Petunjuk :
1. Soal ujian berupa soal objektif/pilihan ganda dengan 5 opsi jawaban pada setiap soal.
2. Bekerjalah dengan teliti dan cermat.
3. Bertanyalah kepada pengawas ujian jika terdapat soal yang kurang lengkap.
4. Selamat menempuh ujian, sukses bersama kita.
Pitutur luhur kang kamot ana ing tembang pangkur kasebut yaiku .…
A. Wong tuwa ora perlu golek ngelmu opo maneh tuwa pikun.
B. Sanajan tuwa kudu sregep ngolek ngelmu ana ing pakumpulan.
C. Sanajan tuwa pikun aja nganti sepi saka ngelmu supaya ora ngisin-ngisini.
D. Golek ngelmu tekan tuwa supaya ora bisa ngisin-ngsini lan apik bebudine.
E. Sanajan tuwa pikun kudu gelem gonyak ganyuk ing pakumpulan.
3. Tembang kang jumbuh kanggo nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale wisma
(rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane yaiku tembang ….
A. Mijil
B. Sinom
C. Durma
D. Kinanthi
E. Dhandhanggula
4.
Yogyanira kang para prajurit
Lamun bisa sira anuladha
Duk ing nguni caritane
Andelira Sang Prabu
Sasrabahu ing Maespati
Aran patih suwanda
Lelabuhanipun
Kang ginelung tri prakara
Guna kaya purune kang den antebi
Nuhoni trah utama
(Serat Tripama, KGPAA Mangkunegara IV)
Salah sijine wos surasane saka tembang macapat kasebut yaiku awake dhewe kudu…
A. nuladhani para paraga kasebut tanpa mbedakna iku wujude buta apa menungsa, kang baku yaiku
tekad kang gedhe.
9. Siter yaiku salah sawijine alat musik gamelan kang dimainke kanthi tempo cepet. Ciri khase saka siter
iki yaiku bisa distel kanthi beda-beda. Bisa slendro lan liyane bisa uga pelog. Teknik mainke alat musik
siter yaiku kanthi cara….
A. dipetik
B. digesek
C. ditabuh
D. disebul
E. dikempyang
10. Kendhang yaiku salah sijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit. Kendhang ditabuh
nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Kendhang diselehake ing wadhah
panyangga saka kayu kang wujude memper huruf Y. kendhang ing musik gamelan fungsine kanggo
mimpin lan ngarahake musik.
12. Kang dikarepake saka ujaran Aja nglungguhi bantal mundhak wudunen yaiku ora entuk nglungguhi
bantal mergane…
A. Bisa nularke penyakit wudun.
B. Lumrahe bantal kanggo sirah
C. Bantal biasa dinggo wong akeh.
D. Bantal iku ora dingo lungguh.
E. Yen lungguh kudune ing kursi
Lintang Wengi
Dening : Wiwiek Panca Widyaningsih
14. Tegese tembung ludira ing ukara Ludira kadya kandheng, kapireng kekidunganmu endah rinasa,
yaiku....
A. getih
B. awan
C. surup
D. angin
E. kringet
Kementerian Perindustrian (Kemenperin) nyatet, Jawa barat nduweni patlikur (24) kawasan industri
saka Pitung puluh papat (74) kawasan neng Indonesia. Pakoleh survei Kemenperin taun 2013 kuwi uga
nunjukake kawasan industri neng Jabar paling akeh dibanding provinsi liyane kaya Kepulauan Riau
namung sewelas (11) kawasan industri, Banten namung sepuluh (10), lan Jateng lagi ana wulu (8)
Kawasan.
Sumber :http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2016/01/berita-
ekonomi-jawa-barat-bakal-dadi.html
17. Isi kang bisa disimpulke saka pawarta kasebut yaiku Jawa Barat
A. dadi lawang ekspor.
B. nambah infratruktur.
C. dadi lalu lintas logistik.
D. wis siyap dadi pusat industri.
E. wis bisa dadi sumber industri maju.
18. Manut pethilan wacana ing dhuwur kasebut ana pirang kawasan industri ing Jawa Tengah iku?
A. 6
B. 8
C. 10
D. 11
E. 24
19. Gambar kasebut iku tuladha panganan tradisional Jawa sing digawe saka ketan. Padhatan jerone diiseni
abon utawa ayam. Saliyane iku panganan iki uga dibungkus karo godhong gedhang, supaya mateng lan
tanek panganan iku mau kudu didhang dhisik. Adhedhasar katrangan lan gambar kasebut, pangangan
tradisional iku jenenge ....
A. arem-arem
B. semar mendhem
C. lemper
D. nagasari
E. lupis
20. Pagelaran tradhisional Jawa menika salah satunggaling wayang wong. Wayang wong menika gabungan
saking seni drama ingkang misuwur ing negri Eropa kaliyan seni pagelaran wayang ingkang ngrembaka
ing tanah Jawa. Pagelaran wayang menika misuwur ing Kraton kangge hiburan golongan priyayi utawa
bangsawan.
