Anda di halaman 1dari 7

PEMERINTAH KABUPATEN KENDAL

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SMP NEGERI 3 KENDAL
Jalan Putat Kelurahan Sukodono Kendal  (0294) 382054 Kode Pos : 51317
E-Mail : smpn3kendal@yahoo.com

UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2022/2023
SEKOLAH MENENGAH PERTAMA

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa-K13 Hari/Tanggal :


Kelas : IX ( Sembilan ) Waktu :

PETUNJUK UMUM
1. Berdoalah lebih dahulu sebelum Anda mengerjakan soal Ujian Sekolah Berbasis Nasional (USBN)
ini.
2. Tulislah nama dan nomor ujian Anda pada lembar jawaban yang tersedia.
3. Bacalah tiap soal dengan baik sebelum Anda kerjakan.
4. Kerjakan lebih dahulu soal yang Anda anggap paling mudah.
5. Semua jawaban ditulis pada lembar jawaban yang tersedia.
6. Lembar soal tidak boleh dicorat-coret/ditulisi.
7. Laporkan kepada Pengawas kalau terdapat tulisan yang kurang jelas atan ada yang rusak.
8. Periksalah pekerjaan Anda baik-baik sebelum Anda serahkan kepada Pengawas.

PETUNJUK KHUSUS
I. Miliha wangsulan A, B, C, utawa D minangka wangsulan kang koanggep bener kanthi cara menehi
tandha ping ( X ) ing lembar jawab!

Wacan kanggo soal nomer 1, 2, lan 3

Agus salah siji warga desa Karangasri saiki mung bisa pasrah weruh omahe entek
amarga kobongan ing dina Rebo sore, 27 Februari 2022. Omahe Agus minangka salah siji
korban kobongan saka 25 omah liyane. Saiki Agus sakulawarga nunut ing omahe sedulure
kang ora adoh saka omahe. Omahe sedulure iku Bambang amarga kapisah gang.
Kepala Desa Karangasri, Rudi Samsuri ngendikake yen musibah kobongan iku
diduga amarga kebocoran selang gas kompor duweke salah siji warga yaiku Burhanudin.
Wektu iku garwane Burhanudin lagi masak. Dumadakan ana geni kang murub lan nyamber
tumpukan pari garing.

Sumber: Tribun Jateng. Rabu, 27 Februari 2022


Sumber: Tribun Jateng. Rabu, 27 Februari 2019

1. Irah-irahan kang trep kanggo teks narasi bab prastawa utawa kedadeyan ing wacan dhuwur yaiku ....
A. Kobongan Omah 25 ing Karangasri C. Agus lagi Nelangsa
B. Geni lan Tumpukan Pari Garing D. Selang Gas Bocor

2. Tembung gang tegese ....


A. dalan gedhe C. omah gedhe
B. dalan cilik D. omah cilik

3. Wacan ing duwur iku kalebu jenis teks wacana....


A. narasi C. eksposisi
B. persuasi D. argumentasi
Wacan kanggo soal nomer 4, 5, 6, lan 7

Serat Wulangreh pupuh Sinom

Carita nggon sun nenular,


wong tuwa kang momong dingin,
akeh kang padha cerita,
sun rungokna rina wengi,
samengko isih eling,
sawise diwasa ingsun,
bapa kang paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata krama ing pratingkah karaharjan.

4. Guru gatrane tembang ing dhuwur ana ... gatra.


A. 6 C. 8
B. 7 D. 9

5. Kang paring piwulang yaiku ....


A. simbah C. buyut
B. bapa D. ibu

6. Tembung karaharjan ngemu teges ....


A. kasangsaran C. kaslametan
B. katurunan D. kasugihan

7. Serat Wulangreh kuwi anggitane ....


A. Sri Susuhunan Pakubuwana IV C. Sri Susuhunan Pakubuwana VI
B. Sri Susuhunan Pakubuwana V D. Sri Susuhunan Pakubuwana VII

