Anda di halaman 1dari 7

JAKA TARUB

Wonten ing satunggalane duson, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok rondo kaliyan
putra kakungipun. Putra kakungipun igkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika jaka tarub. Mbok rondo kapengin putrane niku enggal rabi, amargi mbok rondo
duweni rasa ajrih yen bakal ninggal jaka tarub sak derenge rabi.
Ing griyanipun mbok rondo
Mbok Rondo : le cah bagus, mbokmu iki wes tuo dang rabio!
Jaka tarub : sek mbok aku dereng pengen rabi
Mbok rondo : owalah le…,opo dadak nunggu mbok e mati disek
Jaka tarub : mboten ngoten mbok, nggeh sampun kula ajengnipun teng sabin badhe
ngrumput rumiyin .
Mbok rondo : yowes le seng ngati-ati
Jaka tarub : enggeh mbok kulo bidal rumiyen
Paraga 2
Ing kayangan para widodari badhe matur dateng raja aji saka nyuwun pamit badhe tindak
dateng bumi.
Nawang wulan : prabu aji saka kula ngadep panjenengan badhe nyuwun pamit, kula
kalian widodari lintunipun badhe tindak bumi.
Raja aji saka : tak wenehi izin nanging pesenku lekmu mbalek ojo sampek wengi.
7 widodari : inggih raja.
Ing bumi…
Ingkang menika jaka tarub badhe tindak menyang sabin ing sapiturute dalan jaka tarub
panggeh kaliyan rencangipun ingkang naminipun ranu gumbolo.
Jaka tarub : lohh nu… arep menyang ngendi?
Ranu : arep ngaret nek sawah e pak paijo, sukete lemu-lemu nek kono.
Jaka tarub : yowes yoh bareng, aku yo arepe ngaret nek kono.
Jaka tarub lan Ranu gumbolo mlampah ing pinggir galengan, ujuk-ujuk Ranu mbatek
astane Jaka tarub banjur dijak delik ing semak-semak.
Jaka tarub : nyapo nu…
Ranu : kaelo sawangen enk widodari adus jian ayu temenan.
Jaka tarub : wohh iyo uwayuu ek.
Ranu : saiki wani ra awakmu jupuk salah siji slendang e widodari kae!
Jaka tarub : yoo wani… (banjur ngelakoni seng dikarepake Ranu).
Paraga 3
Para widodori banjur nyelehake slendang ing nduwur watu gede,
Nawang arum : peh seger yo banyune..
Nawang ayu : wohh hooh, adewe nggak rugi muduk menyang bumi.
Nawang lintang : ayo seminggu sepisan merene..
Nawang sekar : woh yo ayo,, nggak popo..
Nawang sari : yowes yoh, mentas selak wengi, mengko ora bisa balik ing kayangan .
Pitu widodori : yowes yoh budal…
Para widodari podo mentas banjur njupuk slendang ing nduwure watu gedi.
Nawang wulan : Loh slendangku ing ngendi, kok ngak enek..
Nawang sekar : la maeng mbok deleh ngendi..
Nawang Wulan : ya maeng tak deleh neng kene..
Nawang arum : yawis digoleki disek bareng – bareng, menowo kenter,,
Para widodori podo madosi slendange Nawang Wulan ing sapinggire kali nanging tetep
ora ketemu. Amarga slendange Nawang Wulan banjur ora ketemu, para widodari
ninggalake Nawang Wulan seng isih lagi ngoleki slendange iku
Nawang asri : nawang wulan, iki ws arep surup mengko widodari liyane ora bisa mulih
menyang kayangan .
Nawang arum : awakmu tak tinggal ndek kene dewean ogak popo tah?
Nawang wulan: iya gak popo mbak yu
Banjur poro widodari liyane balik mulih menyang kayangan amergo ws mulai surup.
Nawang wulan : Aduhh neng endi iki slendang ku ( nawang wulan seng lagi kebingungan )
Banjur ana priyo seng jengenge jaka tarub ngampiri nawang wulan seng lagi kebingungan
iku.
Jaka tarub : Heh bocah ayu, sapa jenengmu?
Nawang Wulan: Sapa kowe,ojo aneh-aneh karo aku!
Jaka tarub: Heh ojo wedi aku duduk uwong jahat, jenengku Jaka Tarub.
Sak banjure Jaka tarub lan Nawang wulan rembugan, akhire nawang wulan manut kalian
omonganipun jaka tarub kanggo nderek dateng griyane jaka tarub amargi sampun badhe
dalu, lare setri mboten bagus wonten ing kali wengi-wengi.
