Anda di halaman 1dari 8

BAHAN AJAR

Geguritan
Bahasa Jawa

Kelas IV
Semester 1
Sekolah Dasar
GEGURITAN

Geguritan kalebu salah sawijining


kasusastraan Jawa. Manut asal-
usule tembung geguritan kuwi
asale saka tembung gurit kang
ateges kidung, yaiku tembang
utawa tulisan sing wujude ukiran
utawa tatahan.

Geguritan duwe maneka jinis, ing antarane yaiku :


a. Geguritan Kuno(gagrag lawas)
b. Geguritan Anyar
Geguritan uga bisa diowahi gancarane dadi bentuk
karangan bebas utawa prosa kanthi pangajab
maknane geguritan dadi luwih gamblang utawa
cetha lan gampang dimangerteni. Ngowahi
gancarane geguritan dadi bentuk prosa mau kang
ateges parafrase.
Unsur-Unsur
Geguritan

Unsur Intrinsik
1. Tema/ liding cerita : gagasan pokok kang disuguhake
dening panganggit.
2. pamiling tembung/diksi : pilihan tembung kang
trap/mathuk kanggo geguritan.
3. lelewaning basa/gaya bahasa : milih tembung-tembung
kang dironce kanti endah saenggo ngasilake ukara
kang ngandut lelewaning basa.
4. citraan /imajinasi : gambaran angen-angen/imajinasi
penganggit kang diwujudake kanthi indra.
5. latar : nggambarake papan, swasana, wektu kangge
narik kawigaten.
6. Pesen/ amanat : pesen,nasihat, utawa piwulang becik
kang diwedharake penganggit lumantar geguritan.
Unsur-Unsur
Geguritan

Unsur Ekstrinsik

1. Biografi : latar belakang/ riwayat

uripe penulis.

2. Nilai ing sajerone crita : kayata

ekonomi, politik, sosial, adat-

istiadat, budaya, lan

sapanunggalane.

3. Kemasyarakatan : kahanan sosial

nalika geguritan ditulis


Carane maca
Geguritan
1. Wicara (cara ucap) : tegese pocapane kudu

cetha, mantep ora ragu-ragu, pocapan

lafal(a,i,o ,e ,tha ,ta ,dha ,da lan sak pituture)

sing bener lan jelas.

2. Wirama (lagu lan intonasi) : tegese banter

alone pocapan lan munggah mudhune intonasi

kudu dilarasake karo isine geguritan.

3. Wirasa (njiwani) : tegese pedhotan

tembung/ukara kudu cocog karo

karepe(prentah, nesu, seneng, ngenyek lan

liyo-liyane).

4. Wiraga (ekspresi mimik) : tegese polah

obahing tangan, awak, polatan, rasa kudu

luwes ora kaku ora ketok digawe-gawe.


Pahlawanku
(R.Tantiningsih)
Pahlawanku
Wutahing ludiramu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
Geguritan kanthi irah-irahan " Pahlawanku"
ing dhuwur nyritakake pahlawan nduweni
bekti kang gedhe marang negara. Jiwa
raga lan bandha donya direlakake amung
kanggo mujudake pangajab yaiku "
Merdhika".

Pesen sing bisa dijupuk saka geguritan


ing dhuwur yaiku ngluhurake derajad
pahlawan. Ngagungake asmane.
Ngormati perjuangan. Ora lali
dongakake supaya ditampa ing sisi
Allah.
Glosarium

Anda mungkin juga menyukai