Anda di halaman 1dari 7

Biografi Ki Hajar Dewantara Bahasa Jawa

Written by annisa nurbaiti on 12:06 AM with No comments

Ki Hajar Dewantara satunggaling panutan pendhidhikan nasional ingkang lair


wonten ing Ngayogyakarta, 2 Mei 1889. Lair saking keluargi bangsawan
ngayogyakarta. Panjenenganipun kagungan asma asli Raden Mas Suwardi
Suryaningrat.
Minangka tiyang ingkang lair saking keluarga bangsawan, Ki Hajar Dewantara
kalebet sae nasibipun, awit saged dherek sekolah wekdal punika. Panjejenganipun
namataken sekolah dasar wonten ELS (Europeesche Lagere School), saha saged
nglajengaken pendhidhikan wonten sekolah kedokteran STOVIA (School tot Opleiding
van Indische Artsen) ananging mboten ngantos tamat, awit panjenenganipun sakit.
Suwardi rikala tesih enom nyambut damel minangka juru tulis saha wartawan
mawarni-warni serat kabar. Minangka juru tulis, Suwardi dipun kenal awit tulisanipun
sanget tanggap kaliyan perkawis-perkawis sosial, terutami perkawis penjajahan
Walanda.
Saklebeting tahun 1913 pemerintah kolonial Hindia Walanda kagungan kersa
ngumpulaken sumbangan saking warga asli kangge mengeti dinten kamardikan
Wulanda saking Prancis. Kedadosan punika dados kritikan kathah saking para kaum
nasionalis, kalebet Suwardi. Panjenenganipun lajeng damel surat kanthi judul “Als ik
een Naderlander was” (umpami kula tiyang Wulanda) ingkang dipun serat salebeting
serat pawartos De Exprees ingkang dipun pimpin Douwes Dekker.
Akibatipun saking pawartas punika, Suwardi dipun cepeng, lajeng dipun
singkiraken wonten Bangka. Keputusan pemerintah kolonial menika lajeng angsal
protes saking kalih rencangipun Suwardi inggih punika Douwes Dekker saha Tjipto
Mangoenkusuma. Akhiripun Suwardi saha kekalih rencangipun lajeng dipun kenal
Tiga Serangkai. Tiga Serangkai punika disingkiraken wonten negara Wulanda.
Sak kunduripun saking pakunjaran, wonten wulan September 1919 Suwardi
wekdal punika sampun yuswa 33 tahun. Suwardi mutusaken badhe ngicali gelar
kebangsawanan saking asmanipun, saha gantos asma dados Ki Hajar Dewantara. Ki
Hajar Dewantara mlebet wonten sekolah anak-anak pribumi. Ingkang mucal inggih
menika sedherek piyambak ingkang gadhah pengalaman ngajar. Tanggal 3 Juli 1922
Ki Hajar Dewantara lajeng damel pawiyatan luhur Taman Siswa wonten
Ngayogyakarta.
Dasar-dasar ajaranipun Ki Hajar Dewantara ingkang dados panutan wonten ing
Taman Siswa inggih punika:
1. Ing ngarsa sung tuladha (menawi dados pemimpin maringi tuladha)
2. Ing madya mangun karsa (wonten tengah damel semangat)
3. Tut wuri handayani (wontwn wingking maringi dukungan)
Sak sampunipun kamardikan Indonesia, Ki Hajar Dewantara nate dados
Menteri Pendhidhikan, Pengajaran, saha Kebudayaan Indonesia. Wonten tahun 1957
panjenenganipun angsal gelar Doctor Honoris Causa saking Universitas Gajah Mada.
Kinten-kinten kalih taun saksampunipun nampi gelar wau, tanggal 28 April 1959 Ki
Hajar Dewantara seda, lajeng dipun sarekaken wonten Ngayogyakarta.
Ki Hajar Dewantara dipuntetapaken dados pahlawan nasional tanggal 28
November 1959 lumantar serat keputusan presiden Indonesia nomor 305 tahun.
Kangge ngormati jasa-jasa Ki Hajar Dewantara minangka bapak pendhidhikan
nasional, saben tanggal 2 Mei dipunpengeti minangka dinten pendhidhikan nasional
BIOGRAFI JENDRAL SUDIRMAN DALAM BAHASA JAWA

JENDRAL SUDIRMAN

Jendral Sudirman miyos Purbalingga, 24 Januari 1916. Pendidikan formale Sekolah Taman
Siswa. Sawise tamat Taman Siswa, Sudirman neruskake sekolah ing HIK (Sekolah Guru)
Muhammadiyah ing Solo. Sudirman kaloka disiplin lan sregep ing organisasi Hizbul Wathan.
Sudirman dadi ing sekolah HIS Muhammadiyah Cilacap.

