Anda di halaman 1dari 9

‫ﺔﻴﺮﻮﺻﻧﻣﻠﺍﺔﻳﻤﻼﺴﻻﺍﺔﻴﺒﺮﺘﻟﺍﺔﻴﻋﺎﻤﺘﺟﻻﺍﺔﺴﺳﺆﻤﻟﺍ‬

YAYASAN SOSIAL DAN PENDIDIKAN ISLAM ( YSPI )


SMP “ AL MANSHURIYAH “ PEMALANG
STATUS : TERAKREDITASI B
Alamat : Jl. Desa Mengori No. 234 Pemalang – Jateng 52351

UJIAN SEKOLAH (US)


TAHUN PELAJARAN 2021/ 2022

Hari/ Tanggal : Sabtu, 23 April 2022


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kelas/ Semester : IX/ 2 (Dua)
Kurikulum : 2013

PETUNJUK UMUM
1. Tulislah terlebih dahulu nama, kelas, dan nomor peserta US Anda pada lembar jawab yang
tersedia.
2. Bacalah dengan teliti petunjuk dan cara mengerjakan soal.
3. Laporkan kepada pengawas apabila terdapat cetakan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soalnya
kurang.
4. Kerjakan terlebih dahulu soal yang menurut Anda anggap paling mudah.
5. Jumlah soal sebanyak 40 butir Pilihan Ganda
6. Pilihlah jawaban yang benar dengan cara menyilang ( X ) huruf jawaban A, B, C atau D pada
lembar jawab yang tersedia.
7. Apabila ada jawaban yangn dianggap salah, maka coret jawaban yang salah, kemudian silang
jawaban lain yang anda anggap benar
8. Periksa kembali jawaban Anda apa bila telah selesai, sebelum diserahkan kepada pengawas.
9. Lembar soal tidak boleh dicoret-coret.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi menehi tandha ping (x) ana ing aksara A, B, lan
C!
1. Wacanen kang pratitis teks narasi prastawa ing ngisor iki!
Saben sasi mulud ing kutha solo ana tontonan grebeg sekaten nujudake tontonan tradhisi kanggo
ngregengake dina wiyosane Nabi Muhammad kang dipengeti saben tanggal 12 rabiul awal. Grebeg
sekaten mapan ing plataran Masjid agung lan ana ing alun-alun lor Kutha Solo.
Kang jumbuh karo isining teks yaiku….
A. Grebeg Sekaten ditindakake saben sasi Suro
B. Grebeg Sekaten mujudake tontonan kontemporer
C. Grebeg Sekaten mapan ing sitihinggil Kraton Solo
D. Grebeg Sekaten bisa ditonton ing Kutha Solo
2. Perangan kang ora ana ing wacan narasi yaiku….
A. Biografi pengarang
B. Paraga
C. latar
D. alur
Teks pangkur ing serat wulangreh kanggo soal no. 3-5
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkandulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

US/Bahasa Jawa/2022
3. Serat wulangreh pupuh pangkur dumadi saking….gatra.
A. 5
B. 6
C. 7
D. 8
4. Ala lan becik puniku, prayoga kawruhana. Tembung “kawruhana” ngemu teges…
A. dipunmangertosi
B. dipuntambahi
C. dipunucali
D. dipunsinaoni

5. Adat waton puniku dipunkandulu. Apa tegese gatra ing nduwur?


A. Wewarah kang kaemot ing tembang pangkur
B. Bab pengabdian marang panguripan
C. Adat lan aturan perlu uga kokmangerteni
D. Saben dina aja nglaleake tata krama
Pethikan cerita rakyat ing ngisor iki kanggo soal no. 6-7
Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok Randa sing urip dhewe ora ana anak utawa
sedulur. Amarga urip dhewe, mbok Randa mau kepengin duwe anak. Saben dina mbok Randa ndonga
ngawan bengi ing ngarsane Gusti Ingkang Mahaluhur supaya diwenehi anak. Dheweke yakin menawa
panjaluke bakal dikabulake dening Gusti Ingkang Mahaluhur.
6. Sudut pandang kang digunakake ing crita rakyat iku yaiku….
A. Wong kapisan
B. Dadi tokoh lan pengamat
C. Wong katelu
D. Dadi lakon lan pengamat
7. Watake mbok Randa yaiku….
A. Lumuh
B. Jirih
C. Kendel
D. Religius

