Anda di halaman 1dari 8

TEKS UPACARA ADAT

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Daerah-Jawa
b. Semester : XI/3
c. Kompetensi Dasar :

3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis peristiwa budaya daerah sesuai


dengan karakteristik.
4.2 Menanggapi peristiwa budaya daerah sesuai dengan karakteristiknya.

d. Indikator Pencapaian Kompetensi :

3.2.1 Menyebutkan macam-macam budaya daerah.


3.2.2 Menyebutkan contoh budaya daerah yang berupa kegiatan upacara adat
setempat.
3.2.3 Mengidentifikasi karakteristik salah satu kegiatan upacara adat.
3.2.4 Menganalisis struktur kegiatan upacara adat sesuai karakteristik.
3.2.5 Menjelaskan pesan moral dalam upacara adat.
4.2.1 Memberi tanggapan tentang peristiwa budaya.
4.2.2 Menceritakan kembali kegiatan upacara adat.
4.2.3 Mengomtari kegiatan upacara adat.
4.2.4 Menulis laporan tentang kegiatan upacara adat.
4.2.5 Mendemostrasikan salah satu kegiatan upacara adat.
4.2.6 Mengunggah laporan kegiatan upacara adat ke internet.

e. Materi Pokok : Teks Kegiatan Upacara Adat


f. Alokasi Waktu : 90 menit
g. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, presentasi dan analisis, peserta didik
dapat mengidentifikasi, memahami, menganalisis, menginterpretasikan,
menanggapi, dan mengekspresikan teks nonsastra (berita, artikel, laporan, dan
lainnya) sesuai kaidah secara lisan dan tulis, sehingga peserta didik dapat
menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan
sikap jujur, peduli, dan bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan
kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi(4C).

h. Materi Pembelajaran
o UKB 321 Bahasa Daerah-Jawa
2. Peta Konsep

Tingkeban
Gegayutane Karo
Manungsa

Slametan wong seda

Teks
Upacara
Adat
Sedhekah bumi

Gegayutane Karo
Alam Tolak balak

Nyandran

Ruwatan

3. Kegiatan Pembelajaran

A. Pambuka

Coba gatekna gambar ing ngisor iki!

Foto Siraman gunakan air dari tujuh sumber.

Sawise nggatekake gambar ing dhuwur, apa awakmu tau maca buku, majalah, koran kang
gawe basa jawa? Apa jeneng buku, majalah, koran iku? Ing era iki, generasi muda saya suwi
saya lali karo basa daerah. Basa daerah dianggep basa sing ora gaul amarga dianggep kuna.
Sakliyane iku, media-media tulis lan lisan uga jarang kang gawe basa jawa. Amarga iku, kita
generasi muda kudu nglestarekake basa jawa supaya ora luntur. Foto siraman tingkepan lan
foto liyani isi diperhateake ing buku Sastri Basa XI

Pitakon-pitakon ing ngisor iki wangsulana kang patitis!


1. Prastawa apa wahe sing ana ing gambar?
2. Upacara apa wae sing ana gegayutane karo alam?
3. Upaca apa wae sing tauditindakake ing lingkunganmu?
4. Jelasna urut-urutane upacara ing gambar kaloro?
5. Wenehana tuladha kegiatan adat ing lingkunganmu sing ora ana ing daerah liyane?

B. Kagiyatan Inti

1) Petunjuk Umum UKB


a) Baca dan pahami materi pada Buku Teks Pelajaran. Lihat dan baca
pada Buku Teks Pelajaran (BTP): Sastri Basa kanggo SMA/SMK/MA
kelas XI. Provinsi Jawa Timur
b) Setelah memahami isi materi dalam bacaan berlatihlah untuk
berfikir tingkat tinggi melalui tugas-tugas yang terdapat pada UKB ini
baik bekerja sendiri maupun bersama teman sebangku atau teman
lainnya.
c) Kerjakan UKB ini di buku kerja atau langsung mengisikan pada bagian
yang telah disediakan.
d) Kalian dapat belajar bertahap dan berlanjut melalui kegiatan ayo
berlatih, apabila kalian yakin sudah paham dan mampu menyelesaikan
permasalahan-permasalahan dalam kegiatan belajar materi basa
rinengga, kalian boleh sendiri atau mengajak teman lain yang sudah
siap untuk mengikuti tes formatif agar kalian dapat belajar ke UKB
berikutnya.