(ing griyane jaka tarub ana ibune jaka tarub lagi nyaponi plataran ngarep)
Jaka tarub: Mbok simbok……
Mbok rondo: Enek apa ta le, kok bengak bengok? (banjur mbok rondo noleh nyawang jaka
tarub.
Mbok rondo: Sapa bocah ayu kuwi le?
Jaka tarub: Niki asmane Nawang wulan, kula wau kepanggih ing radosan sabin nalika kula
badhe wangsul.
Jaka tarub: Nawan wulan niki tiang tebih mbok, mboten semerep daerah mriki, banjur
kula ajak dateng mriki kersane nginep ing griya mriki rumiyin nggih mbok.
Mbok rondo: Oalah iya le cah bagus, bene nginep kene disek. Ayo-ayo nduk melbu kene.
Sawise mlebet griyane mbok rondo,banjur nawang wulan diwawancarai kaleh mbok
rondo.
Paraga 4
Nalika para widodari sampun wangsul dateng kahyangan, para widodari banjur madosi
raja aji saka lan ratu sekar dewi badhe matur babagan nawang wulan tasik kentun ing
bumi amargi selendangipun ical .
Nawang arum: prabu aji saka sak menika kula ngaturaken salam kanggo panjenengan.
Raja aji saka: tak tompo salammu nawang arum. Wonten napa nawang arum kok sareng-
sareng dateng mriki kalian para widodari sedaya.
Nawang arum: kula nyuwun pangapura ingkang kathah kaleh panjenenan prabu aji saka.
Nawang sekar: inggih prabu kula kalian widodari sedaya nyuwun pangapura ingkang
kathah.
Raja aji saka: ana apa niki, kok widodari sedaya nglumpuk dateng mriki kaleh nyuwun
pangapura?.
Raja aji saka: la ana ing ngendi nawang wulan kok ora ana ing kene?
Nawang sari: ngeten prabu, sak menika nawang wulan tasek kentun ing bumi, amargi
slendhangipun ical.
Nawang asri: inggih prabu, kula kalian widodari sedaya sampun mbantu damel madosi
slendhange nanging mboten kapethuk.
Ratu sekar dewi: la ngapa nawang wulan malah mbok tinggal dewean ing bumi?
Nawang lintang: ngapunten ratu, amargi sampun dalu. wancine wangsul datheng
kahyangan.
Nawang ayu: pripun ratu, nawang wulan tasik ing bumi.
Ratu sekar dewi: yowes, gakpopo nawang wulan bene ing bumi dhisik. Sampek nemokne
slendange.
7 widodari: nggih ratu. (banju salam, kalian metu saka ruangan raja lan ratu)
Paraga 5
Sawise 3 Minggu…….
Jaka tarub: Mbok simbok jaka badhe matur marang simbok..
Mbok rondo: Matur opo to le, kene lenggah karo simbok.
Jaka tarub: Ngeten lo mbok, jaka demen kaleh Nawang wulan. Jaka kepengin rabi kaleh
nawang wulan
Mbok Rondo: Awakmu apa uwes ngomong nawang wulan ?
Joko Tarub: Dereng mbok, kula mboten wanton matur kaliyan nawang wulan
Mbok rondo: Yawes le mengko wae si mbok seng matur menyang nawang wulan.
(Sakrampunge eruh yen anake seneng marang Nawang Wulan, mbok rondo nemoni
Nawang Wulan)
Mbok Rondo : nduk anakku seneng awakmu, apa kowe gelem nerimo lamaran e anakku?
Nawang wulan : panjenengan maringi kula wektu tigang dinten kanggo mikirno lamarane
jaka mbok.
Mbok rondo : iyo nduk, ora popo. Tak tompo opo wae jawabanmu.
Nawang wulan : inggih mbok.
*Tigang dinten sakwise mbok rondo nangkleti nawang wulan.
Nawang wulan muruki mbok rondo ingkang lagi napeni beras.
Nawang wulan: mbok kula purun nampi lamaranipun sangking jaka tarub.
Mbok rondo: nduk koe tenanan? Mbok sueneng nduk. Rabine kalian kudu ndang
dilaksanakne.
Nawang wulan: nggih mbok.
Sakwise iku mbok rondo nyepakne acara rabine anake karo nawang wulan. Mari sesasi
kabeh persiapan kanggo acara rabi wis rampung.