Wacan kanggo soal no. 8-9


Lomba menthung banyu luwih rame tinimbang balap karung. Sebabe ana peserta sing menthunge
kleru, dudu banyu sing digantung nanging menthunge penonton. Ana uga kang mlakune kesasar. Wong-
wong padha ngguyu kemekelen. Aku seneng sanajan ora menang ing lomba iki. Aku paling cepet entek
ing lomba mangan krupuk. Aku juwara 1, nganti jingkrak-jingkrak saking senenge. Kanggo ngrayakake
menang lomba iki, aku foto-foto selfi. Juwara lorone harun. Lha sing juwara telu jenenge Wiwin.
8. Pokok cerita ing nduwur yaiku…
A. Lomba menthung banyu luwih rame
B. Ana wong mlakune kesasar
C. Aku juwara siji lomba menthung banyu
D. Aku dadi juwara banjur selfi-selfi
9. Kepiye tanggapanmu ngenani cerita ing nduwur?
A. Lomba agustusan rame banget
B. Lombane akeh
C. Dadi rame nek pas agustusan
D. Kabeh kegiatan ing lomba agustusan iku rame lan nyenengake
Teks sinom ing serat wulangreh kanggo soal no. 10-11
Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah jawi
US/Bahasa Jawa/2022
Priyagung ing ngeksiganda
Panembahan senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
10. Paugerane tembang sinom ing nduwur yaiku…
A. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
B. 8i, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
C. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7u, 8i, 12a
D. 8a, 8i, 8u, 8i, 7i, 8i, 7a, 8i, 12a
11. Ing ngisor iki watake tembang ing nduwur yaiku….
A. Wetuning rasa
B. Grapyak
C. Nelangsa
D. Seneng

Wacan kanggo soal angka 12-14


Kidang kencana
Ing satunggaling dinten Raden Rama ngumbara sesarengan kaliyan Dewi Sinta, lan ingkang rayi
Raden Laksamana. Nalika tetiganipun dumugi ing wana, Dewi Sinta pirsa kumlebating kidang kencana
ingkang warni emas. Kidang kala wau kekiter ing sacedhakingpapan kalawau.
Rumaos kesengsem endahing kidang kencana, Dewi Sinta nyuwun dhateng Raden Rama
dipuncepengaken kidang kalawau. Raden Rama ugi nuruti panyuwune Dewi Sinta. Raden rama
mbujeng kidang kencana lumebet wana saengga pisah kaliyan dewi sinta lan raden laksmana.
12. Raden Rama ngumbara sesarengan kaliyan….
A. Kidang kencana
B. Dewi sinta
C. Raden laksmana
D. Dewi sinta lan laksmana
13. Kidang kalawau kekiter ing sacedhaking papan kalawau. Tembung kekiter tegesipun….
A. Umpetan
B. Wira-wiri
C. Mlajar
D. Pejah
14. Ing alas Dewi Sinta pirsa kidang kencana kang warnane….
A. Ijo
B. Ireng
C. Emas
D. Abang

Wacan kanggo soal angka 15-17


Dumadine Desa Banyumudal
Kacarita nalika Sultan Agung Hanyakrakusuma ngasta punjere Mataram, ing sawijining
panggonan kang adoh saka ramening kutha praja, ana wanodya ayu sesulih Rara Juminten. Wanodya
mau yen dicandra, pasuryane ayu pisan kaya dene widodari kang mudhun saka kahyangan.
Wis ayu rupane Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng
tetulung. Eloke, Rara Juminten duwe kaluwihan, yaiku tansah kecukupan kabutuhane banyu sanajan ing
mangsa ketiga dawa pisan. Mula para warga kepengin bisa kaya dheweke. Wusanane para warga nekani

