Anda di halaman 1dari 15

UKBM 1 BASA JAWA

SEMESTER 4

SANDIWARA

SMAN 1 TUBAN
BJW-3.4/4.4/4/1-1
A. Identitas ( )
1. Nama Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
2. Semester :4
3. Kompetensi Dasar :

3.4 Mengidentifikasi, memahami, dan menganalisis teks sandiwara, prosa atau


puisi sesuai kaidah.
4.4 Menginterpretasi, menanggapi dan memperagakan teks sandiwara, puisi,
dan prosa sesuai isi dengan bahasa yang komunikatif.

4. Materi Pokok : Sandiwara Tradisional


5. Alokasi Waktu : 3 pertemuan (6 x 45 menit)
6. Tujuan Pembelajaran :

Melalui proses pembelajaran dengan pendekatan kontekstualpeserta


didik dapat dengan kreatif menjelaskan contoh sandiwara tradhisional,
menganalisis unggah-ungguh basa, isi cerita, perwatakan tokoh dalam
sebuah naskah sandiwara, serta terampil memperagakan tokoh dalam
sebuah sandiwara sesuai dengan perwatakannya. Sehingga peserta
didik dapat mengambil pelajaran untuk diterapkan dalam kehidupan
sehari-hari.

B. Peta Konsep ( )

Unggah-
ungguh Basa

Sandiwara Isi Cerita


Tradisional

Perwatakan Mragakake Sandiwara

1| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
C. Proses Belajar ( )

1.

Mangga
Lumampahipun Printah-printah ing UKBM
dipunwaos lan
pasinaon kedah
dipunngertosi kedah dipunlampahi
kanthi urut lan
UKBM menika kanthi saestu.
runtut
kanthi jangkep

Menawi sampun rampung, Ginakaken buku


panjenengan saged PUNAKAWAN minangka
nyuwun formatif kanthi buku teks utami lan buku
cara piyambakan utawi sanesipun minangka
sesarengan. panyengkuyung.

2.

Menapa panjenengan nate mirsani pagelaran sandiwara? Saking pagelaran


sandiwara ing ngandhap menika, pundi kemawon ingkang nate panjenengan pirsani?

1. KETHOPRAK
2. LODRUG

3. TEATER 4. TEATER

2| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Gambar nomer 1 lan 2 menika kalebet gambar saking pagelaran
sandiwara tradhisional. Dene gambar nomer 3 lan 4 menika kalebet
gambar saking pagelaran sandiwara modern. Saking gegambaran ing
nginggil, kinten-kinten menapa panjenengan saged ngandharaken
bentenipun sandiwara tradhisional lan sandiwara modern?

3.

Pasinaon 1

Sasampunipun panjenengan mangertos bentenipun sandiwara


tradhisional saha sandiwara modern, menika ateges panjenengan
saged nglajengaken ing pasinaon salajengipun. Ing pasinaon
setunggal menika panjenengan badhe nyinaoni ngengingi isi
cerita salebetipun teks utawi naskah sandiwara tradhisional.
Sasanesipun kedah mangertos isi cerita salebetipun teks menika,
panjenengan ugi kedah saged njlentrehaken paraga lan
pamaragan ing salebetipun teks menika.

Paraga lan pamaragan menika menapa ta? Cobi dipunenget-


enget mallih ngenani unsur intrinsik cerita!

Kagem nglajengaken pasinaon menika, mangga panjenengan waos lampiran


teks utawi naskah sandiwara ingkang sampun sumadya! Mangga dipunwaos kanthi
setiti saha dipunngertosi menapa ingkang dipunrembag ing naskah kalawau.

Gladhen 1

Mangga sami neter kawruhipun piyambak-piyambak!


