Anda di halaman 1dari 8

Pentas Ludruk NK PBSD UNESA 2019 Lakon “Sogol Pendekar Sumur

Gemuling”
Paraga Umur Pamaragan Pemeran

Sogol 3 25-30 Arek sakti sing mbela wong cilik ning Wildan
carane kurang apik, pendekar, teges,
basa wetanan.
Tumpi 5 20-25 Dulur kalima Sogol ing pagurone. Arda
Ngerti endi sing bener lan salah,
kalem, pikirane rasional, basa
wetanan.
Hamsah 4 20-27 Dulur kapapat Sogol ing pagurone. Indah
Ngerti endi sing bener lan salah,
pikirane cetha, basa wetanan.
Mbok Sumi 55-68 Mboke Sogol. Randha, welas asih, Fauziyah
basa wetanan.
Ki Mukti 55-68 Dukun Kondhang. Cedhak karo Ayu
Sarmidin, tuwek, basa wetanan.
Karman 2 30-35 Dulur kaloro Sogol nang pagurone. Andhika
Nganggo logat Medura.
Menir Van Negen 50-60 Wong landa sing gak seneng karo Ida
Sogol, basa Indonesia kecampuran
Inggris, logat Landa.
Upas Kacung 30-35 Dhisorane Menir Vannegen. Wong Giti
Landa. Nganggo basa Indonesia
tambahan Inggris titik.
Upas Keceng 30-35 Dhisorane Menir Vannegen. Wong Agil
Landa. Nganggo basa Indonesia
tambahan inggris titik.
DurRahman 1 35-38 Dulur paling tuwek nang peguron. Andra
Basa wetanan, kasar.
Sarmidin 45-55 Wong Medura sing dikongkon Menir Kesi
Vannegen jaluk tulung nyanthet Sogol
lewat Ki Mukti. Wedian.

Babak 1
Mbok Sumi, Hamsah, Tumpi omong-omongan karo Sogol. Mbok sumi kuwatir karo apa
sing dilakoni sogol ning Sogol, Tumpi, Hamsah isa ngeyakina Mbok Sumi. Tumpi ngajak kabeh
mlebu lan turu ning sogol ora gelem ngomong yen pingin golek angina. Dheweke dhewean neng
ngarep omah lan kelebon santhet e mbah mukti. Komunikasi karo kerise (kaya telephati, kerise
gak ngomong tapi dijelentrehna Sogol) lan Sogol weruh yen sing nyanthet kuwi Ki Mukti .

Babak 2
Ki Mukti krasa lek santhet e gak kasil terus Sarmidin yen dheweke bakal diseneni karo
Menir Van Negen sing ngongkon Sarmidin. Sogol mlebu lan takok sapa sing nyanthet lan sapa
sing ngongkon. Pertama sogol gepuk karo ki mukti lan menang. Sarmidin sing ndelok keweden
lan di uber Sogol (ceritane Sarmidin kecekel Sogol lan dipateni)

Babak 3
Menir Van Negen ngomong lek ngenteni asil kerjane Sarmidin (jaluk tulung ng Ki
Mukti) lan ngomong lek kasil sumur gemuling dadi daerah kuwasane. Kacung teka lan ngabari
lek Sarmidin lan Ki Mukti dipateni Sogol. Menir nesu lan ngongkon gawakna dulure Sogol sing
omahe paling cedhak (Rahman lan Karman). Upase nggawakna Karman lan Rahman, terus
dikongkon mateni sogol lan Dijanjeni Dhuwit sing akeh banget. Akhire karman karo rahman
gelem kanthi cara nyekel pitik e sogol lan ngajak landa sepelan kanggo petukan ning dalan
pinggir alas.

Babak 4
Rahman lan Karman kasil nyekel pitik e sogol nanging di uber tumpi lan hamzah, terus
gepuk ning dalan pinggir alas nganti tumpi kelaran, terus hamzah gowo tumpi ngalih, sak wis e
iku landa teko, karman karo rahman ngekekno pitik e sogol ( tulak songgo bumi ) lan langsung di
pateni nang landa, terus sogol teko lan di tembak mati nang londo.

Babak 5
Hamzah ngabari mbok sumi lek sogol iku mati, mbok sumi kaget lan nguda rasa yen
mbok sumi iling aji ajine (rawarontek ) bapake sogol terus mbok dungo lan nagih janjine bapake
sogol. Terus sogol urip maneh moro nang mbok sumi terus sumbar.

BABAK 1
Latar panggon : Ngarep omahe Mbok Sumi (bengi mari isya’)
Piranti : Golok telu, keris, pitik celengan
Panggung ditata kosongan ana pitik celengan
(Mbok Sumi, Sogol, Hamsah, karo Tumpi lungguh – lungguhan nang teras)

Mbok Sumi : Le… temenan tah…… lek awakmu iku nyolong? Simbok krungu teka
omongane wong-wong Sumur Gemuling. Jajal ceritao nang mbokmu iki…

Sogol : Mboten Mbok…. Sampeyan aja gampang percaya karo omongan –


omongan sing gak jelas. Sakjane aku iki mek ngalangi walanda nariki
pajek nang wong cilik. Apa mbok gak ngesakna?

