Anda di halaman 1dari 17

PURWAKA

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha
asih, ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Saengga
kita saged ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge mata kuliah bahasa jawa.
Makalah punika ngrembag babagan Pranatacara Temanten. Wonten makalah
babagan pinika, kita ngrampungaken miturut bab piwulangan ingkang dipun aturan.
Kita sedaya dipun ndamel makalah punika, ingkang kamampuan kita. Kita
mangertos menawi makalah punika mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun
nywun kritik lan saran sedaya pihak ingkang kagungan sifat mbangun.
Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang
sampun kaggungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos
ing pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha. Amin.

Pacitan, 21 Desember 2016

Panganggit

DAFTAR ISI

1
Purwaka .............................................................................................................. i
Daftar Isi.............................................................................................................. ii
Bab I : Pambuka................................................................................................. 1
A. Wigatosing Rembag........................................................................ 1
B. Kakajen Ingkang Dipun Rembag................................................... 1
C. Kagunaan Panulisan....................................................................... 1
Bab II : Pembahasan............................................................................................ 2
A. Upacara Adat................................................................................... 2
B. Tata Cara Adat Mantu..................................................................... 3
BAB III : Panutup............................................................................................... 14
A. Dudutan........................................................................................... 17
B. Piweling.......................................................................................... 16

2
BAB I
PAMBUKA

A. Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah
satunggaling inggih menika upacara adat mantu. Para
tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan
kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang
sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika kita badhe jlentrehaken menapa
kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing upacara adat mantu punika.

B. Kakajen Ingkang Dipun Rembag


1. Punapa tegesipun upacara adat mantu punika?
2. Punapa kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?
3. Punapa kemawon cak-cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?

C. Manfaat Panulisan
1. Mangertosi tegesipun upacara adat mantu
2. Mangertosi rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.
3. Mangertosi cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu.

1
BAB II
WOSING PIREMBAGAN

A. Upacara Adat Mantu


Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun
ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken
putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling
panggenan/tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan.
Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan,
kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata
cara, inggih menika :
1. Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan
ing dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun.
Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun
dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek.
2. Paningset lan lambang kalpika (tukar cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal
kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, limrahipun ugi
dipunkantheni piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan
(jadah, wajik, jenang, roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp).
Sedaya wau minangka lambang lan wujud tanggel jawab ingkang bakal
dipuntindakaken calon penganten kakung dhumateng calon garwane lan
kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan lan ubarampe kangge
penguripanipun.
Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng dipuntindakaken tata cara
upacara mantu.
1. Pasang tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi
badhe nampi tamu limrahipun nata panggenan supados katinggal becik,
dipunparingi rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning
(janur = sejane nur / cahya).

2
2. Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan
daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta
lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten
alangan.
3. Pasang tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub,
wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-
alang, ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged
nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga.
4. Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah),
maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken
sesepuhing penganten.
5. Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon
penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah.
Sasampunipun tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara
dhaup (ijab) dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih),
pahargyan (pesta/resepsi).

B. Tata Cara Adat Mantu


1. Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nugraha miwah sih rohmating Gusti Ingkang Maha Kuwaos, mugi-mugi tansah
nunggil ing jiwangga bapak guru saha sagunging para siswa.
Bapak guru Basa Jawi ingkang winengku ing karahayon, para kadang
mahasiswa ingkang kula tersnani. Kula minangka pambyawara kepareng
murakani tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kepareng kla tepangan
rumiyin, nami kula Bp. Sularman minangka pambyawara utawi pranatacara.
Dene urut saking ngriki menika Bp. Suhadi minangka utusan handhodhog kori,
lajeng Bp. Sukarman menika minangkautusan ingkang badhe paring wangsulan
pandhodhoging kori. Kadang kula Bp. Ruwanto menika minangka utusan pihak
jaler micara ing adat lamaran. Salejengipun menika kadang kula Bp. Suwanto
utusan pihak estri ingkang badhe paring wangsulan nampi lamaran. Lajeng
kadang kula ingkang menika naminipun Bp. Sutopo ingkang badhe masrahaken

