Anda di halaman 1dari 16

UTAMA

DOKUMEN NEGARA
SANGAT RAHASIA

UJIAN SEKOLAH
SMA ISLAM SUDIRMAN PAKIS
TAHUN PELAJARAN 2019/2020

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Program : IPA / IPS
Hari/tanggal : Jumat, 13 Maret 2020
Waktu : 09.30-11.30 (120 Menit)

PETUNJUK UMUM

1. Isikan identitas Anda ke dalam Lembar Jawaban /LJK yang tersedia


2. Beri tanda silang/hitamkan salah satu option jawaban (A, B, C, D, E) yang Anda pilih
3. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya, pastikan setiap lembar soal memiliki
nomor paket yang sama dengan nomor paket yang tertera pada cover
4. Laporkan kepada pengawas ujian apabila terdapat lembar soal yang kurang jelas, rusak, atau tidak
lengkap
5. Tersedia waktu 120 menit untuk mengerjakan paket tes tersebut
6. Jumlah soal sebanyak 40 butir soal pilihan ganda dan 5 butir soal essay.
7. Mintalah kertas buram kepada pengawas ujian jika diperlukan
8. Tidak diijinkan menggunakan kalkulator, HP, tabel matematika atau alat bantu hitung lainnya
9. Periksalah pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas ujian
10. Lembar soal tidak boleh dicorat-coret
I. Pilih jawaban kang paling bener kanthi menehi tandha ping (x) aksara A, B, C, D, utawa E
ing lembar jawab kang wis sumadya !!

1. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Nggugu kaesane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun ing samudana
Sesadoning adu manis
Surasa tembang ing dhuwur yaiku ….
A. ngandharake wong sing duwe tingkah sakkarepe dhewe
B. ngandharake wong sing seneng dialem
C. ngandharake wong sing ngendikan tanpa dipikir
D. ngandharake wong sing tansah duwe pikiran apik
E. ngandharake bedane wong duwe ilmu lan ora duwe ilmu

2. Wacanen pethilan cerkak ing ngisor iki!


“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?”
pitakonane Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganthi bingung banget.” Bu
Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,”Bu Nurul nyalami tangane
Bu Umi kanthi bungah.
Nilai-nilai kang kakandhut sajroning pathilan cerkak ing dhuwur yaiku ….
A. nilai religius
B. nilai moral
C. nilai sosial
D. nilai budaya
E. nilai estetis
3. Wacanen pawarta ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon ing sangisore!
Tari Dholalak kalebu dolanan bocah kang bisa tinemu ing Kabupaten Purworejo. Dholalak
saka tembung “dho” lan “la”. Ing jaman kunane karepe joged iki kairing mung rong titi laras
dho lan la. Saiki tarian iki kairing alat musik modern. Kayata keyboard, lan lagu-lagune saiki
luwih variatif. Penari dholalak ing jaman kunane ditindakake wong lanang kanthi sragam ireng
lan clana cekak, kaya adate bocah.
Saiki sing joged ora mung wong lanang ananging uga ana para remaja putri kanthi sragam
sing variasi. Para penari bisa ndadi (kesurupan) kanthi tingkah sing aneh-aneh. Tarian ndholalak
kalebu tarian pasrawungan remaja. Sing nduweni karep nyenyubur rasa solidaritas lan
paseduluran. Mula dholalak wajib dilestarekake lan dirembakake amarga nandhut nilai-nilai
kearifan lokal kang ana ing tlatah Purworejo.
Wos pawarta kasebut yaiku ….
A. jinising tarian dholalak
B. dholalak asale saka tembung “dho” lan “la”
C. tari dholalak perlu dilestarekake amarga ngandhut nilai-nilai kearifan lokal
D. sragam dholalak ireng lan clana cekak
E. sing joged ora mung wong lanang nanging uga ana para remaja putri

