Anda di halaman 1dari 11

UPACARA ADAT JAWA

NENIKAHAN
MAKALAH

Guru Pembimbing :

Oktarina Dwi Pratiwi, S.Pd

Dening :

1. Abdul Aziz {01}


2. Alvin Muhammad {02}
3. Angeli Valencia Pratiwi {02}
4. Dhamar Santi Kusuma Wardani {08}
5. Haula Rafida {13}
6. Nurita Lutfiana {25}
7. Silviana {32}
XI MIA 3

SMA NEGERI 1 SUMBERREJO


TAHUN PELAJARAN 2018/2019

1
ATUR PANGIRING

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha asih,
ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Saengga kita saged
ngrampungaken makalah Basa Jawa kanthi irah-irahan Upacara Adat Jawa Nenikahan.
Makalah punika ngrembag babagan adicara Temanten. Makalah menika mujudaken
satunggalipun syarat kagem tugas Basa Jawa wonten ing kelas XI semester ganjil.
Rampungipun makalah menika mboten saged uwal saking pambombong saking
panyengkuyungipun Ibu Oktarina Dwi Pratiwi minangka guru mata pelajaran Basa Jawa serta
kanca-kanca.
Panulis rumaos menawi angginipun nyerat makalah punika taksih wonten kirangipun.
Pungkasanipun panulis atur nyuwun agunging samudra pangaksami menawi wonten babag
kirang kenal. Saklebetipun nyerat makalah menika. Sadaya panyaru sarta pamrayoga ingkang
asipat nyengkuyung dipunantu kagem sampurnaning seratan menika.
Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang sampun
kagungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos ing
pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha. Aamiin.

Sumberrejo, 01 September 2018

Panulis

2
DAFTAR ISI

Atur Panggiring..................................................................................................................... 2
Daftar Isi............................................................................................................................... 3
Bab I : PURWAKA............................................................................................................. 4
1.1 Lelandhesane Panliten......................................................................................... 4
1.2.Underane Panliten................................................................................................ 4
1.3 Ancase Panliten................................................................................................... 4
Bab II : ANDHARAN.......................................................................................................... 5
2.1 Upacara Adat Jawa Nenikahan........................................................................... 5
2.2 Paraga Sajroning Upacara Adat Jawa Nenikahan............................................... 5
2.3 Piranti lan Ubarampe Sajroning Upacara Adat Jawa Nenikaha......................... 5
2.4 Reroncene upacara adat jawa nenikahan............................................................. 6
BAB III : PANUTUP........................................................................................................... 10
3.1 Dudutan............................................................................................................... 10
3.2 Pambayoga........................................................................................................... 10
Kapustakan............................................................................................................................ 11
Lampiran................................................................................................................................ 12

3
BAB I
PURWAKA

1.1 Lelandhesane panliten


Adat tradisi Jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah
satunggale inggih menika Upacara Adat Jawa Nenikahan. Para tiyang sepuh ingkang
nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake
rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang sampun kasusun dening budaya.
Mila saking menika, ing makalah punika kita badhe jlentrehaken menapa kemawon
ingkang kedhah dimangertosi wonten ing Upacara Adat Jawa Nenikahan.
Adat Jawa Nenikahan uga nduweni paugeran-paugeran tartamtu sing beda karo
paugeran-paugeran tlatah liyane. Paugeran-paugeran sing beda iku ditindakake dening
masyarakat Jawa kanthi turun-temurun saengga ngasilake salah sawijine tradhisi sing
dipercaya dening masyarakat Jawa. Nikahan Jawa nduweni paugeran sing ora tinulis nanging
isih dipercaya dening masyarakat Jawa.

1.2 Underane panliten


1. Punapa tegesipun Upacara Adat Jawa Mantu punika?
2. Sinten kemawon paraga salebetipun Upacara Adat Jawa Mantu ?
3. Menapa kemawon piranti lan ubarampe ingkang dipun betaaken saklebetipun Upacara
Adat Jawa Mantu ?
4. Kados pundi rerangkenipun Upacara Adat Jawa Mantu?

1.3 Ancase panliten


1. Kagem mangertosi pangerten Upacara Adat Jawa Mantu
2. Kagem mangertosi paraga saklebetipun Upacara Adat Jawa Mantu
3. Kagem mangertosi piranthi lan ubarampe ingkang dipun betaaken saklebetipun
Upacara Adat Jawa Mantu
4. Kagem mangertosi rerengkenipun Upacara Adat Jawa Mantu

