Anda di halaman 1dari 2

KI HAJAR DEWANTARA

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten ing Ngayogyakarta, 2 Mei
1889. Lair saking keluargi bangsawan ngayogyakarta. Panjenenganipun kagungan asma asli Raden Mas Suwardi
Suryaningrat.
Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara kalebet sae nasibipun, awit saged
dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun namataken sekolah dasar wonten ELS (Europeesche Lagere
School), saha saged nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah kedokteran STOVIA (School tot Opleiding van
Indische Artsen) ananging mboten ngantos tamat, awit panjenenganipun sakit.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan mawarni-warni serat kabar. Minangka
juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami perkawis
penjajahan Walanda.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa ngumpulaken sumbangan saking
warga asli kangge mengeti dinten kamardikan Wulanda saking Prancis. Kedadosan punika dados kritikan kathah
saking para kaum nasionalis, kalebet Suwardi. Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi judul Als ik een
Naderlander was (umpami kula tiyang Wulanda) ingkang dipun serat salebeting serat pawartos De Exprees
ingkang dipun pimpin Douwes Dekker.
Akibatipun saking pawartas punika, Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun singkiraken wonten Bangka. Keputusan
pemerintah kolonial menika lajeng angsal protes saking kalih rencangipun Suwardi inggih punika Douwes Dekker
saha Tjipto Mangoenkusuma. Akhiripun Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng dipun kenal Tiga Serangkai. Tiga
Serangkai punika disingkiraken wonten negara Wulanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919 Suwardi wekdal punika sampun yuswa 33 tahun.
Suwardi mutusaken badhe ngicali gelar kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar
Dewantara. Ki Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal inggih menika
sedherek piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar Dewantara lajeng damel
pawiyatan luhur Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten ing Taman Siswa inggih punika:
1. Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)
2. Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)
3. Tut wuri handayani (wontwn wingking maringi dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados Menteri Pendhidhikan, Pengajaran, saha
Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun 1957 panjenenganipun angsal gelar Doctor Honoris Causa saking Universitas
Gajah Mada. Kinten-kinten kalih taun saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28 April 1959 Ki Hajar Dewantara
seda, lajeng dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.
Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28 November 1959 lumantar serat
keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun. Kangge ngormati jasa-jasa Ki Hajar Dewantara minangka bapak
pendhidhikan nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti minangka dinten pendhidhikan nasional.

Nama : Ghea Islamathasya Eminda


No.absen : 06
Kelas : VII A

Anda mungkin juga menyukai