DOKUMEN SEKOLAH
SANGAT RAHASIA
LEMBAR SOAL UTAMA
A. PILIHAN GANDA
Pilihen wangsulan kang paling bener kanthi milih huruf A, B, C, D, utawa E!
1. Tembang macapat Pangkur duwe pathokan inti, salah sawijine babagan pathokan sajroning
tembang macapat kang ngemot pathokan cacahing wanda saben sagatra, yaiku ....
A. guru lagu
B. guru basa
C. guru gatra
D. guru sastra
E. guru wilangan
2. Crita cekak ngemot unsur-unsur intrinsik kang mbangun crita iku dadi katon becik, dene unsur
sajroning crita kang ngandharake karep pangriptane/pencipta kang ora dikandhakake kanthi
cetha mung bisa dionceki sawise rampung anggone maca karyane, yaiku ….
A. alur
B. paraga
C. amanat
D. skenario
E. setting/latar
3. Kira-kira telung tahun kepungkur, Gunung Solok katon endah lan wingit. Kayu gedhe-gedhe lan
wit-witan rungkut nutupi gunung. Menawa mlaku-mlaku ngambah papan pamujan, hawane adhem
banget. Swara manuk pating cruwet. Nanging, saiki swasana mau wis ilang.
Perangan pawarta ing dhuwur kang ora ana yaiku ....
A. apa
B. sapa
C. kapan
D. kepiye
E. ing ngendi
4. Omah adat Jawa (Joglo) duweni perangan-perangan kang ngemot makna filosofi, salah sawijine
yaiku ruwangan kang jaman biyen kalebu ruwangan kang istimewa, wiwitane kanggo nyimpen
pusaka lan piranti aji liyane, menawa ngibadah uga katindakake ana ing ruwangan iki, sarta
duwe makna yen manungsa iku tansah eling marang Gusti kang paring kanugrahan, ruwangan
iki jenenge, yaiku ....
A. dalem agung
B. krobongan
C. pawon
D. pringgitan
E. pendhapa
5. Ukara “nalika wayah wengi ana padhang bulan apik banget”, yen ditulis nganggo aksara Jawa
kang bener, yaiku ....
A.
B.
C.
D.
E.
6. SINOM
Ana ing tembang sinom ing dhuwur, ukara “kapati amarsudi”, yen diterjemahake nganggo bahasa
Indonesia, yaiku ....
A. sangat tekun berusaha
B. mengurangi hawa nafsu
C. dengan cara laku prihatin
D. yang dilakukan siang dan malam
E. mencontohlah perilaku yang utama
7.
8. Dadi pranatacara kang becik duweni unsur-unsur kanggo gladhen lan sarat laku, salah sawijine
kang ngemot babagan kudu bisa trampil, trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing
karya, sarta ora ngleler nanging uga ora katon grusa-grusu, kalebu ing sarat laku, yaiku ....
A. magatra
B. maraga
C. malaksana
D. matanggap
E. malaghawa
9. Panganan tradisional Jawa ana maneka warna, ing dhaerah Yogyakarta duwe makanan khas
kang jenenge beda-beda. Ing ngisor iki kang ora kalebu panganan tradhisional saka dhaerah
Yogyakarta, yaiku ....
A. geplak
B. gudeg
C. krecek
D. tahu gimbal
E. bakpia pathuk
10. Ukara “aku turu ana ing kasur”, yen ditulis nganggo aksara Jawa kang bener, yaiku ....
A.
B.
C.
D.
E.
Ukara “setya budya pangekese dur angkara”, nduweni teges, yaiku ....
A. Golek ngelmu diwiwiti kanthi tenanan.
B. Golek ngelmu iku kalakone kudu rekasa.
C. Sipat kang ala bakal ilang kanthi ngelmu kang becik.
D. Yen golek ngelmu iku kanthi tenan, bakal bisa kagayuh.
E. Golek ngelmu iku kudu temen lan ngedohi sipat ala supaya bisa kasil.
12. Ing sawijining dina nalika Rudi lan Rukidi ngrembug bab kanggo siap-siap menyang industri.
Nalika kuwi kanca-kancane uga takon “kepiye, persiapan ana ing industri wis siap durung, Rud?”
pitakone kancane marang Rudi.