US/Bahasa Jawa/2022
Rara Juminten lan ngandhakake apa sing dadi gembolaning atine. Kanthi kebak trapsila Rara Juminten
manggakake rawuhe tamu-tamune.
(Pandhu Basa VIII kaca 9-10, kabesut sacukupe)
15. Wis ayu rupane Rara Juminten uga kalebu wanodya sing grapyak semanak, karo sapa bae seneng
tetulung. Tembung wanodya tegese….
A. Wong Ayu
B. Wong Wadon
C. Wong Tua
D. Bocah
16. Watake paraga utama ing crita “Dumadine Desa Banyumudal”, yaiku….
A. Seneng tetulung kanthi ikhlas
B. Seneng mamerake kasugihane
C. Gelem tetulung nanging kudu ana opahe
D. Wengis amarga gawe korban supaya gegayuhane kelakon
17. Sing dadi pepenginane warga sahingga nekani Rara Juminten, yaiku….
A. Kepengin sugih kaya Rara Juminten
B. Kecukupan kebutuhan banyune senanjan ketiga pisan
C. Supaya ayu kaya Rara Juminten
D. Bisa tetulung kaya Rara Juminten
Teks Gambuh ing serat wulangreh kanggo soal no. 18-20
Aja nganti kabanjur,
Barang polah ingkang nora jujur,
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik,
Becik ngupayaa iku,
Pitutur ingkang sayektos.
18. Tembang gambuh nduweni guru gatra….
A. u,u,i,u,o C. 5 larik
B. 7u D. 7,10, 12, 8, 8
19. Aja nganti kabanjur, karepe yaiku…
A. Aja nemen-nemen
B. Aja terus
C. Aja nerusake
D. Aja diterus-terusake
20. Pitutur sing bisa dijupuk saka tembang Gambuh ing dhuwur, yaiku….
A. Manungsa aja nglakoni tumindak sing ora jujur, amarga bisa ndadekake cilaka
B. Pitutur becik aja dilakoni
C. Yen tumindak ora juju raja dibaleni
D. Luwih becik tumindak jujur

Pethikan teks kanggo soal no 21


Ing Amerika Serikat, kanker kolorektal utawa kanker usus besar minangka penyakit kang bisa
gawe pati nomer loro. Dr. Michael Orlich nyebutake, sakehing upaya panaliten lan pananganan, klebu
kolonoskopi (sawijining tumindak kanggo mriksa saluran usus besar)., wis mbiyantu nylametake
sakehing nyawa klawan nglari polip prakanker.
21. Ing pethikan warta ndhuwur tinemu tembung upaya panaliten. Apa teges tembung kasebut?
A. Hasil panaliten
B. Usaha panaliten
C. Arep nganakake panaliten
D. Wis ditindakake panaliten

US/Bahasa Jawa/2022
Wacan kanggo soal angka 22-23

Awak kesel krasa pegel


Jamu kendhel dadi piandel
Dijamin dadi bregas lan kekel

22. Tuladha iklan ing ndhuwur kalebu jenis iklan….


A. Keluarga
B. Layanan masyarakat
C. Komersil
D. Umum
23. Apa karepe isi iklan ing nduwur kasebut?
A. Akon ngunjuk jamu
B. Nawakake jamu kanggo marasake awak kesel
C. Mangan kedhel nang awak krasa bregas
D. Jamu sing ndadekake awak bregas
24. Paraga wayang ing ngisor iki yaiku arane….

A. Anoman
B. Subali
C. Sugriwa
D. Jatayu

25. Lakon Peksi jatayu iku kalebu ing serat….


A. Bharatayudha
B. Ramayana
C. Mahabarata
D. Saptakandha
Teks Kinanthi ing serat wulangreh kanggo soal no. 26-28
Mulane wong anom iku,
abecik ingkang taberi,
jejagongan lan wong tuwa,
ingkang sugih kojah ugi,
kojah iku warna-warna,
ana ala ana becik.
26. Tembung kojah ing tembang kasebut tegese….
A. Crita
B. Kabar
C. Ucap
D. Omong
27. Guru wilangane tembang kinanthi iku saben gatrane ana….
A. 6
B. 7
C. 8
D. 9
28. Piwulang kang ana sajroning tembang kasebut yaiku….
A. Para mudha becike kerep rembugan karo wong tuwa lan bisa milah-milihake rerembugan kang
becik utawa ala.
B. Para mudha kudune bisa guneman kanthi kerep supaya akeh kancane

