Anda di halaman 1dari 5

No.Kode : 06/PAS.

1/VIII/YSBU/2019

YAYASAN SERAPHINE BAKTI UTAMA


SEKOLAH MENENGAH PERTAMA PIUS BAKTI UTAMA
KEBUMEN

PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : : Bahasa Jawa


Kelas : VIII (Delapan)
Hari, Tanggal : Rabu, 4 Desember 2019
Waktu : 10.00-11.30

Petunjuk umum :
1. Tulislah terlebih dahulu identitas Anda (nama dan nomor peserta PAS 1 pada lembar jawab yang tersedia.
2. Periksalah kelengkapan soal yang Anda terima. Laporkan kepada pengawas jika terdapat tulisan/gambar
yang tidak jelas, soal rusak atau jumlah soal kurang.
3. Bacalah petunjuk dan soal dengan teliti sebelum Anda mengerjakannya.
4. Mintalah kertas untuk corat-coret kepada pengawas bilamana memerlukannya.
5. Tidak diperkenankan menggunakan alat bantu, seperti kalkulator, kamus, ponsel, untuk menjawab soal.
6. Jumlah soal terdiri dari 40 butir soal pilihan ganda dan 5 butir soal uraian.
7. Dahulukan menjawab soal yang Anda anggap mudah.
8. Apabila sudah selesai mengerjakan dan masih ada waktu, periksa kembali pekerjaan Anda sebelum
diserahkan kepada pengawas.

I. Petunjuk khusus :
Pilihlah jawaban yang paling benar dan berilah tanda silang (X) huruf A, B, C atau D pada lembar
jawab!

Teks kanggo soal nomer 01-08

AJISAKA
Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané
ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur
péngin lunga mencaraké ngèlmu kawuruh ing Tanah Jawa. Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat
menyang Tanah Jawa, karo abdiné loro sing jenengé Dora lan Sambada. Bareng teka ing Pulo Majethi padha
lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku. Déné Aji Saka karo Sembada arep njajah
Tanah Jawa dhisik. Dora diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku Dora mau dipasrahi keris pusakané,
didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdiné, Sembada
menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu
Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur
padha ngalih menyang negara liya. Patihé diarani Kyai Tengger.
01. Irah-irahane cerita ing ndhuwur yaiku ....
A. Ajisaka C. Tanah Hindhustan
B. Tanah Jawa D. Prabu Dewata Cengkar
02. Ajisaka lunga mencarake ngelmu kawuruh ing ana....
A. Hindhustan C. India
B Tanah Jawa D. Indonesia
03. Ajisaka lunga mencarake ngelmu kawuruh dikancani karo abdine, yaiku ....
A. Prabu Dewata Cengkar C. Dora lan Sambada
B. Kyai Tengger D. Dora karo Kyai Basir
04. Welinge Ajisaka karo abdine sing jenenge Dora yaiku ....
A. ora olèh lunga saka pulo C. kon lunga adoh saka pulo
B. goleti Prabu Dewata Cengkar D. Aja padha wedi karo Kyai Tengger
05. Sawijining dina, Ajisaka duwe pepenginan arep ngulandara. Tembung liyane ngulandara yaiku ...
A. angon C. ngumbara
B. nyerang D. ngalahake

