Anda di halaman 1dari 11

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL
TAHUN AJARAN 2022 / 2023
SMA KABUPATEN JEPARA
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas : X/FASE E
Hari,tanggal :
Waktu : 90 Menit

I. PILIHAN GANDA

Kanggo pitakon nomer 1 – 2


Museum Diponegoro
Museum iki manggon ing Magelang, persis ing Jl. Diponegoro No.1. Gedhunge
manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Kedu kang dibangun 1810. Ing kene,
mbiyen Pangeran Dipanegara (Diponegoro) diapusi dening Walanda. Ing museum iki
kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran Dipanegara, klambi kang ukuran
dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter, digawe seka bakal (kain) santung. Ana uga
kitab Tahrib, bale kanggo sholat, 7 (pitung) cangkir, lan maneka warna liyane.

1. Wacan kasebut kalebu jinis teks ....


A. Narasi
B. Persuasi
C. Deskripsi
D. Eksposisi
E. Argumentasi

2. Pranyatan kang trep miturut wacan ing dhuwur yaiku ....


A. Museum Diponegara manggon ing Magelang, persis ing Jl. Diponegoro No.11.
B. Ana kitab Kuning, bale kanggo sholat, lan piring ing Museum Diponegara.
C. Ing museum Diponegara kasimpen meja kursi kang ana guratane kuku Pangeran
Dipanegara.
D. Ana kain kang ukuran dhuwure 1,57 meter lan ambane 1,35 meter ing Museum
Diponegara.
E. Museum Diponegara manggon ing sisih kiwa Pendhapa Karesidhenan Pati.

Kanggo pitakon nomer 3 – 5


Pak Dhe Sastro kuwi kangmase Ibu kang mbarep, kang pidalem ana Desa Purwantoro.
Nalika isih timur, Pak Dhe ngasta ana DKA, ringkesan saka Djawatan Kereta Api, saiki PT
Kereta Api, perangan saka Kementrian Perhubungan. Ing sela-selane nindakake pakaryane
kang utama, Pak Dhe Sastro uga prigel ndhalang, lan pancene panjenengane luwih kawentar
minangka dhalang kondang. Dina Minggu iku, aku sakanca marem banget, jalaran nampa
katrangan lan crita wayang kang maneka warna, lan banget nengsemake.

3. Wacaning dhuwur kalebu jinis teks ....


A. Narasi
B. Persuasi
C. Deskripsi
D. Eksposisi
E. Argumentasi

4. Nalika isih timur, Pak Dhe ngasta ana DKA, ringkesan saka Djawatan Kereta Api, saiki PT
Kereta Api, perangan saka Kementrian Perhubungan.
Tembung “timur” ing wacan kasebut duweni teges ....
A. Lor
B. Nom
C. Tua
D. Sehat
E. Ngetan

5. Nalika isih timur, Pak Dhe ngasta ana DKA, ringkesan saka Djawatan Kereta Api, saiki PT
Kereta Api, perangan saka Kementrian Perhubungan.
Tembung “ngasta” ing wacan kasebut duweni teges ....
A. Kerja
B. Sinau
C. Mulang
D. Nggawa
E. Nggawe

Kanggo pitakon nomer 6 – 7


Wis ora mokal maneh yen praktik pidhato iku kaya obat kuwat kanggo mangun rasa
percaya dhiri. Yen rasa percaya dhiri mau wis gedhe, pamicara bias ngayahi tugas kanthi
tenang tanpa ana godha (kaya rasa isin), wedi lan grogi. Percaya dhiri mau kang dadi modal
pisanan kanggo nggayuh keberhasilan pidhato. Mula supaya mahir lan trampil pidhato,
panjengan kudu nglakoni praktik pidato.