Sasampunipun panjenengan maos naskah kalawau, cobi dipunwangsuli pitaken-
pitaken ugi prentah ing ngendhap menika!
1. Kados pundi ringkesan ceritanipun saking teks ingkang panjenengan waos
kalawau?
2. Cobi panjenengan andharaken sinten mawon paraga ing salebetipun teks sandiwara
kasebut lan kados pundi watakipun! Paringana bukti ingkang nedahaken watakipun!

3| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Pasinaon 2

Ing pasinaon setunggal, panjenengan sampun nyinaoni ngengingi cerita


salebetipun teks sandiwara. Salajengipun panjenengan badhe nyinaoni ngengingi
unggah-ungguh basa salebetipun naskah sandiwara.
Saderengipun ngrembag unggah ungguh basa, panjenengan kedah mangertos
langkung rumiyin ngengingi undha usuk basa utawi tingkatan basa, salebetipun
tembung-tembung basa Jawi. Mangga panjenengan jangkepi tabel ing ngandhap
menika!
Undha Usuk Basa
No Ngoko Krama Krama Madya Krama Inggil
1. kandha - …………………… ……………………

2. mangan - …………………… ……………………

3. nggawa - …………………… ……………………

4. weneh, menehi - …………………… ……………………

5. ngombe …………………… - ……………………

6. ngadeg …………………… - ……………………

7. ana …………………… - -

8. kanca …………………… - -

Unggah Ungguh Basa


Mangga Panjenengan rembag kaliyan kanca panjenengan ngenani unggah-ungguh
basa ingkang trep kagem ngisi tabel ing ngandhap menika!
No. Sing Ngomong Sing Dijak Omong Sing Diomongake Unggah-ungguhe Basane
1. wong tuwa wong enom wong tuwa ...............................
2. wong tuwa wong enom wong enom ...............................
3. wong tuwa wong tuwa wong tuwa liyane ...............................
4. wong tuwa wong tuwa wong enom ...............................
5. wong enom wong tuwa wong enom liya ...............................
6. wong enom wong tuwa wong tuwa ...............................
7. Wong enom wong enom wong enom liyane ...............................
8. Wong enom Wong enom wong tuwa ...............................

4| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Gladhen 2

Mangga sami neter kawruhipun piyambak-piyambak!


Jangkepana perangan ingkang gothang (rumpang) saking dhialog ing ngandhap!

Pak Guru : Dan, mrenea! ………………………………………………………………………………………………………(1)


Dani : Inggih Pak! Bukunipun kula pendhet samenika nggih?
Pak Guru : Iya!
Dani : Nuwun sewu Pak! ………………………………………………………………………………………………..(2)
Pak Guru : Bukune neng mejaku, meja sing mapan ing pojok lor etan!
Dani : O…inggih Pak!

Aris : Halo… Assalamualaikum!


Bu Puji : Waalaikumsalam! ……………………………………………..(3)
Aris : Kula Aris, menika Bu Puji nggih?
Bu Puji : E... Aris kancane Risang ya?
Aris : Inggih Bu! ……………………………………………………………(4)
Bu Puji : e….alhamdulilah wis rada luwung Ris. Winginane Awake Risang panas banget,
saiki wis rada adhem! Nanging ya kuwi, ijek ora gelem mangan.
Aris : ………………………………………………………………………………(5)
Bu Puji : ya merga hawane wong lara kuwi hlo, saben mangan rak krasa ora enak ta.
E…ya dongakna wae ya Le, muga-muga enggal waras.
Aris : Inggih Bu, pancen samenika wancine kathah penyakit kok Bu.
………………………………………………………………………………………………………..(6)
Bu Puji : Hlo…kowe bar lara apa?
Aris : Nggih biasa Bu, namung kraos nggreges ngoten mawon. Nggih sampun Bu
menawi mekaten!
Bu Puji : E…iya..iya! Kapan-kapan dolana mrene hlo ya!
Aris : O…inggih Bu! ………………………………………………………………………….(7)
Bu Puji : Ya wis Tak enteni hlo ya!
Aris : Inggih Bu, Assalamualaikum!
Bu Puji : Waalaikumsalam!

5| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Pasinaon 3

Ing pasinaon kalih, panjenengan sampun nyinaoni bab unggah-ungguh basa.


Samenika ing pasinaon tiga, panjenengan badhe nglajengaken nyinaoni tuladha
sandiwara tradhisional ingkang ngrembaka ing laladan Jawi Wetan saha caranipun
mragakaken. Nanging saderengipun panjenengan ngrembag bab menika, cobi
dipungatosaken langkung rumiyin pethikan dhialog ing ngandhap menika.

Saridin : Kulanuwun... Yu...


Nyi Branjung : Mangga...! Sinten nggih?
1
Nyi Branjung sinambi mbukak lawang.
Nyi Branjung : E..alah... Kowe ta Din! Tak kira sapa! Lungguh kene!
Branjung : Hlo...hlo...hlo... ape neng ngendi kuwi?
Saridin : Ya lungguh neng kene ta Kang!
Branjung : E...hla suwalmu, klambimu padha rusuh kabeh ngono kok ape lungguh
neng kursi. Lungguh ngisor wae!
Nyi Branjung : Sampeyan iki kok kebangeten ta Kang. Saridin kuwi dulurku, tegese rak ya
padha karo dulurmu dhewe ta ya.
Branjung : Dulur ya dulur, nanging reget kuwi hlo. Kursi plituran apik, lagi wae olehku
tuku kok. Rak ya eman-eman nek dilungguhi Saridin.
Saridin : Ya wis Yu, ora apa-apa. Aku tak lungguh ngisor kene wae.

Sarip : Di... Paidi...!


Paidi : Hloh, koen ijek orip? 2
Sarip : hahahaha ... Ogak gampang lek katene mateni Sarip..Di! Ojok Maneh mung
penthungmu, bedhile wong Landa gawanen mrene. Ogak kira isok mateni Sarip.
Paidi : Ojok sombong koen Rip. Koen ngaku-ngaku sekti, nanging nyatane gek wingi gelut
mbarek aku wae ya kalah. Apa koen gak eling kepriye rasane tak gepuk nganggo
jagang dhokar iki? hahahaha
Sarip : Heh.. Di...gepukanmu gek wingi iku ogak krasa. Iki hlo keri-keri kaya dicokot semut
thok..
Paidi : Koen njaluk mbaleni maneh ta?
Sarip : Majua, apamu sing tak wedeni..
Paidi : Wo...titenana koen ya....
.........................................

6| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Menawi dipunpirsani saking
basanipun mawon wonten
Menapa panjenengan saged
bentenipun, kinten-kinten ing
ngandharaken menapa benten
perangan kesenian (mliginipun
antawisipun pethikan naskah
sandiwara) kados pundi nggih?
sandiwara ing nginggil
kalawau?
Cobi panjenengan
andharaken menapa
bentenipun kalih teks
kalawau!

Supados langkung mangertos ing bab menika, mangga dipunwaos buku


PUNAKAWAN bab Sandiwara Tradhisional ing perangan Kethoprak lan Lodrug!
Sasampunipun panjenengan maos, mangga dipuncobi madosi bentenipun
kethoprak lan lodrug kanthi cara ngisi tabel ing ngandhap menika!
No Kethoprak Lodrug
1 ........................................................... ...........................................................

2 ........................................................... ...........................................................

3 ........................................................... ...........................................................

4 ........................................................... ...........................................................

5 ........................................................... ...........................................................

Pagelaran kethoprak lan lodrug ugi benten ing tata caranipun mragakaken. Kados
pundi tatacaranipun mragakaken? Mangga dipungatosaken andharan ing ngandhap!

