Anda di halaman 1dari 5

No.Kode : 06/PAS.

1/IX/YSBU/2019

YAYASAN SERAPHINE BAKTI UTAMA


SEKOLAH MENENGAH PERTAMA PIUS BAKTI UTAMA
KEBUMEN

PENILAIAN AKHIR SEMESTER 1


TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : : Bahasa Jawa


Kelas : IX (Sembilan)
Hari, Tanggal : Rabu, 4 Desember 2019
Waktu : 10.00-11.30

Petunjuk umum :
1. Tulislah terlebih dahulu identitas Anda (nama dan nomor peserta PAS 1 pada lembar jawab yang tersedia.
2. Periksalah kelengkapan soal yang Anda terima. Laporkan kepada pengawas jika terdapat tulisan/gambar
yang tidak jelas, soal rusak atau jumlah soal kurang.
3. Bacalah petunjuk dan soal dengan teliti sebelum Anda mengerjakannya.
4. Mintalah kertas untuk corat-coret kepada pengawas bilamana memerlukannya.
5. Tidak diperkenankan menggunakan alat bantu, seperti kalkulator, kamus, ponsel, untuk menjawab soal.
6. Jumlah soal terdiri dari 40 butir soal pilihan ganda dan 5 butir soal uraian.
7. Dahulukan menjawab soal yang Anda anggap mudah.
8. Apabila sudah selesai mengerjakan dan masih ada waktu, periksa kembali pekerjaan Anda sebelum
diserahkan kepada pengawas.

I.Petunjuk khusus :
Pilihlah jawaban yang paling benar danberilah tanda silang (X) huruf A, B, C atau D pada lembar
jawab!

Teks kanggo soal nomer 01-05


Anoman Obong
Dewi Shinta wis kelakon didhusta dening Prabu Rahwana/Dasamuka menyang kraton Alengkadiraja.
Dewi Shinta dipapanake ing taman Kaputren. Ing taman, Dewi Shinta ora doyan mangan lan ora doyan ngombe.
Awake kuru aking, rambute dawa nggimbal ora digelung amarga wis suwe ora adus. Kabeh mau ditindakake
supaya Rahwana wegah nyedhaki dheweke. Kanggo njaga keslametane, menyang ngendi wae Dewi Shinta
tansah nggawa cudrik/keris cilik. Samangsa-mangsa Prabu Rahwana teka arep ngrudapeksa, dheweke banjur
ngancam arep nganyut tuwuh utawa bunuh diri.
Ing taman amung Dewi Trijatha sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan. Dewi
Trijatha kui anake Gunawan Wibisana adhine Prabu Dasamuka dadi isih ponakane Prabu Dasamuka. Dewi
Trijatha kui rupane ayu lan polah tingkahe ora kasar kaya buta Alengka. Polah tingkahe lan solah bawane ora
beda karo putri keraton liyane. Upama ora ana Trijatha, Dewi Shinta mesthi wis mati suduk sarira, Trijatha kasil
ngarih-arih Dewi Shinta supaya ora lampus dhiri.
Ora kacarita nelangsane Dewi Shinta ing tangane mungsuh. Dene Sri Ramawijaya kasil dadi ratu
angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa. Sawijining dina Sri Ramawijaya
kirim utusan kethek putih aran Anoman. Anoman dinuta Sri Ramawijaya supaya nggolek sisik melik ing ngendi
lan kepriye kahanane Dewi Shinta.
1. Irah-irahane cerita ing ndhuwur yaiku ....
A. Anoman Obong C. Dewi Shinta
B. Prabu Rahwana D. Sri Ramayana
2. Dewi Shinta di dhusta Prabu Rahwana dipapanak ana ing endi....
A. taman amung C. taman Kaputren
B. penjara D. tengah pulo
3. Sing bisa ngarih-arih lan bujuk Dewi Shinta supaya gelem mangan yaiku ....
A. Anoman C. Sri Ramawijaya
B. Dasamuko D. Dewi Trijatha
4. Dewi Trijatha iku putrine ....
A. Anoman C. Sri Ramawijaya
B. Raden Gunawan Wibisona D. Raden Rahwana

