Anda di halaman 1dari 4

Lailiya Elita Bening

19/E-5

A. Soal individu
1. Aku diseneni bapak merga mulihku nganti wayah sore
 Ngoko alus : Aku dimurkaake bapak amarga kundurku nganti wanci sore
 Krama madya : Kula didukaake bapak amargi mantuk kula nganti wanci sore
 Krama alus : Kula dipunmurkaaken bapak amargi kondur kula nganti wanci
sonten
2. Aku mangan soto, adikku mangan rawon lan bapak mangan rujak
 Ngoko alus : Aku mangan soto, adikku mangan rawon lan bapak dhahar
rujak
 Krama madya : Kula nedha soto, adik kula nedha rawon uga bapak dhahar
rujak
 Krama alus : Kula nedha soto, adik kula nedha rawon kaliyan bapak dhahar
rujak
3. Ibuk ngomong menyang aku yen mulih sore terus aku dikongkon ngomong menyang
bapak
 Ngoko alus : Ibu ngendika menyang aku menawi kundur sore terus aku
diutus ngendika menyang bapak
 Krama madya : Ibu carios dhateng kula menawa mantuk sonten lajeng kula
dikengken carios dhateng bapak
 Krama alus : Ibu ngendika dhateng kula menawi kundur sonten lajeng kula
dipunutus ngendika dhateng bapak
4. Pak lurah wes teka, acarane enggal di mulai marga wektune wes awan
 Ngoko alus : Pak Lurah wis rawuh, acarane enggal dimulai amarga
waktune wes awan
 Krama madya : Pak Lurah sampun dugi, acaranipun enggal dimilani amargi
wekdalipun sampun rahina
 Krama alus : Pak Lurah sampun rawuh, acaranipun enggal dipunmilani
amargi kalanipun sampun rahina
5. Simbah lagi lara neng rumah sakit, bapak karo ibu nunggoni menyang kono
 Ngoko alus : Simbah lagi gerah ing rumah sakit, bapak lan ibu ngrantosi
menyang kono
 Krama madya : Simbah saweg sakit wonten rumah sakit, bapak kaliyan ibu
ngentosi dhateng mrika
 Krama alus : Simbah nembe gering wonten griya sakit, bapak kaliyan ibu
ngrantosi dhateng mrika
B. Tugas kelompok

SRI HUNING MUSTIKANING TUBAN

Adegan I : Kadipaten Bojonegoro

Pasewakan Kadipaten Bojonegoro nampi rawuhipun utusan saking Tuban nanjihaken


perkawis dhaupipun R.Wiratmaya lan Retna Kumala.
Adegan kawitan kanthi sungkeming para nayaka dhumateng Adipati Sasranagara.
Raden Sadara : “Paman Adipati, kula ngaturaken sungkeming pangabekti mugi
konjuk”
Adipati Sasranagara : “Ya ngger, Sadara. Daktampa, ora liwat pamujiku tampanana”
Raden Sadara : “Inggih, kula pundhi mugi ndadosaken jimat paripih, Paman”
Adipati Sasranagara : “Njanur gunung dene kowe sowan ana ing Bojonegoro, apa pancen
ana wigati?”
Raden Sadara : “Inggih, sowan kula estunipun mundhi dhawuh Rama Siralawe ing
Tuban saperlu nanjihaken bab jejodhoan antawisipun Kakang
Wiratmaya kaliyan Kangmbok Retna Kumala, Paman”
Adipati Sasranagara : “Ha..ha..ha..ha..pancen nalika semana aku klawan ramamu duwe
kekarepan bakal ngraketake paseduluran kanthi njodhokake
Wiratmaya klawan putriku Retna Kumala. Apa pancen ramamu
ngersakake jejodhoan iki dibacutake?”
Raden Sadara : “Punten Dalem Sewu, Paman. Sedaya menika leres. Nyatanipun
Rama Adipati Siralawe, ngutus kula sowan, saperlu nyuwunaken
pirsa babagan jejodhoan menika. Saha minangka duta saking Tuban
asung panglamaripun Kakang Wiratmaya, Paman”
Adipati Sasranegara : “Ya...ndadekake bungahing atiku yen pancen kaya mangkono.
Sadara...”
Raden Sadara : “Katimbalan Paman Adipati...”
Adipati Sasranagara : “Aturna marang ramamu, dene aku nampa panglamare Wiratmaya, lan
aku wis netepake yen dhauping Wiratmaya lan Retna Kumala, ing
dina Anggara Kasih, telung candra saka kalungguhan iki”