Nalika Jepang ngebroki Indonesia, Sudirman mlebu tentara Pembela Tanah Air (PETA) ing
Bogor banjur dadi Komandan Batalyon ing Kroya. Sawise Indonesia merdika, jroning
sawijining peperangan karo pasukan Jepang, Sudirman kasil ngrebut senjata pasukan Jepang
ing Banyumas. Sudirman banjur diangkat dadi Panglima Divisi V/Banyumas. Lumantar
Konferensi TKR (Tentara Keamanan Rakyat) tanggal 2 November 1945. Sudirman kapilih
dadi Panglima Besar TKR/Panglima Angkatan Perang Republik Indonesia.

Jendral Sudirman mujudake pejuang lan pemimpin kang pantes tinuladha. Pribadine kang
kukuh marang prinsip lan keyakinan, tansah mentingake kepentingan bangsa tinimbang
kepentingan pribadi. Panjenengane konsisten lan konskuen mbela bumi kelahiran, bangsa, lan
negara. Sanajan wis ringkih merga gerah paru-paru nanging tetep kagungan tekad melu
perang gerilya kanthi kudu ditandhu. Jroning kahanan gerah Jendral Sudirman mimpin lan
aweh semangat marang para prajurite nglawan Walanda.

Nalika tanggal 29 Januari 1950 Panglima Besar Jenderal Sudirman seda ing Magelang.
Panjenengane seda ing yuswa 34 taun. Layone disarekake ing Taman Makam Pahlawan
Semaki, Yogyakarta. Panjenengane kacathet minangka Panglima lan Jendral sepisanan tur
paling enom ing Republik Indonesia lan antuk pakurmatan minangka Pahlawan Pembela
Kemerdekaan.
R.A Kartini

Raden Adjeng Kartini utawi langkung leres Raden Ajoe Kartini, (Jepara, 21
April1879 - Rembang, 13 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I.
Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Raden Adjeng
Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Senadyan panjenenganipun putri saking
R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala
punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biasa kémawon. Kartini piyambak pirsa
manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota
kulawargi, dados piyambakipun mboten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté
sinau ing sekolah Walandi.
Kartini miyos ing Jepara ing tanggal 21 April 1879. Panjenenangipun putri
satunggaling priyantun Jawi, Bupati Jepara, Radèn Mas Sosroningrat saking garwa ampil
anami Ngasirah. Ngasirah punika larénipun Modirono utawi Ki Modirono. Miturut
Pramoedya Ananta Toer, Modirono punika satunggiling mandhor pabrik gendhis ing
Mayong, Jepara.[1] Sasanèsipun Kartini, Ngasirah ugi peputra Drs. R.M.P.
Sosrokartono (1877-1951), kangmas Kartini ingkang misuwur dados satunggiling ahli basa
weton Universitas Leiden. Lajeng kaliyan garwa padminipun, R.M. Sosroningrat pinaringan
putra 8 malih.
Nami "Kartini" serta "Kartono" punika dipun-pendhet saking tembung "karta" utawi
"karti" ingkang tegesipun "saé", "trepti" utawi "mukti". Tembung puniki asalipun saking basa
Sangskreta kṛtaingkang tegesipun "suci" utawi "dinamel".
Senadyan satunggaling tiyang wadon, tiyang sepuh Kartini marengaken
piyambakipun mlebet sekolah, satunggaling sekolah Walandi. Miturut Kartini piyambak
punika satunggal-tunggalipun sekolah ing Jepara. Ngantos yuswa 12 taun, Kartini saged
sekolah. Wonten mriki piyambakipun sinau basa Walandi. Ananging rikala sampun yuswa 12
taun, piyambakipun kedah manggèn wonten ing griya amargi sampun piningit.
Amargi Kartini gadhah kasagedan basa Walanda, lajeng wonten griya piyambakipun
miwiti sinau piyambak saha nyerat kaliyan réncangipun ingkang saking Walandi. Salah
satunggiling inggih punika Rosa Abendanon ingkang kathah ndukung piyambakipun.
Lajeng Kartini dipundhawuhi krama kaliyan bupati Rembang, ingkang sampun
kagungan garwa tiga. Kanggé Kartini bab punika arupi satunggiling panisthan ingkang
dipunadhepi kanthi tabah. Nyatanipun ingkang garwa mboten patos awon dhumateng Kartini,
lan Kartini dipunparingi kabébasan rélatif. Ingkang garwa mangertos punapa ingkang dados
gegayuhanipun Kartini, lan Kartini dipunparingi kabébasan lan dipun paringi dhukungan
kanggé ngadegaken sekolah wanita ing sisih wétan gapura kompleks kantor Kabupatèn
Rembang, ing satunggiling bangunan ingkang dinten punika dipunginakaken minangka
Gedhung Pramuka.