6. Wacaning dhuwur kalebu jinis teks ....


A. Narasi
B. Persuasi
C. Deskripsi
D. Eksposisi
E. Argumentasi

7. Irah-irahan kang paling trep kanggo wacan kasebut yaiku ....


A. Obat Kuat Mangun Pracaya Dhiri.
B. Metode kang Apik kanggo Pidato.
C. Cara Ngurangi Grogi nalika Pidato.
D. Struktur kang Runtut ing Teks Pidato.
E. Mangun Pracaya Dhiri kanthi Praktik Pidato.

Kanggo pitakon nomer 8 – 10


Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum dianakake. Ari-ari iku
bagian penghubung antarane ibu lan bayi wektu bayi isih ning jero rahim.Wong Jawa
percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi,
mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga tuladhane panggon kanggo mendhem ari-ari iku
diwenehi lampu (umume senthir) kanggo panerangan, iki dadi simbol “pepadhang” kanggo
bayi. Senthir iki diuripake nganti 35 dina (selapan). Ari-ari dikumbah nganti resik
dilebokake ing kendhi utawa bathok klapa. Sedurunge ari-ari dilebokake, alas kendhi
diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan
dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ing papan panguburan.
Ing papan panguburan kendhi kudu ing sisi tengen lawang utama omah. Sing mendhem
kendhi kudu bapak kandhung bayi.

8. Wacan kasebut kalebu jinis teks ....


A. Narasi
B. Persuasi
C. Deskripsi
D. Eksposisi
E. Argumentasi

9. Miturut wacan ing dhuwur, wong kang duwe kuwajiban mendhem ari-ari bayi utamane
yaiku ....
A. Bidan
B. Simbah
C. Dukun bayi
D. Ibu kandhung
E. Bapak kandhung

10. Makna senthir nalika mendhem ari-ari bayi yaiku ....


A. Supaya ari-ari cepet garing.
B. Supaya bayi ora kadhemen.
C. Minangka simbol katentreman.
D. Minangka simbol pepadhang kanggo bayi.
E. Supaya papan panguburan ari-ari adoh saka kewan/ bebaya liyane.

Kanggo pitakon nomer 11 – 13


Wonten ing kabudayan Jawi menika, kususipun ing basa Jawi, wonten kathah sanget
bebasan ingkang gadhah unsur pendidikan budi pakarti, etika, moral, ingkang sejatosipun
sampun diakui kaliyan bangsa Indonesia. Kangge tuladhanipun inggih menika bebasan
“gemi, nastiti, lan ngati-ati”.
Gemi menika ateges mboten boros, manungsa menika mboten pareng boros wonten
gesangipun, amargi boros menika kalebet tumindak ingkang mboten sae. Nastiti menika
ateges mboten nyedhak kaliyan babagan ingkang angel, dados manungsa menika mboten
usah kangelan anggenipun ngadhepi gesang menika, nanging kedah usaha kemawon. Ngati-
ati menika ateges ngedohaken awakipun saking tumindak ingkang ala (mboten sae/kelentu),
manungsa menika kedah miturut kaliyan mergi ingkang sae, manut kaliyan moral lan aturan
ingkang wonten ing masarakat.

11. Wacan kasebut kalebu jinis teks ....


A. Narasi
B. Persuasi
C. Eksposisi
D. Argumentasi
E. Deskripsi

12. “Manungsa ora prelu kuwatir anggone ngadhepi urip mung prelu usaha wae”. Pranyatan
kasebut jumbuh karo perangan bebasan yaiku ....
A. Gemi
B. Nastiti
C. Tekun
D. Teteken
E. Ngati-ati

13. Gagasan utama saka wacan kasebut yaiku ....


A. Gemi ateges manungsa nalika urip ora oleh boros.
B. Ngati-ati ateges manungsa kudu ngadohake saka bab kang ala.
C. Nastiti ateges manungsa mung prelu usaha ora kena susah anggone nglakoni urip.
D. Gemi, nastiti, lan ngati-ati dadi siji-sijine bebasan kang duweni unsur pendidikan.
E. Basa Jawa duweni bebasan kang ngemot unsur nilai pendidikan lan diakoni dening
bangsa Indonesia