Wacan kanggo soal nomor 8, 9, lan 10

Mlebu tlatah kang rada ngulon ana sawijining mantan petinggi kadipaten ing Kraton Majapahit
kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu, sing jenenge Sura Menggala kang kawentar kanthi aran Empu
Pakuwaja. Panjenengane ahli gawe gaman (pusaka) utawa empu. Empu Pakuwaja iku aten-atene lemes
pikulan ateges aten-atene kaku banget. Kanggo ng-Islamake utawa ngajak Pakuwaja supaya mlebu
agama Islam ora gampang, kudu kanthi cara dianakake tandhing. Yen Pakuwaja bisa ngalahake Sunan
Katong, dheweke gelem mlebu agama Islam lan dadi muride.

8. Mantan petinggi kadipaten ing Kraton Majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu jenenge Sura
Menggala kang kawentar kanthi aran Empu ....
A. Gandring C. Pakubumi
B. Gandarwa D. Pakuwaja

9. Tembung empu tegese tukang gawe ….


A. Bangunan C. gaman
B. perabotan D. Dalan

10. Cara kanggo ngajak Empu Pakuwaja ngrasuk ing agama Islam yaiku dianakake tandhing. Kang
diajak tandhing yaiku Sunan ....
A. Muria C. Ampel
B. Katong D. Giri
11. Sawijining crita kang njlentrehake bab asal-usuling papan panggonan diarani cerita ....
A. mitos C. daerah
B. rakyat D. legendha

Wacan kanggo soal nomor 12, 13, lan 14

Gambuh

Pitutur bener iku,


sayektine apantes tiniru
najan metu saking wong sudra papeki
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyoh.

12. Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur yaiku ....
A. 7u, 10i, 12i, 8u, 8o C. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
B. 7u, 10u, 12e, 8u, 8o D. 7u, 10i, 12i, 8k, 8o

13. Isi gatra kaping 1 nganti 3 yaiku pitutur kang ... sanajan asale saka wong sudra.
A. elek ora pantes ditiru C. apik ora pantes ditiru
B. apik pantes ditiru D. elek pantes ditiru

14. Pratelan ing ngisor iki kang jumbuh karo tembang iku ....
A. Pituture wong asor ora perlu ditiru
B. Pitutur becik iku metu saka wong asor
C. Kabeh pitutur becik iku metu saka wong pinter
D. Pitutur becik kudu ditiru senajan metu saka wong asor
Wacan kanggo soal nomer 15, 16 lan 17

Jatayu nembe parisuka mabur ing awang-awang ngresepi kaendahaning bumi pertiwi. Jatayu
kaget sareng mireng swanten tangising tiyang estri ingkang sesambat dhateng putranipun Dasarata
ingkang asma Ramawijaya. Jatayu emut menawi Prabu Dasarata punika kanca raket wiwit alit, pramila
piyambakipun enggal-enggal badhe tetulung. Pungkasanipun Jatayu aben ajeng kaliyan Rahwana.
Rahwana dipuntladhung mawi jalu ngantos dhawah glangsaran. Rahwana lajeng mundhut pusaka
tumbak, dipuntamakaken ing badanipun Jatayu. Rajaning peksi punika lajeng dhawah ing palemahan,
wulunipun brodhol, swiwinipun sengkleh, saha nyethuthuk tanpa daya. Raja Alengka nglajengaken
lampah, mabur nggondhol Dewi Sinta.

15. Paraga utama ing carita iku ....


A. Jatayu C. Dasarata
B. Rahwana D. Ramawijaya

16. Kanca rakete Resi Jatayu wiwit cilik yaiku Prabu ....
A. Dasamuka C. Dasarata
B. Darmaraja D. Darmaji

17.
Tokoh wayang ing sisih iki yaiku ....
A. Rama C. Rahwana
B. Jatayu D. Dasamuka
Wacan kanggo soal nomer 18 lan 19

Tekan Negara Alengka, Sinta dipameri endahing kraton, barang-barang kang edi peni, lan
mawarna-warna mas inten berliyan, nanging Shinta ora ngrewes. Shinta tetep ora kapencut barang
kang dipamerake amarga ngugemi kasetyane marang Rama. Mula saka iku Rahwana ngancam Sinta
arep dipateni.