(Kadadak rawuhipun utusan Adipati Indrakatong saking Lamongan. Pasewakan kaget,


suwasana sereng)

Patih Indrasekti : “Ha..ha..ha..ha.. nuwun sewu, napa leres ngriki menika Kadipaten
Bojonegoro”
Adipati Sasranagara : “Mangke ta kisanak, leres menawi menika pendhapi agung
kadipaten Bojonegoro. Lajeng ki sanak menika sinten lan saking
pundi?”
Patih Indrasekti : “Ha..ha..ha..ha.. tepangaken kula Patih Indrasekti, utusane Gusti
Adipati Indrakatong saking Lamongan. Menawi mekaten sampeyan
menika Adipati Sasranegara?”
Adipati Sasranagara : “Kepara pancen nyata, Ingsun Adipati Sasranagara, songsong agung
ing Bojonegoro. Ana wigati apa dene nganti tumeka ing
Bojonegoro?”
Patih Indrasekti : “Kula mundhi dhawuh junjungan kula, Adipati Indrakatong saperlu
ngaturaken panglamaripun Gusti Adipati dhumateng kusumaning
nagari Dewi Retna Kumala”
Adipati Sasranagara : “Ora ana jamake wong nglamar kanthi nggelar prajurit kang jangkep
lan ngunus sanjata”
Patih Indrasekti : “Kula pinangka duta kedah saged ngrampungi damel, mila kula
kabetanan purba wasesa lan sabregada prajurit kangge ngawekani
menawi panglamar sarana aris katampik, boten wonten sanes amung
kanthi cara kagecaking perang kanthi ngrebat putri boyongan”
Adipati Sasranagara : “Pancen bener kaya ngono kuwi kuwajibane duta , ning kabeh mau
duwe pranatan kang kudu ditetepi dhewe-dhewe anut papan
dumadine”
Patih Indrasekti : “Syukur, bilih Sang Adipati pirsa?”
Adipati Sasranagara : “Ora teges aku nampik, ning iki mau kena sinebut sira barung
sinang, amarga ana utusan saka Tuban kang wis teka luwih dhisik,
kang nunggal karep klawan sira”
Patih Indrasekti : “Cethanipun?”
Adipati Sasranagara : “Ingsun durung bisa wangsulan, nanging entenana ing alun-alun
Bojonegoro”
Patih Indrasekti : “Menawi pancen menika karampunganipun, kepareng kula medal
pasilan”
Adipati Sasranagara : “Sadara... Rembugan prakara Wiratmaya lan Retna Kumala wis
rampung. Prakara mbalikake Patih Indrasekti saka Lamongan mangsa
borong dakpasrahake marang kowe”
Raden Sadara : “Ngestokaken dhawuh Paman Adipati. Menawi mekaten kula
nyuwun pamit”

(Ing Alun-alun, rombongan Patih Indrasekti nengga putusan saking Adipati Sasranagara.
Katungka rawuhipun Raden Sadara lajeng dados pasulayan.)

Soal 1

a. Saka wacan ing dhuwur, ana telung jinis ragam basa kang digunakake, coba aranana
lan wenehana tuladha ukarane!

No. Jenise unggah Pangetrape ing rembukan Tuladha


ungguh
1. Basa ngoko  Basane priyayi  “Njanur gunung dene
gedhe marang kowe sowan ana ing
abdine Bojonegoro, apa
pancen ana wigati?”
 Basane priyayi  “Ora ana jamake wong
luhur marang nglamar kanthi nggelar
priyayi cilik prajurit kang jangkep
lan ngunus sanjata”
2. Basa krama  Basane kaum  “Paman Adipati, kula
krama marang ngaturaken sungkeming
kaum ningrat pangabekti mugi
konjuk”
 Basane priyayi  “Kula mundhi dhawuh
marang padha junjungan kula, Adipati
priyayi Indrakatong saperlu
ngaturaken
panglamaripun Gusti
Adipati dhumateng
kusumaning nagari
Dewi Retna Kumala”
3. Basa kedhaton

Anda mungkin juga menyukai