4. Dumunung ing ngarep dhewe, fungsi utamane kanggo nampa tamu. Perangan iki tansah
dibukak tanpa ana wates ruwangan. Wujud kang tinarbuka iki ora tanpa ngemu teges. Iki aweh
pralambang luruhe pribadi Jawa kang tansah tinarbuka lan mentingake karukunan lan
kekadangan. Uga nglambangake sipat rinaket ing antarane kang duwe omah karo tamu kang
rawuh, luwih-luwih kudu bisa ngurmati. Ruwangan iki uga digunaake kanggo ngrembug
sawenehe perkara kang asipat kadonyan. Umpamane ngrembug babagan pagaweyan, bisnis,
dagang, lan sapiturute. Wujud ruwangan kang tinarbuka iku uga minangka sawijining karep
njumbuhake karo iklim lingkungan kang tropis, mula ruwangane digawe teras kang jembar ing
sisih ngarepe, ora kena soroting srengenge amarga kanthi payon gantung kang amba, menthang
nganti tekan pojok-pojok payon joglo.
Adhedhasar paragrap ing dhuwur, pendhapa wujude tinarbuka tanpa wates, bab iki trep karo
symbol yen wong jawa iku ….
A. tansah mentingake karukunan lan kekadangan
B. tansah seneng bantu biyantu
C. tansah ngumpetake wewadi
D. tansah urip kanthi religius
E. tansah jembar segarane
5. Raden Indrajit ing Ngalengka diraja, menawi kaserat aksara Jawa dadi ….
A. ?r[dn\InF`jitHi=z2=kfirj.
B. ?rfen\InF`jitHi=zl_kfirj.
C. ?r[fn\InF`jitHi=z2=kfirj.
D. ?r[fn\InF`jitHi=zl_kfirj.
E. ?rden\InF`jitHi=z2=kfirj.

6. Gatekna tembang Sinom ing ngisor iki!


Nulada laku utama
Tumrape wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenak tyasing sasama
Tegese ukara Amamangun karyenak tyasing sasama, yaiku ….
A. tansah prihatin
B. nulada tumindak kang apik
C. kudu meper hawa napsu
D. yen duwe panggayuh kudu gelem tapa
E. mbudidaya sikep apik marang sapadha padha

7. Ing Negara Magada akeh para raja lan satriya sing padha perang rame. Pungkasane para raja lan
satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake senjata Cakra. Para raja telukan
padha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi
Citrawati kanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus. Rumangsa bisa ngalahake ratu
sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki. Ing batine dheweke rumangsa menangan
mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae
padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita marang Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa
ora tak telukake pisan dadi andhahanku?”
Saka pethikan crita ing ndhuwur, watake Sumantri yaiku ....
A. sabar
B. seneng tetulung
C. gagah prakosa
D. kemaki
E. bela bebener
8. Wacanen kang pratitis teks ing ngisor iki!
Menggah wosing gati pahargyan ingkang ginelar ing wanci dalu punika, Bapa Wangsapati
hanetepi darma angentasaken putrinipun ingkang nama Rara Sri Huning sampun nindakake
jantraning ngagesang nambut silaning akrama, jinatukrami dening jejaka ingkang dados enering
katresnanipun ingkang asesilih Bagus Wiratmaja putra jalu Bapa Suralawe sarimbit ingkang
lenggah wonten ing Tunggulsari Pajang Laweyang Surakarta ijab paningkah sampun
kalampahan kanthi wilujeng nut satataning agami menapadene pranataning pamarentah rikala
dinten slasa kliwon surya kaping 31 Desember 2018.
Tembung kang kacithak kandel tegese ....
A. netepi kewajiban
B. cidra ing janji
C. netepi dhawuh
D. nglakoni kauripan
E. netepi janji

9. Wis kondhang kaloka yen sega megana idhentik karo pekalongan. Ana kang duwe panemu yen
megana iku saka tembung “merga” tegese sebab, lan “ana” tegese ana. Saliyane iku uga ana
ngandharake yen sega megana iku saka mega “awan”, lan gegana “angkasa”. Yen rinakit
tembunge dadi ukara megana = mega ing gegana. Banjur saka kahanan iki ndadekake sega
megana iki kaya mega ing gegana. Nitik saka wernane mega lan angkasa kang putih resik,
peteng, jingga lan abang mbranang.
Saka teks kasebut kang kalebu tembung saroja yaiku ....
A. kondhang kaloka
B. sega megana
C. duwe panemu
D. rinakit
E. mega ing megana

10. ?kiaj/[fwnTrmi[yosHi=z[yogJk/t,;2;[mI;1889;[sfai=z[yog-k/
t,;26;ap]il\;1959;,knQiyusW;69;taun\
Miturut wacan ing dhuwur, Ki Hajar Dewantara seda ing ngendi, tanggal lan yuswa pira?
A. Surakarta, 25 April 1985 kanthi yuswa 65
B. Yogyakarta, 26 April 1859 kanthi yuswa 69
C. Surakarta, 26 Agustus 1959 kanthi yuswa 65
D. Yogyakarta, 25 April 1959 kanthi yuswa 69
E. Surakarta, 25 Agustus 1895 kanthi yuswa 69