14. Gatekna wacan ing ngisor iki!


Gunung Bromo minangka salah sawijining gunung sing dadi tujuan wisata alam favorit
ing Jawa Timur. Dumunung ing antarane papat kabupaten, yaiku Probolinggo, Lumajang,
Pasuruan, lan Malang. Dhuwure Gunung Bromo kurang luwih 2.329 mèter. Ana kawah ing
tengah gunung iki. Kanggo munggah gunung lan ndeleng kawah, pangunjung kudu ngliwati
ara-ara samun. Ing wayah awan, hawa bakal panas nanging ing kono hawane isih adhem.
Wedhi uga kerep mabur yen ana angin gedhe. ...

Pranyatan kang ora trep miturut wacan ing dhuwur yaiku ....
A. Ana kawah ing tengahe Gunung Bromo.
B. Gunung Bromo duweni hawa kang adhem.
C. Gunung Bromo wisata favorite wong Jawa Timur.
D. Gunung Bromo dhuwure kurang luwih 2.329 meter.
E. Gunung Bromo dumunung ing antarane papat kabupaten.

15. Irah-irahan teks eksposisi sing paling trep miturut gambar ing ngisor iki yaiku ....

A. Swasana ing sajrone Bank.


B. Cara Migunakake Mesin ATM.
C. Bedane Komputer lan Laptop.
D. Ayo padha Nabung ing Bank!
E. Bayar Tagihan Listrik kanthi Online.

Kanggo pitakon nomer 16 – 18


Jejer Ngastina. Duhkitaning Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunti jalaran lahire
ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumawa kanggo mbedah
bungkus. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan mung lelamisan,
bakune arsa nyirnakake si bungkus.
Permadi banjur kautus sowan eyange Resi Abiyasa ing Sapta Arga. Wisiking dewa
supaya sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana. Ya ing alas kono mengko bakal ana
kaelokaning jagad kang dadi sarana ruwating si bungkus saka panandhange.
16. Miturut teks ing dhuwur paraga sing lagi nandhang sedhih yaiku ...
A. Kurawa
B. Permadi
C. Si Bungkus
D. Resi Abiyasa
E. Prabu Pandudewanata lan Dewi Kunthi

17. Paraga kang duweni watak antagonis yaiku ....


A. Kurawa
B. Permadi
C. Prabu Pandu
D. Dewi Kunthi
E. Resi Abiyasa

18. Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan mung lelamisan, bakune arsa
nyirnakake si bungkus.
Tembung “lelamisan” ing pethilan teks crita wayang kasebut tegese....
A. Lila
B. Legawa
C. Ethok-ethok
D. Mimisen
E. Tenanan

19. SiBungkus tumakon marang Sang Kabayandewa, “Heemmm, aku iki sapa?”
“Perkencong, perkencong waru doyong, ngger, sira kuwi sejatine putra kapindho ratu ing
Amarta Prabu Pandudewanata. Sira lahir awujud bungkus, lan kersaning dewa sira kudu
dadi satriya utama…, lan sira tak paringi tetenger Bratasena ya ngger…”
Paraga Bratasena duweni dasanama/jeneng liya yaiku ....
A. Arjuna
B. Nakula
C. Werkudara
D. Sadewa
E. Yudhistira

20. Ing crita Dewa Ruci, Bima mituhu kabeh dhawuhe Durna minangka gurune sanajan
anggone dhawuh iku ngetohake nyawa, nanging Bima ora nggresula. Saka crita kasebut
pamireng ngreti yen karep saka crita iku supaya murid bekti karo gurune.
Perangan iku mapan ana ing crita kang diarani ....
A. Pesen/ amanat
B. Watak tokoh
C. Tokoh
D. Latar
E. Alur