Mbok Sumi : Tapi iku isa nggarai awakmu cilaka le…..

Hamsah : Lek perkara iku mbok mboten usah kuwatir.

Sogol : Iya Mbok, Aku iki gak bakal isa dipateni karo uwong…. Apa maneh aku
dhuwe Tulak Sangga Bumi iki.

Tumpi : Pun Mbok… saiki lak wes bengi piye le kayo turu nang njero, Mbok,
Cak Hamsah, Cak Sogol… ayo mlebu..

Sogol : Gak…. Aku tak thenguk-thenguk nang kene sek… jek pingin golek
angin aku

Mbok Sumi : Ya wis lek ngono, ayo nduk.. ayo le.. mlebu ndisik

Sogol : Nda Landa..awakmu kentekan rancangan tah nganti nganggo cara sing
licik kaya nyebarna warta sing gak sak temene (karo ngelus ngelus pitik)
lho lho wetengku kok lara? Gak kaya biyasane… kayak ana sing nang
njero (mbengok karo ngetakna keris saka wetenge) ooo kurang ajar!!
Santhete sopo iki? Aja ngomong lek iki uga rancangane landa pisan. Ning
iki kirimane sapa? He Keris Dhapurane sapa sing ngirim awakmu….
Owalah kelakuane Ki Mukti tibakna. Mentang-mentang dukun kondhang
wani nyanthet aku wong iki. Awas kon mukti tak parani awakmu!

BABAK 2
Latar panggon : Omahe Ki Mukti nang ruang tamu (bengi jam 11 an)
Piranti : Keris, Golok, uyah, cowek
Panggung ditata kosongan

(Ki Mukti maca mantra banjur Sarmidin teka nakokne piye asil santhete)
Ki Mukti : Hmmm… miang miung ngeh

Sarmidin : Ki…Ki Mukti


Ki Mukti : Ganggu ae awakmu Din. Awakmu lapo bengi-bengi moro nak omahku?

Sarmidin : Ki, sampiyan lapo ki?

Ki Mukti : Ki lo.. ngobong minyun, eh menyan

Sarmidin : Mmm aku kate nakokne kabare Sogol, ya apa Ki ?

Ki Mukti : Ya kasil, sapa dhisik, Ki Mukti, dukun kondhang. Kene deloken

tanganku apik ta?

(Ki Mukti ngrasa ana sing gak beres. Tibake kerise balik)

Ki Mukti : Lho din, iki lak keris sing tak kirim nang Sogol. Sepurane din santhete

gak kasil merga Sogol iku anune gedhe.

Sarmidin : Anune apa ? Sampiyan aja omong sing gak-gak, saru Ki.

Ki Mukti : Anune iku… kasektene kegedhen

Sarmidin : Hlo lha terus nasibku ya apa ? Lak muk-ngamuk Menir Van Negen.

(Sogol teka)

Sogol : He tibakna kon DIn sing Ngongkon Ki Mukti nynthet aku! Tak pateni

kon din

Sarmidin : Awas kon Gol,

Sogol : Kon wani karo aku

Sarmidin : Ya gak lah(mlayu ngaleh)

(Sogol kate nggodak Samidin tapi dialang-alangi Ki Mukti )

Ki Mukti : lawan mu duduk sarmidin , ki lo adhepana aku Ki Mukti !

Sogol : Ki Mukti sakjane kon iki dukun Kondhang apa dukun anyaran? Wes ero
lek aku sekti cek wanine awakmu nyanthet aku. Lek wong-wong nyeluk
kon Ki Mukti nek aku beda maneh ,aku nyeluk kon Mukti tok.
Ki Mukti : Cik wanine kon ngomong ngono, tak suwek cangkemmu !

Sogol : Ya Mangga lek isa nyuwek lambeku . Mlaku-Mlaku Kebeler Beling,


adhepana aku Sogol Arek Sumur Gemuling.

Ki Mukti : Nang pasar tuku grontol, Matiyo kon Gol!!!

(Ki Mukti gepuk lan mati merga ditujeb golok karo Sogol)

Sogol : Awas kon Din tak pateni pisan raimu ! ( mlayu metu)

BABAK 3
Latar Panggon : Kantor dinase Menir Vannegen (isuk jam 8 an)
Piranti : Kursi
Panggung ditata ana kursi kaya neng kantor dinas.