Ana ing pethilan teks eksposisi ing kasebut ana tembung misuwur kang nduweni teges yaiku....
21. Ana ing salah sijine crita iki nduweni alur kang kompleks, lan uga diperang dadi sub-sub bab. Paraga
kang ana ing crita iki uga akeh lan dicritakake utawa dibangun kanthi dhawa, kepara bisa saka paraga
isih cilik nganti gedhe. Konflik kang dibangun ora mung siji, ananging umume luwih saka siji mulane
kala-kala alure dadi akeh.
Manut deskripsi kasebut, kabeh iku mau kalebu saka ciri-cirine….
A. Crita cekak
B. Crita rakyat
C. Novel
D. Roman
E. Prosa
22. Ing sawijining dina,Arman mangkat menyang kutha mergane ditampa gawean ana ing pabrik gedhe
kang wis suwe dikarepake. Tekan ing pabrik, Arman bungah mergane bisa nyenengke wong tuwane
bisa kerja sakwise tamat STM. Swara mesin kang nyapa pegawe pabrik ing dina iku keprungu banter
lan sesautan mesin siji lan liyane. Ora suwe, manajer pabrik nemoni Arman lan dijelaske aturane.
Unsur-unsur pambangun crita kang katon ana ing pethilan novel kasebut yaiku….
A. Konflik
B. Sudut pandang
C. Underan/ tema
D. Lelewaning basa
E. Watak wantuning paraga
Wacanen kanthi permati cerkak ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no 23 lan 24!
Prabandari Muridku
Lagi setengah taun aku mulang SMK Negri ing kutha Semarang. Ning rasane kok wis rumangsa
srek lan seneng. Murid-muridku isih ana rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang.
Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah
sithik, isih akeh sing padha mbujang. Awakku klebu yunior neng sekolahan kono. Sekolahan kuwi klebu
neng kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga
marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani
kanca lan disenengi murid-muridku. Jarene aku mono guru sing humoris. Ana siji muridku wadon sing
tansah dadi kawigatenku. Amarga bocah kuwi ya pinter, cepet ngerti yen diterangke. Ning ndhugale
……., ya ampun tenan. Yen rumangsa panemune bener, marang sapa wae wani, klebu marang aku
gurune. Bocah kuwi yen durung ngerti. Ora sungkan takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak gawani
PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku
kuwi takon :
Pak Gun, jenengan punika griyanipun pundi ta, pak ??
O …. aku neng kene mung kost kok, omahku adoh neng ndesa kana, dene olehku kost neng Kampung
Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?? Pitakonku marang bocah kuwi.
Inggih namung kepingin ngertos kok pak. Rak pareng ta menawi kula lan rencang-rencang dolan mrika
??
Wah ya pareng banget, ning ya matur dhisik sak durunge, merga kegiatanku kampus kuwi akeh banget?.
O …. inggih matur nuwun pak? kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari K.O.,
aku sing isih jaka kumala-kala iki, ati njur marahi gonjang-ganjing. Batinku : O Prabandari, wiwit aku
23. Adhedhasar wacan kasebut kepriye watake Pak Gun ing cerkak kasebut …?
A. grapyak, sumanak tresna marang murid
B. grapyak nanging ora tresna marang murid
C. humoris nanging ora grapyak
D. ora seneng tetulung marang sapa wae
E. besengut lan nesunan
24. Pethilan ukara ing cerkak kasebut “Pak Gun, jenengan punika griyanipun pundi ta, pak?” tulisan sing
dicetak miring yen disalin basa krama sing bener yaiku ...
A. Pak Gun jenengan nika griyanipun pundi ta, pak?
B. Pak Gun panjenengan punika dalemipu pundi ta, pak?
C. Pak Gun jenengan menika griyanipun pundi ta, pak?
D. Pak Gun panjenengan nika griyanipun pundi ta, pak?
E. Pak Gun jenengan nika dalemipun pundi ta, pak?
26. Pendhapa dumunung ing ngarep dhewe, perangan iki tansah dibuka tanpa ana wates ruwangan. Wujud
ruwangan iki ora tanpa ngemu teges, iki aweh pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka
lan mentingake karukunan.
Salah siji piguna pendhapa yaiku kanggo….
