Anda di halaman 1dari 5

BABAK 1

Pada jaman dahulu di sebuah desa di daerah Jawa Tengah. Hidup seorang pemuda
bernama Jaka Tarub. Ia tinggal bersama ibu dan ayahnya yang biasa dipanggil Mbok
laras lan pak ranu. Sehari-hari Jaka Tarub dan pak ranu bertani padi di sawah.

Suatu hari, pak ranu lan mbok laras takon marang jaka tarub

Pak Ranu: “Buk, anak e kene kan wes Jaka, kok ora Ndang rabi”
Mbok Laras: “Iya pak, Tarub wes gede sakjane wes wayahe rabi”
Pak Ranu: “Iya buk, marengene tak kandhanane”
Pak Ranu: “Leh rinio, Bapak Karo ibuk ape ngomong”
Jaka Tarub: “Nggeh pak, wonten nopo?”
Mbok laras: “Kowe Lak wes gede Leh, opo ora kepengen rabi?”
Jaka Tarub: “Sakjane nggeh pengen pak, buk, nanging tasih dereng Nemu pasangane”
Pak Ranu: “Yawes nak tak dungakno Ndang ketemu pasangane”

BABAK 2

Sebanjure omong-omongan Karo bapak ibuke Jaka Tarub mangkat menyang alas, nak
tengah dalan Jaka Tarub ketemu abiyasa, adinata, adiwangsa.

Abiyasa: “rub, Arep menyang Endi?”


Jaka Tarub: “Arep nang alas bi”
Adinata : “Mampir sek Rub jagongan ambek kene”
Jaka Tarub: “Yawes lah tak jagongan sek”
Adiwangsa : “Wajahmu kene opo run, kok sawangane akeh pikiran?”
Jaka Tarub: “ngene aku dikongkon bapak ibukku Rabi padahal dorong onok pasangane.”
Abiyasa : “Owalah,angel wes, lek wes dikongkon ndang rabi.”
Adinata : “Tau krungu omongan wong telaga nak tengah alas kuwi.”
Adiwangsa : “Iyo wong sing lagi bejo sing iso ndelok widadari adus.”
Jaka Tarub: “Halah iso ae rek cerito ngono dipercoyo.”
Abiyasa : “Deloken dewe rub,sopo ngerti Bejo,mesisan jare nak alas.”

BABAK 3

Sak banjure omong-omongan karo koncoe wau jaka tarub mangkat menyang alas.
Sawetara iku para Nawang lagi guneman ing kahyangan. Dheweke mudun saka
kahyangan arep adus ing bumi.
Nawang Sekar : “Ayo, para dulur, dolan menyang bumi.”
Nawang Lintang : “Wah ayo.”
Nawang Sari : “Nanging dolan ing ngendi?”
Nawang Ayu : “Aku duwe ide, ayo adus ing sumber.”
Nawang Wulan, Lintang, Sekar, sari : “Ayo (nggawa slendhange).”

Para Nawang teka ing sumber Ian ndeleh slendhang ing dhuwur watu gedhe.

Nawang Sekar : “Wah, seger tenan banyune.”


Nawang ayu : “Iya, bening banget.”

Nalika para Nawang padha dolanan banyu Ian guyonan, Jaka Tarub liwat Ian ngintip para
Nawang.

Jaka Tarub : “Wah, sapa kuwi? Ayu tenan rupane” (intip-intip).

Jaka Tarub lagi ngintip para nawang sing lagi dolanan banyu ing tlaga.
Jaka Tarub duwe akal arep njupuk salah sawijining slendhang para Nawang. Supaya bisa
kenalan marang salah sijine.

Jaka Tarub : “Wah, slendhang endi sing arep tak jupuk? Iki wae wis.”

Rada suwe, para Nawang mentas saka sumber. Para Nawang njupuk slendhang dhewe_
dhewe.

Nawang Ayu : “Ayo, padha mentas, langit wis arep peteng.”


