Anda di halaman 1dari 4

petensI

asar

MATERI BASA JAWA SMP KELAS 7


Wulangan 1

CERITA PAHLAWAN
:
Mampu mendengarkan dan memahami wacana lesan
dalam berbagai ragam bahasa jawa.
:
Mendengarkan cerita teman tentang budi pekerti /
pahlawan dalam ragam ngoko dan krama
:
1.
Mampu mengungkapkan isi cerita tema, baik
secara lesan dan tertulis.
2.
Mampu memberi tanggapan mengenai cerita
yang didengar.
3.
Mampu menjawab pertanyaan dari cerita yang
didengar

Cerita

iku dongeng utawa kandhane wong. Nyeritaake, tegese

ngandhakake utawa ndongengake. Crita bisa ngenani babagan opo wae. Salah sijine
ngenani pahlawan utowo kusumaning bongso. Kusumaning bangsa iku wong sing
menehi lelabuhan gedhe kanggo bongso lan negoro. Ki Hajar Demantara kalebu
Kusumaning bongso sing gedhe lalbuhae kanggo bangsa lan

negara Indonesia. Ngrungokake crita ngenani pahlawan bisa methik piwulangan becik kanggo
tuladha.

Ki Hajar Dewantara
Ki hajar Dewantara lair ing kulawarga Kraton Ngayogyakarta, tanggal 2
Mei 1889, kaparingan asma Raden Mas Suryadi Suryaningrat. Nalika yuswa
40 taun ganti asma Ki Hajar Dewantara.

Wiwit kuwi panjenegane ora

ngagem gelar kebangsawanane, ing pangangkah supaya lair lan batine luwih
cedhak karo rakyat. Panjenegane ngrampungake Sekolah Dasar ing ELS
(Europesche Lagere School utawa Sekolah Dasar Belanda), banjur nerusake
menyang STOVIA (School Tot Opleiding Van Inlandsche Arsten Utawa Sekolah
Dokter pribumi), nanging ora tutug amergo gerah. Banjur nyambut gawe
dadi wartawan ing pirang-pirang layang kabar, antarane yaiku Sedyotomo,
Midden Java, De Express, Oetoesan Hindia, Kaoem Moeda, Tjahaja Timoer
lan Poesara. Serat-seratane kominikarif, landhep, lan patriotik saengga bisa
nuwuhake greged antikolonial.
Budi Oetomo, tansah sengkud nggugah bangsa Indonesia supaya
nglenggana pentinge persatuan lan kesatuan bangsa. Tanggal 25 Oktober
1912, Ki Hajar Dewantara bebarengan karo Douwes Dekker lan Tjipto
Mangunkoesoemo ngedekake Indiche Partij duwe tujuan nggayuh Indonesia
merdika.
Nalika sasi November 1913 Walanda arep nganakake prayaan satus
taun kamardikan Walanda saka penjajah Prancis ing Indonesia. Rakyat
Indonesia supaya ngragadi prayaan kasebut. Gegayutan karo anane rencana
preyaan kuwi, Ki Hajar Dewantara banjur ngritik lumantar seratane kang
asesirah Als Ik Eens Nederlander Was (Saupama Aku Wong Walanda). Tulisan

kuwi kapacak ing surat kabar de Express kagungane Douwes Dekker,


antarane katulis kaya mengkene.
Sekiranya aku orang Belanda, aku tidak akan menyelenggarakan pestapesta

kemerdekaan

di

negeri

yang

kita

sendiri

telah

merampas

kemerdekaannya. Sejajar dengan itu, bukan saja tidak adil, tetapi juga tidak
pantas untuk menyuruh si Inlander memberikan sumbangan untuk dana
perayaan itu. Pikiran untuk menyelenggarakan perayaan itu saja sudah
menghina mereka dan sekarang kita garuk pula kantongnya.
Amargo kritikaken kuwi, Ki Hajar Dewantara diukum, diguwang
menyang Oulau bangka. Douwes Dekker lan Tjipto Mangunkoesoemo
rumongso konco seperjuangane disawiyah-wiyah, banjur macak tulisan ing
layang kabar kanggo ngobong semangate rakyat supoyo mungsuhi penjajah.
Kakarone ugo banjur olh ukuman guwang. Douwes Dekker diguwang
menyang Kupang lan Tjipto Mangunkoesoemo diguwang menyang Pulau
Banda. Nanging, kabeh podho njaluk diguwang menyang walondo supoyo
biso sinau maneh. Walondo nyarujuki.
Ing Walondo Raden Mas Suryadi Suryaningrat oleh kalodhangan nyinau
bab pendhidhikan lan pangajaran nganti kasil oleh Europeesche Akte. Sawise
mulih saka pangguwangan, tanggal 3 Juli 1922 bebarengan karo kancakancane, banjur adeg perguruan nasional dijenengake National Onderwijs
Institut Tamansiswa (Perguruan Nasional Tamansiswa). Piwulange Ki Hajar
Dewantara kang kondhang yoiku Ing Ngarso Sun Tulodho, Ing Madyo
mangun Karso, Tutwuri Handayani.
Sawise Indonesia merdika, Ki Hajar Dewantara dadi menteri. Ki Hajar
Dewantara sedo tanggal 28 April 1959 disareake ing Ngayogyakarta.
Panjenegane oleh pirang-pirang tandho pakurmatan, antarane yoiku gelar
Doctor Honoris Causa soko Universitas Gajah Mada taun 1957, ditetepake

minongko Surat keputusan Presiden RI No. 305 Taun 1959. Lan minongko
bapak

Pendhidhikan

Pendhidhikan Nasional.

nasional.

Dino

laire

dipengeti

minongko

dino

Anda mungkin juga menyukai