Bahasa Jawa/VIII
No.Kode : 06/PAS.1/VIII/YSBU/2019
06. Abdi kang ditugasi ngreksa pusakane Ajisaka yaiku ....
A. Prabu Dewata Cengkar C. Sambada
B. Kyai Tengger D. Dora
07. Pusakane Ajisaka awujud ....
A. pedang C. panah
B. keris D. tombak
08. Sing dadi sebab kawulane negara Medhang Kanoman akeh sing wedi banjur padha ngalih menyang negara
liya yaiku....
A. wedi karo Ajisaka sing dhue pusaka keris sakti
B. di usir karo Kyai Basir
C. di utus karo Patihé sing diarani Kyai Tengger
D. wedi karo Prabu Dewata Cengkar sing senengane dhahar daginge wong
Teks kanggo soal nomer 09-12
Si kidang ambegipun,
Angandelaken kebat lumpatipun,
Pan si gajah angandelken gung ainggil
Ula ngandelaken iku,
Mandine kalamun nyakot.
09. Tembang Gambuh sapada ing dhuwur ana pirang ... gatra .
A. 4 C. 6
B. 5 D. 7
10. Tembang Gambuh ing gatra 1 guru wilangane cacahe ana ... wilangan
A. 10 C. 8
B. 9 D. 7
11. Tembang Gambuh ing pada gatra 4 guru lagune ....
A. u C. o
B. i D. a
12. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu tembang Gambuh yaiku ....
A. 7u, 10 u, 12i, 8u, 8i C. 7u, 10 u, 12i, 8u, 8o
B. 7u, 10 u, 12i, 8i, 8o D. 7u, 10 a, 12i, 8u, 8o
13.

Tulisan latine ukara tembung Gambuh kasebut yaiku ....


A. Ambega adigang iku, ngandelaken ing kasuranipun
B. Ambeg adhigangiku, ngandelken ing kasuranipun
C. Ambeg adigang iku, ngandelaken ing kasuranipun
D. Ambeg adigung iku, ngandelken ing kasuranipun
14. Serat Wulangreh kaanggitdening ....
A. Sri Susuhan Pakubuwono III C. G.G.P.A.A Mangkunegara II
B. Sri Susuhan Pakubuwono IV D. G.G.P.A.A Mangkunegara III
15. Tembang Gambuh kalebu tembang Macepat. Tembung gambuh ateges ....
A. kulina C. pitutur
B. pranata D. guyon
16. Jono seneng ngripta tembang Macapat. Tembung ngripta ateges ....
A. membang C. ngubah
B. gawe D. mbabar
17. Tembung kebat, bahasa padinane banter yen diartike ngango Bahasa Indonesia ateges....
A. sifat C. watak
B. cepat D. mampu
18. Ing tembang Gambuh, watak adiguna digambarake dening kewan ....
A. sapi C. ula
B. gajah D. macan
19. Tembung liyane waskitha yaiku ....
A. bener C. jujur
B. awas D. ala

Bahasa Jawa/VIII
No.Kode : 06/PAS.1/VIII/YSBU/2019
20. Jene tembang diapit ngango mangajapa rangkep lan lungsi. Dene wujude yaiku ....
A. C.

B. D.
21. “

Ukoro ing nduwur iki diwaca....