21. Sanajan Punakawan (Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong) iku dadi batur lan drajate mung
cendhek, nanging disenengi dening para satriya kang duwe tindak laku utama. Kabeh iku
kagawa saka tindak tanduk lan pakarti kang ditindakake Punakawan sing jujur, prasaja, lan
ora neka-neka. Pratelan kasebut nuduhake unsur crita wayang sing diarani ....
A. Alur
B. Latar
C. Tema
D. Watak
E. Pesen/amanat

Kanggo pitakon nomer 22 – 24


Sabanjure Duryudana lan Patih Sengkuni nganakake pasatemon karo Dursasana,
Kartamarma, Citryuda, Durmagati, Citraksi, lan saperangan Kurawa liyane. Patih Sengkuni
nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna kanggo nyingkirake
Bima. Carane manut marang Pandhita Durna, kang baku ora ngelok-ngelokake langsung
para Kurawa. Sengkuni uga mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang
Sokalima. Menawa Pandhita Durna ora kasil ngojok-ojoki Bima, Kurawa kudu tumindak
cekat-ceket. Kroyok lan pateni Bima ing Sokalima. Duryudana lan Sengkuni banjur budhal,
banjur disusul dening Kurawa liyane.

22. Unsur crita wayang sing paling cetha yaiku ....


A. Alur
B. Latar
C. Tema
D. Amanat
E. Punjering crita

23. Paraga kang duweni gagasan kanggo nyingkirake Bima yaiku ....
A. Kurawa
B. Durydana
C. Kartamarma
D. Patih Sengkuni
E. Pandhita Durna

24. Pranyatan kang ora trep karo pethilan crita wayang ing dhuwur yaiku ....
A. Pandhita Durna kasil ngojok-ojoki Bima.
B. Patih Sengkuni nyaranake supaya ngroyok lan mateni Bima ing Sokalima.
C. Sengkuni mrentah Kartamarma supaya ngerahake Kurawa menyang Sokalima.
D. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana kudu manut marang Pandhita Durna.
E. Patih Sengkuni nyaranake supaya Duryudana njaluk pambiyantune Pandhita Durna.

25. Satriya Pandhawa ing wektu iku lagi khusyuk semedine njaluk marang Dewa supaya
ngubah wujud Tetuka kang wujud raksasa. Amarga semedine kang kanthi temenan iku,
bisa ngubah langit dadi peteng, gunung-gunung padha obah, segara asat amber, lan jagad
gonjang-ganjing, sarta udan salah mangsa. Saka kedadean iku Bathara Narada ngerti yen
ana satriya kang khusyuk semedi njaluk marang Dewa supaya maksude dikabulake Dewa.
Pesen kang kamot saka pethilan crita wayang ing dhuwur yaiku ....
A. Kabeh gegayuhan ora butuh pangorbanan.
B. Kabegjan bakal terus ana ing awake dhewe.
C. Niat kang ala bakal entuk piwales kang ala.
D. Cecongkrahan ora bakal ndadekake kamulyan.
E. Pepinginan bakal kagayuh kanthi usaha kang tumemen.
Kanggo pitakon nomer 26 – 27
Manuk cilik iku mau mabur nyedhaki Yudhistira lan njaluk supaya menehi
perlindungan amarga dheweke digudak elang gedhe sing bakal mangan dheweke. Manuk
cilik ujar yen dheweke kepengin dilindhungi Yudhistira amarga duweni anak sing kudu
diwenehi pangan. Yudhistira langsung nyetujoni penjalukane manuk cilik iku supaya dijaga.
Ora let suwe, elang gedhe nyedhaki Yudhistira kelawan langsung njaluk supayaYudhistira
masrahake manuk cilik sing dicekel. Yudhistira nolak kepinginane elang gedhe.

