Anda di halaman 1dari 4

Tembung Entar

Tembung entar yaiku tembung sing tegese ora padha karo teges
saktenane. Tuladha, ngangsu kawruh. Tembung ngangsu kawruh ora teges
ngunggahke kawruh saka sumur. Ngangsu kawruh tegese golek ngelmu. Contoh
liyane umpane abang kupinge. Abang kupinge ora teges kupinge warnane
abang. Abang kupinge tegese nesu banget.
Dadi tegese ora salugune. Diarani uga arti kiasan (terjemahan; Tembung
entar yaitu kata pinjaman, kata yang tidak dapat diartikan sebenarnya. Jadi
artinya bukan sebenarnya. Dinamakan juga arti kiasan).
Entar = silih = ampil (pinjam). Tembung entar tegese tembung-tembung
sing duwe teges ora sabenere. Ing Basa Indonesia diarani kiasan utawa
ungkapan.

Contoh tembung entar:


1. Abang-abang lambe, tegese mung lelamisan, ethok-ethok ora tenanan.
2. Abang dluwang, tegese putih/pucet banget
3. Abang raine, tegese kewirangan, kisinan.
4. Abot kapuk, tegese entheng banget.
5. Adol bagus, tegese mamerakake baguse.
6. Adol ayu, tegese mamerake ayune.
7. Adus kringet, tegese nyambut gawe abot, nyambut gawe mempeng.
8. Ala jenenge, tegese ora dipercaya wong liya.
9. Alus tembunge, tegese omongane kepenak dirungokake.
10. Atine ana wulune, tegese duwe kekarepan ala, drengi srei.
11. Bau suku, tegese tenaga, abdine.
12. Mbukak wadi, tegese ngandhakake wewadining liyan.
13. Mbuwang tilas, tegese nutupi tumindake sing ora becik.
14. Cegah elek, tegese sarana kanggo supaya betah melek.
15. Cagak urip, tegese sarana kanggo nyukupi kabutuhan urip.
16. Cepak rejekine, tegese gampang anggone golek rejeki.
17. Cilik atine, tegese tansah ngandhut kuwatir, sumelang.
18. Cupet nalare, tegese ora bisa mikir.
19. Dadi gawe, tegese tansah ngrepotake wong liya.
20. Dawa tangane, tegese seneng njupuk darbeking liyan, seneng colong jupuk.
21. Ndhedher kabecikan, tegese tumindak becik marang wong liya.
22. Dhuwur pangkate, tegese dadi panguwasa.
23. Entek atine, tegese kuwatir banget, keweden banget.
24. Entheng tangane, tegese seneng milara, cengkiling.
25. Enthengan tangane, tegese seneng nyambut gawe, seneng nulung wong liya.
26. Gedhe atine, tegese ora gampang sumelang, tatag.
27. Gedhe endhase, tegese gumedhe, sumangkean.
28. Gedhe omonge, tegese umuk, seneng ngumukake deduweke.
29. Nggedhekake puluk, tegese ora prihatin, akeh mangane ora prihatin.
30. Nggegem tangan, tegese ora gelem tandang gawe, keset ora gelem nyambut
gawe.
31. Golek urip, tegese nyambut gawe kanggo nyukupi urip.
32. Idu geni, tegese kabeh guneme kudu bisa ditindakake utawa kudu bisa
klakon.
33. Jembar dhadhane, tegese sabar banget.
34. Jembar kawruhe, tegese akeh kawruhe, akeh ngelmune.
35. Jembar segarane, tegese sugih pangapura.
36. Kandel kulite, tegese ora bisa ngrasakake, degdaya, ampuh, sekti.
37. Kembang lambe, tegese tansah dadi pocapane liyan, tansah dadi gunemane
liyan.
38. Kulak warta, tegese golek kabar.
39. Kuwat drajad, tegese cocok dadi panguwasa, cocok dadi pemimpin.
40. Lambe tipis, tegese akeh omonge, criwis.
41. Landhep dhengkul, tegese bodho banget.
42. Landhep pikire, tegese pinter.
43. Lara ati, tegese serik, lara atine.
44. Lara ayu, tegese lara cacar.
45. Lobok atine, tegese sabar banget.
46. Lumah tangan, tegese ora gelem cawe-cawe, ora gelem nandangi.
47. Lunyu ilate, tegese guneme mencla-mencle.
48. Manis tembunge, tegese omongane gawe seneng.
49. Mata dhuwiten, tegese petung banget marang dhuwit.
50. Mateng kawruhe, tegese pinter, sekolahe dhuwur.
51. Mati sandhang pangane, tegese ora ana dalan kanggo golek sandhang
pangan/ panguripan.
52. Mati ilate, tegese ora bisa ngrasakake enake panganan.
53. Meres kringet, tegese nyambut gawe kanthi mempeng.
54. Mogel ilate, tegese seneng mangan enak.
55. Nandur kabecikan, tegese tumindak becik, gawe becik.
56. Ngangsu kawruh, tegese sekolah, maguru, mondhok ing pesantren.
57. Ngatonake siyunge, tegese nuduhake panguwasane, nuduhake wanine.
58. Ngatonake dhadhane, tegese umuk, sesumbar, pamer.
59. Ngendhaleni hawa nafsu, tegese nyegah kekarepan ala.
60. Nggedhekake puluk, tegese kurang prihatin, seneng mangan enak.
61. Nyolok mata, tegese tumindak sing ora prayoga ing sangarepe bojone,
tumindak ala kanthi terang-terangan.
62. Oleh wirang, tegese kisinan, kewirangan.
63. Ora duwe ati, tegese wedi, kuwatir banget.
64. Padhang pikire, tegese seneng.
65. Padhang ulate, tegese sumeh, grapyak.
66. Panas atine, tegese nesu banget.
67. Papan kiwa, tegese papan ora adhakan, ora ketengan kambah wong.
68. Pedhes tembunge, tegese guneme gawe serik.
69. Peteng atine, pikire, tegese susah, sedhih.
70. Rai gedheg, tegese ora duwe isin.
71. Rupak raine, tegese cuketan.
72. Rupak jagade, tegese judheg, ora bisa lunga-lunga.
73. Sepi kawruhe, tegese bodho.
74. Sepi ing pamrih, tegese ora duwe pamrih, ora duwe melik.
75. Sesak dhadhane, tegese mangkel, serik banget.
76. Tadhah udan, tegese lirangan gedhang sing ndhuwur dhewe, sawah
ditanduri pari mung musim udan.
77. Tatu atine, tegese serik banget.
78. Tipis lambene, tegese seneng nyatur eleking wong liya, criwis.
79. Thukul pikire, tegese akeh akale.
80. Thukul turune, tegese duwe turun, duwe anak.
81. Udan tangis, tegese akeh sing padha nangis.
82. Ulate peteng, tegese nesu.
83. Utang nyawa, utang pati, tegese gawe pepati.
84. Utang wirang, tegese gawe wirange wong liya.
85. Weteng karet, weteng kadhut, tegese akeh pangane, akeh tadhahe.
86. Wedi getih, tegese jirih.
87. Wedi kangelan, tegese ora gelem rekasa, kesed.

Anda mungkin juga menyukai