Anda di halaman 1dari 6

ASAL USUL KUTHA

SRAGEN

KELOMPOK 4:
●Angga Yuda Pradana [04]
●Evan Immanuel Handoko [11]
●Hariana Sabarsih [17]
● Kezia Vita Christiana [21]
●Muhammad Evan Siregar [24]
●Nathasya Eki Dewanti [26]
●Startita Cintania Wuryas Radiska Negara [31]
●Tadeo Avonzo Tarigan [32]
Mula Bukane Sragen
 Pemberontakan Cina sing dipimpin dening Sunan
Kuning utawa Raden Mas Garendi maraake Paku
Buwana II pilih lunga neng Pacitan. Salah sijine
senopati Kartasura sing jenenge Tumenggung Alap-
Alap oleh wangsit lewat ngimpi. Neng ngimpine iku,
Tumenggung Alap-Alap ditekani pawongan. “Hey
Tumenggung, iki ana telu pusaka, tebok(wadah sego),
lumbung pring, karo tongkat. Telu pusaka iki gawanen
lunga saka Kartasura kene. Sesok nek wis tekan titi
wancine, pusaka telu iki kudu mbok wenehke karo
Pangeran Mangkubumi nalika ana perang gedhe”
Tumenggung Alap-Alap kaget nalika dheweke tangi,
pusaka telu iku wis ana neng chedake. Tumenggung
Alap-Alap banjur lunga mengetan saka Kartasura
 Tekan desa Kranggan, Tumenggung Alap-Alap
rumangsa betah, lan akhire milih manggon neng kana
dadi kyai, lan njenengi awake dewa dadi Kyai Srenggi.
Wis sauntara wektu Kraton Kartasura pindhah neng
Surakarta. Wektu semono Pangeran Mangkubumi ora
seneng karo Patih Pringgalaya sing belani
Kompeni(Walanda). Akhire Pangeran Mangkubumi
milih lunga saka Kraton, sangu duit 2000 real saka
Sunan Paku Buwana II. Pangeran Mangkubumi lunga
lewat Jebres menyang Tanan Bang Wetan.
 Neng Tanan Bang Wetan, Pangeran Mangkubumi oleh
simpatik saka warga. Akeh warga sing dilatih dadi
prajurit sing kuat kanggo ngalawan Walanda. Ananging
Pangeran Mangkubumi kepeksa mundur amarga
prajurit e wiwit ora kuwat, amarga kentekan pangan.
Pangeran Mangkubumi lan prajurit akhire tekan Desa
Kranggan. Neng kana tibake Pangeran Mangkubumi
wis ditunggu –tunggu dening Kyai Srenggi. Kyai
Srenggi memelas ngingeti kahanan Pangeran
Mangkubumi lan prajurite.
“Mangga Pangeran Mangkubumi, pinarak
mlebet. Dhahar rumiyin sakwontene”,
Omonge Kyai Srenggi.
Para prajurit dikon mangan panganan sing
wis dicepakake. Kanggo Pangeran
Mangkubumi, Kyai Srenggi wis nyiapke saga
lawuh pecel lan iwak pithik sing diwadhahi
tebok, lan legen sing diwadhahi lumpung
pring, banjur nyerahke pusaka sing keri
dewe, yaiku tongkat. Kyai Srenggi nyritake
wangsit sing ditompo pirang taun kepungkur
 “Nyuwun sewu pangeran, kala rumiyin dalem nate
pikantuk wangsit lewat ngimpi menawi dalem dipun
peseni njagi tinga pusaka ingkang semenika dalem kangge
wadah dhaharanipun panjenengan, pangeran”, mature
Kyai Srenggi. “Kyai, aku maturnuwun banget, njenengan
wis nulungi aku sak prajuritku”. “Dalem naming nlampahi
amanat saking Gusti, pangeran”, wangsulani Kyai Srenggi.
“Saiki aku wes ngerti maksude kabeh panganan sing mbok
suguhke nganggo pusaka-pusaka iki. Mula kuwi, Kyai lan
kabeh sing neng kene tak jaluk dadi seksi, yen panggonan
iki tak jenengi Sragen”. “Sragen, gusti?”, pitakone kabeh
wong sing neng kana. “Iya Sragen. Panggonan iki tak
jenengke Sragen amarga neng kene iki Kyai Srenggi wis
masrahke telung pusaka lan menehi aku legen” pangeran
Mangkubumi njelaske. Wiwit iku, panggonan sing
dienggoni Kyai Srenggi ganti jeneng dadi dukuh Sragen
(Gathukane tembung srah, saka pasrah, lan gen saka
legen)
Matur Nuwun

Anda mungkin juga menyukai