2) Kegiatan Belajar
Ayo……ikuti kegiatan belajar berikut dengan penuh kesabaran dan
konsentrasi !!!

1. Kagiyatan-kagiyatan Sinau Upacara Adat

PERTEMUAN 1

Kegiyatan 1

Ing kagiyatan iki, para siswa nyinaoni bab jenis-jenise budaya daerah.
Sadurunge, kanggo nggampangake anggonne nyinaoni bab iki, Ayo bebarengan diwaca
uraian materi lan tuladha ing ngisor iki!

Kebudayaan Jawa akeh tinemu upacara adat sing nganti saiki isih dileluri,
dilestarekake, sarta dikembangake. Upacara adat kang isih dileluri dening masarakat
Jawa jenise akeh banget.

Jenise upacara adat ing tanah Jawa maneka warna. Ana upacara adat kang gegayutan
karo manungsa, ana upacara adat sing gegayutan karo alam, ana upacara adat sing
gegayutan karo agama utawa kepercayaan, lan jenis-jenis upacara adat liyane.

Kabeh jenise upacara adat sing isih dileluri lan ditindakake dening masarakat Jawa
iku pranyata kebak piwulang lan pitutur luhur kang perlu dingrembakake supaya
generasi mudha bisa methik ajining budaya (nilai-nilai budaya) kang adiluhung sarta
ora ninggalake jati dhirine minangka bangsa kang sugih kabudayan.
Nyemak Teks Upacara Adat Gegayutan karo Manungsa

Ayo nyemak wacan kanthi irah-irahan “Upacara Adat Tingkeban ing Tulungagung”, Gatekno
apa bedane karo tngkeban ing dhaerahmu!

Upacara Adat Tingkeban Ing Tulungagung

Mligi upacara slametan kanggo wong mbobot ing laladan Kabupaten Tulungagung
ditindakake kaping pindho, yaiku wulan ka- 3 utawa wulan ka- 5 lan wulan ka- 7. Geneya kok
wulan ka- 3 utawa wulan ka-5? Amarga yen wula ka- 3 wis slametan “Telonan” (aranane wulan
ka- 3), wulan ka- 5 wis ora slmetan maneh. Semono uga suwalike, amarga ubarampe kanggo
slametan “telonan” lan slametan “limonan” (aranane slametan wulan ka- 5) iku padha, yaiku
takir plontang sing bitinge dom. Dene wulan ka- 7 tumrap warga kang isih nguri-uri kabudayan
Jawa isih padha slametan “Tingkeban” kanthi upacara siraman.

Slametan “tingkeban” ing laladan Kabupaten Tulungagung tanpa dikantheni upacara


siraman diarani slametan “nyambung tuwuh wong mbobot” utawa “ngrujaki” amarga ing
slametan kasebut mesthi ana rujake. Yen mung dijenangake abang diarani slametan “metri
wong mbobot”. Kamangka tembung “tingkeban” yen dijlentrehake kanthi etimologis, padha
karo akronim (singkatan tembung) saka tembung “titi wancine jangkeb” (wis genep wektune).
Ing walike pitakonan kasebut mbobot maksude yen ing wulan ka- 7 bayi ing kandhutan bisa
lair (diarani “lair metu pitu”). Mula saka iku, wanita sing mbobot ing wulan ka- 7 kudu ngrumat
awake, ora oleh nyambut gawe abot utawa lelungan adoh.
............................................................................................................................................................................
.................................................................................................................................................................................
Supaya informasi iki luweh jangkep wacanen buku paket Sastri Basa XI Bab Kabudayan.