Mragakaken drama, wonten teknikipun. Menapa malih menawi ingkang


dipunpragakaken kethoprak utawi lodrug, wonten tatacara mligi ingkang kedah
dipunkuwasani. Amrih saged mangertos bab menika sedaya, mangga dipunwaos
buku PUNAKAWAN bab Sandiwara Tradhisional ing perangan tata caranipun
mragakaken sandiwara.

7| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
MANGGA DIPUNWAOS RUMIYIN!!!!

Sasampunipun panjenengan maos materi kasebut,


samenika mangga dipunpirsani langkung rumiyin
tuladha pagelaran kethoprak lan lodrug saking video
ingkang badhe dipunaturaken dening bapa ibu guru.

Sugeng amirsani!
Menapa panjenengan saged
mragakaken sandiwara
kados ing video kalawau?

Kagem mangsuli pitaken ing nginggil,


pramila kedah dipunbuktekaken.

Gladhen 3

Mangga sami neter kawruhipun piyambak-piyambak!


1. Mangga dipunlampahi menapa ingkang dipunprentahaken ing ngandhap menika:
a. mangga panjenengan pilih salah setunggal paraga saking teks utawi naskah
sandiwara ing pasinaon setunggal! Kanthi sarat, paraga ingkang panjenengan
pilih kalawau anggadhahi karakter utawi peran ingkang onjo.
b. saking paraga ingkang panjenengan pilih menika wau, mangga panjenengan
pendhet setunggal dhialog mawon ingkang panjang.
c. nggegladhia kanthi cara mragakaken dhialogipun paraga ingkang panjenengan
pilih kalawau. Kanthi cathetan, tansah migatosaken karakter utawi watakipun.
2. Menawi panjenengan sampun rumaos saged, mangga dipunpragagkaken ing
ngajeng kelas supados saged dipunbiji dening bapa ibu guru!

8| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Pambiji

Rubrik pambiji praktik mragakake sandiwara


No. Nama Ngandharake Upacara Adat
pangucap ekspresi solah bawa
1 2 3 4 1 2 3 4 1 2 3 4

D. Panutup ( )

Sasampunipun panjenengan nglampahi sedaya pasinaon, tamtu kemawon


wonten samubarang ingkang saged panjenengan pendhet minangka kaca pangilon
tumrap dhiri panjengan pribadi. Cobi dipunwangsuli ugi dipunjangkepi ukara ing
ngandhap menika!

Sasampunipun nyinaoni bab sandiwara tradhisional menika, kula .....


.....................................................................................................................
.....................................................................................................................

Kaca Benggala
No. Kabisan Inggih mboten
1. Kula sampun saged mangertosi isi cerita salebetipun
naskah sandiwara
2. Kula sampun saged nganalisis paraga ing salebetipun
naskah sandiwara
3. Kula sampun saged nganalisis watakipun paraga ing
salebetipun naskah sandiwara
4. Kula sampun saged ngandharaken ngenani kethoprak
5. Kula sampun saged ngandharaken ngenani lodrug
6. Kula sampun saged nganalisis unggah-unguh basa ing
salebetipun naskah sandiwara.

9| SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Menawi wangsulan panjenengan “boten” ing salah setunggalipun pitaken ing nginggil,
panjenengan kedah sinau malih materi kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) .
Ampun ngantos nglokro kagem mangsuli sinau malih. Upami wangsulan panjenengan
“inggih”, panjenengan saged nglajengaken pasinaon kanthi nyuwun formatif
dhumateng guru.

Mangga mbiji dhiri pribadi!


Ukur dhiri pribadi panjenengan. Sampun nguwasani materi sandiwara tradhisional ing
antawisipun 0 – 100, serat ing kothak ingkang sumadya!

Sasampunipun panjenengan nyerat anggen panjenengan nguwasani materi sandiwara


tradhisional, menika perangan pungkasan ing UKBM. Nyuwunna tes formatif
dhumateng guru saderengipun nglajengaken nyinaoni UKBM salajengipun.

Mbayaani lehh!!