Putra pratami lan ugi ingkang pungkasan lair ing tanggal 13 September 1904, lan sawetawis
dinten sasampunipun, Kartini séda ing yuswa 25 taun. Amargi kagigihanipun Kartini, saged
dipunadegaken satunggiling Sekolah Wanita déning Yayasan Kartini ing Semarang, wonten
ing taun 1912, lan salajengipun wonten
ing Surabaya, Yogyakarta, Malang, Madiun, Cirebon lan kitha sanèsipun. Nami sekolah
kasebat inggih punika "Sekolah Kartini". Yayasan Kartini punika dipunadegaken déning
kulawarga Van Deventer, satunggiling tokoh Pulitik Etis.
Présidhèn Soekarno ngedalaken Kaputusan Presidhèn Republik Indonesia No.108 Taun 1964,
tanggal 2 Mei 1964, ingkang netepaken Kartini minangka Pahlawan Kamardikan Nasional
sakantenan netepaken dinten klairan Kartini, tanggal 21 April, supados dipunpèngeti saben
taun minangka dinten riyaya ingkang salajengipun dipunwastani pahargyan Dinten Kartini.
Pangeran Diponegoro

Pangeran Diponegoro kang asma timure aran Raden Mas Ontawirya miyos ing
Ngayogyakarta tanggal 11 Nopember 1785. Panjenengane putra Sultan Hamengku
Buwana III. Wiwit cilik tansah digelung bab adat lan tata cara luhur mula ora mokal
menawa panjenengane ganep tata kramane, adil, wicaksana marang sapadha-padha
lan tansah cecaketan karo wong cilik.
Taun 1823, tuwuh dredah antarane Pangeran Diponegoro karo Walanda
amarga prajurit Walanda nacepake pathok-pathok kanggo dalan kamangka dalan
mau nrejang makam leluhure Pangeran Diponegoro. Bab iku ndadekake Pangeran
Diponegoro duka kepengin merangi Walanda. Pangeran Diponegoro banjur yasa
kekuatan nundhung Walanda. Nalika Walanda ngerteni bab iku banjur ngirimake
wadyabala kanggo nyirnakake Pangeran Diponegoro saandhahane. Tegalrejo
dirusak, diobong. Pangeran Diponegoro banjur sumingkir saka Tegalrejo menyang
guwa Selarong nanging tetep nindakake perang gerilya mungsuh walanda.
Peperangan iku kabantu dening Ali Basah Senthot Prawiradirja, Kyai Maja lan
sapendhereke.
Saya suwe wadyabala Pangeran Diponegoro samsaya akeh, kalebu tlatah ing
Jawa Tengah lan Jawa Timur. Kahanan kang kaya mengkono iku njalari Walanda wis
kuwatir banget. Pimpinane Walanda sing aran Jendral de Kock terus nggunakake cara
ngedegake benteng ing tlatah Telukan kang ingaran benteng stesel, kanggo matesi
sesambungane para prajurite Pangeran Diponegoro saka tlatah siji lan sijine.
Strategi benteng pranyata ora kasil. Perjuwangan Pangeran Diponegoro malah
sangsaya ndadra, nggegilani saha nggegirisi. Walanda terus nggunakake cara licik
yaiku ngajak bedhamen karo Pangeran Diponegoro ing Magelang 28 Maret 1830.
Nanging Walanda pancen licik, Pangeran Diponegoro dicekel terus dibuwang
menyang Manado terus ing Ujung Pandang nganti tumeka sedane tanggal 8 Januari
1855. Ngelingi lelabuhane arep nyingkirake Walanda saka bumi pertiwi, Pangeran
Diponegoro pinaringan sesebutan Pahlawan Nasional dening pamarentah Indonesia.

Anda mungkin juga menyukai