11. Angkara gung, neng angga anggung gumulung


Gogolonganira
Triloka lekere kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda
Tembung rubeda tegese ...
A. beda-beda
B. malapetaka
C. beda
D. lemah
E. malih

12. Setitikna pethilan teks novel Jawa ing ngisor iki!


Wedhus Gembel Gunung Merapi
Salim mono asale saka desa Bangi, cedhak kecamatan Sewon. Kawit ana kandhutan wis
tinggal lunga bapake. Embokne rabi, banjur entuk tambah adhi telu. Lanang loro lan wadon siji.
Bapake tani lan Emboke bakul beras ing pasar Prawirataman. Panguripane klebu kecukupan.
Ora kurang sandhang pangan lan bisa nyekolahke anak-anake. Salim dhewe mung tekan SMP,
dene adhine sing siji ana STM, sijine ana SMP lan siji isih SD. Bapake ngrengkuh salim kaya
anake dhewe. Mula Salim uga tresna lan ngajeni marang bapake, sanadyan sawijining dina
ngerti yen kuwi dudu bapake dhewe.
Bareng lulus saka SMP, karepe bapake dikon neruske ana STM, nanging Salim ora gelem.
Ndaftarke ana SMA negeri ora ketampa jalaran NEM-e cendhek. Wusanane Salim golek
gaweyan ana kutha Jogja. Nalika semana umure Salim lagi enem belas tahun.
(Kapethik saking novel Wedhus Gembel Gunung Merapi bab III)
Watak bapake Salim ana ing sajroning petikan novel kasebut, yaiku ….
A. tekun, rajin
B. welas asih, adil, ora mbedake status
C. seneng tetulung
D. sereng lan medhit
E. prigel makarya

13. Pramila Bapak Suparman hangambali ... wilujeng rawuh. Boten kesupen ugi ngaturaken
agunging panuwun awit sedaya pambiyantu panjenengan ingkang awujud punapa kemawon.
Tembung kang trep kanggo ngisi cecek-cecek ing dhuwur yaiku ….
A. ngaturaken
B. njaluk omong
C. omong
D. monggo
E. omong- omongan

14. Pinanganten kakung ngekei “kaya” marang pinanganten putri arupa kacang merah kacang hijau
kedelai kacang tanah beras kuning lan logam. Pinanganten putri nampa nganggo saputangan
kang dipangku. Pralambang yen pinanganten kakung kudu/wajib ngekei nafkah marang anak
lan bojone. Andharan iku minangka pralambang acara ....
A.

B.

C.

D.

E.

15. ?put][nbup+timh;1;,asM[nj+hrvmB|tG[wai=pb]ikG|l.
Ukara kasebat menawa kaserat migunakake aksara Latin yaiku ….
A. putrane bu Zahra 2, asmane Patimah nyambut gawe ing pabrik gula.
B. putrane bu Zahra 1, asmane Patimah nyambut gawe ing pabrik gula.
C. putrane bu Fatimah 2, asmane Zahra nyambut gawe ing pabrik gula.
D. putrane bu Fatimah 1, asmane Zahra nyambut gawe ing pabrik gula.
E. putrane bu Fatimah 2, asmane Jahra nyambut gawe ing pabrik gula.
16. Gatekna tembang Gambuh Serat Wedhatama ing ngisor iki!
Sembah raga puniku
Pakartine wong amagang laku
Susucine asarana saking ...
Kang wus lumrah limang wektu
Wantu wataking wawaton
Tembung kang trep kanggo njangkepi gatra kaping telu yaiku …
A. tindak
B. jiwa
C. raga
D. warih
E. ati

17. Si Lancang wis wiwit bosen karo panguripan kang sarwa kakurangan. Dheweke nggresula,
katon riweng. Wis bola-bali ibune menehi wewaler marang si Lancang supaya putrane setiti
nyambut gawe. “Sabara, Nak! Aja sliramu nggresula terus! Awake dhewe pancen kudu sengkut
nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dina. Aja riweng lan aja gampang
nyerah.” mangkono ibu si Lancang menehi piwejang marang putrane.
Pitutur luhur kang bisa kajupuk saka pethilan crita rakyat kasebut yaiku ....
A. nikmate urip iki kanthi hura-hura
B. urip iki kudu kerep nggresula
C. bosen iku sipat kang manusiawi
D. panguripan iku kang ngatur gusti kang maha kuwasa
E. aja gampang riweng lan gampang nyerah

18.
TRIVAGO ngewangi kowe nggoleki hotel ideal ing ngendi wae
Cukup pilih kriteria hotel sing kowe pengenke lan TRIVAGO ngewangi mbandingna rega
ana ing luwih 150 situs
Iki cara TRIVAGO nemu rega paling apik
Hotel? Ya TRIVAGO

Isi teks pariwara ing ndhuwur yaiku ....