26. Nilai kang kamot sajroning pethilan crita wayang ing dhuwur yaiku ....
A. Jujur
B. Keadilan
C. Ngabdi mring negara
D. Tanggap ing sasmita/ Empati
E. Mad sinamadan/ saling menghargai

27. Paraga protagonis ing pethilan crita wayang kasebut yaiku ....
A. Elang gedhe
B. Manuk cilik
C. Yudhistira lan manuk cilik
D. Yudhistira lan elang gedhe
E. Manuk cilik lan elang gedhe

Kanggo pitakon nomer 28 – 29

28. Gambar wayang ing dhuwur nuduhake satria prakosa turunane Bima lan Dewi Arimbi yaiku
....
A. Permadi
B. Gatutkaca
C. Basukarna
D. Duryudana
E. Puntadewa

29. Paraga wayang kasebut duweni piranti sekti kang bisa kanggo mabur kanthi aran ....
A. Cundha Manik
B. Ajian Sepiangin
C. Gada Rujakpala
D. Kuku Pancanaka
E. Kotang Antakusuma
30. Gambar wayang ing ngisor iki duweni jasa gedhe minangka pamong para Pandhawa kang
arane ....

A. Semar
B. Petruk
C. Gareng
D. Bagong
E. Bambang Tetuka

31. ?tuldtemB|=k=z=[gosnDznMnFsWryaiku...
A. Kreta
B. Ngelu
C. Kanca
D. Slamet
E. Wayang

32. ?t=gl\;10;ssi;12;taun\;2015;adikulai/.
Saka wacan kasebut, adhine lair ing wulan ....
A. Agustus
B. Oktober
C. Desember
D. November
E. September

33. Bapakdhaharkacanggodhoklanngunjukkopi.
12 3 4 5 6 7
Tembung kang migunakake sandhangan mandaswara ing ukara kasebut ana ing nomer ....
A. 1, 3
B. 2, 3
C. 2, 7
D. 4, 6
E. 1, 5

34. Ukara kang migunakake sandhangan mandaswara yaiku ....


A. ?aibumundutTign\
B. ?p[kDzgemRsukKn\
C. ?bu[dtinFkPeken\
D. ?adi[kKshse[kolh.
E. ?msYfim[ao[sKorn\
35. ?[nome/[tlPu[nNrufiyaiku ;081390661321.
Ing aksara Latin dadine ....
A. Nomer telpune Rudi yaiku 081390771321.
B. Nomer telpune Rudi yaiku 081390661321.
C. Nomer telpune Rudi yaiku 081390881321.
D. Nomer telpune Rudi yaiku 081390991321.
E. Nomer telpune Rudi yaiku 081390661221.

36. Melsa duwe dhuwit 100.000 rupiah. Dinggo tuku gethuk 18.000 rupiah, es pleret 20.000
rupiah, lan bakwan 15.000 rupiah. Dhuwit sing isih diduweni Melsa yaiku ....
A. ;47000;rupiyh
B. ;53000;rupiyh
C. ;67000;rupiyh
D. ;54000;rupiyh
E. ;13000;rupiyh
37. Gatekna pacelathon ing ngisor iki!
Yadi : “Bulek Siti kagungan kersa acara supitan putranipun ingkang mbajeng.
Sakmenika ngawontenaken tanggapan Jathilan. Menapa Bapak badhe mirsani?”
Bapak : “....”
Wangsulane Bapak kang paling trep yaiku ....
A. ?bL[sHorkufu.
B. ?whapikTenn\
C. ?ai=zenFi[aomh[a.
D. ?spsi=mainJqiln\
E. ?y,a[yofi,pd[no[nTonBebx=zn\

Kanggo pitakon nomer 38 – 40


?t=gl\;19;julitaun\;2022;se[kolhkug[wkgiyt[nPenTsSeni.gurulnK/ywnK=cch[a;80;s/
tsisWk=cch[a;360;k[bh[mluv_kuyu=.kgiytnHikiaugfi[lomBa[k.afiyznTi;7;yutffisemztPrsis
W.
38. Kagiyatan kang dianakake ing sekolah kasebut yaiku ....
A. Slametan
B. Karnaval
C. Pengajian
D. Pentas seni
E. Sedhekah bumi

