Anda di halaman 1dari 3

Pahlawan Lungsuran

Mty Anggoro

Crita iki kedadeyane wis suwe. Nanging babar pisan aku ora bisa nglalekake. Jane mono
crita iki blas ora nyenengake. Ya merga ora nyenengake kuwi sing malah kaya mancep ing atiku.
Yen bisa ngono pengin dakkipatake saka angen-angenku. Saben kelingan aku ya rada kudu
ngguyu nanging uga nggawe anyele atiku. Piye nggonku ora anyel? Anyel marang awakku
dhewe. Dadi bocah kok katrok, ndhesit, kampungan lan ngisin-ngisini. Jane ngono aku ora
kepengin kaya wong-wong ngono kae. Bisa gaya, ora isinan, mejeng, ya pokoke gaul kaya
umume. Nanging jebule tumindak ora kaya pangrasane dhewe kuwi tiwas bingung, bledru, ora
genah lan ngisin-isini tenan. Akhire dadi wirang tenan kaya sing dakalami.

Critane ngono, dhek liburan semester siji, ngepasi wulan Januari alias taun baru, aku
kepengin melu-melu dolan kancaku. Dhasare anake wong gak duwe, dolan menyang kutha
Kediri kuwi kaya nglengkara bisane. Nanging aku ora kurang akal. Sadurunge liburan aku wis
celeng-celeng dhuwit saka olehku ngrewangi tanggaku makani pitik ingon-ingone.

Sing jenenge SLG, kancaku kaya-kaya saben malem Minggu dolan mrana. Aku mung
mbayangake kaya apa ta apike, ramene, sarta kahanane SLG kuwi. Saben-saben aku mung
mbayangake. Sadurunge liburan aku wis semayan karo Parmin kancaku sing senasib. Taun baru
mengko arep nekad lunga menyang Kediri nyatakake sing jenenge SLG. Mosok SLG sing jarene
wis kondhang kaya Paris, aku sing bocah Kediri durung ngerti.

Esuk kuwi pas taun baru aku macak mlithit. Clanaku siji-sijine sing saksuwene iki
dakeman-eman dakenggo. Clana kuwi olehku tuku dhewe nalika aku bar disunatake biyen. Jane
ngono ya wis rada ngapret nanging piye maneh, wong duwene ya mung kuwi. Atiku jane rada
mandheg mangu mengko lek clanaku suwek piye? Tapi daktekad, batinku ngene, “Alah polaha
ya alon-alon wae mosok arep jebol ana dalan? Aku terus budhal ngampiri Parmin. Aku karo
Parmin numpak sepedhah menyang kutha kecamatan. Sepedhah daktitipake omahe dulure
Parmin. Aku karo Parmin banjur mlaku kira-kira setengah kilo maneh nyegat bis. Nalika bis teka
aku langsung munggah terus lungguh clenet jejer karo Parmin.
”Iki mengko ana SLG gak usah njajan lo Din,” kandhane Parmin ngguya-ngguyu.
”Ya mesthi ora njajan, dhuwite sapa arep nggo njajan?” wangsulanku ya karo kudu ngguyu.
”Wis, ta , pokoke dina iki awake dhewe bisa tekan Kediri wae wis sueneng, ya ta?” pitakone
Parmin.
”Ya genah, la wong lek nginthi-nginthi ya wis suwe,” wangsulanku.
”Kowe wis sarapan ta?” Parmin takon meneh.
”Wis, sega wadhang,” wangsulanku lirih. Pokoke ana bis aku karo Parmin ngrasakake gayeng.

Mudhun bis saka terminal aku karo Parmin banjur ganti numpak kol jurusan Pare. Munggah kol
lungguh clenet. Ing njero kol aku karo Parmin wis gak patek omong - omongan amarga
ketenggengen ndelok saurute dalan terminal menyang SLG. Ing angen -angenku mung selak
pengin weruh kaya ngapa SLG kuwi.
Sedhela maneh kernet mbengok, ”SLG…. SLG…..”
”Kula SLG , Pak.” Aku karo Parmin muni ngono sakala karo ngadeg arep mudhun.
”Ya, kene alon-alon mudhune!” Jarene Pak Kernet.

Aku karo Parmin terus mencolot ” jlug-jlug” metu saka angkutan. Sapira kagete atiku bareng
karo mudhun jlug krungu suwara ”bret” saka clanaku. Sakala aku mbengok, ”wadhuh!”
Cangkemku langsung dakbungkem dhewe. Yen umpama aku bisa nyawang raiku, mesthi abang
biru pucet. Kepriye nggonku ra pucet, aku lali yen clanaku rada ngapret. Saking bungahe atiku
weruh blegere SLG mencolot saka angkutan, clanaku mestake bedhah. Pancen ora ana wong
ngerti, nanging kancaku si Parmin gak mungkin dakapusi.

”Nyapa , Din?” pitakone rada gugup weruh aku isih mbungkem cangkemku. Aku ora mangsuli
mung tanganku nuding mengisor nggon slakanganku.
”Nyapa? Kudu nguyuh piye?” pitakone Parmin. Aku mung gedheg-gedheg karo ngempet uisin.
Parmin bingung weruh polahku.
” Nyapa , mabuk ta? Lek arep mutah, mutaha! Kene lo minggira!” muni ngono karo nggeret
tanganku. Digeret Parmin ngono aku mbegegeg ora mingset saka panggon. Parmin njur
dakglandhang nganggo tanganku kiwa. Amarga tanganku tengen isih iwut nekem mestakku.
Parmin dakbisiki, ” He, clanaku bedhah!”
”Ha?” Parmin kaget bar ngono malah ngguyu kepingkel-pingkel. Ora sranta jakete dicepot
diubetake ing bangkekanku, banjur ana ngarep wetengku ditaleni.
Parmin banjur kandha, ” Wis, sip ta?” muni ngono karo ngacungke jempol lan ngguyangguyu.
Najan jaket lungsuran jebul malah bisa dadi pahlawan.
Aku pengin ngguyu kaya Parmin nanging rasa wirangku ora kena dakempet. Senajan
pacakanku kaya gaya-gayaa, nanging ing atiku rasa uisin luwih ketara. Rasane kaya getun olehku
duwe gantha ngluyur menyang SLG. Nanging wirangku wis rada ketambanan amarga aku isih
tetep bisa ndeleng endahe Kediri najan mlakuku ora tatag rada kecincugan.

Anda mungkin juga menyukai