Anda di halaman 1dari 7

Teks Layang

Kelompok 4 / 4.1
Kelompok 4 / 4.1

1. Ananta Fathan S. P (5)


2. Aurellia Chana Yanuar (6)
3. Muhammad Hamzah (22)
4. Quinsha Almeyra (26)
5. Rheyfanda Aqhil F. B (30)
Pengertian lan Jenis – Jenis

Teks Layang yaiku piranti arupa teks kanggo sesambungan karo wong liya
sing awujud tulisan kanthi tujuan menehi kabar tertamtu.

Layang bisa kaperang dadi:


1. Layang Pribadi (layang iber-iber)
2. Layang Ulem (undhangan)
3. Layang Lelayu (kabar kepaten)
4. Layang Kitir (telegram)
5. Layang Paturan (pemberitahuan edaran)
6. Layang Dhawuh (perintah)
Struktur Teks Layang
a) Papan lan Titimangsa : panggonan, tanggal nalika layang ditulis.
b) Adangiyah (adawiyah) : nerangake unggah-ungguhe sing kirim layang marang
sing dikirimi.
c) Pambuka : isi kabar keslametan sing kirim lan pengarep-arep sing dikirimi iya slamet.
d) Surasa Basa / Isine Layang : nerangake apa bae sing perlu dikabarake.
e) Wasana Basa / Penutup Layang : panjaluk utawa panjurung kang gandheng karo
isine layang.
f) Peprenah : nerangake sesambungane wong sing ngirim layang karo sing dikirimi
layang.
g) Tapak Asma : tandha tangan sing nulis layang.
h) Asma Terang : jeneng cetha sing kirim layang.
Unsur – Unsur Basa Teks Layang
 Ukara Cerita yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab, kedadean, utawa
sawijining kaanan marang wong liya. Tuladha: Bapak lan ibu tindak peken esuk mau.

 Ukara Pitakon yaiku ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing maca
utawa sing diajak guneman. Ukara iki umume migunakake tembung pitakon apa,
piye, pripun, kados pundi, sinten, sapa lan pira. Tuladha: Apa sing kok gawa sri?

 Ukara Sananta yaiku ukara kang isine niat, karep, utawa sedya. Ananging, kang
duwe niat utawa sedya mau awake dhewe. Mesthi bae ukara iki durung kelakon
utawa durung katindakake jalaran isih awujud niat. Tuladha: Buku iki arep dak
sumbangke marang anak yatim.
Unsur – Unsur Basa Teks Layang
• Unggah Ungguh Basa
Unggah – ungguh basa jenise ana 4, yaiku:

1. Ngoko Lugu:
Tuladha: “De, sajake kok lagi ana masalah. Coba crita nyang ibu
sapa ngerti ibu bisa mbantu?”
2. Ngoko Alus:
Tuladha: Sawise nyadhari mangkono. Wiwiit sesuk dheweke
bakal nindakake apa kaya kang dingendikake ibune.
3. Krama Lugu:
Tuladha: Kula mboten kesah sekolah amargi sakit.
4. Krama Alus:
Tuladha: Bapak tindhak dhateng Wonosobo nitih bis kaliyan
ibu.
“Matur Nuwun”

Anda mungkin juga menyukai