39. Cacahe siswa ing sekolah kasebut yaiku ....


A. 70
B. 80
C. 360
D. 260
E. 250

40. Hadiah saka kagiyatan kasebut yaiku ....


A. Dhuwit nganti 9 yuta
B. Dhuwit nganti 7 yuta
C. Dhuwit nganti 6 yuta
D. Dhuwit nganti 5 yuta
E. Dhuwit nganti 8 yuta
I. Uraian

1. Tulisna teks deskripsi adhedhasar gambar ing ngisor iki!

2. Pranyatan-pranyatan ing ngisor iki kalebu jinis teks apa wae?


Pratelan Jinis Teks
1. Njlentrehakesawijining bab/ informasi tanpa didhasari
supaya pamaos bisa nampa utawa narima.Adate digunakake
kanggo mbabarake ilmu, pangerten, langkah - langkah ....
sawijining kagiyatan, metode, cara, lan proses dumadine
sawijining bab utawa prastawa.
2. Mbudidaya kanggo ngowahi panemune wong liya, supaya
percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo kang ....
dikarepake panulis/ kang ngomong.
3. Nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan
(objek), objek mau kaya – kaya ana ngarepe wong kang ....
maca.
4. Nyritakake kanthi cetha rerangkening tumindak ing
....
sajroning prastawa, kang winates ing sajroning wektu.
5. Ngandharake gagasan nganggo alesan, bukti, utawa tuladha
kanggo nyakinanke pamaos banjur dibarengi nganggo ....
ajakan, imbauan utawa saran marang pamaos.

3. Wacanen teks crita wayang ing ngisor iki!


KarnaGugur
Adipati Karna madeg senapati bala Kurawa ing perang Baratayuda sawise Durna
gugur. Adipati Karna ngadeg ning kreta kang dikusiri dening Prabu Salya. Ing pasukane
Pandawa, Arjuna madeg dadi senapati kanthi kusire Prabu Kresna. Ing pabaratan, Adipati
Karna perang tandhing lawan Arjuna. Kelorone padha-padha ngetokna kasektene lan
ngetokna kabeh gaman sing diduweni.
Perang tandhing kang rame nganti tekan wayah sore. Rodha kretane Suryaputra
keblusuk ning beletan. Adipati Karna banjur mudhun saka kreta lan njunjung rodane.
Emane usahane siya-siya, malah rodhane tambah jero. Sri Kresna kang dadi kusire Arjuna
banjur ngongkon supaya Arjuna manah Karna sing lagi njunjung rodha kreta. Karna sing
meruhi Arjuna arep ngetokna panahe, rumangsa was-was. Mula banjur arep ngrapal mantra,
ning ora ana sijia sing kemutan.
Kanthi rasa mangu-mangu pungkasane Arjuna manut karo prentahe Kresna lan
nguculna panah. Karna sing esih durung bisa ngetokna kasektene maneh, kena panahe
Arjuna. Sirahe Karna ngglundhung ing palagan. Karna mati ing paprangan mbelani Kurawa.
Karna tetep mbelani Kurawa senajan ngerti tumindake Kurawa ora bener, amarga Karna
kepengin males sihe Duryudana sing wis ndadekna dheweke adipati ing Negara Awangga.

Apa pesen moral kang bisa dijupuk saka crita wayang kasebut?

4. Owahana ukara ing ngisor iki kanthi migunakake aksara Jawa!


Para siswa dipundhawuhi maca buku kaca 42 tekan 59.

5. Owahana ukara ing ngisor iki nganggo aksara Latin!


?nlik[go[lkWl=ai=swh,a[khmnukMbu/znTiduwu/.

Anda mungkin juga menyukai