Anda di halaman 1dari 11

DOKUMEN NEGARA P -1

SANGAT RAHASIA

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


KABUPATEN SIDOARJO
SD NEGERI GEDANGAN KECAMATAN GEDANGAN

UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2021 / 2022

LEMBAR SOAL

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Jenis Sekolah : Sekolah Dasar
Hari/Tanggal : Rabu/11 Mei 2022
Alokasi Waktu : 120 Menit
Dimulai Pukul : 10.00 WIB
Diakhiri Pukul : 12.00 WIB

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah dahulu nomor peserta Ujian Sekolah pada jawaban yang disediakan.
2. Kerjakan dengan menggunakan pensil 2B untuk soal 1 sampai dengan nomor 35.
3. Kerjakan dengan bolpoint tinta hitam untuk soal nomor 36 sampai dengan nomor 50.
4. Periksalah dan bacalah soal-soal sebelum kamu menjawabnya.
5. Laporkan kepada pengawas Ujian Sekolah kalau terdapat tulisan yang kurang jelas,
rusak, atau jumlah soal kurang.
6. Jumlah soal sebanyak 50 ( lima puluh ) butir terdiri dari 35 butir soal pilihan ganda, 10
butir soal isian, dan 5 butir soal uraian yang kesemuanya harus dijawab.
7. Dahulukan soal-soal yang kamu anggap mudah.
8. Berikan tanda silang ( X ) pada huruf jawaban yang kamu anggap benar pada soal
pilihan ganda.
9. Apabila ada jawaban yang kamu anggap salah dan kamu ingin memperbaiki,
hapuslah jawabanmu yang salah kemudian beri tanda silang dengan pensil 2B pada
huruf jawaban lain yang kamu anggap benar.
10. Mintalah kertas buram pada pengawas Ujian Sekolah, bila diperlukan.
11. Periksalah pekerjaanmu sebelum diserahkan kepada pengawas Ujian Sekolah.
12. Tidak diijinkan menggunakan kalkulator, handphone, tabel matematika, atau alat
bantu lainnya selama mengikuti ujian.

SELAMAT MENGERJAKAN

1
I. WENEHANA TANDA PING (X) ING AKSARA A, B, C UTAWA D SANGAREPE
WANGSULAN SING BENER !

1. Wacanen kanthi premati!


Sapu Sada
(Dening: Astuti)
Jumat asri
resik lan sehat
cancut tali wanda
nandur kabecikan
Cilik gedhe bagus ayu
ora mung padha gumuyu
ora tinggal glanggang colong playu
tumuju adiwiyata murih rahayu
Crah agawe bubrah
rukun agawe santosa
guyub rukun kaya sapu sada
Pesen kang bisa kapetik saking geguritan kasebut yaiku ….
A. Kita kudu melu kegiatan jumat asri
B. Kabeh warga pada nandur wit-witan
C. Urip rukun bisa mujudake kasantosan
D. Warga desa njaga resik lan sehate awak
2. Wacanen kanthi premati!
Dhek jaman biyen ing sisih kidul kulon tlatah Tuban, ana kraton cilik sing
diarani Kraton Gumenggeng. Rajane asmane Prabu Arya Bangah. Amarga
saperangan gedhe wilayahe dumadi saka pagunungan kapur, mula meh
sadawane taun kraton kasebut tansah ngalami kangelan banyu.
Latar panggonan teks kasebut yaiku ….
A. ing tlatah
B. jaman biyen
C. pagunungan kapur
D. Krato Gumenggeng
3. Wacanen kanthi premati!
Rentetan watu karang ing Laut Karimun Jawa akeh jinis wujud lan wernane. Ana
sing wujude kembang, werna jambon ing bageyan tengah arupa titik-titik benang
sari. Ana sing wujud tuwuhan kaktus, werna biru lan ijo. Endahe watu-watu karang
iku tansaya rinengga tansah anane iwak-iwak cilik werna jingga kang nglangi ing
dhuwure.
Ukara pokok saking paragrap kasebut ana ing ukara kaping ….
A. pisan
B. pindho
2
C. telu
D. papat
4. Gatekno tembang dolanan iki!
Bulan Gedhe
Bulan-bulan gedhe
Ana santri menek jambe
Ceblokna salining wae
Mumpung jembar kalangane
Mumpung gedhe rembulane
Suraka surak hiyo
Isi tembang dolanan kasebut yaiku ….
A. Bocah-bocah kudu bisa menek jambe
B. Saben bengi bocah-bocah pada surak
C. Dadi santri kang sregep nyambut gawe
D. Saben bocah kudu sregep sinau ilmu agama lan ilmu liyane
5. Sega soto, yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ....