BAHASAJAWA/IX/2019
No.Kode : 06/PAS.1/IX/YSBU/2019
5. Kang kautus Sri Rama golek sisik melik ing ngendi dununge Dewi Sinta yaiku ....
A. Anoman C. Sugriwa
B. Dasamuko D. Dewi Trijatha
6. Sri Ramawijaya kasil dadi ratu angratoni bangsane kethek saka kraton Guwa Kiskenda andhahane Sugriwa.
Tembung liyane kethek yaiku ....
A. ula C. macan
B. wanara D. naga
Teks kanggo soal nomer 07-14
Ing ngisor iki tuladha tembang macapat dhandhanggula kang kajupuk saka serat wulangreh anggitanipun Sri
Pakubuwana IV
Nanging yen sira ngguguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang ngirangi,
sukur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.
7. Serat Wulangreh iku anggitane ....
A. Sri Sultan Hamengkubuwana IV C. Sri Susuhan Pakubuwono III
B. Sri Susuhan Pakubuwono IV D. K.G.P.A.A Pakualam IX
8. Cacahing gatra ing sapada tembang Dhandanggula ana ....
A. 12 C. 10
B. 11 D. 7
9. Guru lagune tembang Dhandanggulo yaiku ....
A. a, u, a, o, i, e, a, a, i, e C. a, u, a, a, i, e, a, a, i, o
B. a, u, a, a, i, e, a, a, i, e D. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
10. Guru wilangan tembang Dhandanggulo yaiku ....
A. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 C. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 10, 7
B. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 10, 12, 7 D. 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 10
11. Miturut tembang Dhandanggula ing nduwur, yen milih guru dhisik dhewe kudu sing becik ....
A. rupane C. sandhangane
B. martabate D. wulangane
12. Tembung liyane tembung ngirangi ing tembang dhandanggula larik 5 yaiku ....
A. alim C. isin tumindak ala
B. gawe isin D. isin tumindak becik
13. Sasmitane tembang Dhandanggula, kajaba ....
A. sarkara C. kanthi
B. langking D. manis
14. Ingkang becik martabate. Tembung martabate tegese yaiku ....
A. kawruhan C. mupakat
B. pangkate D. sarengat
15. Jenenge tembang diapit nganggo mangajapa rangkep. Dene wujude yaiku....
A. C.

B. D.
16. “Akeh kang ngaku-aku”.
Ukara ing dhuwuer manawa ditulis aksara jawane dadi ....

A.

