Anda di halaman 1dari 8

Bahasa Daerah

Jaka Pandelegan (Murca)

Nama : Amanah Qurrota Ayun


Absen : 04
Kelas : 9F
NIS : 20453
NISN : 0076070698
1. Tembung-tembung seng angel tebuse.
Nyebutaken tembung-tembung ing cerita Jaka Pandelegan (murca).
a. Ing sawijining dina Jaka Walangtinunu nyuwun palilah ibune arep lunga saka
desa Injingan. (Adegan I)
Nyuwun palilah : Meminta Izin
b. Ibu kula badhe nyuwun idi pangestu badhe bidhal ngulandara nggayuh gesang
ingkang langkung prayoga. (Adegan I, Dialog Jaka Walangtinunu)
Ngulandara nggayuh : Mengembara dhamel ngrambah cita-cita.
c. Ucapane Jaka Walangtinunu dadi kasunyatan iwak deleg, (Adegan II)
Kasunyatan : kenyataan
d. Kula matur nuwun sanget pikantuk pitungan sangking paduka ugi katresnan
paduka. (Adegan II, Dialog Jaka Pandelegan)
Pikantuk pitungan : mendapatkan pertolongan
e. Deweke bebarengan (saiyeg saeka-kapti) mbukak Alas Kedung Suko
didadekake sawah nganti rampung.
Saiyeg saeka-kapti : Maju bebarengan utawa gotong royong bebarengan.
f. Desa Kedung Suko dadi dhaerah sing subur makmur gemah ripah loh jinawi.
(Adegan III)
Gemah ripah loh jinawi : Subur makmur
g. Saengga dados dredah ingkang sanget.. (Adegan VI, Dialog Patih)
Dredah : Bertengkar / berselisih

2. Sinopsis ‘Jaka Pandelegan (Murca)’


Iwak jelmaan saka Jaka Pandelegan ingkang sampun dipitungan ugi katresnaan
kaliyan Jaka Walangtinunu kang lagi golek pegawean supaya uripe luwih kepenak.
Dheweke bebarengan ngolah sawah saengga bisa ngasilake panen pari sing
matumpuk-tumpuk.
Keraton Mojopahit ngalami paceklik, ora panen amarga kena hama, mula akeh
wong sing kaliren, Prabu Hayam Wuruk ngutus pathine boyong Jaka
Pandeleganlan garwane supaya pindah menyang lingkungan keraton Majapahit,
Jaka Pandelegan ngilang ing tumpukan pantun seng di jenengi Prabu Hayam
Wuruk yaiku Candi Pari lan Garwane, Nyai Rara Walang Angin ngilang ing sumur
ingkang di jenengi candi sumur.

3. Unsur Intristik
Tema : Jaka Pandelegan lan garwane seng ora kebandan ndunya.
Alur/Plot : Maju
Konflik : Jaka Pandelegan lan garwane di peksa Prabu Hayam Wuruk lan Patih ne.
Penyelesaian : Jaka Pandelegan lan garwanemilih tetep urip ana ing desa kedung
suko lan ngilang.
Setting/latar : Panggonan : - Desa Injingan
- Alas Kedung Suko
- Desa Kedung Suko
- Keraton Mojopahit
Swasana : - Menegangkan
- Adem amarga ngajak ngayomi dusun.
Wedhal : - Esuk
- Awan klawan wengi
Panokohan : - Jaka Walangtinunu, apik bebudene, teges.
- Jaka Pandelegan, teges, ora silap ndunya.
- Nyi Rara Walangangin, lemah lembut, kendel.
- Sebalong, saeh manaipun, makarya kang rekasa
- Satim, makarya kang rekasa, saeh manaipun
- Prabu Hayam Wuruk, nyalahgunani wewenang penguasa.

