Anda di halaman 1dari 5

RESENSI

BUKU BASA JAWA

SELENDANG PELANGI

Saking kelompok XII TKJ 2:

1. Aura Luthfi Zanaya (02)


2. Fatma Arvida F. (11)
3. Imas Kolifatus Maulidia (13)
4. Riska Oktafiana (31)

SMK NEGERI 1 SEMEN


Ex. SDN 2 Semen Ds. Semen Kec. Semen Kabupaten Kediri Telp. (0354) 6024738

Website: www.smkn1semen.sch.id Email: smkn1semen@gmail.com


1. IDENTITASE BUKU
Irah-irahan novel : Selendang pelangi
Pengarang : SOENJOTO
Gunggung kaca: 35 kaca
Penerbit : P.P Madju
Tahun terbit :1965
Wujud karya: Fiksi

2. ORIENTASI
Djeneng-djeneng lan kekadejan ing buku iki mung karangan,anane mada
djeneng utawa kadadejan karo sapa wae kang isih sugeng utawa kang uwis tilar donja
mung tiba kebenaran wewenang pengarang di lindungi undang -undang.
Ora kang ngutip sebagean utawa kabeh saka buku iki mawa wudjud apa wae
tanpa idin tertulis saka pengarang,kajaba ahli kritik kang arep ngutip bagejan-bagejan
saka buku iki kanti tjekak gandeng karo tulisan wawasane kanggo siaran ing
madjalah,koran utawa radio.

3. SINOPSIS
WASKITA pantjen nglegakake arep ndeleng kahanane kuta Surabaja. Kuta
gede nomer loro saw se kuta Djakarta. Kuta kang dadi ibukotane Daerah Djawa Wetan,
kang uga dadi kuta dagang lan industri kang nomer sidji ing Indone- sia.
Deweke uga ndeleng plabuhan Tandjung Perak, ja pla- buhan export hasil bumi
kang asale saka daerah Djawa Wetan lan saka pulo-pulo sisih timur. Kadjaba kuwi
pelabu- han Tandjung Perak uga dadi pelabuhan import kang dadi ndeg-ndegane kapal-
kapal gede kang liwat konc saka Australi.
Ana Surabaja mau deweke nginep ana panggonane Su- dira tepungane ing dalan
Kartini. Bijen Sudira kuwi kantja sekolah ana ing Ngajodja, saiki manggon ana
Surabaja urip sarana dadi pelukis. Djenenge uwis kondang ora mung ana ing daerah
Djawa Wetan wae nanging uga nganti tekan Djawa Tengah lan Djawa Kulon.
Deweke kuwi dadi pelukis buku-buku tjrita, wiwit nggambar samak, nggambar
ndjerone malah nganti nggam- bar komik barang. Tepunge karo Waskita wiwit bijen
isih pada sekolah nganti pada tuwane mau isih panggah apik wae.
Karo Dira deweke diadjak dolan menjang Kendjeran panggonan sesawangan
pantai kang endah. Ing kono akeh prau-prau sewan kanggo pesiar ing laut. Pantjen ja
rame te- menan, apa maneh jen dina. Minggu utawa dina libur. Ru mah makane ja ana
malah dununge ana pinggir pantai, Pa- ra nelajan akeh pada dodol iwak segara marang
wong-wong kang pada pesiar ana kono.
Nalika deweke pinudju ndeleng Taman Hiburan Rakjat kang kaja pasar malem
wae, deweke pantjen ja seneng te- menan. Ing kono ana sandiwara, ludruk, orkes,
wajang wong, bioskup lan tontonan lijane. Toko-toko lan rumah makan ja akeh.
Ja kuwi ta dik bareng aku liwat ngarep gedong sandi- wara weruh ana kenja
digoda karo botjah nonoman. Aku kepeksa melu tjawe-tjawe,” tjelatune Waskita.
Da botjahe lanang-lanang bandjur pada mlaju mas?” fle-eh, malah slendange
kenja mau uga katut digawa mlaju pisan.”
,,E ora genah tenan kuwi.”
,,Pije dik. ?”
,,Wah aku bandjur oleh ilham.” ,,Ilham keprije ta ?”
,,Kuwi, prakara ana kenja kelangan selendang kuwi, arep dak gawe tjrita
bergambar.”
,,Tjrita gambar, komik mengkono apa pije ?” ,,Ja mas, arep dak wenehi titel
Selendang Pelangi.” ,,Ah kok nges banget titele kuwi.”
,,Lho ja perlu ana reklamene ta. Mas Waskita apa uwis pirsa ?”
,,Weruh apa dik?”
,,Aku mentas wae ngrampungake tjrita gambar.
Dak wenehi titel Pitu Setan.”
„O kae ta. Pantjen aku ja uwis matja. Kae gawejanmu ta? Mula nalika aku matja
kang nglukis kok Sudira kuwi apa awake kuwi.”

Keprije ta mas?”
,,Sak ngertiku gandeng karo pegawejanku arepa ja pe- .gawejan swasta wae
retine dudu pegawejan dinas, Akeh wae aku nemoni kedadejan-kedadejan kang
samestine uwis ora matuk karo kahanan djaman madju iki, mula kritik-kri- tik kang
ndandani perlu diadjokake.”
,,Ora dik mbaleni kandamu mau ?”
„Apa mas ?”
Kuwi mau lho, djare arep gawe tjrita gambar Selen- dang Pelangi”.
,,Ja mengko jen wis rampung rak ja bakal ngerti ke- prije blegere tjrita ta mas.
Rak ja ngono ta mas ?” Waskita mesem.
Dik suk Minggu ajo dolan menjang Patjet”. ,,Ana wigati apa pije ?”
,,Ja ora, mung perlu ndeleng sesawangan kana wae”.

4. ANALISIS
1.Tema
Novel iki ngunggahake tema kahanan sosial lan konflik kang dumadi ing Surabaya
taun 1960.
2. Alur
Alur kang digunakake sajrone novel Selendang Pelangi nggunakake alur campuran,
yaiku alur maju lan alur mundur.
3. Gaya Basa
Gaya basa ingkang dipunginakaken wonten ing novel menika ngginakaken basa
ingkang tegas saha basa Jawi ingkang alus.
4. Paraga lan panokohan
Ing ngisor iki paraga sajrone novel Selendang Pelangi, yaiku:
-Waskita : nduweni watak mantep, sabar
-Sardjita : nduweni watak, wicaksana, sabar
-Rini : nduweni watak sabar
-Surjamah : nduweni watak murka lan licik
-R.kutsabi : watake licik, nesu
5. Sudut pandang
Sudut pandang yang di gunakan dalam novel ini yaitu menggunakan sudut pandang
orang pertama sebagai pelaku utama.

5. EVALUASI
Keluwihan:
1. ngginakaken basa ingkang alus (sopan).
2. Werna buku iku kuning, mula katon antik lan luwih narik kawigaten.
3. Cariyos ingkang dipunandharaken gampil dipunmangertosi.

Kekurangan:
1. Crita ing basa Jawa kurang dimangerteni dening para mudha.
2. Aliran ingkang dipunginakaken campur supados tiyang ingkang dereng biasanipun
ngraosaken kaganggu.
3. Panganggone tembung ora efektif.
4. Divisi karakter ora cetha.
5. Sampul buku kurang narik kawigaten, ndadekake pembaca kurang minat maca.

Anda mungkin juga menyukai