Anda di halaman 1dari 14

BJW-3.2/ 4.

2/ 3/ 2/ 2

UKBM 2 BASA JAWA


SMAN 1 KEDUNGWARU
UPACARA ADAT JAWA

A. Identitas ( )
1. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
2. Semester :3
3. Kompetensi Dasar :

3.2 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis peristiwa budaya daerah


sesuai dengan karakteristiknya.
4.2 Menanggapi peristiwa budaya daerah sesuai dengan karakteristiknya.

4. Materi Pokok : Adat Jawa


5. Alokasi Waktu : 6 pertemuan (12 x 45 menit)
6. Tujuan Pembelajaran :

Melalui diskusi, tanya jawab, penugasan, dan analisis, anda dapat menjelaskan
berbagai jenis upacara adat yang ada disekitar lingkungannya, struktur rangkaian
acara sebuah upacara adat, makna dari simbol-simbol yang ada dalam sebuah
upacara adat, menganalisis landasan terjadi atau terbentuknya sebuah upacara
adat, dan mendemonstrasikan sebuah upacara adat sehingga peserta didik dapat
menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang dianutnya, mengembangkan
sikap jujur, peduli, dan bertanggung jawab, serta dapat mengembangkan
kemampuan berpikir kritis, berkomunikasi, berkolaborasi, berkreasi (4C).
B. Peta Konsep ( )

Upacara adat Struktur upacara temu manten


temu manten

Upacara Makna simbol dalam upacara


temu manten
adat

Maneka Lelandhesan dumadine


upacara adat upacara adat

C. Proses Belajar ( )

1. Paugerane Pasinaon

1) Ngertenana UKBM iki kanthi maca jangkep saka wiwitan nganti pungkasan.
2) Lakonana pasinaon kanthi urut lan runtut, aja nganti kok lancangi yen
rumangsa ana pasinaon sing angel.
3) Lakonana printah-printah sing ana ing UKBM iki kanthi tenanan. Yen ana
printah nggarap, ya garapen. Yen ana printah maca buku, ya wacanen
kanthi tenanan.
4) Gunakake buku SASTRI BASA minangka buku teks kang utama. Sliramu
bisa ndeleng buku liya minangka buku pambiyantu, kanthi tetep nengenake
buku SASTRI BASA.
5) Yen wis jangkep anggonmu nglakoni sekabehake pasinaon ing UKBM iki
lan sliramu rumangsa wis cukup mampu, sliramu dikeparengake njaluk tes
formatif. Tes formatif iki bisa kanthi bebarengan utawa dhewe-dhewe. Dene
yen bijine dianggep wis cukup, sliramu bisa mbacutake ing UKBM
2. Pambuka
Sliramu mesthi wis padha ngerti yen wong Jawa kuwi sugih
ing bab budaya. Bab kuwi nuduhake yen wong Jawa wiwit
biyen pancen kalebu golongane bangsa sing lantip daya
pamikir lan kreatifitase. Bisa diarani kaya ngono jalaran
wong Jawa saguh ngripta lan ngasilake budaya sing
mbutuhake daya cipta kang ora gampang.

Wujud saka budaya kuwi mau sing wusanane bisa kaperang


utawa kagolongake dadi tradhisi, adat, kesenian, lan liya-
liyane. Dadi adat kuwi sjatine isih perangan saka salah siji
wujude budaya. Mula ing kene bakal disinaoni
sesambungane karo bebrayan.

3. Bakune Pasinaon

Pasinaon 1

Ana maneka warna jinis lan conto adat sing ana ing tanah Jawa. Saka
sapengan adat kuwi, ana sing wujude upacara. Upacara adat sing dilakoni dening
wong Jawa, tamtu wae nduwe ancas tartamtu. Saka pira-pira upacara adat kuwi, ana
saperangan sing wis ora dilakoni, arang dilakoni, lan ana saperangan maneh sing isih
kerep dilakoni. Tamtu wae sliramu uga tau ngaweruhi saperangan upacara adat sing
dilakoni dening bebrayan Jawa ing sakiwa tengenmu.
Upacara adat apa wae sing kok ngerteni? Coba jingglengana gambar ing ngisor iki!

Ayo diwangsuli, Iki gambar upacara adat .... Ayo diwangsuli, Iki gambar upacara adat ....

Ayo diwangsuli, Iki gambar upacara adat .... Ayo diwangsuli, Iki gambar upacara adat ....

Hla.....wis padha ngerti ta, yen jebule upacara adat Jawa kuwi akeh jinise!