3
manten kakung.Wonten dene ingkang menika naminipun Bp. Suroso ingkang
badhe wangsulan utawi nampi pasrah manten kakung. Lajeng menika naminipun
Bp. Suharto ingkang badhe atur pambegeharja wakilipun ingkang kagungan
kersa mantu. Dene ingkang pungkasan menika kadang kula nami Bp. Sutaji
ingkang badhe atur wursita wara. Kepareng kula maosaken rerantamaning
tatacara kegiatan gladhen ing kelas dinten menika dinten Rabu suya kaping 7
Desember warsa 2011.
Tatacara kapisan, inggih menika gladhen atur salebeting adicara pandhodhoging
kori.
Kaping kalih, inggih menika atur wangsulan saking pihak estri tumrap
pangandikan kapisan.
Kaping tiga, inggih menika atur pangandikan pasrah lamaran saking pihak jaler.
Kaping sekawan, inggih menika atur pangandikan nampi lamaran saking pihak
estri. Kaping gangsal, inggih menika atur pangandikan masrahaken calon
panganten kakung. Kaping nem, inggih menika atur pangandikan nampi alon
penganten kakung saking pihak jaler. Kaping pitu, inggih menika atur
pambegaharja saking wakil ingkang kagungan kersa.
Lajeng ingkang pungkasan mangke, inggih menika wursita wara utawi ular-ular.
Makaten menggah rerantamaning tatacara gladhen micara ing tatacara manten
adat jawi. Bapa guru kasuwun pangestunipun mugi-mugi tatacara gladhen
purwa, madya, lan wasana, saged lumampah kanthi rahayu nir ing sambekala.
Nuwun. Wassalamualaikum. Wr. Wb.
2. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
Sampun dumugi mangsakala wayahing siswa kapisan gladhen micara ing
adicara adat dhodhog kori. Sumangga kadang kula Bp. Suhadi kula dherekaken
nindakaken jejibahan menika. Sumangga !
3. Micara dhodhog kori
Kula nuwun ! Assalamualaikum. Wr. Wb.
Awit keparengipun Gusti ingkang murbeng dumadi kula kinanthi dening
Bapaksaha Ibu Susilo inggih tiyang sepuhipun Mas Susanto dinten menika
saged sowan kanthi slamet wilujeng. Kanthi manah ingkang syukur, keparenga
kula matur ing ngarsanipun Bapak Sunetra sarimbit, sepisan kula sakulawarga
ngaturaken salam rahayu wilujeng mugi katur dhumateng kulawarga Bapak
Sunetra. Ndherek nepangaken kula pun Bp. Suhadi, saking Dhusun Puri,

4
Kecamatan Pati, Kabupaten Pati. Sanesipun kula, ingkang dherek sowan menika
Bapak saha Ibu Susilo. Inggih menika semah kula.
Dene sedyaning manah ingkang sepisan inggih menika silaturahmi amemayu
kekadangan lan pasedherekan. Kaping kalih mugi mboten damel rengating
penggalihipun Bapak saha Ibu kepaeng nyuwun priksa menapa leres kagungan
putra estri naminipun Susanti. Kaping tiga, Bapak Susilo sekaliyan kagungan
putra jaler naminipun Susanto. Lare menika sampun diwasa kepengin saged
gadhah mitra geganthilaning manah ing gesangipun. Blaka suta kemawon bilih
igkang dipuntuju menika putra estri panjenengan. Jumbuh kaliyan kawontenan,
anak mas Susanto lajeng mothah nggubel dhumateng bapak saha ibunipun
supados nyuwun priksa sekinten nak ajeng Susanti menika sampun menapa
dereng wonten ingkang badhe mengkoni. Menawi sekinten saged, kula ingkang
tinanggenah mnangka talanging atur dinten menika mugi Bapak Sunetra
sarimbit kersa paring wangsulan ing bab pitakenan kala wau. Sawatawis
makaten, dene dipunrembag mirunngan.
Ing wasana cekap hambok bilih wonten kirang leres ing basa saha sastra, tuwin
tumindak ingkang kirang tatakrama kula nyuwun sih samodra pangaksama.
Bilahi taufik wal hidayah, wassalamualaikum. Wr. Wb.
4. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
saking pihak estri
Makaten pangandikan saking utusan pandhdhog kori. Salajengipun saking pihak
estri badhe paring wangsulan. Ing wekdal kalenggehan menika atur wangsulan
badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sukarman. Sumangga kula
dherekaken.
5. Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwu sewu kula ingkang badhe matur. Karahayon tuwin kabagaswarasan
sinartan penggalih ingkang suka bagya mugi-mugi tansah kajiwa raga
dhumateng panjenengan lan kula ing dinten menika. Mangga ngunjukaken raos
syukur ing ngarsanipun Gusti ingkang Akarya jagad.
Kula nepangaken nami kula pun Bp. Sukarman, dene ingkang menika Bapak
Sunetra saha ibu. Ingkang menika Bapak Anuraga sekaliyan ibu kaprenah bapa
pamanipn gendhuk Susanti. Kula kautus dening Bapak Sunetra supados dados
talanging atur. Kepareng matur sepisan ngaturi panjenengan sedaya sugeng
rawuh, saha sungeng lenggah, ing dalemipun Bapak Sunetra wonten Dhusun

