Anda di halaman 1dari 2

Contoh / Tuladha Pidato Bahasa Jawa

Persuasi

Pidato Persuasi yaiku pidato ingkang gadahi


maksud ajakan utawa pangajak dhateng
pamiyarsa.
Tuladhane yaiku :

Assalamualaikum Wr Wb
Nuwun, dumateng kepala sekolah SMA 6
ingkang
hanggung
mastuti
dumateng
pepoyaning kautaman
Bapak dalah ibu guru ingkang satuhu
kinurmatan
Saha siswa-siswi, kadang werda tumaruna
ingkang satuhu bagya mulya
Rahmating Gusti ingkang murbeing dumadi
mugi tansah tumedak saha tumanduk
wonten ing sarira panjenegan sedaya
Kaparenga
matur,
anggen
kawula
kumawantun cumantaka wonten ing ngarsa
panjenengan sedaya, kinen saperlu bade
kawula aturaken kasuwun dumateng para

siswa-siswi SMA 6 kanti renaning penggalih


nderek hanyengkuyung bab reresik wonten
ing sakupengan sekolahan kita.Supados
ndadosaken kahanan ingkang sehat, endah,
edipeni, amrih nentremaken anggen kita
sami ngangsu kaweruh wonten ing mriki
Pramila sumangga smiha tansa nguri-nguri
bab
budaya
reresik
menika
sageda
hangrembaka ngantos dumugi generasi
saklajengipun
Mekaten atur kawulo, hambokbilih anggen
kawula matur kathah thithaling saha
kuciwaning basa, hanamung saged matur
tedhak siti baga binuntel raning kalapa,
apuranta sedaya kelepatan kawula, nuwun
Wassalamualaikum wr wb

Anda mungkin juga menyukai