18. Nalika Sinta dipameri endahing kraton, maneka prabotan kang edi peni lan mas inten berliyan
dening Rahwana, nanging Sinta ora ....
A. nelangsa C. sedhih
B. ngrewes D. Lila

19. Shinta tetep ora kapencut kang dipamerake amarga ngugemi kasetyane marang ....
A. Rama C. Dasarata
B. Rahwana D. Dasamuka

Wacan kanggo soal nomer 20 lan 21

Prabu Rama wusanane ngutus Anoman supaya menyang negara Alengka, amarga ana pawarta
kang simpang siur bab kaanane Dewi Sinta. Nalika Anoman pamitan marang Prabu Rama, dumadakan
Anggada teka. Anggada iku putrane Subali lan Dewi Tara kang nyuwun supaya Prabu Rama mbatalake
anggone ngutus Anoman menyang Alengka. Akhire Anoman lan Anggada gelut rebutan ayahan
menyang Alengka.

20. Prabu Rama wusanane ngutus marang Anoman supaya menyang negara Alengka, amarga ana
pawarta kang simpang siur bab kaanane ....
A. Prabu Dasarata C. Dewi Sinta
B. Resi Jatayu D. Dewi Tara

21. Ibune Anggada asmane Dewi ....


A. Sinta C. Tari
B. Santi D. Tara

Wacan kanggo soal nomer 22 lan 23

Anoman punika jejering rewanda ingkang awarna seta, pramila Anoman ugi winastan rewanda
seta. Piyambakipun putranipun Bathara Bayu kaliyan Dewi Anjani. Ibunipun Anoman punika
sadherekipun Subali saha Sugriwa.

22. Tembung rewanda awarna seta tegese ....


A. Kethek ireng C. Kethek putih
B. Jaran putih D. Jaran Ireng

23. Bapak lan ibune Anoman yaiku ....


A. Bathara Bayu lan Dewi Anjani C. Bathara Surya lan Dewi Sinta
B. Bathara Bayu lan Dewi Utari D. Bathara Surya lan Dewi Tara
Wacan kanggo soal nomer 24, lan 25

Pamedhare wasitaning ati,


cumanthaka aniru pujangga,
dahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan weruh yen keh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

24. Katitik saka guru gatrane, tembang ing dhuwur kalebu tembang ....
A. Maskumambang C. Asmaradana
B. Kinanthi D. Dhandhanggula

25. Tembung “pamedhare” tembang ing ndhuwur tegese ....


A. kumalungkung C. kumenthus
B. pamulange D. kumayu

Wacan kanggo soal nomer 26, 27 lan 28

Adegan 1
( Ing pendhapa kadipaten Tuban, Ranggalawe lenggah kaadhep dening Sanggalangit)
Ranggalawe : “Paman Sanggalangit,yen sesuk aku mati, aku titip Watangan lan
Buntaran reksanen lan jaganen ya !”
Sanggalangit : “Nuwun sewu, panjenengan sampun ngendika kados makaten,
sampun damel ringkih manahipun piyambak.
Ranggalawe : “Apa tegese Paman?”
Sanggalangit : “Panjenengan mangke badhe nampi bintang minangka
tumbal kusumaning negara.”
Ranggalawe : “Ya Paman, uripku bakal dadi tumbal kusumaning negara. Aku
mantep nindakake dhawuhing ratu Kencana Wungu kanggo nyekel Adipati
Blambangan Minakjingga.