A. arep nggoleki hotel TRIVAGO
B. TRIVAGO mbandingna rega ana ing luwih 50 situs
C. nggoleki hotel ideal ing ngendi wae nganggo aplikasi TRIVAGO
D. Hotel TRIVAGO hotel kang paling murah
E. pengen nggoleki hotel TRIVAGO

19. Gathekna pacelathon ing ngisor iki!


Werkudara : “Kresna, kakangku! Padha raharja rawuhmu ing Wiratha?”
Kresna : “Basuki, Dhimas!”
Werkudara : “Sela panas, aku nyuwun pawarta bab rawuhe Jlitheng, Kakangku ing Ngastino.”
Kresna : “Bener kandhaku, Dhimas, yen kurawa iku pancen ora kena diajak rembugan.”
Werkudara : “Piye kersamu?”
Saka pacelathon ing ndhuwur kalebu jinise pagelaran ....
A. karawitan
B. wayang wong
C. campursari
D. kesenian
E. dhagelan

20. “Kangjeng Paku Buwana.” Panulisan aksara Jawa (aksara murda) kaya ing ngisor iki yaiku ….
A. ?@=j_%@ubuw!.
B. ?@=j_p@u*uw!\
C. ?@=j_%@u*ud!\
D. ?@=j_%@u*uwn\,
E. ?@=j_%@u*uw!.

21. Gatekna tembang Kinanthi ing ngisor iki!


Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi weryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
Paugeran tembang macapat ing dhuwur yaiku ….
A. 8u, 8i, 8u, 8i, 8a, 8i
B. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
C. 8u, 8i, 8a, 8a, 8i, 8i
D. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8a
E. 8u, 8a, 8i, 8i, 8a, 8i
22. Tegese tembung kacetak kandel ana tembang ing dhuwur tegese ….
A. cedhak
B. ilang
C. adoh
D. supaya
E. tanpa

23. Saka tembang ing dhuwur piwulang luhur paling trep yaiku ....
A. kudu eling lan waspada marang kahanan alam donya.
B. kudu tansah eling lan waspada marang kahanan supaya ora sengsara.
C. kudu eling lan waspada marang kahanan alam donya supaya bisa uwal saka sengsara.
D. kudu tansah eling lan waspada marang kahanan alam donya supaya bisa luput saka
kasengsaran lan manungsa kudu uga njaga lestarine alam.
E. kudu tansah eling lan waspada marang kahanan alam donya supaya bisa luput saka
kasengsaran merga ngana iku carane nglakoni urip ing alam donya

Setitikna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 24 tumeka 25!
Lumunturing budaya
Unggah-ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah
Apa sing salah bapak ibu?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bangsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amarga pokale kita dhewe
Kapethik saka : Panjebar Semangat, November 2008
24. Tembung subasita tegese ....
A. guru
B. teladan
C. tata karma
D. ajaran
E. basa

25. Tema geguritan ing ndhuwur yaiku ....


A. kamanungsan
B. politik
C. kabudayan
D. pendidikan
E. agama
26. Setitikna teks ing ngisor iki!
Udheng basa ngokonipun iket utawi blangkon, dene krama inggilipun dhestar, punika arupi
panganggen ingkang dipunagem nutupi mustaka. Udheng makaten limrahipun kadamel saking
kain bathik awujud pesagi, ingkang lajeng kalempit katata kawangun kanthi njlimet supados
rerengganipun kiwa tengen sami, lajeng nembe dipunjait miturut ukuran saha cangkrikipun.
Jaman kala rumiyen taksih kalimrah udheng anggenipun mangangge dipuiras, tegesipun
kain bathik pesagi kalawau lajeng kemawon dipunubed-ubedaken mustaka kanthi tatacara trep
nembe pucukipun kain bathik dipuntangsulaken ing sisih wingking ngandhap mustaka. Dene
menawi sampun boten kangge lajeng dipunudhari malih.
Saka teks ing ndhuwur wos surasa teks ing ndhuwur yaiku kajaba ....
A. peranganing udheng
B. caranipun ngagem udheng
C. udheng anggenipun mangangge dipuniras
D. wujudipun udeng
E. basa krama inggilipun blangkon yaiku dhestar

27.