“wis siap kabeh, muga-muga ora ana akangan apa-apa”. Wektu sansaya sore wayahe wis bali
ana ing omahe dhewe-dhewe. Rudi, Rukidi, lan kancane kuwi kang lagi kumpul ana ing warung
kopi Mak Cor.
Latar panggonan pethilan novel Jawa ing dhuwur, yaiku ....
A. warung tegal
B. warung kopi
C. sekolahan
D. dalan
E. omah
13. Wektu iku ana siswa kang lagi wae rampung praktek saka industri. Dheweke diutus guru maju
sesorah bab industri, ora ana persiapan apa-apa, banjur gelem ora gelem dheweke kudu maju.
Miturut pethilan crita ing dhuwur, metodhe sesorah kang digunakake siswa kasenut, yaiku ....
A. maca teks
B. impromtu
C. maca sithik
D. ekstemporan
E. ngapalake teks
14. Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sawijine upacara sakral adat Jawa sing duwe
rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara penganten iki nglambangaken
sapatemonan anatarane penganten putri lan penganten kakung ing kahanan sing mligi kaya
dene raja lan ratu. Padhatan, rantaman inti upacara dilakoni ing daleme penganten putri, sing
dadi pamangku gati yaiku wong tuwa utawa kulawarga pengantin putri dibiyantu dening
kulawarga saka penganten kakung. Rantaman adicara pengantenan adat Jawa saben laladan,
beda miturut kahanan ekonomi saben kulawarga.
Miturut pethilan wacana eksposisi ing dhuwur, sing ora kalebu filosofi adat tradhisi mantu, yaiku
....
A. Lakune prosesi pengantenan gumantung saka kersane penganten lan kulawarganipun.
B. Lakune adicara mantu lumaku miturut adat tradhisi ana ing papan panggonan tinamtu.
C. Fitrahe manungsa iku betah pasangan urip kanggo mbagi rasa seneng lan susah kanthi
kebak rasa tresna.
D. Upacara pengantenan duwe tujuan kang mulya kanggo nerusake sesambungan anggone
omah-omah.
E. Adicara pengantenan kudu bisa gawe seneng para tamu kang rawuh tanpa nggatekake
prabeya/biaya.
15. Lanjutan tembung kang trep ukara aksara jawa , …., yaiku ….
A.
B.
C.
D.
E.
17. Ing tlatah Prambanan ngrembaka crita rakyat kedadeyane Candi Sewu. Crita sing nyritakake
Bandung Bandawasa sing kepincut kara Rara Jonggrang, ananging Rara Jonggrang ora gelem
dadi sisihane Bandung Bandawasa tanpa menehi sarat sing mokal bisa dilakoni. Bandung
Bandawasa dikongkon nggawe candi cacahe sewu sajrone sewengi. Gandheng Bandung
Bandawasa iku sekti mandaraguna, dheweke bisa nglakoni sarat kuwi mau. Ing wayah tengah
wengi wis entuk 999 candi. Mangerti kahanan mangkono, Rara Jonggrang banjur gawe-gawe
supaya ora kasil anggone Bandung Bandawasa tandhang gawe. Mulane kabeh wong kon nutu
lan ngobong damen ana ing sisih wetan supaya dikira wis esuk. Ngerti Rara Jonggrang tumindak
culika, Bandung Bandawasa nesu banjur Rara Jonggrang di sabda dadi candi sing kaping 1000.
Miturut isine, pethilan crita ing dhuwur kalebu jinis crita rakyat, yaiku ....
A. sage
B. mitos
C. fabel
D. dongeng
E. legendha
18. Mangga para pamiyarsa menawi mbetahaken winih jagung ingkang top markotop, kula aturi
mundhut jagung Bisi 2.
Iklan kang ana ing dhuwur kuwi kalebu iklan kang ana ing ngendi ....
A. kalawarti
B. ariwarti
C. radhiyo
D. baliho
E. tv
Kang ora kalebu pitutur kang kamot ana ing tembang dhuwur, yaiku ....
A. Kudu tumindak becik, tirakat lan tanggap ing sasmita.
B. Kudu ati-ati supaya bisa urip mulya.
C. Aja seneng mangan lan turu.
D. Ngutamakake sikap kepahlawanan.
E. Kudu kulina nindakake samubarang nganggo ati.
22. Syair tembang macapat kinanthi, yen diterjemahke ana ing bahasa Indonesia "agar menjadi
tanggap rasa", yaiku ....