5
Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Menggah salam rahayu wilujeng saking
kulawarga Bapak Susilo sampun kula tampi lan kosok wangsulipun.
Panjenenganipun Bapak Susilo sekaliyan lumantar Bapak Suhadi. Kalawau
sampun medhar wosing penggalih sedyaning pisowanan menika. Kila ing ngriki
kautus dening Bapak Sunetra supados matur ngaturi wangsulan dhateng
panndhangon panjenengan.
Ingkang kapisan, mila leres Bapak Sunetra kagungan putra estri naminipun
Susanti, menika putra angka kalih utawi wuragil awit Bapak Sunetra sekaliyan
namung kagungan putra kalih ingkang mbajeng sampun emah-emah.
Pandangon panenengan ingkang angka kalih nuju dhateng pepoyaning
kautamen,pramila anggen kula mangsuli kedah sayektos adhedhasar kasunyatan
lan penggalihipun ingkang badhe anglampahi. Kula lan panjenengan menika nut
lakune jaman. Samangke sesambetan lare enem bebten kaliyan kala rumiyin.
Pramila ing wekdal menika, kula ngaturi uninga bilih miturut katrangan saking
gendhuk Susanti ingkang sampun matur dhumateng rama saha ibunipun ilih
piyambakipun sampun gadhah pasangan. Dene pasangan ingkang
dipunkajengaken inggih menika namung setunggal naminipun Susanto saking
Dhusun Puri, Pati. Dados sampun cetha trawaca bilih Bapak Sunetra saha Ibu
sarta menika putra Bapak Susilo sekaliyan. Kanthi mekaten, pandangon
panjenengan sanpun kula wangsuli kanthi cetha.
Kados namung menika ingkang saged kula aturaken dhumateng panjenengan.
Sumangga kula aturi lenggah ingkang sekeca angresepi pasugatan ingkang
sarwa prasaja. Dene menawi wonten tumpangsuhipun atur, ugi patrap ingkang
kirang sae kula saha kulawarga Bapak Sunetra namung nyadhong lumunturing
sih pangapunten. Bapak Sunetra sakulawarga ngaturaken matur nuwun sanget
rawuhipun,mugi-mugi benjang saged dados sedherek ingkang rukun, caket, saha
raket. Amin. Bilahi taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
6. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking pihak
calon penganten kakung.
Para kadang sedaya ing wekdal kalenggahan menika atur panglamar badhe
katindakaken dening kadang kula Bp. Ruwanto. Sumangga kula dherekaken.
7. Micara Atur Pasrah Lamaran
Assalamualaikum Wr.Wb
Kanthi rinengga sagunging pakurmatan. Kula sapangiring ngaturaken puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang welas Asih. Jalaran ngantos dumugi

