Anda di halaman 1dari 4

KELOMPOK 8

-NISAUL KHUSNA (19)

-SHENLY JESHICHA P(21)

-KIKY SHALVA RAMADHANI(9)

-LEISYANE ALVINA R(10)

BAB LAYANG

PENGERTIAN LAYANG

Layang yaiku piranti kanggo sesambungan antara wong siji karo


wong sijine biasane kanggo menehi kabar.

Miturut isine layang bisa kaperan dadi

1) Layang pribadi (layang iber-iber)


2) Layang ulem (undhangan)
3) Layang lelayu (kabar kepaten)
4) Layang kitir (telegram)
5) Layang paturan (pemberitahuan/edaran)
6) Layang dhawuh (perintah)

STRUKTUR LAYANG

1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa


kiwa ing dhuwur.

2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :

    a. Rinengga sugenging pakurmatan.

    b. Tansah winantu suka basuki.

    c. Katentreman lan karahayon

    d. Winantu ing bagya mulya.


    e. Sembah sungkem.

3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan


pangarep – arep supaya kang dikirimi uga slamet.

4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.

5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane : 

    a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.

6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.

    Lamongan, 8 April 2013 

7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha : 

a. Saking ingkang putra

b. Bapakmu ing omah

c.Adhimu saka paran, lsp

8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.

9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.

TUJUAN LAYANG

Tujuan layang yaiku kanggo menehi kabar lan kanggo sesambungan.

UKARA UKARA SING DIGUNAKAKE ING LAYANG PRIBADI

a. Ukara carita

Ukara carita yaiku ukara kang isine nyritaake sawijining


bab,kedadean,utawa sawijining kahanan marang wong liya

Tuladha
1. Ingkang wayah sakulawarga ing Madiun tansah ginanjar
wilujeng
2. Saben wulan mulud ing Ngayogyakarta lan Surakarta
mesthi ana Sekaten
3. Ahad sesuk simbah arep kondur ing Purwokerto
b. Ukara pitakon

Ukara pitakon yaiku ukara kang isine njaluk katrangan marang


wong sing maca utawa sing diajak guneman.Ukara iki umume
migunakake tembung pitakon apa,piye,pripun,kados
pundi,sinten,sapa lan pira.

Tuladha
1.sapa jenenge murid anyar iku?
2.pira regane tasmu?
3.ing ngendi papan dunungmu?
4.Geneya sliramu ora kandha yen arep lunga?
5.kowe sesok mangkat jam pira?

c. Ukara sananta

Ukara sananta yaiku ukara kang isine niat ,karep utawa sedya.

Tuladha

1. Sesuk awan aku arep golek degan ijo


2. Kareben munggah sekolah aku kudu sinau mempeng
3. Aku arep umbah umbah koe aja ngejak crita wae

CONTO LAYANG PRIBADI


Kanggo kancaku.
Anastasia Kusuma Dewi
Ing Karanganyar.

Salam kangen,,,
Kanthi layang iki aku menehi kabar, Manawa aku lan kaluwargaku ginanjar Gusti ing
keslametan lan bagas waras. Dak jaluk sliramu sakaluwarga uga pinarigan
keslametan lan bagas waras.

Bakune layangku iki, aku ngabari mengko ing dina prei semesteran rama, ibu lan
aku arep sowan eyang menyang Karanganyar. Aku sengaja ndherek jalaran aku
kepengin dolan menyang Tawangmangu nonton grojogan Sewu. Yen ana longgar
wektu mbesuk dak jaluk kowe gelem ngancani aku.
Wasana cukup semene kabar saka aku, mengko ketemu ing dina prei semesteran.

Purwodadi, 1 Pebruari 2011


Kancamu,

Anda mungkin juga menyukai