A.

B.

C.

D.

6. Panganan sehat kang ngandhut gizi lumrahe banjur aran papat sehat lima
sampurna.
Tembung „aran„ yen oleh wuwuhan, mathuke muni ….
A. diarani
B. ngarani
C. diaranake
D. ngaranake
7. Supri macul ing kebon.
Ukara kang tegese wuwuhan pada karo ukara kasebut yaiku ….
A. Budi nulis layang.
B. Lintange paling kerelip.
C. Kunthi saomah karo simbahe.
D. Rembulane sumunar madhangi jagad raya.
3
8. Wacanen kanthi premati!
Isih jam setengah wolu. Ing alun-alun wis kebak uwong. Dina iki ana
Festival Dolanan Tradhisional sa-kabupaten. Pesertane para siswa SD saka 9
kecamatan. Sing bakal tetandhingan yaiku wakil saka kecamatan-kecamatan mau.
Gagasan pokok saka wacan ing dhuwur yaiku ….
A. Para siswa SD
B. Alun-alun kebah uwong
C. Tandhing ing kecamatan
D. Festival Dolanan Tradhisional
9. Wacanen kanthi premati!
BANGKALAN – Banjir lan udan dikantheni angin gedhe ing Dusun Timur, Desa
Jalmak, Kecamatan Kota Sampang, Jawa Wetan. Bencana mau ngobrak-abrik
tanduran parine para tani nganti bosah-basih. Pari sing maune thukul ngadeg
jejeg, saiki dadi nglumbruk, nglimpruk, nganti lesoh ora karu-karuwan. Para tani
mbudidaya njejegake pari-parine supaya ora kesuwen kakum banyu udan.
Isi berita kasebut yaiku ….
A. Banjir ngobrak-abrik tanduran jagung
B. Banjir ing Dusun Timur, Desa Jalmak
C. Banjir bisa nukulake pari ngadeg jejeg
D. Banjir lan udan dikantheni lemah longsor
10. Ukara kang ngemu tembung camboran tugel yaiku ….
A. Awake kuru kari lungkit.
B. Langit isih katon padhang sumilak.
C. Bocah-bocah katon padhang atine.
D. Srengengene padhang kencar-kencar.
Tembang iki kanggo mangsuli pitakon nomer 11-12!
Bener luput ala becik lawan begja,
Cilaka mapan saking,
Ing badan priyangga,
Dudu saka wong liya,
Pramila den ngati-ati,
Sakeh dirgama,
Singgahana den eling.