6
titi wanci menika kula lan panjenengan pinaringan suka basuki tentrem rahayu
nirbaya nirwikara. Kawontenan makaten mugi waradin sagung bebrayan agung
wonten negari nuswantara.
Kepareng ngaturaken salam wilujeng dhumateng Bapak Sunetra sakulawarga.
Kawuninganana bilih anggen kula sowan ing ngriki kadherekaken para
pangombyong semanten kathahipun sedaya saking Dhusun Puri, Pati. Sowan
kula kajawi silaturahmi tuwi kawilujengan kulawarga Bapak Sunetra wonten
Dhusun Tayu, ugi ngemu wigatos sanesipun. Wosing pisowanan kula
sapangombyong menika ngaturaken saha nglantaraken sedyanipun Bapak
Sunetra jumbuh kaliyan ingkang putra kakungipun nak mas Susanto tumuju
dhateng nakajeng Susanti. Awit golong gilig saha gelengipun manah nakmas
Susanto ingkang badhe mengku nak ajeng Susanti minangka garwa amangun
bale wisma.
Minangka jangkeping adat lupiya panglamar, Bapak Sunetra ngaturaken uba
rampenipun panglamar. Nitik saking wujud lan kawontenan abon-abon menika
reginipun mboten sepintena ananging menika lambangipun paningset, mugi
sageda katampi kanthi suka rena penggalih,kanthi panyuwunan ugi sageda
anggenipun niat badhe bebesanan kasembadan kanthi wilujeng nirbaya nir ing
sambekala. Amiin.
Pungkasaning atur, gegayutan kaliyan rantaman titi wanci saha titi ari badhe
tumapaking gati akdun nikah penganten, ngantos wekdal pahargyan sumangga
sakersanipun Bapak Sunetra sarimbit. Ewa semanten kakinten ngersakaken
bebantu iguh pratikel, kula sakaluwarga sumadya caos pambiyantu sasaged-
sagedipun.
Ing was an kula ngaturaken agengipun panuwun dene kula sapandherek katampi
anggen kula sowan kanthi kebak pakurmatan. Dene mbok bilih anggen kula
matur kirang leres ing basa tuwin sastra, saha anggen kula sowan kirang ing
subasita kula namung anglenggana nyuwun samodra pangaksama. Wabilahi
taufik wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
8. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking pihak
calon panganten putri
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna. Salajengipun wekdal
sacekapipun kangge atur pangandikan nampi lamaran ingkang badhe
katindakaken dening kadang kula Bp. Suwanto. Sumangga kula dherekaken.

7
9. Micara Nampi Pasrah Lamaran
Nuwun. Assalamualiakum Wr.Wb.
Sumandhing suka rena sinandhing bagya mulya. Ing titi wanci kalenggahan
menika kulawarga brayat ageng saking Bapak Sunetra ingkang dalemipun
Dhusun Tayu, Kecamatan Tayu, Kabupaten Pati. Saged srawung kaliyan
kulawarga ageng brayat Bapak Susilo bsaking Dhusun Puri, Pati. Pramila
sumangga ngaturaken puji syukur mring Gusti kang akarya jagad.
Kula ingkang tinaggenah minangka traju wacana matur nuwun atur salam
wilujengipun saking Bapak Susilo kosok wangsulipun makatena ugi salam
wilujeng saking Bapak Sunetra mugi katur dhumateng Bapak Susilo
sakaluwarga.
Mireng saha nggatosaken sarta nampi paringipun pangandikan saking Bapak
Suwanto minangka sulih sariranipun Bapak Susilo kanthi cetha. Tiyang
sepuhipun nak ajeng Susanti inggih Bapak Sunetra sarimbit sampun atur
pasarujukan saged nampi panglamaripun nakmas Susanto. Sayektos sampun
dhumawahing kodrat angsal wirodat saking Gusti Ingkang Maha Rat. Nakmas
Susanto sajak sampun jodhonipun nak ajeng Susanti. Bapak Sunetra sekaliyan
saged nampi kanthi suka renaning penggalih kawontenan menika.
Salajengipun menggah rantaman wisudhan pala krama dalah pahargyan
panganten putra kekalih kanthi adat tatacara jawi, sumangga sami
dipunpenggalihaken sesarengan amrih saged regeng, lancar mboten wonten
rubeda menapa-menapa.
Kaados makaten menggah bebundhelaning penggalihipun Bapak Sunetra,
ingkang sampun kawedhar lumantar kula minangka talanging basa.
Mangga dipunsakecakaken anggenipun wawan rembag sinambi angresepi
pasugatan ingkang sarwa prasaja. Nyuwun pangapunten ingkang kathah bilih
wonten kirang sae anggenipun aruh-aruh, suguh, lungguh tuwin gupuh. Ing
wasana cekap semanten maturnuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
10. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon panganten
kakung.
Makaten menggah atur pasrah lamaran sampun paripurna. Salajengipun wekdal
sakecanipun kangge atur masrahakaken calon panganten kakung. Adicara
menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp. Sutopo. Sumangga kula
dherekaken.
11. Micara Masrahaken Panganten Kakung