Nawang Sekar : “Ayo bali, sesuk menyang kene maneh.”
Nawang Wulan : “Lho ngendi slendhangku?” (bingung tolah-toleh).
Nawang Lintang : “Iku mau, kowe deleh ngendi?”
Nawang Wulan : “Ing watu gedhe kuwi, bareng mbakyu kabeh” (nuding watu gedhe).
Nawang Sari : “Apa ana manungsa liwat Ian njupuk slendhangmu, Nawang Wulan?”
Nawang Lintang : “Aku ora ndeleng ana manungsa liwat.”
Nawang Sari : “Piye iki, langit wis arep peteng.”
Nawang Sekar : “lyo, yen ora ndang bali kahyangan bakal ditutup.”
Nawang Ayu : “Yen ngono, kowe ing kene wae, golekana slendhangmu. Yen wis ketemu
kita bakal nyusul kowe.”
Nawang Wulan : “Inggih, Mbakyu.”
Nawang Sekar : “Ya wis ati-ati, Nawang Wulan.”

Para Nawang mulih menyang kahyangan. Jaka Tarub teka Ian nyedeki Nawang Wulan.

Nawang Wulan : “Ana ngendi slendhangku ya?” (susah).


Jaka Tarub : “Geneya, kowe kok sedhih banget?”
Nawang Wulan : “Aku kelangan slendhang, apa kowe ngerti?”
Jaka Tarub : “Aku ora ngerti. Aku Jaka Tarub, omahku ana ing desa kulon. Sapa
jenengmu?”
Nawang Wulan : “Aku Wulan, aku kesasar ana ing kene Ian arep nggoleki slendhangku.”
Jaka Tarub : “Yen kowe gelem, kowe oleh nginep ing omahku. Sesuk isuk tak rewangi
nggoleki slendhangmu kuwi.”
Nawang Wulan : “Wah, matur suwun, Jaka Tarub.”

BABAK 4

Seminggu Nawang Wulan ana ing omahe Jaka Tarub Ian dheweke isih ora nemokake
slendhang iku. Sanalika, Jaka Tarub kesemsem marang Nawang Wulan. Dheweke
nglamar Ian rabi karo Nawang Wulan.

Jaka Tarub : “Dinda, Kakang budal menyang alas sek ya!”


Nawang Wulan : “Iya, Kang. Mengko Dinda cepakake lawuh sing enak.”

Ing pawon Nawang Wulan arep adang sega gawe Jaka Tarub. Ora sengaja Nawang
Wulan nemokake slendhange ing njero wadah beras. Dheweke kagyat Ian nangis.

Nawang Wulang ing pawon.

Nawang Wulan : “Apa iki ana hubungane karo Kang Jaka Tarub?” (nangis).

Wayah surup Jaka Tarub mulih saka alas lan ndeleng Nawang Wulan Iagi nangis.

Jaka Tarub : “Ana apa, Dinda?”


Nawang Wulan : “Apa iki ana hubungane karo Kakang?” (nduduhake slendhange).
Jaka Tarub : “Dinda, Kakang njaluk sepuro. Kakang ora ana niat elek. Iku kabeh amarga
Kakang tresna karo Dinda!”
Nawang Wulan : “Sepurane, Kang. Dinda bakal bali menyang kahyangan. Dinda ora bisa
ing kene terus”

BABAK 5

Para Nawang ing kahyangan duwe pratanda yen slendhange Nawang Wulan Wis ketemu.
Dheweke mudun ing bumi nyusul Nawang Wulan.

Nawang Ayu : “Dulur, batinku ngomong yen Nawang Wulan butuh pitulungan.”
Nawang Sekar : “Ayo dulur, mudun menyang bumi nyusul Nawang Wulan.”
Nawang Lintang : “Ayo, aku khawatir marang Nawang Wulan.”

BABAK 6

Ing sumber, Nawang Wulan lan sadulure bali menyang kahyangan.

Nawang Lintang: “Nawang Wulan, ayo kowe bali.”


Nawang Sari : “ iya nawang wulan, ayo bali ning kita.”
NawangAyu: “Kowe aja pracaya marang manungsa kuwi.”
Nawang Sekar : “Ayo, dulurku.”
Nawang Wulan : “Inggih, mbakyu.”
Jaka Tarub : “Dinda, kowe aja bali!” (nangis).
PEMERAN :
1. JAKA TARUB : ALWI
2. MBOK LARAS : BADRIYAH
3. PAK RANU : DEDE
4. ABIYASA : WISNU
5. ADINATA : AUKY
6. ADIWANGSA : NABIL
7. NAWANG WULAN : LINDA
8. NAWANG SARI : NAJWA
9. NAWANG SEKAR : NAURA
10. NAWANG AYU : ANTI
11. NAWANG LINTANG : KARIN

Anda mungkin juga menyukai