A. cegah dhahar lawan guling
B. aja pijer mangan nendra
C. ing sasmita amrih lantip
D. pesunen sariranira
E. padha gulangen ing kalbu
23. Serat wedhatama ngajarake supaya aja nganti "aywa sembrana ing kalbu", kang tegese yaiku
....
A. lali pepalange urip
B. sembrana ing batine
C. ragu-ragu ing atine
D. waspada nulat ing samubarang
E. manungsa wajib ngudi kanthi tenan
24. Tembang macapat iku duweni watak kang beda-beda. Salah sawijine yaiku tembang kinanthi.
Ing ngisor iki kang ora kalebu watak tembang macapat kinanthi kang bener, yaiku ....
A. seneng
B. bungah
C. mbimbing
D. atut runtut
E. tresna asih
Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 25, 26, lan 27!
Lintang Wengi
Dening: Wiwiek Panca Widyaningsih
25. Tegese tembung “ludira” ana ing ukara Ludira kadya kandheg, kapireng kekidunganmu endah
rinasa, yaiku ....
A. getih
B. awan
C. surup
D. angin
E. kringet
27. Geguritan kanthi irah-irahan “Lintang Wengi” ing dhuwur kalebu jinis geguritan, yaiku ....
A. anyar
B. lawas
C. klasik
D. kidung
E. romansa
28. Geguritan Jawa nduweni jinis kang maneka warna, salah sawijine yaiku geguritan kang ngemot
pangalembana marang wong liya, negara apadene kang dianggep luhur. Geguritan kasebut
kalebu ing jinis geguritan kang jenenge yaiku ....
A. epigram
B. himne
C. ode
D. elegi
E. satire
29.
Sumimpen Ing Pojok Ati
Dening: Tatiek Kalingga
Wos surasane bait kapisan ana ing geguritan dhuwur, yaiku ....
A. gegambaran ati kang kelara-lara
B. ngerteni kahanan kang endah
C. tumindak kang nalisir
D. donga marang gusti
E. ora bisa kecukupan
30. Perangan busana adat Jawa kanggo nutup sirah sing digawe saka bahan batik. Lumrahe sing
nganggo wong lanang. Biasane ana mondholan ing mburine.
Perangan busana adat Jawa sing dikarepake saka wacan dhuwur, yaiku ....
A. Blangkon
B. Selop
C. Jarik
D. Keris
E. Beskap
31.
Gambar busana adat Jawa ing dhuwur duwe jeneng, yaiku ....
A. iket
B. kuluk
C. canela
D. udheng
E. blangkon
34. Kendhang yaiku salah sawijining piranti gamelan kang digawe saka kayu lan kulit. Kendhang
ditabuh nganggo kombinasi dlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Kendhang diselehake
ing wadhah panyangga saka kayu sing wujude memper huruf Y. Kendhang ing musik gamelan
fungsine kanggo mimpin lan ngarahke musik.
Teks ing dhuwur iku kalebu teks eksposisi ....
A. analisis
B. ilustrasi
C. definisi
D. klasifikasi
E. kosok balen
35.
Gambar ing dhuwur nuduhake salah sawijine perangan gamelan Jawa, kang duweni jeneng,
yaiku ....
A. kenong
B. kethuk
C. kempul
D. bonang
E. slenthem
37. Ukara “Sawisé nonton film, aku karo zakiyah mangan kupat tahu énak banget”, yen ditulis
nganggo aksara Jawa kang bener, yaiku ....
A.
B.
C.
D.
E.
B.
C.
D.
E.
kasebut yaiku….
A.
B.
C.
D.
E.
B. URAIAN
Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki kanthi premati!
41. Gatekna gambar panganan tradisional ing ngisor iki!
Saka gambar ing dhuwur, gawenen teks deskripsi kanthi ringkes babagan panganan tradisional
kasebut!
42. Jlentrehna kanthi diwenehi tuladha (contoh kalimat) apa wae perangan teks sesorah!
43. Jlentrehna makna isi geguritan ing ngisor iki!
Celengan Kodhok
(Dening: Rahmaditya K.A.R.W)
Kapethik saka: Majalah Panjebar Semangat edisi No. 51-19 Desember 2015
44. Jlentrehna urut-urutan tata cara panggih ana ing mantu (pernikahan) adat Jawa!
45. Tulisna dadi aksara latin, ukara aksara Jawa ing ngisor iki!
a.
b.