US/Bahasa Jawa/2022
C. Wong anom kudune nggunakake basa krama alus nalika matur marang wong tuwa
D. Wong anom becike kudu ngrungokake pitudduh wong tuwa supaya ora keblinger
Wacan kanggo soal angka 29-31
Anoman Duta
Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka. Ing kono dununge Sang Putri Mantili, ya Rekyan
Sinta disingidake dening Prabu Dasamuka. Wus meh sawarsa Sang Dewi ditrungku aneng Taman
Argasoka, tinengganan dening wanodya pulunane Dasamuka, putrane Gunawan Wibisana, kang sesilih
Niken Trijatha. Rekyan Sinta sadina-dina tansah karuna ngangen-angen marang rawuhe Sri
Ramawijaya, dene Trijatha tansah ngupaya nglelipur penggalihe Sang Dewi.
29. Lah punika ingkang winastan Taman Argasoka.
Tembung winastan padha tegese karo….
A. Panggonane
B. Dununge
C. Diarani
D. Diopeni
30. Sapa sing tansah nglipur penggalihe Dewi Sinta?
A. Prabu Dasamuka
B. Gunawan Wibisana
C. Niken Trijatha
D. Ramawijaya
31. Sapa sejatine Niken Trijatha?
A. Putrane Prabu Dasamuka
B. garwane Prabu Dasamuka
C. keponakane Prabu Dasamuka
D. abdine Prabu Dasamuka
32. Ukara “cumantaka aniru pujangga”, guru lagu lan guru wilangane yaiku….
A. 10i C. 8e
B. 10a D. 7u
33. Guru wilangan lan guru lagune cacahe 8a, tinemu ing ukara….
A. mrih padhanging sasmita.
B. turur kang katula-tula
C. cumanthaka aniru Pujangga
D. ameksa angrumpaka
Wacan kanggo soal no. 34-36
Rampung kuwi diterusake acara mecah tigan sing ditindakake calon bapak, karo ngendika
“Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet!” endhog ditempelake urut saka panglarapan, medhun
tekan kandhutan, terus dipecah. Ukara ing nduwur ngemu teges yen kita kudu nrima ing pandum apa
sing diparingake Gusti Allah, putra lanang apa wadon. Sing luwih wigati ibu lan putra sing dilairake
kabeh slamet lan lair kanthi gangsar. Nalika nggarisake endhog mau badane calon ibu ditutup nganggo
kain putih sing nglambangake suci.
34. Pethikan wacan ing ndhuwur ngandharake upacara…
A. Tingkeban
B. Tedhak siti
C. Supitan
D. Brokohan
35. “Endhog” ing uapcara tingkeban maknane….
A. Calon jabang bayi sing arep dilairake wutuh ora ana cacate
B. Calon bapak lan ibu tansah rukun
C. Narima ing pandum apa sing diparingake Gusti Allah