8
Nuwun, Kulanuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Kanugrahan miwah sih wilasanipun Gusti ingkang Maha Tunggal, mugi-mugi
tansah sumandha ing jiwangga kita, waradin sagung dumadi, raharja, niskala,
satuhu.
Kula kepareng madhep awit tinimbalan kadang kula pambyawara kinen ngayahi
jejibahan masrahaken penganten kakung.
Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Tunggal, ingkang sampun
paring panuntun dhteng kula sapangiring panganten kakung saking Dhusun Puri,
Pati satemah saged sowan wonten papan mriki kanthi wilujeng, nir ing
sambekala.
Bapak Wijaya sekaliyan ingkang minulya. Para pinisepuh, sesepuh saha para
alim miwah para tamu sadaya ingkang kinurmatan.
Ingkang kapisan, kula ngaturaken kabar kabagyan, Bapak Susilo sekaliyan
nuwun inggih rama saha ibunipun panganten kakung ugi ngaturaken salam
kawilujengan katur Bapak Sunetra sekaliyan.
Kaping kalih sowan kula hanganthi panganten kakung anakmas Susanto
saklajengipun kula pasrahaken dhumateng Bapak Sunetra sakaluwarga lumantar
Bapak Harjuna Sastra sumangga anggenipun badhe hamiwaha. Kula sah Bapak
sakulawarga namung ndherek memuji, mugi-mugi pawiwahan menika saged
lumampah kanthi rancag, lancar kali sing rubeda.
Salajengipun waleh-waleh menapa, kula blaka suta, nglenggana, bilih panganten
kakung menika taksih cubluk utawi kirang seserepan ing bab ngelmu gesang
bebrayan, mila panyuwun kula dhateng Bapak Sunetra sakulawarga, para
pinisepuh, sesepuh ing mriki kersaa suka paring wewarah amrih gesangipun
saged manggih kamulyan.
Makaten atur kula. Mbok bilih sowan kula sapangiring wonten klenta-
klentunipun atur, ugi tandang tanduk ingkang damel kirang rena panggalih kula
nyuwun pangapunten. Nuwun. Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
12. Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon panganten
kakung.
Salajengipun wekdal sacekapipun kangge atur panampi pasrah calon panganten
kakung. Adicara menika badhe katindakaken dening kadang kula Bp.Suroso.
Sumangga kula dherekaken.
13. Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
Assalamualaikum Wr.Wb.

9
Sadaya puji konjuk ing ngarsanipun Allah ingkang Maha Tunggal, nugraha
miwah karahayon mugi-mugi tetepa kaluberaken dhumateng kulawarganipun,
sakabatipun, sarta tetiyang ingkang amestuti pitedahipun. Dene sasampunipun
menika Bapak Sunetra ingkang kinurmatan, Bapak Susilo sakulawarga
sapangiring panganten kakung ingkang minulya.
Kula minangka wakilipun Bapak Sunetra sekaliyan, keparenga matur dhumateng
Bapak Sutopo ingkang kalawau sampun kaparingaken dhateng kula saha
panjenengan, satemah saged pinanggih wonten papan mriki kanthi wilujeng nir
sambekala.
Raos bombong sarta suka ing manah kula sabrayat, dupi sumerep rawuh
panjenengan sapangiring hanganthi panganten kakung.
Menggah salam kawilujengan saking Bapak Susilo lumantar Bapak Susilo
lumantar Bapak Sutopo sampun kula tampi, kosok wangsulipun Bapak Sunetra
ugi ngaturaken salam kawilujenganipun dhateng Bapak Susilo sakulawarga.
Pasrah panganten tumrap panganten kakung sampun kula tampi, saklajengipun
badhe kawiwaha dhaup kanthi prasaja, inggih awit kawontenan ingkang sarwa
rupak. Ing babagan panggulawenthah putra panganten sekaliyan sumangga
kulawarga kekalih samad sinamadan suka piwulang amrih saged sae.
Bapak Sunetra sabrayat nyuwun idi pangestu lan ngaturi panjenengan kersaa
lenggah kanthi sakeca ngantos saparipurnaning pawiwahan. Kula minangka
talanging basa, mbok bilih anggen kula matur, saha nampi karawuhan
panjenengan sapangiring wonten kirang nuju karsa kula nyuwun agenging
pangapunten. Cekap semanten atur kula. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.
14. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
Salajengipun wekdal kangge kadang candhakipun ingkang badhe gladhen
micara sacekapipun kangge atur pambegeharja tamu. Adicara menika badhe
katindakaken dening kadang kula Bp. Suharto. Sumangga kula dherekaken.
15. Micara Panbageharja
Nuwun. Kula nuwun.
Assalamualaikum Wr.Wb.
Sadaya puja puji konjuk dhateng Gusti Ingkang Maha Murbeng dumadi lan
Gusti Ingkang Sarwa Sanggya Bawana. Dhumateng panjenenganipun kawula
nyuwun pitulungan tumrap sadaya prakawis agami saha donya. Dene
sasampunipun menika. Para pinisepuh, sesepuh, para alim, para tamu ingkang

