Anda di halaman 1dari 2

Werkudara / Bima (Bahasa Jawa)

WERKUDARA

Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing
angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro,
mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan
liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa,
Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul
Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu. Karo
Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra Raden
Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.

Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala,


Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener,
Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh gegaman
ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena. Bareng wis
bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe. Gajah Sena
ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji karo
Bratasena.

Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen
micara tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa
Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru,
bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen
tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru,
dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh
banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine
Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti
marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru
sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru
maneh.

Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana,


getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi
Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun
nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar,
kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka
sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi
Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).

Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara


kang bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang
Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur
Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa
liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan
Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng
mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

Wosing budi pekerti:


1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani ing
bebener, mbrastha angkara murka!

Anda mungkin juga menyukai