11. Jenise tembang macapat kasebut yaiku ….


A. sinom
B. durma
C. pucung
D. gambuh

4
12. Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu tembang kasebut yaiku ….
A. 6a
B. 6i
C. 7a
D. 7i
13. Teks kang kalebu jenis teks deskripsi yaiku ….
A. Sawah ing desaku isih jembar bawera. Galengan kang matesi kedhokan siji lan
kedhokan liyane kaya klogete ula naga. Sesawangane nyata katon endah
sinawang mata. Tandurane ijo royo-royo. Kali-kali banyune isih megung tur
bening. Kumricike banyu kang mili nyandhung krikil-krikil cilik. Swarane keprungu
kaya iringan musik. Saben dina para tani ngrasa ayem. Ngirit kebo lan sapine
saperlu
B. Jam enem esuk Bima lan Rini wis sarapan. Dina iki bocah loro budhal luwih esuk.
Bima lan Rini arep melu Festival Dolanan Tradhisional ing alun-alun kabupaten.
Bima lomba egrang, Rini melu dhakon lan gobag sodor.
C. Senajan wis latihan, ana wae alangane. Ana peserta sing tiba nalika wiwit
munggah ing tlapakan amarga ndhredheg. Aturane ing babak penyisihan ora kena
tiba luwih saka kaping telu. Jarak sing kudu diliwati 5 meter bola-bali.
D. Dina Setu ing kelas V ana pelajaran olah raga. Kabeh murid kelas V wis padha
baris ing lapangan. Kabeh padha bregas lan seger. Barise manut klompoke
dhewe-dhewe. Kabehe ana limang klompok. Saben klompok bocah papat. Bima
dadi ketua klompok telu.

14. Ukara kang ngemu tembung saroja yaiku ….


A. Ibu nggawe jajan nagasari.
B. Sulastri nganggo kacamata.
C. Klambine Siti wernane bangjo.
D. Arjuna nduwe sejata kang sekti mandraguna.

15. Wacanen kanthi premati!


Pandhawa lan Ibu Kunthi dikongkon lelana brata dening Duryudana lan Patih Sengkuni
menyang Waranawata. Kurawa wis nggawe Bale Sigala-gala kanggo nyingkirake para
Pandhawa. Nalika padha sare, Bale Sigala-gala diobong. Becik ketitik, ala ketara,
Pandhawa bisa uwal saka bebaya. Slamet waras-wiris amarga pitulungane Gusti Kang
Maha Kawasa.
Amanat kang ana ing crita kasebut yaiku ….
A. Pandhawa lan Ibu Kunthi dikongkon lelana.
B. Kurawa wis nggawe Bale Sigala-gala.
C. Pandhawa bisa uwal saka bebaya.
D. Sapa kang becik, lila legawa bakal oleh pitulungane Gusti.
5
16. Yen ditulis aksara latin yaiku ….

A. Lastri tuku gula


B. Sarni tuku gula
C. Dirma tuku gula
D. Darmi tuku gula
17. “Bandi angon sapi.” Yen ditulis nganggo aksara jawa dadi ….

A.

B.

C.

D.

Teks iki kanggo mangsuli pitakon nomer 18-22!


Penyu kalebu salah sawijine kewan kang dilindungi dening Undhang-Undhang Nasional
apadene Internasional amarga dikuwatirake populasi penyu kang tansaya sethithik. Yen
ora dilindungi karo undhang-undhang, dikuwatirake kewan kang wis langka iki bakal
cures utawa punah. Peraturan Pemerintah Nomor 7, Tahun 1999 kang disahake presiden
RI, ngandarake menawa penyu ing Indonesia kalebu kewan langka lan dilindhungi dening
pamarentah. Sok sapa sing nguber lan nangkep penyu kanggo kapreluan kegiyatan
ekonomi bakal kena sanksi saka pamarentah.

18. Irah-irahan kang trep kanggo teks kasebut yaiku ….


A. Jenis-Jenis Kewan
B. Njaga Kalestaren Penyu
C. Kewan-Kewan Dikuatirake
D. Undhang-Undhang Nasional
19. Pokok pikiran teks kasebut yaiku ….
A. Nguber penyu
B. Nangkep penyu
C. Ngitung cacahe penyu
D. Penyu kewan dilindungi
6
20. Isi simpulan teks ing dhuwur yaiku ….
A. Penyu bisa ditemokake ing segara
B. Penyu diuber kanggo didol daginge.
C. Penyu bisa dimupangatake manungsa.
D. Penyu dilindungi amarga tansaya sethithik.
21. Ingkang ngesahake Peraturan Pemerentah bab perlindungan penyu yaiku ….
A. Bupati
B. Menteri
C. Presiden
D. Gubernur
22. Amanat ( pitutur ) teks kasebut yaiku ….
A. kalestarene penyu kudu dijaga
B. saiki penyu dadi kewan sing punah
C. penyu bisa dimupagatake manungsa
D. nguber penyu bisa kanggo kegiyatan ekonomi
23. Paklik, kowe mengko apa sido lunga karo pakdhe?
Krama inggile ukara kasebut yaiku ….
A. Paklik, kowe mangke punapa tidak kaliyan pakdhe?
B. Paklik, sampeyan mangke punapa siyos tindak kaliyan pakdhe?
C. Paklik, panjenengan mangke punapa siyos kesah kaliyan pakdhe?
D. Paklik, panjenengan mangke punapa siyos tindak kaliyan pakdhe?
Gatekno tembang iki kanggo mangsuli pitakon nomer 24-27!
Negriku Indonesia,
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji,
Nunggal ingkang den ginayuh,
Karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandhang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.