Paraga 6
Sakwise mantu, mbok rondo gerah jantunge mbok rondo kumat.( nde ngarep omah mbok
rondo sesek)
Nawang wulan: loh mbokk nyapo mbokk…
Mbok rondo: (sesek)
Nawang wulan langsung mlayu marani joko sing lagi ing sawah.
Nawang wulan: mas.., mas Joko. Simbok mas…
Jaka tarub : simbok nyappo dek…
Nawang wulan : simbok nggeblak ing ngajeng griya. Ayo wangsul sakniki!
Nawang wulan lan jaka tarub ndang mulih menyang griya. Sakwise teka ing griya jaka
langsung marani simboke.
Mbok rondo: le matursuwun ya wis nuruti karepku kanggo awakmu rabi saurunge simbok
gakenek. Pesenku yen mbesuk ndue anak wedok jenengno Nawang Sih, yen lanang
jenengno Enggal Tarub.
Jaka Tarub: nggih mbok kula turuti karepe panjenengan.
Mbok rondo: wis ya le, nduk simbok tak turu.
Sakwise mbok rondo maringi wejangan dateng putrane, mbok rondo sampun dipapak
kalih sing kuasa.
Nawang wulan lan joko tarub: mbok…mbok... tangii.
Jaka tarub:( ngecek Nadine simbok tibake pun mboten wonten). Dek simbok pun sedo.
Paraga 7
Tigang sasi sakwise mbok rondo sedo, Nawang wulan mbobot.
Nawang wulan : mas, adik gadah kabar sae kanggo sampean.
Joko tarub : kabar apa to dek?
Nawang Wulan : niki mas adik lagi mbobot mas, sampun mlampah tigang minggu.
Joka tarub : alhamdulilah dek, mugi – mugi putrane kita sehat kanti lahiran ( sembari
ngelus sirah e nawang wulan)
12 tahun kemudian, putrine jaka tarub lan nawang wulan sampun prawan, ingkang paring
asma nawang sih.
Nawang sih: buk,kula nyuwun maem.
Nawang wulan: iyo nduk, tak masakne dhisik ya.
Nawang wulan banjur menyang pawon kanggo masakne anakke, nanging uwose telas.
Nawang wulan : mas uwos e telas
Jaka tarub : wohh nggeh dek, njipuk o beras ndek Gudang mburi, mas ndek wingi nembe
panen.
Nawang wulan : wohh enggeh mas.
Nawang wulan banjur mlaku menyang gudang mburi. Pas ing Gudang, nawang wulan
weruh kaya kain ing tumpukan beras. nawang wulan banjur njipuk kain iku mau.
Nawang wulan: lohhhh,iki kaya slendangku biyen sing ilang?
Banjur nawang wulan madosi mas jaka kanggo mastekne opo bener e niki slendangipun
nawang wulan ingkang ical.
Nawang wulan : (nduduhake slendange) mas njenengan angsal slendang niki sakeng
pundi? niki kados slendang e kula ingkang ical rumiyin,nopo leres njenengan ingkang
pendet slendang kula?
Jaka tarub : dek, mas njaluk sepura. Mas ora ana niyat elek iku kabeh amarga mas tresna
karo sampean.
Nawang wulan : sepurane mas. Aku bakal bali menyang kahyangan. Aku ora bisa ing kene
terus.
Paraga 8
Para nawang ing kahyangan nduwe pratanda yen slendange nawang wulan uwis ketemu.
Dheweke sesarengan kaleh raja lan ratu mudun ing bumi nyususl nawang wulan.
Raja : para nawang batinku ngomong yen nawang wulan butuh pitulungan.
Ratu : ayo kabeh sesarengan mudun ing bumi nyusul nawang wulan.
Para nawang : inggih prabu
Paraga 9
Para nawang kalih raja lan ratu teko ing pelataran omahe joko tarub.
Nawang wulan : (sungkem marang raja lan ratu ) prabu…
Nawang lintang : nawang wulan ayo bali menyang kahyangan.
Nawang sari : kowe aja percaya marang manungsa kuwi
Ratu : ayo nawang wulan
Nawang wulan : nggih ratu, nggih mbakyu
Nawang wulan banjur balik menyang kayangan karo para nawang lan raja ratu.
Jaka tarub : dek sampean aja bali.
Nawang sih : buk aja bali ninggalne aku (nawang seh ngomong karo nangis)
Pungkasane, nawang wulan tetep milih bali menyang kahyangan tinimbang urip ing bumi
karo bojo lan anak-anake.

Anda mungkin juga menyukai