26. Bintang kang ditampa Ranggalawe iku minangka tumbal ....


A. kusumaning ati C. Adipati Blambangan
B. kusumaning negara D. Ratu Kenca

27. Ranggalawe mantep anggone …


A. nampa dhawuh saka Ratu Kencana Wungu
B. nampa bebana saka Ratu Kencana Wungu
C. dadi pemberontak ing Blambangan
D. dadi ratu ing Blambangan

28. Pacelathon Ranggalawe lan Sanggalangit ing istilah sandiwara diarani…


A. epilog C. dialog
B. prolog D. monolog

Wacan kanggo soal nomer 29, 30 lan 31

Ritual tradisional ruwatan ditindakake sarana pagelaran wayang kulit kanthi carita Murwakala. Ing
cerita wayang, dicaritakake Kala putrane Bathara Guru lan Dewi Uma minangka kang salah kedaden dadi
raseksa jahat lan duwe hak mangsa manungsa kang kalebu sukerta. Mula, wong iku kudu diruwat lan diresiki
kanthi cara diruwat mawa ritual tradisional ruwatan.

29. Ing upacara Ruwatan biasane nanggap wayang kanthi lakon ....
A. Bathara Surya C. Bathara Guru
B. Murwakala D. Candrakala

30. Bocah sukerta kudu diresiki kanthi cara ...


A. diruwat C. disambat
B. dirawat D. disambut

31. Basa ing geguritan iku basa kang ....


A. alus C. endah
B. kasar D. lucu

32. ...............................................
Donga ing tengahe ratri
Muga dadi tamba jampi urip iki

Setting wektu geguritan iku ing wayah ....


A. Esuk C. awan
B. Sore D. wengi

Wacan kanggo soal nomer 33 lan 34

Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu
kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas VII saha VIII, sarta
kanca-kanca kelas IX ingkang kula tresnani.

33. Perangan pidato iku diarani ....


A. pmBuk C. fufutn-
B. surs D. pnutup-
34. Paraga kang nindakake pidato yaiku siswa kelas ....
A. VII C. IX
B. VIII D. X

35. Wayang iku seni pagelaran asli Indonesia kang ngrembaka ing pulo Jawa lan ....
A. Sulawesi C. Lombok
B. Papua D. Bali

36. Kang kalebu kesenian sandiwara tradisional kang asale saka Jawa Wetan yaiku ....
A. kethoprak C. lengger
B. jathilan D. ludruk

37. ?kliwuzuaikuanai=kbup[tn\ .....


Tembung sing trep kanggo ngganepi yaiku ....
A. Tegal C. Batang
B. Brebes D. Kendal

38. Ibu tindak peken Cepiring.


Yen ditulis nganggo aksara Jawa....
A. ?aibutinFk\pekeneC%iri=. C. ?aibutinFkPekeneCpiri=.
Wacan kanggo soal nomer 39 lan 40

Dipunsami hambanting sariranira


Cegah dhahar lawan guling
Darapon suda
Nepsu kang ngambra-ambra
Rerema ing tyas sireki
Dadya sabarang
Karsanira lestari

39. Tembang Durma guru gatrane ana .... gatra


A. 8 C. 6
B. 7 D. 5

40. Tembang Durma duwe watak kang ....


A. lucu C. sedhih
B. seneng D. sereng

II. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki!


1. Sebutna Paraga 5 kang ana ing cerita wayang ramayana!
2. Salinen ukara ing ngisor iki migunakake basa krama!
a. Bapak lunga menyang surabaya
b. Si mbah lagi ngombe kopi
3. Sebutna paugeran tembang Dhandhanggula!

Pamendhare wasitaning ati


Cumanthaka aniru pujangga
Dahat mudha ing batine
Nanging kedah ginuggung
Datan wruh yen akeh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita

4. Salinen ukara ing ngisor iki migunakake aksara Jawa!


“Mikul dhuwur mendhem jero”
5. Salinen ukara ing ngisor iki migunakake aksara latin!
a. ssMitni= zauripPuniki.
b. becikKetitikHlketr.

--------------- ¥ sug_mk/y ¥ ---------------

Anda mungkin juga menyukai