Anda di halaman 1dari 2

Biografi Ki Hajar Dewantara Bahasa Jawa

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair wonten ing Ngayogyakarta,
2 Mei 1889. Lair saking keluargi bangsawan ngayogyakarta. Panjenenganipun kagungan asma asli Raden
Mas Suwardi Suryaningrat.

Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara kalebet sae nasibipun, awit
saged dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun namataken sekolah dasar wonten ELS
(Europeesche Lagere School), saha saged nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah kedokteran
STOVIA (School tot Opleiding van Indische Artsen) ananging mboten ngantos tamat, awit
panjenenganipun sakit.

Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan mawarni-warni serat
kabar. Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun sanget tanggap kaliyan perkawis-
perkawis sosial, terutami perkawis penjajahan Walanda.

Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa ngumpulaken sumbangan
saking warga asli kangge mengeti dinten kamardikan Wulanda saking Prancis. Kedadosan punika dados
kritikan kathah saking para kaum nasionalis, kalebet Suwardi. Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi
judul “Als ik een Naderlander was” (umpami kula tiyang Wulanda) ingkang dipun serat salebeting serat
pawartos De Exprees ingkang dipun pimpin Douwes Dekker.

Akibatipun saking pawartas punika, Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun singkiraken wonten Bangka.
Keputusan pemerintah kolonial menika lajeng angsal protes saking kalih rencangipun Suwardi inggih
punika Douwes Dekker saha Tjipto Mangoenkusuma. Akhiripun Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng
dipun kenal Tiga Serangkai. Tiga Serangkai punika disingkiraken wonten negara Wulanda.

Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919 Suwardi wekdal punika sampun
yuswa 33 tahun. Suwardi mutusaken badhe ngicali gelar kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos
asma dados Ki Hajar Dewantara. Ki Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah anak-anak pribumi. Ingkang
mucal inggih menika sedherek piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922 Ki Hajar
Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur Taman Siswa wonten Ngayogyakarta.

Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten ing Taman Siswa inggih
punika:

1. Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)

2. Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)

3. Tut wuri handayani (wontwn wingking maringi dukungan)


Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados Menteri Pendhidhikan,
Pengajaran, saha Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun 1957 panjenenganipun angsal gelar Doctor
Honoris Causa saking Universitas Gajah Mada. Kinten-kinten kalih taun saksampunipun nampi gelar wau,
tanggal 28 April 1959 Ki Hajar Dewantara seda, lajeng dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.

Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28 November 1959


lumantar serat keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun. Kangge ngormati jasa-jasa Ki Hajar
Dewantara minangka bapak pendhidhikan nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti minangka dinten
pendhidhikan nasional.

Anda mungkin juga menyukai