MEMAYU HAYUNE BAWANA LUMANTAR


EDI ENDAHE BUDAYA JAWA
10 | SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
DAFTAR PUSTAKA

Santosa, Rahmad., dkk. 2015. Sastri Basa kanggo SMA/SMA/MA/MAK kelas X.


Surabaya: Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Sukendro, Dhita Puspitasari dan Susanti, Triana Wahyu. 2014. Wiyata Basa kanggo
SMA/SMK/MA kelas X. Surabaya: Duta.

11 | SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Lampiran : Naskah Kethoprak Pasinaon 1
Adegan 1
Pisowanan ing Pendhapa Agung Praja Majapait, Prabu Kertarajasa nampa
pisowanane para nayaka praja lan para kawula Majapait.
Kertarajasa : Para kawula lan para nayaka praja Majapait kang padha seba ing
pendhapa agung, padha dikepenakake anggone sowan!
Kabeh : Kasinggihan dhawuh Sinuwun!
Kertarajasa : Kakang Patih Nambi, kepriye kahanane para kawula ing Majapait
Kakang?
Nambi : Awit berkah saha pangestu saking panjenengan, nyatanipun sedaya
kawula Majapait mboten wonten ingkang kekirangan. Wiwit saking
karang padesan ngantos dumugi kitha raja, sedaya tansah ayem
tentrem mboten wonten ingkang regejegan. Namung bekti kula
kemawon katur wonten ngarsa panjenengan Sinuwun!
Kertarajasa : Iya..iya...Kakang! Tak tampa sungkem pangabektimu, ora kliwat
pangestuku tampanana!
Nambi : Pangestu panjenengan sanget anggen kula mundhi Sinuwun, mugya
saged ndadosaken jejimat.
Kertarajasa : Yayi prameswari, sawetara dikepenakake wae anggone lungguh! Iki
akeh para kawula kang padha seba ing pendhapa agung.
Prameswari : Kasinggihan dhawuh Kangmas!
Kertarajasa : Bali marang jeneng sira Kakang Patih!
Nambi : Dhawuh tinimbalan Sinuwun!
Kertarajasa : Praja Majapait iki lagi wae madeg. Ora mokal yen isih ana bab-bab
tartamtu sing mbutuhake kawigaten kang linuwih, amrih ora ana sing
kliwat saka pamawasmu. Mula saka kuwi tak jaluk sliramu aja nganti
pegat ing kaprayitnan ya Kakang.
Nambi : Nun inggih Sinuwun! Sedaya dhawuh panjenengan kadya damar ing
wanci dalu. Tamtu kemawon kula saha para kawula tansah badhe
ngestokaken.
Dumadakan keprungu swarane pawongan saka njaba pendhapa agung.
Ranggalawe : Kula ingkang sowan Sinuwun!

Kertarajasa : Kene...kene...Dhimas Ranggalawe! Dikepenakake anggonmu lungguh


ya Dhimas!

