Anda di halaman 1dari 10

SERAT WEDHATAMA

Kabudayan Jawa kagungan maneka werni karya sastra. Mboten namung karya sastra
prasaja, ananging karya sastra ingkang ngemot filosofi lan piwulang luhur kangge gesang
manungsa ing alam donya. Salah setungaling inggih menika Serat Wedhatama. Serat
Wedhatama kaserat ngginakaken aksara Jawa lan cara maosipun kanthi dipuntembangaken.
Miturut KMT Projo Swasono, minangka abdi dalem saking Kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat, serat kasebut dipunanggit wonten ing Kadipaten Mangkunegaran Surakarta.
KMT Swasono ngandharaken bilih nalika semanten, Serat Wedhatama dipun anggit
dening Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV. Ngantos pinten-pinten warsa
nilai saha piwulang ingkang tasih ginayut kaliyan kauripan ing jaman samneika. Wosing Serat
Wedhatama ngemot parentah lan larangan kangge nglampahi gesang ing donya, saengga
manungsa ing alam donya menika gadhah watak ksatria utawi watak ingkang utama.
Nama Wedhatama dumados saking kalih tembung ingkang dipungarba, kalih tembung
menika inggih menika wedha lan utama. Saking kamus Bausastra Djawa, tegesipun wedha
inggih menika ngelmu utawi kawruh lan tegesipun utama inggih menika becik utawi linuwih,
dados wedhatama tegesipun inggih menika ngelmu utawi kawruh ingkang becik. Serat
Wedhatama kadhapuk saking 5 pupuh tembang macapat, saben pupuh tembang macapat
gadhah pada utawi bait ingkang cacahipun benten-benten kanthi gunggung 100 pada utawi bait,
inggih menika:
1. Pangkur : 14 pada (pada 1 dumugi pada 14)
2. Sinom : 18 pada (pada 15 dumugi pada 32)
3. Pocung : 15 pada (pada 33 dumugi pada 47)
4. Gambuh : 35 pada (pada 48 dumugi pada 82)
5. Kinanthi : 18 pada (pada 83 dumugi pada 100)

TEMBANG MACAPAT PANGKUR


Tembang Pangkur saking tembung mungkur, ateges nyingkiri utawi ngungkurake
hawa lan nepsu angkara murka. Tembang macapat Pangkur menika anggitanipun Kanjeng
Sunan Murya utawi Muryapada ingkang nggambaraken manungsa nalika sampun sepuh banjur
ngungkuraken gesangipun saking babagan kadonyan saengga saged ngungkuraken hawa lan
nepsu angkara.
Paugeranipun tembang Pangkur inggih menika:
1. Guru gatrane :7
Tegesipun saben pada dumados saking 7 gatra utawi 7 larik.
2. Guru wilangane : 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Tegesipun gatra kapisan dumados saking 8 wanda (suku kata), gatra kaping kalih wonten
11 wanda, gatra kaping tiga 8 wanda, lan gatra kaping sekawan wonten 7 wanda, gatra
kaping gangsal 12 wanda, gatra kaping enem 8 wanda, lan gatra kaping pitu wonten 8
gatra.
3. Guru lagu : a, i, u, a, u, a, i
Tegesipun gatra kapisan kedah dipunpungkasi ngginakaken tembung ingkang gadhah
swanten pungkasanipun “ a ”, gatra kaping kalih dipunpungkasi swanten “ i “, gatra kaping
tiga dipungkasi swanten “ u ”, gatra kaping sekawan dipungkasi swanten “ a ”, gatra kaping
gangsal dipungkasi swanten “ u ”, gatra kaping enem dipungkasi swanten “ a ”, lan gatra
kaping pitu dipunpungkasi swanten “ i “.
TEMBANG PANGKUR SERAT WEDHATAMA
Pada 1
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

Pada 2
Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglelingsemi

Pada 3
Nggugu karsaning priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ing ngaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadon ingadu manis

Pada 4
Si pengung nora nglegawa
Sangsayarda deniro cacariwis
Ngandhar-andhar angendhukur
Kandhane nora kaprah
saya elok alangka longkanganipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang si pingging

Pada 5
Mangkono ngelmu kang nyata
Sanyatane mung weh reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen denina
Nora kaya si punggung anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip
Pada 6
Urip sepisan rusak
Nora mulur nalare ting saluwir
Kadi ta guwa kang sirung
Sinerang ing maruta
Gumarenggeng anggereng
Anggung gumrunggung
Pindha padhane si mudha
Prandene paksa kumaki

Pada 7
Kikisane mung sapala
Palayune ngendelken yayah wibi
Bangkit tur bangsaning luhur
Lha iya ingkang rama
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama
Nggon anggon agama suci