10
minulya. Kawilujengan, karaharjan, tuwin katentreman mugi tansah kasarira
panjenengan sadaya.
Keparenga kula sumela atur awit mundhi dhawuhipun Bapak Sunetra sekaliyan,
ingkang supados matur wonten ngarsa panjenengan. Namung saderengipun,
sumangga kula dherekaken ngunjukaken puji syukur dhateng ngarsanipun Gusti
Ingkang Maha Agung, ingkang sampun paring rohmat saengga kula lan
panjenengan sedaya saged pinanggih ing dalemipun Bapak Sunetra saperlu
paring idi pangestu dhateng akdun jaleripun Bapak Susilo ingkang mijil saking
dhusun Tayu mriki. Ijab qobul sampun kalampahan kanthi wilujeng, nirbaya nir
sambekala kalawau antawisipun jam 08.00 enjing.
Para tamu ingkang kinurmatan, Bapak Sunetra ngaturaken pambagya wilujeng
rawuhipun, boten kesupen Bapak Sunetra sekaliyan ngaturaken agungipun
panuwun/ matur nuwun ingkang tanpa pepindhan, awit sadaya pambiyantu
panjenengan saha para kadang sentana lan mitra, tanggi tepalih ingkang awujud
menapa kemawon saengga pawiwahan mantu ing dinten menika lumampah
kanthi rancag, regeng, lan boten wonten rubeda.
Bapak Sunetra sekaliyan boten saged atur keliru sih kadarman panjenengan
kalawau, namung saged memuji mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados
amal lan pikantuk liru saking Gusti Ingkang Maha Welas lan Asih. Amin.
Para tamu kakung saha putri,
Sinaosa anggenipun kagungan kersa manton menika sampun dangu anggenipun
ngrancang sah ngracik, ewa semanten taksih kathah kekiranganipun. Wiwit
ngaturi serat sedhahan ngantos anggenipun nampi karawuhan panjenengan ing
dinten menika ing babagan aruh, suguh, gupuh, lan lungguh menawi wonten
kirang damel rena penggalih Bapak Sunetra sekaliyan nyuwun pangapunten
sakathah-kathahipun.
Salajengipun panjenengan sedaya kersaa mrayogakaken anggenipun lenggah
ngantos paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Kula pribadi mbokbilih
anggen kula matur wonten kirang leres ing reh paramasastra miwah micara,
subasita miwah tatakrama kula nyuwun lumunturing sih pangaksama.
Panjenengan kula aturi mrayogekaken anggenipun lenggah ngantos
paripurnaning pawiwahan ing dinten menika. Nuwun. Wassalamualaikum
Wr.Wb.
16. Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi wursita
wara