A. Dadi kalifah iku C. Kudu duwe ambeg
B. Tanggap sasmita D. adil, jujur, wicaksana
Teks kanggo soal nomer 21-25
Kirab Bendera Ing Kabupaten Pati
Ing kabupaten Pati ana kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter diarak saka Stadion
Jayakusuma saka jam setunggal awan nganti setengah sekawan sore ing Alun Alun Pati. Acara kirab iki
diadakake kanggo mengeti Dina Kesaktian Pancasila, 1 Oktober 2016 lan kanggo mbangkitake jiwa
nasionalisme pemuda sak niki kang arep luntur. Minurut Ketua Forum Komunikasi Putra Putri Purnawirawan
TNI/POLRI Indonesia (FKPPI) Pati Endang Sri Wahyuningsih ngaturake yen dheweke maturnuwun marang para
pihak kang melu acara iki lan sing peduli karo kegiatan iki. Dheweke duwe kegiatan kaya ngene iki dianakake
setahun pisan.
22. Intine pawarta kasebut ing teks yaiku ....
A. bendera go mbangkitake nasionalisme C. kirab bendera ing kabupaten pati
B. 1 Oktober ana bendera 100 M D. dina kesaktian pancasila
23. Acara kirab bendera dianakake tanggal ....
A. 1 Oktober 2016 saka jam setunggal awan nganti jam setengah sekawan sore
B. 1 Oktober 2017 saka jam setunggal awan nganti jam setengah telu sore
C. 3 Januari 2015 saka jam setunggal awan nganti jam setengah sekawan sore
D. 5 Oktober 2016 saka jam setunggal awan nganti jam setengah sekawan sore
24. Kirab bendara kang dawane 100 meter lan omobone 3 meter kadadean ana ing ....
A. Kabupeten Pati C. Kabupeten Sleman
B. Kabupaten Kebumen D. Kabupaten Solo
25. Ingkang matur suwun diadakake acara iki kirab bendera yaiku .....
A. Ir. Joko widodo C. Endang Sri Wahyunungsih
B. Endang Wahyuni D. Sri Susuhan Pakubuwono III
26. Sing dadi arepe Endang Sri Wahyuningsih yaiku ....
A. Dheweke pangarep arep acara kaya ngene iki diadakake setahun pisan
B. Dheweke pengen gawe sing luwih rame mening
C. Dheweke pengen acara kaya iki diadakake nang setiap kabupaten
D. Dheweke pengen acara kaya ngene iki diadakake setiap wulan
27. Pawarta iku ngandhut enem ( 6 ) pokok pawarta, ing jagat jurnalistik kondhang kanthi istilah ....
A. 5H+1W C. 5P+1H
B. 3H+3W D. 5W+1H
28. Pawarta iku bisa diwartakake lumantar medhia elektronik, kayata ....
A. koran C. radhio
B. majalah D. tabloid
29. Kang angel dadi gampang, kang adoh dadi cedhak iku kabeh amarga....
A. teknologi kang wis kasil ditemokake C. barang-barang sangsaya canggih
B. wong-wong sangsaya pinter D. wong-wong sangsaya sugih akal
Gambar kanggo soal nomer 30-31

30. Pesen iklan kasebut klebu .....


A. iklan layanan masyarakat C. iklan standar
B. iklan artikel D. iklan undangan

Bahasa Jawa/VIII
No.Kode : 06/PAS.1/VIII/YSBU/2019
31. Karepe pesen/iklan ing dhuwur yaiku ....
A. ngajak sekolah C. susu kanggo bacah kang aktif
B. ngajak irit ngumbe obat D. ngindari ngumbe susu
32. Iklan layanan masyarakat asipat nonprofit, tegese ....
A. supaya entuk bathi akeh C. ora golet bathi
B. supaya ngrugekake masyarakat D. migunani kanggo masyarakat
33. Iklan dipasang lumantar media cetak kayata ing ....
A. Hp android C. radio
B. koran D. TV
34. Tuladha pesen/iklan layanan masyarakat sing trep yaiku ....
A. iklan odhol lan iklan sampo C. iklan KB lan ngirit banyu
B. iklan klambi lan iklan sepatu D. iklan KB lan iklan motor
35. Ayo padha ngombe obat mujarap Bintang Lima. Ces pleng kasiate. Ukara kasebut klebu....
A. iklan C. cerita
B. pawarta D. pengumuman
36. Atur-atur utawa pesen lesan tegese ....
A. ngomong utawa matur C. mara utawa sowan
B. ngakon utawa ngaturi D. teka utawa rawuh
37. Ukara kanggo pambuka nalika atur-atur yaiku ....
A. Wasasalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatu
B. Kula badhe nyuwun pamit rumiyin
C. Kepareng kula matur, sowan kula ingkang sepisan badhe silaturahmi
D. Assalamu’alaikum warahmatullahi wabararakatuh
38. Kapareng matur kalian Bapak Parno. Kulo sowan mriki ingkang sepisan badhe silaturahmi. Ingkang kaping
kalih, kula dipunutus Bapak Narto bilih panjenengan dipunsuwun rawuh wonten dalemipun.
Pranyataan ing dhuwur klebu ....
A. ukara pambuka atur-atur
B. ukara inti kang nuduhake maksud lan tujuan atur-atur
C. ukara panutup atur-atur
D. ukara panutan atur-atur
39. Pawongan kang dikongkon utawa atur-atur kudu nduweni ....
A. pendhidhikdn dhuwur C. klambi anyar
B. klambi resik D. unggah-ungguh becik
40. Anggone ngaturake maksud lan tujuan nalika sowan yaiku ....
A. sadurunge diaturi mlebu omah lan lunggguh
B. sadurunge kulo nuwun utawa uluk salam
C. sawise pamit bali
D. sawise diaturi mlebu omah lan lungguh

