aku ki urip dewean
malah rejekiku due anak ayune koyo ngene.”
Nawang wulan    :”mangke menawi wonten ingkang tanglet pripun mbah.”
Mbah roto          :”yo mengko teko sauri yen awakmu putune mbah roto.”
Nawang wulan    :”nggih mbah.”
(SOUND 3: Perkampungan berhenti)
Nawang Wulan sing wis putus asa goleki slendange ning bumi, akhire nganti ketemu karo Jaka
Tarub. Loro-lorone padha tresna-tinresnan. Dina-dina saya cedhak, lan Jaka Tarub kepingin rabi
karo Nawang Wulan. Nawang Wulan ora ngerti yen Jaka Tarub sing njupuk selendang duweke
dheweke.
(Dansa Jaka Tarub karo Nawang Wulan)
Esuke jaka tarub sanjang karo mbok randha yen arep nembung nawang wulan dadi bojone.
Jaka tarub ngenalake nawang wulan marang mbok randha.
Adegan 3    omahe jaka tarub

Jaka tarub         :”mbok mbok”(karo melbu omah)


Mbok randha     :”ana opo to enggane kok bengak bengok.”
Jaka tarub         :”mbok aku arep ngenalake calon bojo ku mbog.”
Mbok randha     :”he?tenanan iki”
Jaka tarub         :”yo tenan to mbog mosok yo geguyonan.”
Mbok randha     :”ha ndi bocahe.”
Jaka tarub         :”rene nawang wulan,simbokku meh ketemu.”
Nawang wulan    :”sugeng siang,mbok kula nawang wulan.”
Mbok randha     :”owalah genduk ayu temenan koyo widodari saka kahyangan.”
Nawang wulan    :”kula pancen widodari mbok.”
Mbok randha     :”haha iso iso wae nduk.”
Jaka Tarub : “Tarif, rene tak omongi”
Jaka Tarif : “arep ngopo?”
Jaka Tarub : “tak kenalke calon bojoku”
Jaka Tarif : “halah ntut. Ndi to tak weruh”
Jaka Tarub : “yo rene ngeyel”
Jaka Tarif :“
Jaka tarub          : (nonyo jaka tarif) “piye mbok setuju ora.”
Mbok randha      :”wis ndang rabi wae. Ayo golek tanggal ndang gawe acara rame-rame”
Nawang wulan    : (mesem mesem.)
        Akhire jaka tarub lan nawang wulan dadi bebojoan. Kanugrahan anak 3 wedok kabeh sing
jenenge nawang asih, nawang tirta, nawang alindri. Uripe nawang wulan lan jaka tarup kebak
welas asih. Sawijining dino kekarone padha sungkawa amerga mbok radha nilar donya.
Nawang wulan pamit karo jaka tarub arep ngumbahi ning  kali.
Nawang wulan    :”mas kula tak ting lepen riyen nggih badhe nggumbahi.”
jaka tarub          :”yoh ngati ati.Arep tak kancani ora?”
nawang wulan     :”mboten usah,kula titip sekk masak sekul.Tulung dijogo genine.”
Jaka tarub         :”yoh mengko tak tipasi.”
Nawang wulan    :”nanging ampun dibuka kukusanipun menapa ke mawon ingkang dumadi.”
Jaka tarub         :”lha nopo to?”
Nawang wulan    :”nggih pokokke ampun dibuka yen dibuka kula mboten tanggung jawab.”
Jaka tarub : ya dek…ojo kwatir…ati ati neng kali……(jaka tarub nyawang lugane nawang
Wulan, banjur ngudo rasa opo isine kukusan kuwi)

Jaka tarub         : “ sejatine ono opo to kuwi ,,bojoku kok pesene koyok ngono,
Weh jobo tak tilik ane dasare bojoku ra ngerti…..”bujubuneng,jebul ki bojoku
sekti tenan iso nyulap beras sak wiji dadi sego sak wakul.Mugakno beras ket
biyen ra tau entek malah soyo okeh wae.”

Nawang Wulan bali saka lepen lan kaget minangka kedadeyan ana ing dapur.

Nawang wulan    :”mas.........mas,,,,,,mas tarub....?????


Joko tarub         :”nopo dek?”
Nawang wulan    :”mau mas mbuka kukusan to”(karo nesu)
Joko tarub         :”ho oh mau aku niliki segone wis mateng durung.”
Nawang wulan    :”kan aku wis omong to ojo dibuka.”
Joko tarub          :”aku njaluk ngapuro dik aku ora nyongko.”
Nawang wulan    :”sak iki ilang kesaktianku.Aku saiki opo opo kudu susah,nek masak aku kudu
numbuk gabah disik koyo wong liane.Mulai saiki mas kudu nyepakke lesung
gawe aku.”
Joko tarub          :”dingapuro tenan dik aku ora ngerti yen bakal koyo ngene iki dadine.”
Nawang wulan    :”wis lah mas sego wis dadi bubur meh piye maneh.”
Joko tarub           :” iyo dek iki kabeh salah ku”
Nawang wulan    :” sak iki mas tarub kudu nyepak ne lesung lan lumpang mergo aku wes ora
duwe kasekten maneh.”
Jaka tarub : iyo dek ..ojo kwatir ..kabeh tak cepak ne (joko tarub nyiapke lumpang banjur
pamitan lungo neng sawah.)…..sak iki aku pamit arep neng sawah.