24. Kosok baline tembung kang kacethak kandhel yaiku ....


A. panas
B. kumuh
C. makmur
D. cengkar
25. Watake tembang macapat kasebut yaiku ....
A. sereng
B. prihatos
C. nelangsa
D. asih asuh
7
26. Sasmitane tembang macapat kasebut yaiku ....
A. kur
B. durma
C. kanthi
D. kumambang

27. Guru gatrane tembang kasebut yaiku ...


A. 6
B. 7
C. 8
D. 9

28. Gatekno cangkriman iki!


Bapak pucung dudu terop dudu panggung
pidhato lan nembang
kala-kala ngiwi-iwi
tawa barang ludruk wayang uga ana
Cangkriman kasebut batangane yaiku ….
A. sepur
B. televisi
C. sandiwara
D. panggung
29. Keplok ora tombok.
Tegese paribasan kasebut yaiku ...
A. wiwit bocah nganti dewasa
B. diaku sedulur amarga sugih
C. ketone nulung nanging malah nyusahake
D. gelem melu seneng, nanging ora gelem ngetokake wragad

30. Wacanen pacetahon iki kanthi premati!


Joko : “Ji, enak tenan rasane jus iki!”
Aji : “Coba tak icipane!”
Joko : “Piye, Ji? Enak to?”
Aji : “Yo, jelas. Jus iki digawe saka … “
Joko : “Waduh, nganggo cangkriman. Aku ngerti, batangane mestine nanas.”
Aji : “Bener, Ko. Jus iki digawe saka nanas makane rasane seger.”
Tembung kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku …
A. bosok malah enak
B. pitik walik saba kebon
8
C. sega sakepel dirubung tinggi
D. wit adhakah wong adhikih
31. Kuncung nganti ....
Tembung kang trep kanggo njangkepi paribasan kasebut yaiku ...
A. sirah
B. gelung
C. bathuk
D. gunung

32. Kadang konang, yen ditulis aksara jawa yaiku ...

A.

B.

C.

D.

33. Wacanen cangkriman iki kanthi premati!


Namung tutuk lan netra kalih kadulu
yen pinet netrane karya
sinuduk netrane kalih
yeku saratira bangkit ngemah-ngemah.
Batangane cangkriman kasebut yaiku ….
A. keris
B. arloji
C. kipas
D. gunting

34. Wit adhikih wong adhakah


Batangane cangkriman kasebut yaiku ...
A. waluh
B. andha
C. nanas
D. wringin

9
35. Tuwok rawan
Batangane cangkriman kasebut yaiku ...
A. Untu kedawan gusi menyonyo
B. Untu krowok larane ora karuan
C. Pager kobong watune mendhelis
D. Sapi nang kandhang kaki mentheleng

II. Isenana ceceg – ceceg ing ngisor iki nganggo wangsulan sing bener !

36. Malin Kundang


Ing pinggir pantai, urip ibu karo anake sing jenenge Malin Kundang. Ing
sawijining dina, Malin mutusake arep menyang kutha. Dheweke pengin nulungi
ibune sing wis tuwa. Kanthi ati abot, ibune ngeculake Malin. Wis pirang – pirang
taun kepungkur, Malin ora nate mulih. Dheweke ujar, Manawa wong sing nggawa
kapal gedhe kasebut Malin. Ibu menyang pantai. Nalika ndeleng bocah kasebut,
dheweke banjur nyeluk anake. Nanging, Malin ora gelem ngaku yen wanita tuwa
kuwi ibune. Kuciwo karo polah Malin marang dheweke. Ibu donga lan ngipat – ipati
Malin Kundang supaya dadi watu.