4. Pesan Moral
Urip ing dunya kuwi nerima engkang dipun paringi gusti kang akarya jagad.

5. Skenario
Jaka Walangtinunu nyuwun palilah ibune arep lunga saka desa Injingan dhamel
golek pegawean.
Jaka Walangtinunu : Ibu kula badhe nyuwun idi pangestu badhe bidhal
ngulandra nggayuh gesang ingkang langkung prayoga.
(UCAPE JAKA WALANGTINUNU KALIYAN SUNGKEM DHATENG
IBUNE)
Mbok Randha Injingan : Iya ngger anakku Cah Bagus tak pangestoni muga-
muga bisa katekan apa sing dadi sedyamu.
(MBOK RANDHA INJINGAN BUNGAH)
Sawise oleh restu lan donga saka ibune, Jaka Walangtinunu budhal karo Sebalong
lan Satim menyang Alas Kedung Suko, salah sijine dina Sebalong enthuk iwak
‘kuthuk’ gedhe utawa deleg, nalika diangkat iwak ‘kuthuk’ iku bisa ngomong.
Iwak Kuthuk : Tulung-tulung aku aja dipateni, apuranen aku, sejatine aku
dudu iwak, ananging aku iki manungsa. Mula aku bisa tata jalma.
(OMONGANE KATON MEMELAS SWARANE)
(TRENYUH ATINE JAKA WALANGTINUNU KRUNGU CERITANE IWAK
KUTHUK)
Jaka Walangtinunu : Banjur arep apa? "Yen pancen menungsa, ya baliya
maneh dadi Manungsa!”
(UCAPE JOKO WALANGTINUNU TEMENAN BISA NDADEKAKE IWAK
KUTHUK DADI MANUNGSA).
Iwak deleg bisa owah wujud dadi manungsa sing bagus banget meh padha karo
Jaka Walangtinunu.
Jaka Walangtinunu : Kisanak sliramu tak paringi jeneng jaka Pandelegan lan
tak aku minangka adhiku dhewe.
Jaka Pandhelegan : Inggih Kangmas, kula matur nuwun sanget pikantuk
pitungan saking paduka ugi katresnan paduka.
(OMONG MANGKONO KARO NGRANGKUL JAKA WALANG TINUNU)
Sebalong lan Satim seneng banget lan bisa nrima Jaka Pandelegn minangka dadi
kancane uga, deweke bebarengan (saiyeg saeka-kapti) mbukak Alas Kedung Suko
didadekake sawah nganti rampung. Jaka Walangtinunu krama karo Nyai Rara
Walang Sangit, dene Jaka Pandelegan krama karo Nyai Rara Walang Angin.
Dheweke ngolah sawah saengga bisa ngasilake panen pari sing matumpuk-tumpuk.
Desa Kedung Suko dadi daerah sing subur makmur gemar ripah loh jinawi.
Joko Pandelegan : Nimas garwaku seng tak trenani
Nyi Rara Walangangin : Inggih Kangmas wonten dhawuh punapa ta?
Jaka Pandelegan : Ngene Io nyi, awake dhewe iki kudu konjuk sokur marang
Gusti Kang Akarya Jagad.
Nyi Rara Walangangin : Inggih Kakangmas, mila menika kita kedhah njagi
dusun Kedung Soka tetep lestari.
Joko Pandelegan : Nah...ya ngono kuwi sing tak karepake. Coba delengen
tanduran pari iki, katon ijo royo-royo.
Nyi Rara Walangangin : Mila menika sampun ngantos dipun gantos tiyang
sanes ingkang njalari risake Dusun punika Kakangmas.
Jaka Pandelegan : Iya-iya Nyi, saiki awake dhewe, ayo bareng-bareng karo
wong desa iki panenan pari.
Nyi Rara Walangangin : Mangga-mangga Kakangmas kula dherekaken.
(UCAPANE JAKA PANDELEGAN LAN NYI RARA WALANGIN
BERSYUKUR LAN NGENTOAKE NJAGI PANENAN PARI)
Salah Sawijine welktu keraton Mojo pahit ngalami paceklik ora panen amarga kena
ama, mula akeh wong sing kaliren.Krungu dhaerah Kedung Suka dhaerah sing
makmur panen pari matumpuk-tumpuk. Prabu Hayam Wuruk ngutus Patihe njaluk