Nawang wln : iyo mas seng ati ati aku yo kudu nutu gabah…(njupuk gabah ditutu ..rampung
lanjut njupuk maneh….).wah kesel tenan,gaweyan kok ra rampung rampung,
iki goro goro mas tarub buka kukusan biyen kae.(karo jupuk gabah)jajal nek
ora kan aku ora kelangan kasektenku. Eh kui opo kok ijo ijo aku ra tau
weruh.(narik slendang) lho iki lak slendang ku biyen to,kok iso ning kene

(Nawang wulan kaget tenan nemokake slendange ning kono.Deweke kroso kuciwo marang
bojone amarga ngroso diapusi.)
Nawang wulan    :”tegel temenan mas tarub ngapusi sak suwene iki. Aku kudu nemoni mas
tarub. Iki wis wayahe aku bali menyang kahyangan, ketemu karo para dewa
lan sedulur sedulurku. Aku sejatine widodari dadi panggonanku dudu ning
kene. Aku kudu nyusul mas tarub”

Nawang wulan marani joko tarub ning sawah kanggo njaluk kajelasan babagan slendang iki

Adegan 4  sawah
Nawang wulan     :”mas....mas tarub”
Joko tarub          :”nopo dik kok mlayu mlayu.Ono opo ning omah.”
Nawang wulan     :”iki opo maksude mas?”(karo nuduhke slendang)
Joko tarub          : (kaget) lho kok oleh slendang apik temenan ki nggon sopo dik?”
Nawang wulan     :”wis ora usah ngapusi aku meneh.Aku ki salah opo to mas nganti sampeyan
tegel koyo ngene ro aku.”
Joko tarub          :”dik ngomong opo to kok koyo ngono kui.”
Nawang wulan     :”tegel tegele mas tarub ngapusi aku,padahal aku wis jujur opo anane ro
sampeyan.Ngopo ket disik kok ora omong wae nek sing jupuk slendang ku
kui mas tarub dewe.”
Jako tarub          :”duh nawang wulan sing tak tresnani aku njaluk ngapuro,disik aku wedi
yen kelangan awakmu.”
Nawang wulan     :”ning ora koyo ngene mas carane ki. Aku bener bener kuciwo karo mas
tarub.”
Joko tarub          :”tulung ngapurani aku dik,aku wegah kelangan kowe.”
Nawang wulan     :”telat mas,aku kudu bali menyang kahyangan ketemu karo sedulur
sedulurku. Aku wis ora iso urip ning kene meneh.”
Joko tarub          :”kok kowe tegel ninggal aku ro anak anak.e dewe dik.”
Nawang wulan     :”kowe yo tegel ngapusi aku mas. Omah omah tetahuan jebul aku diapusi
koyo ngene.”
Joko tarub          :”nanging dewe lak wis janji yen ora arep ninggalake opo wae kahanane.
Opo kowe lali dik?”
Nawang wulan     :”aku ora lali,nanging koyone sliramu sing lali mas yen sing janji ora arep
ninggalke ki ya mung awakmu, aku mung njaluk sampeyan ora mblenjani
janji.”
Joko tarub          :”aku ngerti yen aku salah. Terus mengko aku kudu omong opo karo anak-
anake dhewe”
Nawang wulan     :”sekarepmu.Nanging cah 3 kae tetep dadi anakku,yen suk ben kepengin
ketemu aku gowo wae ning pinggir kali anggon mu weruh aku sepisanan
lan jupuk slendangku.Nanging syarate panjenengan ora pareng ngetok pas
aku lagi ketemu anak anaku.Wis mas aku kudu lungo sak iki.”
Joko tarub          :”nawang.........nawang wulan..........ojo tinggalke aku..
(karo nangis ngudang nawang wulan). Kok dadi koyo ngene nasibku,
nawang wulan kudu bali neng kahyangan, njur aku kudu kepiye….(nangis
maneh).
Nawang cilik         :” Pak…bapak….bapak ….bapak enten nopo kok nangis??? Ibu wonten
pundi???(nawang kecil ikut nangis)
Joko tarub          :”nduk anak-anak ku, ibu mu kudu tindak adoh sak wetoro, mengko yo ora
suwe bakal bali, nek awakmu kangen karo ibu, mengko tak terne nemoni
ibu,,,,wes ayo ..sak iki bali neng omah….”

Nawang wulan banjur lungo ninggalake jaka tarub dewe karo anak anake.Nawang wulan bali
menyang kahyangan ketemu karo para sedulure lan para dewa sing ngasuh nawang wulan
biyen.
Selak pirang-pirang taun, anak-anake Nawang Wulan kangen karo Nawang Wulan. Banjur
diajak nemoni marang Jaka Tarub.
(Setela adegan berpelukan antara Nawang Wulan dan anak-anaknya, SOUND 4: Dance
Penutup)

Anda mungkin juga menyukai