US/Bahasa Jawa/2022
D. Bayi sing lair rejekine gangsar
36. Pokok critane wacan saparagraf ing nduwur yaiku…
A. Urut-urutane upacara tingkeban
B. Ancas tujuane upacara tingkeban
C. Piranti ing upacara tingkeban
D. Tata carane upacara mecah tigan ing sajerone upacara tingkeban
37. Upacara adat sing ditindakake ing saben panggonan iku beda-beda jumbuh karo unen-unen “Desa
mawa cara negara mawa tata” sing tegese….
A. Sapa bae sing ngalang-alangi bakal disirnakake
B. Saben panggonan gawe pranatan dhewe-dhewe
C. Sapa bae sing tumindak ala utawa becik bakal katon
D. Gawe rusuh ing papan sing tentrem
38. Gatekna geguritan ing ngisor iki!
Gemricik swaramu ing wayah esuk
Agawe tentrem ning ati
Kricik-kricik kaya tatanan
Tembang kang endah
Kutipan geguritan ing nduwur nggunakake panyintra….
A. pandeleng
B. pangganda
C. pangrungu
D. pangrasa
Teks Durma ing serat wulangreh kanggo soal no. 39-40
Nora nana panggawe kang luwih gampang
Kaya wong mamaoni
Sira eling-elinga
Aja sugih waonan
Den sami salajeng budi
Ingkang prayoga
Sapa-sapa kang lali
39. Tegese mamaoni yaiku kejaba….
A. Nacad
B. Ngelek-elek
C. Mada
D. Ngalem
40. Miturut tembang ing nduwur, pagaweyan kang paling gampang yaiku….
A. Maido
B. Ngeling-eling
C. Dadi wong apik
D. Nglali

Wacan kanggo soal angka 41-43


Para rawuh kakung putri saha para siswa. Rahmatipun gusti awujud kamardikan punika boten
dhawah saking langit. Kamardikan punika diupadi kanthisarana perjuwangan, langkung tinebus
pangurbanan bandha, tenaga, lan jiwa. Kula dalasan panjenengan sampun utang budi datheng pahlawan
ingkang sampun nrumiyini sowan marang Gusti. Para-para sampun ngraosaken sekecanipun, para
pahlawan ingkang nglampahi rekaosipun.
41. Tugelan sesorah ing nduwur intine….
A. Pahlawan
B. Kamardikan
US/Bahasa Jawa/2022
C. Perjuwangan
D. Utang budi
42. Sing utang budi marang pahlawan manut sesorahing nduwur yaiku….
A. Para mudha
B. Kabeh sing rawuh
C. Para siswa
D. Para kakung putri
43. Wujud pengorbanane pahlawan, yaiku….
A. Bandha, tenaga, jiwa
B. Bandha, tenaga, donga
C. Bandha, donga, jiwa
D. Donga, tenaga, jiwa
44. Ing wasana kula atur pangapunten dhumateng panjennegan para rawuh.
Ukara ing nduwur kalebu…
A. Pambuka sesorah
B. Panutup layang
C. Panutup sesorah
D. Pambuka layang
45. Panulisan ukara “ Kadaluwarsa katutuh” migunakake aksara Jawa sing bener yaiku….
A.

B.

C.

D.

46. Tulisan jawa ing ngisor iki yen ditulis latin sing bener yaiku….

A. Sasmitaning ngaurip puniki


B. Pangrasane sampun udani
C. Satuhu gesang puniki
D. Tan jumeneng ing uripe
47. Bapak sampun….ingkang dereng….kula. tembung sing trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur
yaiku….
A. Nedha, dhahar
B. Adus, siram
C. Dhahar, nedha
D. Tangi, wungu
48. Bapak rawuh kawratan ngasta buku. Ukara kasebut kelebu basa….
A. Ngoko
B. Ngoko alus
C. Krama lugu
D. Krama alus
49. Pak Parmin: Assalamu’alaikum? (lawang omah dithothok)

US/Bahasa Jawa/2022
Pak Rahmat: wa’alaikumsalam. (lawing dibukak)
Pak Parmin: ……. (Pak Parmin mlebu lan wong loro wis lungguh adhep-adhepan)
Tembunge Pak Parmin kang trep kanggo wangsulan yaiku….
A. Geh Pak
B. Iya Pak
C. Maturnuwun Pak
D. Mboten sah Pak
50. Pak Rahmat: nyuwun sewu panjenengan sinten? Saking pundi?
Pak Parmin: nyuwun pangapunten, kula Pak Parmin saking Desa Gondang Winangun.
Tembung kang trep kanggo jangkepi ukaranipun Pak Rahmat yaiku….
A. Nyuwun tulung
B. Nyuwun sewu
C. Nuwun sewu
D. Mangga

===Selamat Mengerjakan===

US/Bahasa Jawa/2022

Anda mungkin juga menyukai