11
Makaten gladhen atur pambageharja sampun katindakaken kanthi tata, titi,
tatas, lan titis. Para kadang siswa ingkang kula tresnani, Salajengipun wekdal
sacekapipun kangge atur wursitawara. Adicara menika badhe katindakaken
dening kadang kula bapak Sutaji. Sumangga kula dherekaken.
17. Micara Atur Wursitawara
Nuwun, Assalamualaikum Wr.Wb
Sadaya puji sembah miwah puji kagunganipun Gusti Allah ingkang nguwaosi
arsy ingkang agung. Kanugrahan saha karahayon mugi-mugi sanityasa
kaluberna/kaparingna dhumateng utusanipun ingkang mulya, inggih menika
tetunggul miwah pangayom kita Kanjeng Nabi Muhammad SAW, ingkang
sumanak sumandherek tuwin tresna asih, sarta dhumateng kulawarga dalah
sekabat-sekabatipun inggih menika para-para ingkang masrahaken jiwa/nyawa
tuwin kadonyan/brana artanipun namung mligi konjuk Gusti Allah Ingkang
Agung.
Para sesepuh, miwah pinisepuh, bapak-bapak saha ibu-ibu para tamu sadaya
ingkang kinurmatan, mligi katur anak kula penganten sekaliyan ingkang nembe
kawisudha minangka calon Bapak, calon Ibu ingkang kula tresnani. Katur
sedherek kula panatacara kula matur nuwun dipunparingi wekdal kangge
mbabar sabda mulya utawi wursitawara, utawi sabdatama utawi ular-ular.
Wursitawara menika kula aturaken dhateng anak kula penganten sekaliyan
kangge sanguning gesang brebayan. Dene penganten kawak midhangetaken
menapa ingkang badhe kula aturaken inggih boten wonten awonipun. Ananging
salugunipun kemawon kula menika dereng mandhita awit ngelmu kula menika
namung sakedhik. Sanajan kados makaten kula tinuding kapiji Bapak Wijaya
saha besan saperlu atur sabdatama.
Anakku penganten sekaliyan sira sakloron saiki wis mengku balewisma utawa
wis omah-omah najan during duwe omah ning jenenge wis omah-omah kuwi
beda karo nalikane sira isih padha ijen-ijen. Suami kudu bisa angayani,
angayomi, lan angayemi garwane. Momot, mengku, lan mimpin, sarta iklasing
ati nampa kabeh kekurangane garwa. Nek luput kudu disepura. Semono uga
istri, kuwi sandhangane kakung. Kepriye eguh pratikele saengga istri nek
ditinggal ing ngomah dhewe ora wedi ya ora medeni lan ora nguwatiri, nek dijak
bareng karo sing kakung ora ngisin-ngisini. Wong omah-omah ngono kudu
tumuju marang wirya, arta, lan winasis sinartan tekun ngibadahe miturut syariat

12
agamane. Wirya iku tegese kajen alias mempunyai harga diri, kulawargane
dipimpin supaya duwe harga diri ing masyarakat bebrayan agung. Arta tegese
wong omah-omah iku kudu duwe dhuwit sing digoleki kanthi cara nyambut
gawe entuk kanthi halal, saengga barokah. Golek dhuwit aja mlanggar aturane
agama lan nagara, awak ora patiya mujur malah dadi kojur. Winasis iku
kepinteran, tansah ngudi marang ngelmu urip, ngelmu agama lsp. Tekun
ngibadahe tansah eling marang sing gawe urip, nyuwun taufik lan hidayah
supaya kulawargane rahayu, raharja, slamet wilujeng
Anakku penganten sakloron, omah-omah iku nek kepenging bisa wareg, waras,
wutuh, wasis, widada, lan wibawa mula kowe sakloron kudu nyukupi pawon,
anggon-anggon, turon, enggon utawa gupon lank ebon. Pawon tegese cukup
pangan, cukup tegese sing didhadar ora mesti mewah nanging ana gisine,
anggon-anggon tegese cukup sandhangane klebu car arias lan nata awak, ora
kudu mabyor-mabyor nanging sederhana resik rapi endah lan menarik. Menarik
iki mligi supaya suamine terus tertarik marang istrine sanajan wis nganti tuwa
tetep isih tertarik marang garwane dhewe.
Sabanjure kudu nyukupi turon tegese kebutuhan biologis terpenuhi. Tujuwane
wong omah-omah yaiku duwe turun utawa kagungan putra supaya mbesuk bisa
nerusake asmane wong tuwo.
Enggon utawa gupon tegese kudu nyukupi papan panggonan utawa omah. Alon-
alon kudu dirancang kapan bisa duwe omah yasane dhewe, sing gawe saka jerih
payahe wong loro. Omah ora perlu mewah, nanging sehat cukup kanggo
sakulawarga bisa bungah.
Dene sing pungkasan yaiku kebon, tegese kudu bermasyarakat. Supaya nyukupi
kebon, kowe kudu rukun marang rama-lan ibumu dhewe, rukun marang
maratuwamu, lan rukun marang tangga teparo, sarta rukun karo kanca.
Wektune dibagi kanggo nyambut gawe, kanggo silaturahmi/kagiyatan
masyarakat, kanggo nyenengake awake, kanggo sinau utawa golek ngilmu
donya akherat, ben otake ora ketul.
Mung samono anggonku paring pituduh marang sira penganten sakloron. Ana
sing mbok anggep apik tindakana nek sing elek aja mbok nut utawa lalekna.
Para rawuh ingkang minulya, kados naming samanten babaring wursitawara
adedhasar gaduking nalar pangertosan kula. Ambok bilih wonten klenta-
klentunipun atur saha wacana kersa para rawuh sedaya paring pangapunten.