Amanat kang trep kanggo cerita rakyat ing dhuwur yaiku ....

37. Ngelmu iku kalakone kanthi laku


Lekase lawas kas,
Tegese kas nyantosani,
Setya budya pengekese dur angkara

Parafrase ( cerita gancaran ) tembang ing dhuwur yaiku ….

38. Wacanen kanthi premati!

Dina Minggu isuk Suryadi mancing menyang rawa. Kancane loro, yaiku Heri
lan Bima. Suryadi mung nggawa pancing siji, walesane abang dawane udakara karo
tengah meter. Heri lan Bima nggawa pancing loro. Tekan rawa, Suryadi lan kancane
banjur tuku lumut kanggo pakan pancinge. Pancing wis padha diubeti lumut, senar
dikipatake. Nunggu kanthi sabar pancingane disarap karo nyawang jembare rawa.

Ide pokok wacan ing dhuwur yaiku ….

39. Pak Fani kuwi sing kerja nganti adus keringet kanggo nyukupi kaluwargane.
Tembung ing dhuwur sing kalebu tembung entar yaiku ….

40.
Paraga wayang ing gambar asmane ….

10
41.
Wacanen kanthi premati!

Bung Karno ( asma jangkepe Ir. Soekarno ) iku pemimpin kanga gung lan
kondhang. Kang wis kasil nyawijikake Indonesia wiwit Sabang nganti Merauke.
Kepemimpinane Bung Karno sadrajat karo kepemimpinane negarawan liyane
sadonya. Umpamane P.J Nehru saka India lan Gamal Abdul Naser saka Mesir.

Irah – irahan kang trep kanggo wacan ing dhuwur yaiku ….


42. Bocah – bocah dha sekolah,
Wiwit biyen nalika isih cilik,
Sregepa anggolek ilmu,
Wayah esuk lan awan,
Ngerungokake parentahe para guru,
Lan bisa ngerti agama,
Agama ngarsaning Gusti.

Tembang ing dhuwur kalebu tembang ….


43. Wong kang sugih nanging ora disenengi, paribasane ….
44. Batangane “ tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut “ cangkrimane yaiku….

45. Cekap semanten ingkang kula aturaken, mbok bilih …. pangapunten.


Ukara penutup kang trep kanggo pidhato ing dhuwur yaiku ….

III. GARAPEN MANUT PRENTAHE KANTHI BENER !


46.
Marni bocah kang sregep sinau. Cita – citane kepingin dadi guru. Umure
Marni saiki wis 12 tahun. Bocah kuwi uga seneng tetulung .

Paragraf ing nduwur tulisen nganggo aksara jawa !

47. . Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan neng dalan
Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibatake loro (2) wong
mati. Nganti wingi, polisi durung iso mriksa Hanif, kurban slamet, amarga isih
nglakoni perawatan neng rumah sakit.

Tulisen isine paragraf pawarta ing dhuwur !


48. . Ibune Rama njaluk warahi Rama kepriye anggone nggunakake laptop
anyare. Rama pancen luwih pinter ing bidang computer / elektronik liya saking
ibune. Mula ibune Rama sering njaluk tetulungan marang Rama, meh padha
kebo nusu gudhel.

Tulisen tegese kebo nusu gudhel miturut cerita ing dhuwur !


49. Apa batangane cangkriman ing ngisor iki ?
“ Kayu mati ginubet ula mati “

50. Gawea teks pidato (sesorah) singkat ngenani “kelulusan akhir kelas 6” !
( kudu ana salam pembuka, pembukaan, isi, lan penutup )

11

Anda mungkin juga menyukai