Anda di halaman 1dari 2

Nama : ALIFA SALWA MUYASSAROH

Kelas : III (Tiga)


Asal Sekolah: SD 1 Ngemplak

Ringkesan Cerita Asal Usul Kutha Kudus

Kutha Kudus dadi Panggonan pamerentah Kabupaten Daerah Tingkat II Kudus ing
Propinsi Jawa Tengah, neng jaman biyen ana desa cilik sing dikuwasani Kerajaan Majapait.
Nanging padunungane ora megah banget, kejaba salah sawijine ana panggonan kang dadi
utamane lalu lintas ekonomi saka pelabuhan Jepara marang pedalaman Majapait lan sebalike.
Ana desa cilik sing dienggoni pedagang Cina jenenge Sun Ging. Ora naming
dedagangan, Sun Ging uga pinter ngukir saengga omahe kebak karo ukiran. Suwe-suwe
katrampilan sing mangkono kuwi nganthi kasebar neng Istana Majapait saengga Sun Ging
dikongkon ngukir pajangan sing ana keratin. Banjur gaweane kuwi dirampungake kanthi apik,
ditakoni Sun Ging neng Raja :
“ Kowe arep njaluk apa saka Majapait ?
“ Nyuwun sewu Paduka, kula kapingi lemah ing kang kula panggoni sakmenika saget kula
tanemi aneka werni woh-wohan” .
“ Kenapa kowe malah njaluk kaya kuwi, ora malah emas utawa permata utawa prameswari
Majapait sing ayu ? “ Pitakone Raja.
“ Lemah kemawon Paduka, sampun cekap, lemah menika saget dados emas lan permata “
“ Yen mengko kowe ora bias bali neng panggonan leluh umur, apa kowe arep ngabdi neng
Majapait ? tembunge Raja karo muji kasetiaane Sun Ging.
“ Menawi dikeparengake, kula purun kemawon Paduka “ wangsulane Sun Ging.
Sawise nrima paweweh saka Raja, karo ati kang seneng dheweke njaluk supaya bisa bali
neng ndesane lan bisa ngadhekake paguron ukir. Panjalukane Sun Ging dikabulake Sang Raja,
saengga akeh wong sing sinau ngukir. Pungkasan, desa kuwi dadi desa Sunggingan, kajaba asale
saka Sun Ging, yen panambungan artine panggonan. Dadine, Sunggingan artine panggonane
kaluwarga Sun Ging.
Nanging, ana crita liyane yen Sunggingan kuwi panggonan wong-wong sing nyungging
artine nglukis lan ngukir. Neng critane disebutake yen Sunggingan kuwi duweke The Ling Sing,
yakuwi pedagang Cina sing biyene jenenge Sun Ging.
Ekonomi desa Sunggingan teru bae bisa mekar sanajan pamerintahan kerajaan Majapait
neng Jatim ora ana kabare. Kuwi kabeh dadi perhatiane Raden Patah sing wis bisa ngadekake
Kerajaan Islam Demak, bintoro neng Demak sing ora adoh saka desa kuwi.
“ Desa Sunggingan kuwi kutha sing gedhe lan penting cedhake Jepara, sing wis bisa
ngembang dadi pelabuhan. Saengga gage prelu diislamke supaya entuk dukungan saka Demak
Bintoro, pikire Raden Patah.
Ora suwe banjur diprentahake karo Syekh Ja’far Sodiq, kyai gedhe saka Persia, kanggo
ngislamake Sunggingan.
Krungu prentah sing kaya mangkono kuwi Syekh Ja’far Sodiq lunga ning Demak Bintoro
marang desa Sunggingan karo santri-santrine. Satibane neng kana ana wawangunanlawang
gerbang Kerajaan Majapait sing wis ora diplihara. Kuwi malah dadi, ngei ilham Syekh Ja’far
Sodiq kanggo narik simpati masyarakat sing isih nganut agama Hindu.
Awale gerbang utawa gapura kuwi Syekh Ja’far Sodiq ngundhang masyarakat sing
ngrungokake ajaran anyar yakuwi Islam. Carane yakuwi nyakralake kewan sapi lanang sing
gedhe cedhak gerbang kuwi. Masyarakat dadi kepingin ndhelok kewan kuwi sing dianggep
kewan sacral agam Hindu. Saengga yen masyarakat lagi ndhelok digunakan Syekh Ja’far kanggo
khotbah agam Islam. Awit ketlatenane Syekh Ja’far, desa Sunggingan dadi nganut agama Islam
lan gelare Kyai Telingsing saengga Syekh Ja’far diparabi Sunan Kudus.

Anda mungkin juga menyukai