Gegayutan karo wacan “Upacara Adat Tingkeban ing Tulungagung” Wangsulana pitakon ing
ngisar!

1. Upacara adat slametan kanggo wong mbobot ditindakake kaping pira? Wulan kapira!
2. Apa ciri khas upacara siraman?
3. Apa kang dikarepake cengkir gadhing digambari tokoh pewayangan “Kamajaya – Dewi
Ratih utawa Arjuna – Sembrada”?
4. Apa kang diarani upacara “nyambung tuwuh”?
5. Kepriye lumakune adicara siraman?
6. Ubarampe apa wae sing kudu dicawisake ing upacara tingkepan?
7. Kepriye urut-urutane adicara tingkepan?
8. Apa wae ciri-ciri khusus kang ana jroning upacara kasebut?
9. Apa makna utawa pesen moral kang kinandhut jroning upacara kasebut?
10. Critakno kepriye lumakune upacara tingkepan ing dhaerahmu!
Kagiyatan 2

Nyimak Teks Upacara Adat Gegayutan karo Alam

Semaken wacan ing ngisor iki kang magepokan karo upacara adat bab-bab kang wigati
ngenani urt-urutane kagiatan!

LARUNG SESAJI ING PESISIR PASUR

Kesurung karep mbuktekake kabar endahe gisiking Samodra kidul laladan Blitar brang
kulon ing wayah esuk subuh, sorene penulis budhal menyang Pesisir Pasur saperlu nekani
uleman saka panitia upacara adat Larung Sesaji. Kanthi dikancani kadang Kasmuji (42) lan
kadang Rohman (31) budhale panulis saka desa Tumpak Oyot wis jam papat sore. Supaya
tekan papan kang dituju ora nganti bengi, budhale banjur lewat dalan sidatan (pintas) sing
dalane pating gronjal. Yen dadak lewat dalan nlenyer kejaba tekan kana mesthi yen bengi uga
kudu mubeng ngliwati Desa Sumberdadi, Bakung Kidul, lan Bululawang.
.........................................................................................................................................................................
............................................................................................................................................................................
Kanggo ngrampungake wacan ing duwur bisa moco buku Sastri Basa XI bab Budaya.

Ing kagiyatan 2 iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan. Pitakon iki wigati
banget kanggo nyumurupi isine wacan.

Mangsuli Pitakonan

1. Ana ing laladan ngendi kegiatan larung sesaji?


2. Dalan ngendi wae kang dilewati yen tumuju panggonan larung sesaji?
3. Kepriye kahanane Pesisir Pasur ing tahun 60-an?
4. Sakben wulan apa dianakake Larung Sesaji?
5. Apa kajade larung sesaji warga Dhusun Pasur?
6. Ubarampe apa wae kang dilarung?
7. Kepriye kahanan pesisir Pasur?
8. Critakno larung sesaji nganggo basa dewe?

Upama uwes ngerjakake Gladhen 1 lan Gladhen 2, awakmu iso nerusake Kagiyatan 3.
Kegiyatan 3

1. Struktur Upacara Adat

Struktur

Irah-irahan Pambuka Isi Panutup

Katrangan :
 Irah-irahan yaiku inti tulisan kang bakal diandharake ing isi upacara adat.
 Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiapake isi upacara adat
 isi yaiku inti upacara adat kang isine andharan gagasan-gagasan penunjang kang
nduweni asipat wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat
(kausalitas).
 Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan sing ana ing isi teks
upacara adat

Gladhen 3. Nintingi Struktur Kegiatan Upacara Tradisi

Sakwise nyinaoni struktur upacara adat, coba awakmu nganalisis teks artikel kang judule
“Larung Sesaji Ing Pesisir Pasur”.
Tulisen bukti(gagasan pokok) saben stuktur kanthi ring

No. Struktur Bukti


1 Pambuka ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
2 Isi Andharan 1 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 2 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 3 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
Andharan 4 .............................................................................................................
.......................................................................................................................................
lsp
3 Panutup ......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
......................................................................................................................................
Kegiyatan 4

1. Maos Wacan Tradisi Upacara Adat


Semaken kanthi premati teks upacara adat ing ngisor iki!

