Anda di halaman 1dari 1

Berita Bahasa Jawa Terbaru : Saparan Bekakak

Berita Bahasa Jawa Terbaru : Saparan Bekakak [Sleman] Upacara Adat Saparan
Bekakak ajeg dipun adani saben wulan Sapar dening warga Desa Ambarketawang,
Kecamatan Gamping Kabupaten Sleman. Upacara kasebat tansah narik kawigatosanipun
warga, wondene ancasipun kangge nglestantunaken kagunan budaya.
Pucaking Upacara Adat Saparan Ing Desa Ambarketawang, kanthi mragad bekakak ing
Gunung Gamping. Bekakak dipun damel saking glepung ketan lan juruh, ingkang
gatranipun memper sepasang panganten. Saderengipun dipun pragad, bekakak dipun
kirab saking Lapangan Ambarketawang tumuju Gunung Gamping. Maneka uba rampe
dipun kirab dening bregada prajurit, lan dipun regengaken kagunan seni tradisional,
gunungan wulu wedaling bumi lan kalih raseksa. Warga katingal jejel riyel ningali
lampahing kirab.
Kepala Urusan Perencanaan Desa Ambarketawang ingkang ugi minangka Sekretaris
Panitia Saparan Bekakak, Agung Subeno, mratelakaken, Upacara Adat Saparan Bekakak
ing Ambarketawang, ancasipun kangge ngemut emut labuh labetipun Ki Wirosuto
satunggaling abdi dalem Kraton Kasultanan Ngayogyakarta nalika jamanipun Sultan
Hamengku Buwana Kapisan, ingkang seda ing Gunung Gamping. Wondene samangke
ancasing upacara kangge ngleluri kagunan budaya lan nggrengsengaken jagading
pariwisata.
Agung Subeno mratelakaken, rerangkening Upacara Adat Saparan Bekakak tansah dipun
larasaken kaliyan majenging jaman, supados narik kawigatosanipun wisatawan.

Anda mungkin juga menyukai