12 | SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Ranggalawe : Nun inggih Sinuwun, sampun mboten kirang prayogi anggen kula
lenggah.
Kertarajasa : Kepriye pawartamu Dhimas?
Ranggalawe : Awit berkah saha pangestu panjenengan, kula tansah pinayungan ing
karaharjan. Namung bekti kula kemawon katur dhumateng
Panjenengan Sinuwun!
Kertarajasa : Iya...iya...Dhimas, tak tampa sungkem pangabektimu. Ora kliwat
pangestuku tampanana!
Ranggalawe : Sanget anggen kula mundhi Sinuwun!
Kertarajasa : Dhimas Ranggalawe, wiwit mau aku maspadakake pendhapa agung
nggoleki neng ngendi dununge si adhi. Jebule pancen lagi teka ta?
Ranggalawe : Nun inggih, nyuwun pangapunten Sinuwun. Radi kasep anggen kula
dugi ing pisowanan agung menika. Awit taksih kathah pakaryan
ingkang kedah kula rampungaken ing Kadipaten Tuban.
Kertarajasa : Iya...iya...Dhimas. Aku uga ngerti kok. Minangka adipati ing kutha
gedhe lan pelabuhan kaya Tuban, tamtu akeh pakaryan sing kudu kok
rampungake.
Ranggalawe : Inggih Sinuwun. Namung kemawon ngantos samenika wonten
satunggal bab ingkang taksih ngganjel ing manah kula.
Kertarajasa : Perkara apa kuwi Dhimas?
Ranggalawe : Nyuwun pangapunten saderengipun menawi atur kula kirang sekeca
ing manah panjenengan Sinuwun.
Kertarajasa : Iya Dhimas, enggal matura!
Ranggalawe : Sejatosipun kula boten sarujuk menawi Nambi ingkang jumeneng patih
amangku bumi ing praja Majapait menika Sinuwun.
Kertarajasa : Hlo... Sebabe apa Dhimas?
Ranggalawe : Miturut kula taksih kathah ingkang langkung pantes nglenggahi
kalenggahan menika sasanesipun Nambi. Tiyang sanes ingkang
lelabuhanipun ageng tumrap panjenengan, kados dene Paman Lembu
Sora. Nambi menika sinten? Rumiyin nalika sedaya sami majeng ing
paprangan, Nambi mboten nate ketingal kridhanipun.
Paribasanipun nambi menika mboten nate kecipratan getih, namung
tansah wonten wingking. Awit saking mekaten Sinuwun, pamanggih
kula menawi Paman Lembu Sora menika langkung patut dados Patih
Amangku Bumi tinimbang Nambi.

13 | SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV
Lembu Sora : Mengko dhisik Ranggalawe! Aku iki ora nduweni rasa kepingin dadi
Patih.
Ranggalwe : Kepingin mboten kepingin, menawi sampun dados kuwajiban inggih
kedah sagah Paman. Ampun ngantos ingkang dados Patih menika
tiyang ingkang jirih getih kados Nambi. Ingkang sagedipun namung
ngapik-ngapiki awake dhewe ing ngarsanipun Sinuwun Prabu.
Nambi : Ranggalawe! Cukup anggonmu ngucap. Omonganmu kuwi wis
ngasorake drajadku. Apa mbok kira mung kowe wong lanang ing
Majapait iki?
Ranggalawe : Dhasare lambemu lambe lamis. Kowe aja mung ngucap. Yen pancen
kowe lanang, ayo metua! Dibuktekake, kulite sapa sing luwih kandel.
Ranggalawe sakala banjur metu saka Pendhapa Agung, kanthi kahanan nesu ora
karu-karuwan. Nambi arep ngetutake Ranggalwe, nanging dipenggak dening Lembu
Sora.
Lembu Sora : Aja Nambi, mengko yen kowe melu metu malah bisa dadi perkara.
Nambi : Nanging aturipun Ranggalawe menika sampun ngasoraken kula
Paman.
Lembu Sora : Iya aku ngerti kepriye panase atimu, nanging sliramu aja nganti kurang
ing kesabaran.
Nambi : Inggih Paman!
Lembu Sora : Sinuwun, keparengaken kula kemawon ingkang ngendhakaken
tumindakipun ponakan kula Si Ranggalawe.
Kertarajasa : Hemmmm, ngantos kamitenggengen kula Paman. Mboten saged
ngucap menapa-menapa. Inggih.. inggih...nyumanggakaken Paman
Lembu Sora. Ampun ngantos perkawis menika ndadosaken bab
ingkang kirang sae tumrap Praja Majapait.
Lembu Sora : Nun inggih, ngestokaken dhawuh Sinuwun!
Lembu Sora Banjur metu, nyusul Ranggalawe.

14 | SMAN 1 TUBAN-SEMESTER IV

Anda mungkin juga menyukai