Anda di halaman 1dari 3

SESORAH / TANGGAP WACANA

1. Pengertene sesorah
Sesorah yaiku jlentrehna gagasan / ide pokok ing sangarepe wong akeh.
2. Tujuane sesorah
a. Kanggo menehi pengerten utawa kawruh.
b. Kanggo menehi kabar utawa informasi marang wong liyo.
c. Aweh panglipur.
d. Mbujuk supaya melu apa kang diandharake pamicara.
3. Metode sesorah
a. Metode naskah, yaiku metode kang digunakake kanggo sesorah resmi sing diwaca
kanthi langsung.
b. Metode apalan, yaiku naskah sing wis dirancang sadurunge ora kanggo diwaca
ananging diapalake.
c. Metode dadakan, yaiku metode kang ditindakake ndadak tanpa nggawe naskah
ndisik.
d. Metode ekstemporan, yaiku sesorah kanthi nggunakake cathetan cilik kang isine
bab-bab sing dianggep penting kanggo sesorah.
4. Bab wigati supaya anggone sesorah bisa kaleksanan kanthi becik :
a. Wicara (Basa)
b. Wirasa
c. Wirama (irama ning swara)
d. Wiraga (Solah bawa / sikap)
e. Busana
5. Unsure-unsur sesorah
Unsure kang ana ing sesorah yaiku 5W + 1H.
6. Perangan sesorah
a. Salam pambuka
b. Pambuka (purwaka basa)
- Atur pakurmatan
- Atur puja-puji
- Atur panuwun
c. Isi (surasa basa)
d. Panutup (wacana basa)
- Pangarep-arep
- Ngaturake luput
e. Salam panutup
GEGURITAN

A. Pengertene geguritan
Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan lan
guru lagu, nanging ngugemi anane rasa kaendahan.
a) Guru gatra yaiku: cacahing gatra (baris) saben sapada (bait).
b) Guru wilangan yaiku: akehing kecap (ucap) utawa suku tembung saben sak gatra
(baris).
c) Guru lagu yaiku: aksara urip (vokal) ing pungkasan gatra (baris).

B. Endahing geguritan dumunung ing:


1. Pilihane tetembungan sing mentes, trep, lan mantesi, mula akeh migunakake
tembung-tembung kang ngemu surasa ora salugune (tembung entar/basa kias).
2. Nggunakake wirama utawa lagu.
3. Busanane basa kang maneka warna.

C. Geguritan kaperang dadi loro, yaiku:


1. Geguritan gagrag lawas yaiku : diwiwiti kanthi ukara sun gegurit, lumrahe sapadane
dumadi saka patang gatra, guru lagu (rima/pola persajakan) pinathok.
2. Geguritan gagrag anyar (Jawa Modern) yaiku: ora kaiket kaya ta geguritan gagrag
lawas, lumrahe nggunakake basa rinengga supaya katon endah menawa diwaca lan
dirasakake. Wondene wangune geguritan gumantung saka kreativitas panggurit.

D. Struktur Teks Geguritan, kaperang dadi loro, yaiku:


1. Struktur fisik
a) Tipografi (Bentuke geguritan)
b) Diksi (pilihane tembung)
c) Imaji (Pengungkapan Pengalaman Indrawi)
Imaji kaperang dadi 3, yaitu:
 Imaji swara (auditif)
 Imaji paningal (visual)
 Imaji raba/sentuh (taktil)
d) tembung konkret
e) busananing basa (gaya bahasa)
f) wirama (rima)
2. Struktur Batin
a) tema/makna (sense)
b) rasa (feeling)
c) nada (Tone)
d) amanat
TRADISI BUDAYA JAWA

A. Pengertene Slametan
Slametan yaiku acara syukuran kanthi ngundang para sadulur lan tetanggi wonten
griyanipun tiang ingkang ngadaaken slametan menika.

B. Tujuane Slametan
a. Nebihaken saking malapetaka
b. Wujud syukur dhumateng Gusti Allah
c. Kirim dungo kagem sadulur utawi tiang ingkang sampun seda
d. Silaturahmi marang sedulur lan tentanggi
e. Andum rejeki

C. Urutan Upacara Slametan


1. Lenggah sila lan muteri sesuguhan
2. Pembukaan
3. Doa sesarengan
4. Dhahar sesarengan
5. Doa Panutup
6. Andum berkat

D. Macem-Macem Slametan
1. Ngupati (kupatan) : slametan umur kandungan 4 sasi
2. Mithoni : slametan umur kandungan 7 sasi
3. Brokohan : slametan kanggo lairan bayi
4. Mantenan (pernikahan), urutan adat manten :
a) Pasang tarub lan blekketepe
b) Siraman
c) Pasrah tampi penganten kakung
d) Ijab kabul
e) Liru kembar mayang
f) Panggih
g) Ngunduh mantu
5. Kematian , urutan adat upacara kematian :
a) Brobosan
b) Tigang dinten, pitong dinten, petang puluhn dinten, nyatus dinten, mendhak
(1 taun lan 2 taunan), nyewu

Anda mungkin juga menyukai