Anda di halaman 1dari 6

Biografi Ki Hajar Dewantara

Ki Hajar Dewantara
satunggaling panutan pendhidhikan
nasional ingkang lair wonten ing
Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Lair
saking keluargi bangsawan
ngayogyakarta. Panjenenganipun

Patung
Ki Hajar Dewantara

kagungan asma asli Raden Mas


Suwardi Suryaningrat.
Minangka tiyang ingkang lair saking
keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara
kalebet sae nasibipun, awit saged dherek
sekolah wekdal punika. Panjejenganipun
namataken sekolah dasar wonten ELS

(Europeesche Lagere School), saha saged


nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah
kedokteran STOVIA (School tot Opleiding van
Indische Artsen) ananging mboten ngantos
tamat, awit panjenenganipun sakit.

Ki Hadjar Dewantara

Suwardi rikala tesih enom nyambut damel


minangka juru tulis saha wartawan mawarni-

warni serat kabar. Minangka juru tulis, Suwardi


dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap
kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami
perkawis penjajahan Walanda.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah
kolonial Hindia Walanda kagungan kersa
ngumpulaken sumbangan saking warga asli
kangge mengeti dinten kamardikan Wulanda
saking Prancis. Kedadosan punika dados kritikan
kathah saking para kaum nasionalis, kalebet
Suwardi. Panjenenganipun lajeng damel surat
kanthi judul Als ik een Naderlander was
(umpami kula tiyang Wulanda) ingkang dipun
serat salebeting serat pawartos De Exprees
ingkang dipun pimpin Douwes Dekker.

Akibatipun saking pawartas punika,


Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun singkiraken
wonten Bangka. Keputusan pemerintah kolonial
menika lajeng angsal protes saking kalih
rencangipun Suwardi inggih punika Douwes
Dekker saha Tjipto Mangoenkusuma. Akhiripun
Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng dipun
kenal Tiga Serangkai. Tiga Serangkai punika
disingkiraken wonten negara Wulanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten
wulan September 1919 Suwardi wekdal punika
sampun yuswa 33 tahun. Suwardi mutusaken
badhe ngicali gelar kebangsawanan saking
asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar
Dewantara. Ki Hajar Dewantara mlebet wonten
sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal

inggih menika sedherek piyambak ingkang


gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922
Ki Hajar Dewantara lajeng damel pawiyatan
luhur Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar
Dewantara ingkang dados panutan wonten ing
Taman Siswa inggih punika:
1. Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados
pemimpin maringi tuladha)
2. Ing madya mangun karsa (wonten tengah
damel semangat)
3. Tut wuri handayani (wonten wingking maringi
dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki
Hajar Dewantara nate dados Menteri

Pendhidhikan, Pengajaran, saha Kebudayaan


Indonesia. Wonten tahun 1957 panjenenganipun
angsal gelar Doctor Honoris Causa saking
Universitas Gajah Mada. Kinten-kinten kalih
taun saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28
April 1959 Ki Hajar Dewantara seda, lajeng
dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.
Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados
pahlawan nasional tanggal 28 November 1959
lumantar serat keputusan presiden Indonesia
nomor 305 tahun. Kangge ngormati jasa-jasa Ki
Hajar Dewantara minangka bapak pendhidhikan
nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti
minangka dinten pendhidhikan nasional.

Anda mungkin juga menyukai