Anda di halaman 1dari 1

Dumadine Rawa Pening

Ing salah sijine desa, yaiku desa Banarawa lagi ngadaake merdi desa. Para warga
pada gaweni jajanan kang akih kanggo merdi desa. Dumadaan desa Banarawa
ketekanan bocah lanang sing elek, ireng, lan mrengus. Bocah kui jeneng'e Baru
Klinting. Para warga desa ora seneng ketekanan bocah kui mau.

Amarga Baru Klinting ngelih, deweke mutuske ngubengi desa kanggo jalok mangan
ing para warga. Nanging para warga desa malah pada nudung Baru Klinting. Amarga
saking ngelihe Baru Klinting, deweke tetep ngubengi desa kanti tekan omah e mbok
rondo.

Ing omahe mbok rondo, Baru Klinting diolehi leren lan diwenehi panganan kanggo
ganjel weteng. Sakwise kui Baru Klinting ngucapake matur suwun lan menehi pesen
ing mbok rondo, "Matur suwun mbok, kula ajeng pamit riyen. Yen menawa ana
apa-apa, jenengan nitih lesung niku lan alung nipun dadiaken welah, nggeh mbok."

Cekak cerita, Baru Klinting wis tekan tengah lapangan lan ngadaake sayembara.
Baru Klinting nancepke siji lidi ing lemah, "Sapa wonge bisa ndudut lidi iki, wonge
pancen sakti." nanging para warga malah ngremehke seyembarane Baru Klinting,
"Haha, mung ndudut lidi ngunu bocah cilek iso, nang." ece salah sijine warga.

Nanging nyatane durung ana warga desa kang bisa ndudut lidi kui. Akhir e Baru
Klinting dewe sing ndudut lidi mau. Nanging bekase lidi mau malah metukake banyu
resik, bening kang deres. Sansaya sui banyu mau dadiake banjir ing desa Banarawa.
Para warga mau ora ana sing bisa selamet, kejaba mbok rondo kang wis diwenehi
pesen dening Baru Klinting. Desa kui mau akhire kelem dadi rawa kang duweni banyu
kang bening. Akhir e dijenengi rawa pening.

_Selesai_

Anda mungkin juga menyukai