Anda di halaman 1dari 2

ASAL USUL RAWA PENING

Nang zaman dhisik neng desa ngasem urip prawan nduwe jeneng Endang Sawitri.
Para warga desa ora ono sing ngerti yen Endang Sawitri nduwe bojo, ning dheweke meteng.
Ora suwe banjur dheweke bayen lan nggegerake para warga amarga sing dilairke dudu bayi
nanging naga. Gumune naga kuwi bisa ngomong kaya dene manungsa. Naga kuwi diwenehi
jeneng Baru Klinting.

Neng umur remaja Baru Klinting pitakon marang ibune. Bu, “apa aku iki uga nduweni
bapak?, sapa bapak sabenere”. Ibu njawab, “bapakmu raja sing wektu iki lagi bertapa neng
gua lereng gunung telomaya. Kowe wis wayahe nggoleki lan memoni bapakmu. Aku
ngiijinke kowe mrana lan gawanen klintingan iki dadi bukti paninggalan bapakmu dhisik.
Karo seneng ati Baru Klinting mangkat menyang pertapaan ki hajar salokantara sang bapake.

Nganti neng pertapaan Baru Klinting mlebu menyang gua karo bekti, neng ngarep ki
hajar lan pitakon, “apa bener iki panggon pertapaan ki hajar salokantara?” Banjur ki hajar
njawab, “ya, bener”, aku Ki Hajar Salokantara. Karo sembah sujud neng adhepan ki hajar,
Baru Klinting ngomongke nduwe arti ki hajar yaiku wong tuwaku sing wis suwe aku golek-
golek, aku anak saka Endang Sawitri saka desa Ngasem lan iki klintingan sing konon tembung
ibu paninggalan ki hajar. Ya bener, karo bukti klintingan kuwi tembung ki hajar. Ning aku
butuh bukti siji meneh yen kowe anakku coba kowe mubengi gunung telomoyo iki, yen bisa,
kowe bener-bener anakku. Jebulna Baru Klinting bisa mubengi lan ki hajar ngakoni yen
dheweke bener anake. Ki hajar banjur ngongkonke Baru Klinting kanggo bertapa neng jero
alas lereng gunung.

Mubarang dina para warga desa pathok arep ngenekake pesta sedekah bumi
sakwise panen bubar. Para warga arep ngenekake tunjukake macem-macem jogedan.
Kanggo memeriahkan pesta kuwi rakyat rame-rame nggoleki kewan, ning ora nemu kewane.
Akhire warga kabeh nemu seekor naga gedhe sing bertapa. Banjur dipotong-potong,
daginge digawa mulih kanggo pesta. Ing acara pesta kuwi tekaa anak jelmaan Baru Klinting
melu jero keramaian kuwi lan pengen ngrasake pasuguhan. Karo sikap acuh lan sombong
para warga ngusir anak kuwi saka pesta karo peksa amarga dianggep pengemis sing njijik i
lan ngisinke. Karo lara ati anak kuwi lunga saka pesta. Dheweke ketemu karo mbah putri
randha tuwa sing gemati. Diajake mampir menyang omahe. Randha tuwa kuwi nglakoke
anak kaya dhayoh dibekteni lan dijagakne pasuguhan. Neng omah randha tuwa, anak pesen,
“yen krungu suwara gemuruh mbah putri kudu jagakne lesung, ben slamet!”. Mbah putri
manuti saran anak kuwi.
Sawektu banjur anak kuwi bali menyang pesta nyoba melu lan njaluk pasuguhan ing
jero pesta sing dianakne saka para warga desa. Ning warga tetap ora nrima anak kuwi,
malah ditendang ben lunga saka panggon pesta kuwi. Karo keneson ati anak kuwi
ngenekake sayembara. Dheweke nancepake lidi menyang lemah, sapa para warga desa iki
sing bisa njebole. Ora sijia warga desa sing bisa njebol lidi kuwi. Akhire anak kuwi dhewe
sing njebole, jebulna bolongan tancapan mau muncul mata air sing deras. Soyo suwe
samsoyo gedhe, lan nglelepake desa kuwi, para warga kabeh klileb, kajaba randha tuwa sing
mlebu lesung lan bisa slamet. Kabeh desa dadi rawa-rawa.

Amarga banyune bening banget, mulane rawa iku diarani “Rawa Pening” sing ana ing
Kabupaten Semarang, Jawa Tengah.

Sumber : http://wisatarawapeningbejalen.blogspot.com/2012/04/asal-usul-rawa-
pening.html

Anda mungkin juga menyukai