II. Jawablah pertanyaan-pertanyaan berikut ini!

CANDI PRAMBANAN
Ing jaman biyen ana kerajaan gedhe sing jenenge Prambanan. Rakyate Prambanan iku ayem lan tentrem
sing dipimpin karo Prabu Baka. Nanging kerajaan Prambanan diserang karo kerajaan Pengging. Prabu Baka lan
pasukane kalah amarga kurang persiapane. Prabu Baka lan pasukane mati amarga kena karo senjatane Bandung
Bandowoso. Kerajaan Pengging lan pasukane seneng amarga iso naklukno kerajaan Prambanan. Pada wektu
Bandung Bandowoso ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro
Jonggrang, putri Prabu Baka. Langsung Bandung Bandowoso nglamar Roro Jonggrang.
"Roro Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" Jare Bandung Bandowoso.
Roro Jonggrang nanggepi pertanyaane Bandung Bandowoso
"Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate."
"Apa iku syarate?" Jare Bandung Bandowoso.
"Gawekno aku 1000 candi tapi wektune sakwengi!" Jare Roro Jonggrang.
Ing bengi, Bandung Bandowoso ngumpulno anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise ngerungokno perintahe
Bandung Bandowoso, jin lan setan langsung nggarap sing diperintaake karo Bandung Bandowoso. Roro

Bahasa Jawa/VIII
No.Kode : 06/PAS.1/VIII/YSBU/2019
Jonggrang ndelengi pekerjaane Bandung Bandowoso. Roro Jonggrang wedi kalo Bandung Bandowoso iso
nggarap permintaane dewe. Roro Jonggrang langsung ngumpulno dayang-dayange.
Roro Jonggrang mau ngongkon dayange mbakar jerami, munikno lesung lan naburno bunga sing wangi.
Jin lan setan mau wedi lan disangkakno wis esok. Jin lan setan langsung mbalek. Asline candine iku wis ana 999,
tapi kurang 1. Bandung Bandowoso mangkel nang Roro Jonggrang amarga wis mbujuk deweke. Langsung
bandung Bandowoso ngesabda Roro Jonggrang dadi patung lan ngganepi 1000 candi.

01. Wacanen crita ing nduwur!


a) Crita ing nduwur isine apa?
b) Sapa wae tokoh ing crita Candi Prambanan?
c) Kepriye watake tokoh ing crita Candi Prambanan?

02. Tulisen ngango aksara rekan!


a) Pak Anton koleksi watu zamrud.
b) Vitamin iku apik kanggo kasarasan.

03. Negesi tembung-tembung


No Tembung Ngoko Indonesia
1 sekar ................................. .................................
2 becik ................................. .................................
3 mandine ................................. .................................
04. PAWARTA
Pilkada ing tanggal 11 Desember 2006 ing Nanggro Aceh Darusalam (NAD) takseh wonten kirang
langkung 300 ewu tiyang pemilih dereng dhaftar. Miturut ketua Dewan Perwakilan Daerah tiyang seng dereng
ke dhaftar iku minongka tenger rendhetipun pamarintah Aceh. Awit pendhaptaran pilkada saget ugi nuwuhake
dredah. ketua Dewan Perwakilan Daerah ngandharake tiyang ingkang sampun nggadahi hak pilih.
a) Apa kang diwaratake?
b) Ngendi papan dumadine prastiwa?
c) Kapan wektu dumateng prastiwa?

05.

Keprie isine pesen/iklan ing ndhuwur?

Bahasa Jawa/VIII

Anda mungkin juga menyukai