TRADISI NGILANGI SUKERTA ING PUCANGLABAN

Ing Pucanglaban Kabupaten Tulungagung, jajan pasar saliyane didadekake kuliner


tradisional uga minangka oleh-oleh kanggo bocah cilik yen ibune kondur saka pasar. Jajan
pasar iki pranyata ampuh minangka ubarampe kanggo ngusir sukerta.
Masarakat pracaya, jajan pasar iku jajan kramat sing nduweni tuah. Saben mapag tekane
pemimpin anyar (dudu pemimpin sing dimutasi utawa dipindhah), mbuh kepala desa anyar
mbuh bupati anyar, mbuh kepala sekolah anyar mbuh KUPT anyar, mbuh gubernur anyar
mbuh presiden anyar, masarakat ing laladan Kecamatan Pucanglaban mesthi nindakake
upacara ngusir sukerta (yen ing Subang, Jawa Barat istilahe ngusir sial). Upacara kang
ditindakake saben lair pemimpin anyar iku kanthi tujuan amrih wargane (kawulane) bisa
bebas maneka sukerta. Beda karo tradisi kang ana ing daerah liya, upacara ngusir suketa ing
laladan iki tarkadhang diramekake kanthi maneka warna atraksi kesenian khas daerah
kasebut. Saliyane jaranan, wayang, uga digelar paradhe reog kendhang.
.......................................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................................
Informasi sak lengkape iso diwaca ing buku Sastri Basa XI.

Gladhen 4. Medharake Pesan Moral Kegiatan Upacara Tradisi

1. Kepriye adicara tradhisi mapag pemimpin anyar ing wacan?


2. Apa kang dadi puncake saka tradhisi nulak balak?
3. Kena ngapa jajan pasar diarani jajan kramat?
4. Apa wae tuladhane jajan pasar sing kongerteni?
5. Kepriye larah-larahe ngusir sukerta ing Pucanglaban?
6. Apa kang dadi maksude acara tradhisi ngilangi sukerta?
7. Sapa kang nyebarake agama Islam ing Majapahit?
8. Pesan moral apa kang kinandhut ing wacan kasebut?

C. Penutup

Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajroning pembelajaran,


coba saiki renungna maneh apa kang wis dikuasai lan sing durung dikuasai. Andharna
apa kang dadi kesan sawise sinau babagan teks upacara adat kanthi menehi tandha
centhang (√) ing tabel ngisor iki!

No. Pernyataan Ya Tdk


1. Saya sudah bisa menguasai materi teks pewara dan teks
upacara adat.
2. Saya sudah bisa mengidentifikasi unsur bahasa teks upacara
adat.
3. Saya sudah bisa mengidentifikasi unsur bahasa teks upacara
adat.
4. Saya sudah bisa menganalisis struktur teks upacara adat
6. Saya sudah bisa menganalisis struktur teks upacara adat
7. Saya sudah bisa menentukan nilai moral.

Jika menjawab “TIDAK” pada salah satu pertanyaan di atas, maka pelajarilah
kembali materi tersebut dalam Buku Teks Pelajaran (BTP) dan pelajari ulang
kegiatan belajar 1, 2, 3 atau 4 yang sekiranya perlu kalian ulang dengan bimbingan
Guru atau teman sejawat. Jangan putus asa untuk mengulang lagi! Apabila kalian
menjawab “YA” pada semua pertanyaan, maka lanjutkan UKB berikutnya.

Di mana posisimu?
Ukurlah diri kalian dalam menguasai materi Teks Geguritan dalam rentang 0 – 100,
tuliskan ke dalam kotak yang tersedia!

Kotak Nilai Paraf Guru

Anda mungkin juga menyukai