Anda di halaman 1dari 3

PIWULANGAN 2 B.

JAWA KELAS X

A. Pathokan/ paugeran tembang pangkur pada 1


PAUGERAN
CAKEPAN TEMBANG GURU GURU GURU
WILANGAN LAGU GATRA
Mingkar mingkuring angkara, 8 a
Akarana karanan mardi siwi, 11 i
Sinawung resmining kidung, 8 u
Sinuba sinukarta, 7 a 7
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung 12 u
Kang tumrap neng tanah Jawa, 8 a
Agama ageming aji. 8 i

B. Tegese tembung
Terjemahan Basa
Pada Tembung Teges tembung liyane
Indonesia
1 Mingkar mingkur Ngedohi, nyingkiri menghindari
Angkara angkara murka angkara
Akarana amarga karena
Karenan seneng, lega senang
Mardi mulang, ndhidhik mengajar
Siwi anak anak
Sinawung (sawung+ -in-) Sinambi, disisipake Disisipkan, tersirat
resmining kaendahane indahnya
kidung tembang lagu
Sinuba (suba + -in-) Becik, endah dengan baik
Sinukarta (sukarta + -in-) Disubya-subya disambut
Mrih supaya supaya
kretarta kasil, kasembadan Hasil, terkabul
pakartining pagawean memperoleh
Tumrap Kanggo, marang untuk
Luhung luhur luhur
aji Ratu, raja Ratu, raja

C. Teges cakepan, isi, lan pesen tembang pangkur pada 1


Tembang Tegese wedharan
Mingkar mingkuring angkara, Nyingkiri sipat angkara
Akarana karanan mardi siwi, Amarga kepingin mulang anak
Sinawung resmining kidung, Disisipake ing kaendahane tembang
Sinuba sinukarta, Digawe luwih endah
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung Supaya bisa nggayuh ngelmu kang luhur
Kang tumrap neng tanah Jawa, Kanggo ing tanah Jawa
Agama ageming aji. Agama diumpakaken busana kanggone raja
ISI/ WOS : nyingkiri tumindak angkara tujuane kanggo ngajari para anak turun. Dene pitutur
iku disisipake ing tembang kang endah. Tujuane supaya pakarti luhur mau bisa kasembadan
ing bebrayan ing tanah Jawa. Pendhidhikan agama iku minangka dhasaring budi pekerti luhur
tumrap para raja lan masarakat Jawa.

PESEN/ NILAI :

 Dadi wong tuwa utawa dadi guru kudu nyingkiri tumindak ala, awit jejering wong tuwa utawa
guru minangka teladhan/ tuladha para putra
 Ndhidik/nggulawenthah putra kudu digantha (direncanakan) sakbecik-becike murih bisa
nggayuh ngelmu kang dhuwur
 Wong Jawa banget nengenake agama

Relevansi isi tembang pangkur karo kahanan masarakat jaman saiki : yen masarakat kanthi
temenan nindakake syariat agama, mesthi bae bakal dadi masarakat kang abudi pekerti luhur. Kabeh
agama iku ngajarake budi pekerti luhur. Pramila para wong tuwa, panguwasa uga kudu ngugemi kang
dadi kuwajibane wong kang mentingaken agamane.

Tembang Pangkur pada 2


Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
Yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi.

Tegese tembung

Jinejer : dirakit, digawe sepa : ora ana rasane


Kemba : gela sepah : barang ora kanggo
Kembenganing: pangrasa asamun : sepi banget
Pambudi : akal, karep yekti : satenane
Mangka : dadi, nyatane samasane : nalika
Tuwa pikun : tuwa banget gonyak ganyuk : tumindak kang kerep kleru
Mikani : ngerti nglelingsemi : gawe isin

WANGSULANA PITAKON ING NGISOR IKI!

1. Isenana paugeran (guru wilangan, guru lagu lan guru gatra) Serat Wedhatama pupuh
Pangkur pada 2!
PAUGERAN
CAKEPAN TEMBANG GURU GURU GURU
WILANGAN LAGU GATRA
Jinejer ing Wedhatama
mrih tan kemba kembenganing pambudi
mangka nadyan tuwa pikun
yen tan mikani rasa
yekti sepi sepa lir sepah asamun
samasane pakumpulan
gonyak-ganyuk nglelingsemi

2. Isenana teges cakepanlan pesen tembang pangkur 2


Tembang Tegese wedharan
Jinejer ing Wedhatama Ditulis ing serat Wedhatama/ajaran utama
mrih tan kemba kembenganing pambudi ............
mangka nadyan tuwa pikun ................
yen tan mikani rasa ................
yekti sepi sepa lir sepah asamun ................
samasane pakumpulan
gonyak-ganyuk nglelingsemi Sakarepe dhewe mula ngisin-isini
PESEN : ..........

TUGAS DIGARAP ING BUKU BANJUR DIFOTO LAN DISCREENSHOT , SING DIKUMPULAKE
ING GURU MAPEL ARUPA SCREENSHOTAN SAKA TUGAS MAU BANJUR DIKIRIM ING
WAPRI GURU MAPEL. MATURNUWUN
GURU MAPEL,

WIDHA OKTAVIA W., S.Pd


NO WA 085729703897

Anda mungkin juga menyukai