Pada 8
Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Semengah sesongaran
Yen mangkono keno ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki

Pada 9
Kekerane ngelmu karang
Kekarangan saking bangsaning gaib
Iku boreh paminipun
Tan rumasuk ing jasad
Amung aneng sajabaning daging kulup
Yen kapengok pancabaya
Ubayane mbalenjani

Pada 10
Marma ing sabisa-bisa
Bebasane muriha tyas basuki
Puruita-a kang patut
Lan traping angganira
Ana uga angger ugering kaprabun
Abon aboning panembah
Kang kambah ing siyang ratri
Pada 11
Iku kaki takok-eno,
marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus,
Kawawa nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanyataning ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki

Pada 12
Sapantuk wahyuning Allah
Gya dumilah mangulah ngelmu bangkit
Bangkit mikat reh mangukut
Kukutaning jiwangga
Yen mengkono kena sinebut wong sepuh
Lire sepuh sepi hawa
Awas roroning atunggil

Pada 13
Tan samar pamoring sukma
Sinuksmaya winahya ing ngasepi
Sinimpen telenging kalbu
Pambukaning warana
Tarlen saking liyep layaping aluyup
Pindha pesating sumpena
Sumusuping rasa jati

Pada 14
Sejatine kang mangkana
Wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi
Bali alaming ngasuwung
Tan karem arameyan
Ingkang sipat wisesa winisesa wus
Mulih mula ulanira
Mulane wong anom sami
7/25/2020

TEMBANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

DIDIK SETIYO PRAYOGO, Gr, S.Pd.

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

I. Negesi Cakepan (Lirik)

Mingkar mingkuring angkara


Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

1
7/25/2020

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Mingkar mingkuring angkara

Tembung Tembung Lingga Tegesipun


Mingkar mingkuring Mingkar mingkuring Ngadoh > ngadohi
Angkara Angkara Tumindak ala

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Akarana karenan mardi siwi


Tembung Tembung Lingga Tegesipun
Akarana Karana Jalaran
Karenan Rena Seneng
Mardi Merdi Mulang / ngajari
Siwi Siwi Anak

2
7/25/2020

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Sinawung resmining kidung


Tembung Tembung Lingga Tegesipun
Sinawung Sawung Ditata, dianggit, dikarang
Resmining Resmi Endah, kaendahaning
Kidung Kidung Tetembangan

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Sinuba sinukarta
Tembung Tembung Lingga Tegesipun
Sinuba Suba Endah, kaendahan
Sinukarta Sukarta Digawe kanthi becik

3
7/25/2020

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung

Tembung Tembung Lingga Tegesipun


Mrih Amrih Supaya
Kretarta Kretarta Kelakon
Pakartining Pakarti Tumindak
Ngelmu Ngelmu Ilmu
Luhung Luhung Luhur/ linuwih

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Kang tumrap ing tanah Jawa


Tembung Tembung Lingga Tegesipun
Kang Kang Sing
Tumrap Tumrap Pantes
Ing Ing Ing
Tanah Tanah Tanah
Jawa Jawa Jawa

4
7/25/2020

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

Agama Ageming Aji


Tembung Tembung Lingga Tegesipun
Agama Agama Agama
Ageming Agem Kanggo
Aji Aji Rapal (donga)

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

II. Teges Saben Larik

Mingkar mingkuring angkara Ngadohi tumindak ala


Akarana karenan mardi siwi Jalaran seneng ngajari anak
Sinawung resmining kidung Dikarang kaendahaning tetembangan
Sinuba sinukarta Kaendahan digawe kanthi becik
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung Supaya kelakon tumindak ilmu linuwih
Kang tumrap ing tanah Jawa Sing pantes ing tanah Jawa
Agama ageming aji Agama kanggo rapal (donga)

5
7/25/2020

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

III. Parafrase/ Gancaran

Ngadohi tumindak kang ala dijalari seneng ngajari anak


kanthi dikarang kaendahaning tetembangan, kaendahan saka
tembang sing digawe kanthi becik supaya kelakon tumindak
ilmu linuwih sing pantes ing tanah Jawa agama digunakaken
kanggo rapal (donga).

TEMABANG MACAPAT PANGKUR


SERAT WEDHATAMA
PADA 1

IV. Piwulang

• Dhewe kudu ngadohi tumindak kang ala.


• Dhewe kudu ngajarake kabecikan marang anak.
• Dhewe kudu duwe tumindak kang becik seka sinau ilmu kang
linuwih.
• Dhewe kudu nguwatake ilmu bab agama supaya bisa
didadekake donga kanggo ngilari samubarang kang ala.

Anda mungkin juga menyukai