13
Katur adimas panatacara wekdal saha sasana kula aturaken wangsul.Bilahi taufik
wal hidayah. Nuwun. Wassalamualaikum Wr.Wb
18. Panatacara mungkasin adicara gladhen
Satuhu edi endah tur aji menapa ingkang sampun dipunaturaken dening
sedherek kula bapak Sutaji. Sedaya mugi saged kapetik sari-sarining wewarah
saengga mahanani tumprap penganten kekalih kangge gesang ing bebrayan
agung. Kanthi pangajab mugi tansah manggih kamulyan karaharjan, saha
kabagyan.
Para kadang ingkang kula tresnani, Dumugi wahyaning mengsakala wus
ndungkap titi purna laksitaning tatacara gladhen ing dinten menika. Wiwit
purwa, lajeng madya dumugi ing wasana sampun kalampahan kanthi wilujeng
nir ing sambekala. Sak lajengipun kasuwun para siswa ingkang sampun purna
maraga lenggah wangsul ing palenggahan sakawit. Mangga.
Namung semanten menggah tatacara gladhen micara ing dinten menika. Kula
ingkang nampi jejibahan minangka panatacara sepisan ngaturaken agengipun
matur nuwun, kaping kalih mbok bilih wonten lepatipunbasa lan sastra, kirang
ing subasita miwah tatakrama kula nyadhong lumunturing samodra pangaksama.
Sugeng gladhen ketrampilan sanesipunb mugi rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalamualaikum Wr.Wb. Nuwun.

BAB III
PANUTUP

A. Dudutan
1. Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun
ingkang sampun diwasa.
2. Rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
a. Lamaran
b. Paningset / lambang kaplika / tukar cincin
3. Cak-cakaning tatacara wonten ing adat mantu, inggih menika :
a. Pambyawara Murwakanthi Lampahing Tatacara
b. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
c. Micara dhodhog kori
d. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe wangsulan pandhodhoging kori
saking pihak estri
e. Micara Atur Wangsulan Pandhodhoging Kori

14
f. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pasrah lamaran saking
pihak calon penganten kakung.
g. Micara Atur Pasrah Lamaran
h. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur panampi lamaran saking
pihak calon panganten putr
i. Micara Nampi Pasrah Lamaran
j. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur masrahaken calon
panganten kakung
k. Micara Masrahaken Panganten Kakung
l. Pranatacara paring wekdal ingkang atur nampi pasrah saking calon
panganten kakung.
m. Micara Nampi Pasrah Penganten Kakung
n. Pranatacara paring wekdal ingkang badhe atur pambageharja
o. Micara Panbageharja
p. Pranatacara paring wekdal siswa ingkang badhe atur ular-ular utawi
wursita wara
q. Micara Atur Wursitawara
r. Panatacara mungkasin adicara gladhen

B. Piweling
Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken adat
tradisi jawa, utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat. Samenika
nggadhahi manfaat sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel
kangge putra-putrinipun.

15

Anda mungkin juga menyukai