BAHASAJAWA/IX/2019
No.Kode : 06/PAS.1/IX/YSBU/2019
17. Para pujangga mligine ing Surakarta, anggone nyelehake piwulang ora mung lumantar serat utawa
tembang. Salah sawijining kagungan Jawa kang misuwur yaiku ....
A. sandiwara C. reog
B. wayang D. jaran kepang
18. Sandiwara asale saka tembung sandi lan wara, tegese ....
A. klompok kesenian C. maragake teks
B. piwulang kang sinandi D. maragake surat
Teks kanggo soal nomer 19-22
Isuk iku, Erma lan Selfi lagi lungguh ing njeroning kelas. Dereng wonten murid sing teko sakliyane wong loro
kuwi.
Selfi : “er, pelajaran dino iki ono PR nggak ?”
Erma : “Sek, tak deloke disek.” (Langsung njupuk buku ing tase) “Kayake  ora ono.” Alfina
mlebu ing njroning kelas.
Alfina  : “Assalamualaikum.” (Salam Alfina ing ngarepe lawang kelas)
Selfi lan Erma  : “Waalaikumssalam.”
Alfina  : “Kalian lagi apa rek ?”
Selfi : “Enggak, gak kok.”
(Alfina  langsung lungguh ing ngarepe bangkune Selfi lan Erma.)
Selfi : “, dino iki ora ono PR utowo ulangan kan ?”
Alfina  : “Sek sek,” (ambek mikir-mikir) “Ono ! dino iki ulangan !
(Alfina langsung ngetokake buku catetan B.Jawa sing ono ing njero tase lan langsung sibuk moco catetane.
Rodok suwe, Wanda mlebu ing njroning kelas.)
Alfina : (Ngguyu-ngguyu dewe ndelok Wanda mlebu)
Selfi : “Wan, engko awakmu konsultasi tugas B.Jawa ta ?”
Wanda : (lungguh ing panggonane) “Iyo, opo ?”
Selfi  : “Nggak, nggak po po kok. Mek takon tok.”
Erma  : “Wan, sing wingi iku temenan ra ?”
(Pitakon Erma kaleh ngekek kode marang Wanda)
Wanda  : “Nggak usah ndek anggep serius masalah wingi iku, aku mek guyon tok kok.”
(Lalu, Faisal  mlebu ing kelas, lan langsung lungguh ing panggonane.)
Faisal  : “Erma, ona sing meh tak kekno nang awakmu.”
Selfi  : “meh ngekeki apa awakmu ?”
Faisal  : “Aku nggak bicara sama kamu, pingin eroh ae. Erma  ae biasa.”
Erma  : “Emang ngekeki opo se ?”
Faisal  : “Engkok ae.”
(Ing tengah-tengah pelajaran, Faisal  maringaken buku pelajarane marang Erma.)
Selfi : “Opo iku Er ?” (Ngintip bukune Faisal)
Erma  : “Coklat maneh ??” (erma ngomong alon)
Selfi  : “Maneh ? arek iku pingin awakmu gendut paling, kok ngekeki coklat terus hehe.”
Erma  : “Iyo paling, hehe.”
19. Sing dadi paraga ing teks sandiwara ing ndhuwur yaiku ....
A. Selfi, Erma, Faisal lan Alfina C. Selfi lan Erma
B. Selfi, Erma, Agus, Wanda, Alfina D. Selfi, Erma, Faisal, Wanda lan Alfina
20. Sapa sing lungguh ing njeroning kelas, sadereng wonten murid sing teko....
A. Selfi, Erma, Faisal lan Alfina C. Selfi lan Erma
B. Selfi, Erma, Agus, Wanda, Alfina D. Selfi, Erma, Faisal, Wanda lan Alfina
21. Barang sing dikekno Faisal maring Erma yaiku ....
A. buku Bahasa Jawa C. coklat
B. buku tulis D. tas
22. Watake Selfi ing teks sandiwara ing ndhuwur yaiku ....
A. seneng guyon C. serius
B. romantis D. emosinan
23. Paraga kang ndhuweni watak durjana yaiku ....
A. para protagonis C. paraga utama
B. para antagonis D. paraga pambiyantu
BAHASAJAWA/IX/2019
No.Kode : 06/PAS.1/IX/YSBU/2019
24. Lakune crita uga sinebut ....
A. alur C. amanat
B. setting D. penokohan
Teks kanggo soal nomer 25-32
SEKATEN
Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih
menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad S.A.W. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi
Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara menika kala biyen
diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat
mlebet agami Islam.
Ing dina sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem sami-sami diiringi
kalih set gamelan Jawa : Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking
pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe
manggoni sisih lor saking masjid Agung, Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid.
Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-
turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.
25. Sekaten utawa upacara Sekaten asale saking tembung ....
A. sekawan C. slametan
B. syahadatain utama kalih syahadat D. emosinan
26. Upacara sekaten inggih menika acara mengeti ....
A. penikahane Nabi Muhammad S. A. W C. ambal warsaning G.G.P.A.A Mangkunegara II
B. ambal warsaning Sri Susuhan Pakubuwono I D. ambal warsanipun Nabi Muhammad S. A W
27. Upacara sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun
lor Surakarta lan Yogyakarta yaiku ....
A. grebeg utawa gunungan C. upacara nyatus dinten
B. sekaten D. tumbuk ageng
28. Sekaten meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta
kangge ngundang masyarakat supados ....
A. mlebet agami Islam C. mengeti uwong nilar donya suwene setaun
B. perang D. mengeti tali pusere bayi wis ucul
29. Ing dina sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem, tembung liane abdi Dalem
yaiku ....
A. punggawa kraton C. pangeran
B. polisi D. masarakat
30. Arane gamelan Jawa ingkang iring-iringan ing dinten sapisan yaiku ....
A. Kyai Slamet C. abdi dalem
B. Sultan Hamengkubuwana I D. Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu
31. Kyai Gunturmadu manggoni ing pagongan sisih pundi ....
A. ing alun-alun lor C. kidul masjid agung
B. ing alun-alun kidul D. sisih lor masjid agung
32. Kalih set gamelan iku dimainke sesarengan nganti ... dinten katurut-turut.
A. 7 C. 9
B. 8 D. 11
33. Upacara kang diadani kanggo bocah lanang kang bubar ditetaki yaiku....
A. upacara nyatus dinten C. pengantenan
B. upacara supitan D. mapati
34. Upacara mitoni yaiku upacara slametan bayi ing kandhungan umure pitung sasi. Upacara slametan iki uga
diarani ....
A. upacara nyatus dinten C. tingkeban
B. upacara supitan D. tumbuk alit
35. Bocah ontang-anting klebu bocah sukerta kang kudu diruwat, ontang-anting tegese ....
A. anak lima lanang kabeh C. anak loro wadon kabeh
B. anak lanang tunggal D. anak loro lanang wadon
36. Upacara tedhak sinten kaadani nalika bocah umur....
A. 351 dinten C. 245 dinten
B. 250 dinten D. 200 dinten

BAHASAJAWA/IX/2019
No.Kode : 06/PAS.1/IX/YSBU/2019
37. Lakon wayang sing lumrahe digelar ing upacara kanggo Ruwatan yaiku....
A. “Murwakala” C. “Semar Mbangun Kayangan”
B. “Anoman Obong” D. “ Murwakandha”
38. Wektu iku wong tuwane anak kang diruwat nyerahake anake marang ....
A. sinden C. para niagan
B. Ki Dhalang D. buta ijo
39. Upacara Nyadran dileksanake ing sasi ....
A. suro C. dulkaidah
B. sapar D. ruwah
40. Upacara mendhak pisan kanggo mengeti uwong tilar donya suwene ....
A. 4 taun C. 2 taun
B. 3 taun D. 1 taun

1. Apa tegese Guru Gatra, Guru wilangan lan Guru lagu ?


2. Kaandharna apa wae kang kalebu struktur saka sandiwara?
3. Kaandharna bocah-bocah kang klebu bocah suketa ing ngisor iki!
a) Kedhana-kedhini
b) Uger-uger lawang
c) Dhampit
d) Pandhawa
e) Pancuran kapit sendhang
4. Sebutna patang bab pokok kang kudu ditumindakake nalika upacara ruwatan! Apa wae sebutna!....
5. Tulisan aksara jawa ing ngisor iki gantinen nganggo aksara latin!

BAHASAJAWA/IX/2019

Anda mungkin juga menyukai