Anda di halaman 1dari 5

RANGKUMAN, KISI-KISI, DAN LATIHAN SOAL

BAHASA JAWA
Kelas 5
SDICT Al Abidin Surakarta

RANGKUMAN
A. MACAPAT
Gatekna tabel ing ngisor iki!
Lagu Jawa sing disinau ing sekolah
MACAPAT LAGU DOLANAN
Cacahe 11 Cacahe akeh banget
1. Maskumambang Conto:
2. Mijil 1. Sugeng Enjing
3. Sinom 2. Kidang Talun
4. Kinanthi 3. Padhang Bulan
5. Asmarandana 4. Cublak-Cublak Suweng
6. Gambuh 5. Jamuran
7. Dhandhanggula 6. Lir-ilir
8. Durma 7. Gambang Suling
9. Pangkur 8. Gundhul-gundhul pacul
10. Megatruh 9. Jaranan
11. Pocung (Lan liya-liyane)

Miturut Wikipedia, Macapat adalah tembang atau puisi tradisional Jawa. Setiap bait macapat
mempunyai baris kalimat yang disebut gatra, dan setiap gatra mempunyai sejumlah suku kata
tertentu, dan berakhir pada bunyi sajak akhir yang disebut guru lagu.

Semaken tembang Pangkur ing ngisor iki!


Pangkur
Sekar Pangkur angrumpaka
Pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir
Demak Adipati Unus
Sultan geng Tirtayasa
Ing Mataram samusul Sri Sultan Agung
Pangeran Diponegara
Kyai Maja dadya kanthi
Persiapan PTS 2
Guru gatra: cacahing larik saben sapada. (Banyaknya baris pada tiap bait)
Guru gatra Pangkur cacahe 7.
Guru wilangan: cacahing wanda/suku kata saben salarik. (Banyaknya suku kata pada tiap baris)
Guru wilangan Pangkur: 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Guru lagu/Dhong-dhing: tibaning swara vokal ing pungkasaning gatra utawa larik.
Guru lagu Pangkur: a, i, u, a, u, a, i
B. LAGU DOLANAN
Sugeng Enjing

Yen esuk sugeng enjing


Yen awan sugeng siang
Yen sore sugeng sonten
Yen bengi sugeng ndalu
Ditimbali matur dalem
Diparingi matur nuwun
Yen liwat nderek langkung
Yen lepat nyuwun pangapunten
C. PRASTAWA ALAM
Jinising prastawa alam:
 tsunami,
 banjir,
 lemah longsor,
 gunung njeblug/gunung mbledhos,
 alas kobong,
 angin lesus,
 lindhu
Geguritan bab prastawa alam iki ayo diwaca kanthi premati amrih mangerteni isine kanthi
trep!
Lindhu kang Nggegirisi
Tanggal 27 Mei 2006 ora bakal daklalekake
Esuk kuwi bumi horeg.
Kabeh panggonan padha gonjang ganjing
Swara tangis lan jerit keprungu ing ngendi-endi
Swara qumuruh gawe kedhere ati

Lindhuuuuu....
Lindhu kang Nggegirisi
Persiapan PTS 2
Ya..iku lindhu kang gedhe banget
Nrajang kutha Yogya
Kutha kang daktresnani iki
Dina iki kuthaku rusak amarga lindhu
Dina iki omahku ambruk amarga lindhu

Dhuh Gusti..
Mugi paduka paring kekiyatan dhumateng kula
Dhumateng bangsa kula
Supados kiyat nampi karsa Paduka

Ayo maca teks dheskriptif bab prastawa lindhu ing ngisor iki!
Lindhu
Ing wiwitan sasi Oktober 2009 ana kabar ing TV kang ngandharake Kutha Padang Sumatra
Kulon kena lindhu. Amarga saka lindhu iku Kutha Padang dadi bosah-baseh. Bangunan sekolah,
kantor pemerintahan, omah-omah pendhudhuk kabeh padha ambruk. Ora mung kuwi bae, akeh
wong kang kebrukan bangunan jalaran ora bisa nylametake awake, satemah akeh kurban jiwa lan
bandha amarga saka kedadeyan lindhu. Kahanan iki nuwuhake rasa prihatin sedulur ing
saindenging negara kita. Mula banjur akeh sumbangan kanggo para kurban lindhu. Ana obat,
sandhangan, pangan, susu, kemul, lan liya-liyane. Kabeh mau amarga rasa tepa slira lan tresna
marang sedulur-sedulur nunggal bangsa lan negara.

Ayo mangerteni teks dheskriptif bab prastawa alam!


Teks dheskriptif yaiku teks kang ngandharake babagan samubarang kanthi cetha, komplit, runtut,
nganti sing maca andharan kaya-kaya bisa nyekel, nonton, ngrungokake apa wae kang
dicritakake. Ana ing bab iki bakal diandharake ngenani sakehing prastawa alam kang aran
bencana utawa musibah lam, kayata: lindhu, banjir, lemah longsor, tsunami, alas kobong, lan
sapanunggalane. Mulane teks dheskriptif kang kanggo ngandharake isine prastawa alam ing kene
uga bakal bisa nyritakake isine bencana alam mau nganti para siswa sing maca andharan iki bisa
kaya-kaya mangerteni dhewe kanthi langsung.

Persiapan PTS 2
KISI-KISI
-Macapat
-Pangkur
-Lagu dolanan
-Prastawa Alam
-Mangsuli soal saka wacan

LATIHAN SOAL
Wenehana tandha ping ing ngarep wangsulan sing paling bener!
1. Sing kalebu tembang dolanan yaiku … .
a. Pangkur
b. Cublak-Cublak suweng
c. Gambuh
d. Kinanthi
2. Yen diparingi sangu dening bapak, aku ngucapake … .
a. sugeng rawuh
b. nyuwun pangapunten
c. nderek langkung
d. matur nuwun
Pilihen bener utawa salah ukara ing ngisor iki!
3. Pangkur kalebu tembang dolanan.
a. bener
b. salah
4. Sri Sultan Agung asale saka Demak.
a. bener
b. salah
Pilihen 2 jawaban sing bener!
5. Tembang macapat.
a. Padhang mbulan.
b. Pangkur.
c. Mijil.
6. Jinising prastawa alam
a. Gunung njeblug.
b. Alas kobong.
c. Panen pari.

Persiapan PTS 2
Jodokna ukara ing sisih kiwa lan tengen!
7. Salam ing wayah esuk. a. tsunami
8. Lahar metu saka pucuk gunung b. gunung njeblug
c. sugeng enjing
d. sugeng dalu

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomer 9 nganti 14!
Pangkur
Sekar Pangkur angrumpaka
Pra pahlawan nundhung penjajah nyingkir
Demak Adipati Unus
Sultan geng Tirtayasa
Ing Mataram samusul Sri Sultan Agung
Pangeran Diponegara
Kyai Maja dadya kanthi
Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener!
9. Judul macapat ing ndhuwur yaiku … .
10. Adipati Unus asale saka … .
11. Pahlawan ing wacan cacahe … .
12. Pangkur ana … gatra.
13. Guru wilangan ing gatra kapisan yaiku … .
14. Guru lagu ing gatra kapitu yaiku … .
Jawaben soal ing ngisor iki kanthi gamblang!
15. Akeh bocah ing Surakarta ora iso nembang lagu dolanan. Tulisna 2(loro) wae caramu supaya
isa nembang lagu dolanan kanthi apik lan bener!
16. Apa sing kudune kolakoni umpama ana wilayah liya sing kena lindhu?

Persiapan PTS 2

Anda mungkin juga menyukai