bantuan pari saka kono, lan bener Jaka Walangtinunu ngabulake panyuwune Prabu
Hayam Wuruk ngirimake pari sing akeh banget, wusanane rakyat Mojopahit
seneng banget oleh bantuan saka dhaerah Kedung Suko.
Raja : Kakang Patih.
Patih : Wonten dhawuh Gusti
(NGENDIKANE KAKANG PATIH KALIYAN TEGES)
Raja : Neng kraton Mojopahit iki lagi nandhang paceklik, akeh rakyat sing
padha kaliren. Coba rewangana mikir Kakang.
(RAJA NELONGSO ENGGALE RAKYATE)
Patih : Inggih Gusti kawontenan pantun wonten lumbung sampun tetas
sedaya.
Raja : Mula saka iku Kakang enggal budhala neng Desa Kedung Soka,
njaluka bantuan. Lan aja lali Jaka Pandelegan lan bojone boyongen neng
kraton pisan.
(NGUTUS KAKANG PATIS)
Patih : Nuwun inggih mangestokaken dhawuh Gusti
Esuke Sang Prabu Hayam Wuruk utusan para Punggawa Keraton kanggo marani
Jaka Pandelegan lan bojone neng desa Kedung Suko.
Jaka Pandelegan : Ndara, ndara punapa ingkang dipun kersakaken Gusti
Prabu dhateng kawula?.
(JAKA PANDELEGAN NGESTOAKEN KANTHI PANGURMATAN)
Punggawa Kraton : Tekaku mreneiki aku diutus Sang Prabu Hayam Wuruk,
mboyong awakmu lan bojomu supaya pindah menyang lingkungan keraton
Mojopahit.
Nanging Jaka Pandelegan ora gelem ngabulake panyuwune iku, deweke milih tetep
urip ana ing desa Kedung Suko.
Joko Pandelegan : Mangga-mangga Gusti Patih kula aturi pinarak ingkang
sekeca.
(JAKA PANDELEGAN KATURI PINARAK)
Patih : Iya-iya Joko Pandelegan, matur nuwun.
Joko Pandelegan : Wonten punapa Gusti kok keraya-raya rawuh dhateng
Kedung Soka menika.
Patih : Tekaku mrene di utus Gusti Prabu njaluk bantuan pari lan boyong
awakmu lan bojomu menyang Mojopahit.
Joko Pandelegan : Inggih pari enggal kawula kintun Gusti, anaging kula
mboten purun menawi dipun boyong dhateng Mojopahit
(UCAPANE JAKA PANDELEGAN KANTHI TEGAS)
Patih : Gelem ora gelem tak peksa Joko Pandelegan! Tekaku mrene iki aku
diutus sang Prabu Hayam Wuruk, boyong awakmu lan bojomu supaya
pindah menyang lingkungan keraton Mojopahit. Ngendikane salah sijine
Punggawa Keraton.
(PATIH MEKSO JAKA PANDELEGAN LAN BOJONE)
Nanging Jaka Pandelegan ora gelem ngabulake panyuwune iku, deweke milih tetep
urip ana ing desa Kedung Suko.
patih : Ngaturaken katiwasan Gusti.
Raja : Ana apa Kakang Patih? Hah! Katiwasan! Apa alasane Kakang Patih?
(RAJA MURKA LAN KAGHET)
Patih : Kula mboten saged mboyong Joko Pandelegan kalian Nyi Rara
Walangangin.
Raja : Apa alasane Kakang Patih!
Patih : Amargi Joko Pandelegan dalah Nyi Rara Walangangin mboten purun
menawi dipun boyong, saengga dados dredah 'ingkang sanget lan dadosaken
icale Nyi Rara Walangangin wonten sumur, lan Joko Pandelegan wonten
tumpukan pantun Gusti.
(PATIH NERANGAKE KEDADEAN DHATENG RAJA)
Raja : Mesakake banget Kakang, kamangka Joko Pandelegan iku wong sing
akeh lelabuhane marang kraton Mojopahit. Kanggo pangeling-eling
kedadeyan iku mula takdhegake candhi loro cacahe, kanggo ilange Nyi Rara
Walangangin jenenge Candhi Sumur Dene, kanggo ilange Joko Pandelegan
jenenge Candhi Pari.

Anda mungkin juga menyukai