(Menir Vannegen lungguh, omong-omongan karo Kacung & Keceng)

Menir Van Negen : Bagaimana ini Sampai pagi begini itu sogol belum ada kabar

Upas Keceng : Kita Tunggu saja Kabar dari Kacung, Sekarang dia sedang berjumpa
dengan Sarmidin

Upas Kacung : (Mlayu saka njaba) Mister!! Sarmidin meninggal. Dia telah dibunuh oleh
Sogol.

Menir Van Negen : Berdomseh! Berarti Sogol masih hidup?

Kacung : Yes Mister

Menir Van Negen : Kalau begitu carikan I Saudaranya Sogol yang paling dekat dari sini

Kacung :Baik mister

(Kacung metu terus mbalik gawa Karman karo Rahman)

Kacung : Ini orangnya mister

Rahman : Enten napa Menir?


Menir Vannegen : I punya penawaran bagus untuk you berdua…. Bunuh Sogol… dan jika
berhasil, I akan beri you bayaran yang sangat banyak .
(Karman lan Rahman bisik-bisik )
Rahman : Nggih Menir, kula bakal mateni Sogol

Menir Vannegen : Bagaimana cara you untuk membunuh Sogol?

Karman : Adibik duwe rencana lek pitik e sogol dipateni ndisek, mergo lek pitik e
mati sogol gampang di pateni pisan menir

Menir Vannegen : Rencana you sangat bagus, tolong you bawa ayam sogol itu ke jalan
pinggir hutan, jam 5 sore nanti

Rahman : Siap menir, tapi ojok kesupen karo janjine sampeyan mau

Menir Vannegen : Tenang saja

BABAK 4
Latar Panggon : Dalan pinggire alas
Piranti : Pitik Celengan, pistol
Panggung ditata kosongan kaya ning dalan pinggire alas.

(Karman karo Rahman di gundang Tumpi karo Hamsah)

Karman : Cak Rahman, Akhire awak dhewe kasil nyolong pitike Sogol

Rahman : Iya Karman. Awakdhewe maringene sugih dhewe sak Sumur Gemuling

Hamzah : Cak mandek o cak

Karman : Lho Tumpi karo Hamsah? lapo

Tumpi : Balikno pitik e cak sogol

Hamzah : Lek gak mbok balikno nyowomu sing bakal sing ilang

Rahman : Kok wanine wakmu kabeh nang cacakmu iki?

Hamzah : lek ngene carane marikno ning kene ae cak

(Rahman, Karman, Hamzah, lan tumpi gepuk sampek tumpi kelaran )

Hamzah : Dalanmu wis ra bener cak sampek kon blenjani dulur dhewe (karo

mbopong tumpi sing kelaran)


(Menir vannegen lan kacung keceng teko)

Menir vannegen : you berdua mana ayamnya sogol?

Rahman : Niki menir (ngekeno pitike )

Menir vannegen : Kerja bagus, saya akan membunuh ayam ini sekarang juga ( membunuh
Ayamnya sogol), akhirnya sogol kehilangan kesaktiannya, hahahahahaha

( sogol teko mbek kaget lek pitike mati )

Sogol : Lho sak jane iki ono opo seh? Lho lha lha kok pitikku mati?

(sogol di tembak menir vannegen)

Menir Vannegen : Hahahahaha, akhirnya Sogol telah mati. Sehingga tidak ada lagi yang
menghalangi I untuk menguasai Desa Sumur Gemuling..Hahahahaha

BABAK 5
Latar Panggon : Omahe Mbok Sumi
Piranti : nisan
Panggung ditata kosongan

Hamzah : Mbok…Mbok Sumi

Mbok Sumi : Ana apa le? Lha kenek apa Tumpi iki?

Tumpi : Ngene mbok aku karo cak hamzah mau gelut mbek cak rahman karo
cak karman, sampek aku koyok ngene mbok

Hamzah : Tapi mbok aku duwe kabar sing luwih gedhe, cak sogol mbok

Mbok sumi : Opo’o le? ana apa mbek sogol le? (gupuh)

Hamzah : Cak Sogol dipateni landa mbok. Cak Karman karo Cak Rahman uga
ngewangi Landa Mbok….

Mbok sumi : Dhuh Gusti, anakku Sogol. Aku gak terima lek anakku mati. Pak tak
tagih aji-aji Rawa Rantek sing mbok janjikna nang aku.uripna Sogol.
(Sogol bangkit terus marani Mbok Sumi)

Sogol : Mbok Sumi iki anakmu Sogol isek urip mbok


Mbok Sumi : Loh le, anakku. Tibane temenan lek aji-ajine pakmu isa nguripna
awakmu Gol.

Sogol : Iya mbok. Pun sak iki bakal tak bales apa sing dilakoni cacakku lan Van
Negen. He Landa lan antek-antekke entenana aku Sogol Pendekar Sumur
Gemuling bakal terus ngelawan kon kabeh kanggo mbela wong cilik.

RAMPUNG

Anda mungkin juga menyukai