Salah sijine upacara adat sing isih kerep dilakoni dening wong Jawa nganti saiki
yaiku upacara adat temu manten. Mesthine wis padha tau weruh ta?

Nanging apa ngerti yen upacara temu manten kuwi nduwe rerangken adicara sing
akeh banget? Kira-kira apa wae ya rerangken adicara temu manten kuwi?
Ndeleng youtube
https://www.youtube.com/watch?v=C5UR7s0xvrY

Sawise rampung, gatekna katrangan saka guru banjur andharana apa kang lagi dumadi ing
ngisor iki lan sebutana kuwi gambar apa!

a) Iki gambar apa lan nyritakake apa? b) Iki gambar apa lan nyritakake apa?

c) Iki gambar apa lan nyritakake apa? d) Iki gambar apa lan nyritakake apa?

e) Iki gambar apa lan nyritakake apa? f) Iki gambar apa lan nyritakake apa?

g) Iki gambar apa lan nyritakake apa? h) Iki gambar apa lan nyritakake apa?
Yen wis ngerteni bab upacara adat temu manten, ayo garapen GLADHEN iki!

1. Critakna kanthi ringkes, reroncen adicara temu manten sing dilakoni


1. Critakna kanthi ringkes,
sadurunge temantenreroncen
sakloronadicara
munggahtemu
lanmanten
utawa sing dilakoni
lungguh ing
sadurunge temanten sakloron munggah
kuwadhe!utawa lungguh kuwadhe!

2. Critakna kanthi ringkes, reroncen adicara temu manten sing dilakoni


ingCritakna
2. dhuwur Kanthi
kuwaderingkes, reroncen adicara temu manten sing
dilakoni neng ndhuwur kuwadhe!

Pasinaon
Pasinaon 22

Ing pasinaon 1 wis ngrembug adicara sajrone temu manten. Sajrone reroncen
adicara kuwi mau ana maneka adicara sing kadhang kala dirasa rada aneh utawa ora lumrah.
Wusanane bab kuwi mau nuwuhake pitakon, gunane adicara kuwi apa ya? Kuwi kabeh diarani
PRALAMBANG.
Apa kuwi PRALAMBANG? Coba gatekna gegambaran ing ngisor iki!
Geneya genderane Indonesia kok wernane
abang lan putih?

Adhedhasar wangsulanmu saka pitakon


kuwi, mula sing diarani pralambang
yaiku .......................................................
................................................................
................................................................

Yen wis ngerteni apa kuwi


pralambang, tegese wis siyaga
nerusake pirembugan ing bab
pralambang sajrone adicara
temu manten. Saka reroncen
| SEMESTER III adicara temu manten sing wis
kok sinaoni sadurunge, siji
mbaka siji mesthi nduweni
makna utawa nduweni
pralambang.
Amrih luwih cethane, wangsulana tabel ing ngisor iki kanthi trep!

No. Reroncen Adicara Pralambang Saka


sajrone Temu Manten
1 .......................................................................................
liru kembar mayang
.......................................................................................
2 .......................................................................................
balangan gantal
.......................................................................................
3 .......................................................................................
wiji dadi
.......................................................................................
4 .......................................................................................
junjung drajat
.......................................................................................
5 .......................................................................................
mubeng ping telu
.......................................................................................
6 .......................................................................................
ngunjuk tirta wening
.......................................................................................
7 sinduran / sindur .......................................................................................
binayang .......................................................................................
8 .......................................................................................
timbang bobot
.......................................................................................
9 .......................................................................................
kacar-kucur
.......................................................................................
10 .......................................................................................
dhahar walimahan
.......................................................................................
11 .......................................................................................
mapag besan
.......................................................................................
12 .......................................................................................
sungkeman
.......................................................................................

Saka pralambang-pralambang ing ndhuwur, wusanane


bisa didudut yen sing dadi lelandhesane wong Jawa
nglakoni upacara adat temu manten yaiku ............
Pasinaon 3

Ing pasinaon 2 wis nyinaoni lan ngonceki bab pralambang sajrone upacara
temu manten lan ndudut lelandhesan tuwuhe upacara temu manten. Ing pasinaon 3 iki
tamtu bisa nganalisis upacara liya sing uga ana ing lingkunganmu. Ya kuwi mengko
sing bakal dadi punjere pirembugan ing pasinaon 3. Nganti wusanane sliramu bisa
ndemonstrasekake upacara adat sing ana ing lingkunganmu kuwi mau.
Kanggo miwiti pasinaon 3, coba gatekna gambar ing ngisor iki!