A. nampa tamu
B. nyimpen pari
C. nggelar wayang
D. nyimpen pusaka
E. ngumpul kulawarga
29. Miturut pethilan crita cekak kasebut, watak wantuning saka Rama yaiku….
A. Seneng tangi esuk
B. Sopan lan teka esuk
C. Sopan lan ngajeni wong
D. Sopan lan ngangeni wong
E. Sopan lan srawung milih wong
30. Nilai moral kang bisa dijupuk saka pethilan crita kasebut yaiku tumindak wong iku kudu
A. emban cinde emban ciladan.
B. tansah ngerti wong liyane.
C. ngajeni lan ora bedakna wong liya.
D. ngajeni lan emban cinde emban ciladan.
E. aja emban cinde emban ciladan lan mikir awake dhewe.
31. “Bud, tulung dijupuke map kang ana neng mejaku njero ya!” swarane atasane Budi saka njaba.
Ora ana wangsulan saka Budi babar blas. “Bud, awakmu ki neng endi to?” atasane sansaya banter
swarane. Ora suwe, Budi metu saka ruangan fotokopi. “Ya pak, jupuke apa lan neng endi map e?”
wangsulane Budi rada nggrundel.
Wangsulan saka Budi iku miturut unggah-ungguh basa kalebu salah. Kang bener lan pener yaiku…
A. Ya pak, jupuk napa lan wonten endi mapipun?.
B. Nggih pak, jupuk napa lan wonten pundi mapipun?.
C. Nggih pak, mendhet napa lan ing endi mapipun?.
D. Nggih pak, mendhet napa lan wonten pundi mapipun?.
E. Nggih pak, mendhet apa lan wonten pundi mapipun?.
32. Wektu iku ana siswa kang lagi wae rampung praktek saka industri. Dheweke diutus guru maju sesorah
bab industri, ora ana persiapan apa-apa, banjur gelem ora gelem dheweke kudu maju.
Miturut pethilan crita kasebut, metodhe sesorah kang digunakake siswa kasebut….
A. maca teks
B. ekstemporan
C. impromptu
D. ngapalake teks
E. maca naskah sithik
A. salam pambuka
B. ancakang gati
C. surasa basa
D. wasana basa
E. purwaka basa
34. Ana ing upacara wiji dadi, ubarampe kang dadi intine saka upacara kasebut yaiku….
A. Endhog
B. Suruh
C. Beras
D. Jajan
E. Banyu
35. Sandhangan iku dumadi saka ndhuwur, tengah, lan ngisor. ndhuwur kalebu headgear (blangkon kanggo
wong) lan dandanan rambut (bun, Konde,); sisih tengah kasusun saka kaos (surjan kanggo wong, lan
Kebaya kanggo wanita), lan perhiasan (aksesoris); uga ngisor wangun Footwear. Perangan rasukan
tiyang istri kudu adhedhasar Jenis Kelamin, umur lan status sosial.
Sandhangan tradisional dirancang kanggo anak kasusun saka sandhangan kencongan kanggo lanang lan
kanggo bocah-bocah wadon sabukwala.
36. Ana pirang-pirang panemu bab busana bathik. Bathik dipercaya bisa nuwuhake swasana religious
magis. Mula bathik kang mligi dienggo dening para priyagung Kraton. Para kawula ora entuk nganggo.
Manut arsip Kraton Ngayogyakarta, ndhisik,bathik semen, cemungkiran, lan udan riris dianggep bathik
dhuweke kraton kang mung dienggo dening para raja, priyagung,punggawa, lan para sutresna dalem
kraton. Dadi kala semana bathik iku minangka simbol status sosial masarakat ana ing bebrayan agung.
Isi utawa pokok-pokok isine kang bisa dijupuk saka teks kasebut yaiku…
A. Bathik iku ndhisik mung ora kanggo priyagung kraton.
B. Bathik iku ndhisik mung kanggo priyagung ngayogyakarta.
C. Bathik iku ndhisik mung kanggo abdi dalem ngayogyakarta.
D. Bathik iku ndhisik mung kanggo priyagung lan abdi dalem ngayogyakarta.
E. Bathik iku ndhisik mung kanggo arsip ing kraton lan abdi dalem ngayogyakarta.
39. Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunti jalaran lahire ponang jabang bayi kang
awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe
arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakaken si bungkus. Wisiking dewa
sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana……..(Crita Bima Bungkus)
42. Safa iku kelas 10, nembe gladhen ginakaken ampere meter . Yen ditulis aksara jawa yaiku …?
A.
B.
C.
D.
E.
C.
D.
E.
45. Kang dikarepake saka ujaran Aja nglungguhi bantal mundhak wudunen yaiku ora entuk nglungguhi
bantal mergane…
A. Bisa nularke penyakit wudun.
B. Lumrahe bantal kanggo sirah
C. Bantal biasa dinggo wong akeh.
D. Bantal iku ora dingo lungguh.
E. Yen lungguh kudune ing kursi
48. Tembang kang jumbuh kanggo nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale wisma
(rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo kulawargane yaiku tembang ….
A. Mijil
B. Sinom
C. Durma
D. Kinanthi
E. Dhandhanggula