4
BAB II

ANDHARAN

2.1 Upacara Adat Jawa Nenikahan


Nenikahan dipuntegesi kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang
sampun dewasa. Dipunwastani ngemah-emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan)
kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/tunggal griya lan gesang
sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan
saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun.
Upacara Adat Jawa Nenikahan iku salah sawijine upacara sakral adat Jawa sing duwe
rantaman upacara lan tata cara sing wes pakem. Upacara pengantenan iki nglambangake
sapatemonan antarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing khusus
kayadene raja lan ratu.
Rantaman adicara penganten adat Jawa ing saben laladan beda miturut ekonomi saben
kulawarga

2.2 Paraga Sajroning Upacara Adat Jawa Nenikahan


1. Pranata Adicara
2. Perias lan Asisten
3. Ibu lan Bapak Penganten Putri
4. Ibu lan Bapak Penganten Kakung
5. Manggala Yudha ( 2 jejaka)
6. Putri Domas ( 2 gadis)
7. Manten Putri
8. Manten Kakung
9. Cucuk Rampah
10. Tamu Pangiring
11. Pager Ayu
12. Pager Bagus

2.3 Piranthi lan Ubarampe Sajroning Upacara Adat Jawa


 Piranthi :
1. Boker

5
2. Siwur
3. Pelaminan
4. Nampan (talam)
5. Gelas
6. Piring
7. Sendok
8. Sapu tangan
9. Kembang mayang
10. Janur
11. Gedang
13. Godhong ringin
14. Tarup
 Ubarampe :
1. Jadah (tetel) yaiku ubarampe kang kudu digawa nalika lamaran, kang nduweni
makna supaya calon temanten lanang lan wadon tansah kelet kayadene jadah
kasebut.
2. Sandhangan sapengadheg yaiku ubarampe kang digunakake sajrone upacara
langkahan
3. Beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane

2.4 Reroncene Upacara Adat Jawa Nenikahan


Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara,
inggih menika :
1. Lamaran
Lamaran menika rerangkening tata cara nalika tiyang sepuhipun jejaka sowan ing
dalemipun tiyang sepuh ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang
badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni
kulawarga lan sanak sedherek.
2. Paningset lan Lambang Kalpika (tukar cincin)
Menawi lamaran sampun dipuntampi, lajeng calon besan nemtokaken wekdal
kangge tata upacara paningsetan kanthi lambang kalpika, lumrahipun ugi dipunkantheni
piranti sanesipun kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan (jadah, wajik, jenang,
roti), woh-wohan, urip-urip (ayam, bebek, banyak, lsp). Sedaya wau minangka lambang
lan wujud tanggel jawab ingkang bakal dipuntindakaken calon penganten kakung

6
dhumateng calon garwane lan kulawarganipun, kedah nyekapi sandhang pangan
lan ubarampe kangge penguripa`nipun. Sasampunipun tata upacara lamaran lajeng
dipuntindakaken tata cara upacara mantu.
3. Pasang Tarub
Tarub kerata basanipun ditata supados katingal murub. Maknanipun menawi
badhe nampi tamu lumrahipun nata panggenan supados katinggal becik, dipunparingi
rerenggan supados endah lumrahipun dipunrenggani janur kuning (janur = sejanenur/
cahya).
4. Buwangan
Ingkang dipunbucal inggih menika takir isi kacang-kacangan, bumbon, rajangan
daging, arta receh. Sedaya wau minangka lambang mbucal sedayaning sukerta lan
pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken mboten wonten alangan.
5. Pasang Tuwuhan
Tuwuhan tegesipun maneka warni taneman ingkang dipuntata ing tarub,
wujudipun, pisang suluh setundhun, cengkir gadhing, tebu, ron (kluwih, alang-alang,
ringin), pantun sawuli, lsp. Maknanipun supados temanten saged nuwuhaken gesang
mulya, dados tuladhaning kulawarga.
6. Siraman
Siraman dipuntindakaken sedinten sederengipun upacara dhaup (nikah),
maknanipun calon penganten resik lair lan batinipun, dipuntindakaken sesepuhing
penganten.
7. Midodareni
Midodareni asalipun saking tembung widadari, maknanipun supados calon
penganten endahing warna kaya widadari, saderengipun upacara nikah. Sasampunipun
tata cara menika katindakaken lajeng dipuntindakaken upacara dhaup (ijab)
dipunlajengaken upacara pawiwahan (ijab lan upacara panggih),
pahargyan (pesta/resepsi).
8. Akad Nikah
Akad nikah yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang
ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.
9. Upacara Panggih
Upacara panggih Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah) dileksanakake
acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake
neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku

7
penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara:
balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui
lan Sungkeman.
10. Temu Manten
Temu manten minangka punjere adicara saka runtutane tata upacara nenikahan
adat jawa. Lumrahe temu manten kalebu adicara sing narik kawigatene para pamiarsa.
Adicara temu penganten nggambarake calon pengantin kalorone pindha raja lan ratu
kang pikantuk pakurmatan saka para tamu. Tamune manten ora wewatesan karo
kalangan saka kaluwarga penganten nanging uga bisa para kerabat, tangga teparo, lan
kanca kerja.
11. Upacara Balangan Suruh

Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing
antarane penganten kakung lan putri.
12. Upacara Wiji Dadi

Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri
ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara
iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring
keluarga.
13. Pupuk

Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/ mustaka mantu kakung minongko tondho
ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
14. Sinduran

Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho


pinanganten sak kloron wis tinompo dadi keluwargo.
15. Timbang

Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri,


minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
16. Kacar-kucur

Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putrid minongko perlambang paweh nafkah isine kedelai, kacang
tanah, bengkle beras

8
17. Dahar Klimah

Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten


sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
18. Mertui

Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng
ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
19. Sungkeman

Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.


20. Kenduren/resepsi

Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani
resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet
merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki,
pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir
neng acara iki.

9
BAB III
PANUTUP

3.1 Dudutan
Adhedhasar asile njlentrehake upacara adat jawa nenikahan bisa didudut patang
perangan. Sepisanan, pangerten upacara adat jawa nenikahan yaiku menika kagungan damel
ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
Kapindo, paraga sajrone upacara adat jawa nenikahan yaiku 1) Pranata adicara, 2)
Perias lan asisten, 3) Ibu lan bapak penganten putri, 4)ibu lan bapak penganten kakung, 5)
manggala yudha (2 jejaka), 6) putri domas (2 gadis), 7) Manten putri, 8) Manten kakung, 9)
Cucuk rampah, 10) Tamu panggiring, 11) Pager ayu, 12) Pager Bagus.
Kaping tiga piranthi lan ubarampe sajroning upacara adat jawa nenikahan. Piranthi
sajroning upacara adat Jawa Nenikahan yaiku 1) Boker, 2) Siwur, 3) Pelaminan, 4)
Nampan, 5) Gelas, 6) Piring, 7) Sendok, 8) Sapu tangan, 9) Kembang mayang, 10) Janur,
11) Gedang, 12) Godhong ringin, 13) Tarup. Ubarampe sajroning upacara adat Jawa
Nenikahan yaiku 1) Jadah (tetel), 2) Sandhangan sapengadheg, 3) Beras, sayuran, pitik,
jajan pasar lan liyo-liyane. Kaping sekawan reroncening sajroning upacara adat jawa
nenikahan yaiku 1) Nakokake, 2) Lamaran, 3) Teges Gawe, 4) Siraman, 5) Langkahan, 6)
Bubak Sawah, 7) Midodaren, 8) Srah-srahan, 9) Ijab Kabul, 10) Upacara panggih, 11)
Upacara balangan suruh, 12) Upacra wiji dadi, 13) Pupuk, 14) Sinduran, 15) Timbang, 16)
Kacar-kucur, 17) DaharKlimah, 18) Mertui, 19) Sungkeman, 20) Kenduren/resepsi, 21) Uga
pirsani

3.2 Pamrayoga
Panliten iki mujudake panliten sing isih ana perangan-perangan sing durung bisa
kawedhar kanthi gambyar. Sejatine isih akeh upacara-upacara adat jawa kang bisa
dirembug. Panliten upacara adat jawa iki perlu ditindakake kanggo nglestariake upacara
adat jawa mligine jawa timur. Panliten upacara adat jawa nenikahan isih perlu ditindakake
kanggo mangerteni bab-bab ngenani upacara adat jawa nenikahan. Saliyane upacara adat
jawa nenikahan panulis sabanjure uga bisa nindakake panliten-panliten liyane ngenani
upacara adat jawa kang ana ing Jawa Timur. Aslie panliten iki bisa didadeake bahan ujukan
sajroning pasinaon budaya jawa mligine Jawa Timur ing Sekolah Menengah Atas.

10
KAPUSTAKAAN

http://eostudent.blogspot.com/2013/11/adat-tradisi-jawi-babagan-mantenan.html
http://sanggarriasshella.blogspot.co.id/2013/10/tata-urutan-upacara-pengantin-jawa.html
http://denyhendrawansaputra.blogspot.co.id/2014/11/tata-upacara-pernikahan-jawa-bahasa-
jawa.html
https://jv.wikipedia.org/wiki/Pangant%C3%A8nan_adat_Jawa
http://saeitubaik.blogspot.co.id/2013/10/siraman-lan-kembang-mayang-bahasan.html
http://kesolo.com/ritual-siraman-upacara-pembersihan-diri-pengantin-jawa/
https://www.scribd.com/doc/140186111/Makalah-Adat-Pernikahan-Jawa
http://ulyasalon.com/pernikahan/prosesi-tatacara-pada-pernikahan-adat-jawa-beserta-filosofi-dan-
maknanya/

11

Anda mungkin juga menyukai