(1) (2)

(3) (4)

Saka gambar ing ndhuwur,


1. Coba pasangna antarane gambar siji lan liyane! Pasangna
ngendi sing miturutmu nduwe sesambungan.

2. Andharna alesanmu, geneya gambar kuwi kok pasangake!


Sawise mangsuli pitakon kuwi, apa sliramu wis bisa ngerteni
lelandhesan tuwuhe maneka warna upacara adat?

Yen wis, tegese wangsulanmu saka pitakon ing ndhuwur


wis trep lan sliramu bisa mbacutake pasinaon ing ngisor
iki. Dene yen durung, tegese wangsulanmu durung trep
lan kudu kok ambali maneh.

Saiki ayo coba padha ngeling-eling maneka upacara adat


sing ana ing laladanmu dhewe-dhewe. Kira-kira sliramu apa
bisa nyebutake apa wae upacara adat ,saliyiane temu
manten, sing isih dilakoni neng panggonanmu?

Ing ngisor iki sliramu bakal ngandharake salah sawijine upacara


adat sing ana ing panggonmu. Amrih anggonmu ngandharake kuwi
bisa jumbuh klawan apa sing dikarepake, mula lakonana printah-
printah ing ngisor iki!

3. Pilihen salah siji upacara adat sing ana ing


panggonanmu!
4. Andharake kanthi wujud gancaran, kanthi nggatekake
bab-bab ing ngisor iki, yaiku:
• struktur /reroncen acarane.
• pralambang-pralambang sing ana ing njerone.
• lelandhesan kang njalari anane upacara adat kuwi.
5. Andharake asil garapanmu kuwi ing ngarep kelas utawa
ing ngarsane gurumu, kanthi nggatekake bab-bab kang
dadi pambiji kaya dene ing rubrik penilaian ngisor iki!
Pambiji

Rubrik Pambiji Praktik ngandharake salah sawijine upacara adat


No. Nama Ngandharake Upacara Adat
Olah basa struktur Pralambang solah bawa
upacara upacara
1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4

Pasinaon 4

Tata Carane Ngitung Dina Slametan Tilar Donya

wulan tanggal
geblak - -
3 dina - T+2
7 dina - T+6
40 dina B+1 T+9
100 dina B+4 T - 21
pendhak 1 1 th. Kalender – 12 dina
pendhak 2 2 th. Kalender – 22 dina
1000 dina B+9 T-5

Latihan Soal:
Pak Karno tilar donya ing dina senin legi, tanggal 23 januari
2017 , tabuh 11.00 WIB. Coba golekana dina, pasaran,
tanggal, wulan lan tahun!
a. Geblake
b. 3 dina
c. 7 dina
d. 40 dina
e. 100 dina
f. Pendhak 1
g. Pendhak 2
h. 1000 dina
D. Panutup ( )

Sawise diskusi, latihan, lan nglaksanakake kagiyatan sajrone pasinaon, coba


saiki pikiren maneh apa kang wis kok kuwasani lan sing durung kok kuwasani.
Andharna apa kang dadi kesan sawise sinau babagan basa rinengga kanthi menehi
tandha centhang (√) ing tabel ngisor iki!

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi

No. Pernyataan Ya Tidak


1. reroncene adicara temu manten
2. pralambang sajrone upacara temu manten
3. lelandhesan tuwuhe upacara temu manten
4. jinis-jinis upacara adat ing laladanmu dhewe
5. lelandhesan tuwuhe upacara adat tartamtu ing laladanmu
dhewe
6. ngandharake upacara adat tartamtu ing laladanmu dhewe
7. ngitung dina slametan wong tilar donya
Yen wangsulanmu “TIDAK” ing salah siji pitakon ing ndhuwur, sinaua maneh materi
kang kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) sing sekirane perlu dibaleni uga
dibimbing guru utawa kanca. Aja nglokro kanggo mbaleni maneh! Upama
wangsulanmu “YA” ing kabeh pitakon, terusna anggonmu sinau.

Ayo mbiji awake dhewe!


Ukur awakmu dhewe. Wis nguwasani materi upacara adat Jawa ing rentang 0 – 100,
tulis ing kotak kang sumadya.

Sawise nulis panguwasanmu babagan materi basa rinengga. Iki bageyan pungkasan
ing UKB 02-04-04. Nyuwuna tes formatif marang Guru sadurunge sinau UKB teruse.

Mbayani!!
DAFTAR PUSTAKA

Santosa, Rahmad., dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/SMA/MA/MAK kelas X.


Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.

Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Triana Wahyu. 2014. Wiyata Basa kanggo
SMA/SMK/MA kelas X. Surabaya: Duta.

Anda mungkin juga menyukai