Gambar ing dhuwur temoke jeneng peranganing udheng a, b, c yaiku ....


A. Kuncung, mondholan, kemadha
B. Kemadha, modhangan, kuncung
C. Mondholan, kuncung kemadha
D. Kuncung, sunglon, modhangan
E. Sunglon, wiron, mondholan

28. Busana jawa utawa busanan kejawen duweni pralambang tartamtu tumrap wong Jawa. Busana
jawa kebak kanthi piwulang sinandhi, sugih ajaran kang gegayutan karo filosofi Jawa. Ajaran
sajrone busana kejawen klebu ajaran kanggo tumindak ing bebrayan donya.
Paribasan kang trep karo wacan ing ndhuwur yaiku ....
A. ajining dhiri saka lathi ajining raga saka busana
B. wiwit kuncung nganti gelung
C. katula tula katali
D. adigang adigung adiguna
E. ana catur mungkur

29. Piranti gamelan iki kagawe saka kayu lan wujude kayadene ati sing dilapisi membran kulit tipis
minangka resonator swara. Cara mainake yaiku dicekel kanthi dlamakan tangan madhep
dhuwur. Senar-senar ing piranti panggesek dikencengake kanthi cara dijepit lan ditarik kanthi
jari tengah. Piranti gamelan ing iku diarani ....
A. rebab
B. gong
C. demung
D. kempul
E. kendhang

30. Piranti gamelan Jawa bisa diklompokake dadi 4 bageyan yaiku gongan, balungan, panerusan lan
kendhang. Gong, kethuk, kempyang, kempul lan kenong iku kalebu gongan. Dene saron
penerus, saron barung, demung, lan slenthem iku kalebu .... Dadi ing jinis musik gamelan iki
inti melodhine ana ing rerangkenan swara balungan.
Tembung kang trep kanggo genepi teks ing ndhuwur yaiku ....
A. panerus
B. balungan
C. kendhang
D. cakepan
E. titilaras

31. ?aku[folnMev=A[mrik. Ukara iku menawa diowahi dadi aksara latin yaiku ....
A. aku dolan menyang Amerika
B. aku manggon ing negara Amerika
C. aku mimpi menyang Amerika
D. aku pengin dolan menyang Amerika
E. aku piknik menyang Amerika

32. ssi…..w/gI[nFo[nsiy[mzetifinkm/fikn¿
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. AgusÒ|s¿
B. EgusÒ|s¿
C. agusÒ|s¿
D. OgusÒ|s¿
E. IgusÒ|s¿

Gatekna tembang Serat Tripama pupuh Dhandhanggula ing ngisor iki!


I yogyanira kang para prajurit, II wontên malih tuladan prayogi,
lamun bisa sira atulada, satriya gung nagri ing Ngalêngka,
duk ing nguni caritane, Sang Kumbakarna arane,
andêlira Sang Prabu, tur iku warna diyu,
Sasrabau ing Maèspati, suprandene nggayuh utami,
aran Patih Suwanda duk wiwit prang Ngalêngka,
lêlabuhanipun, dènnya darbe atur ,
kang ginêlung tri prakara, mring raka amrih raharja,
guna kaya purun ingkang dèn antêpi, Dasamuka tan keguh ing atur yêkti,
nuhoni trah utama. dene mengsah wanara
III Kumbakarna kinen mangsah jurit, IV wontên malih kinarya palupi,
mring kang raka sira tan lênggana, Suryaputra Narpati Ngawangga,
nglungguhi kasatriyane, lan Pandhawa tur kadange,
ing tekad datan purun lèn yayah tunggil ibu,
amung cipta labuh nagari, suwita mring Sri Kurupati,
lan noleh yayah rena, anèng nagri Ngastina,
nyang lêluhuripun, kinarya gul-agul,
wus mukti anèng Ngalêngka mangke, manggala golonganing prang,
arsa rinusak ing bala kapi, Bratayuda ingadengken senopati
punagi mati ngrana Ngalaga ing kurawa
V Den mungsuhken kadange pribadi
Aprang tanding lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
Dene nggenira pikantuk
Marga denya arsa males sih
Ira Sang Duryudana
Marmanta kalangkung
Denya ngetok kasudiran
Aprang rame Karna mati jinemparing
Sumbaga wiratama

33. Kang dadi andelane sang Prabu Maespati yaiku ….


A. Puntadewa
B. Adipati Karna
C. Werkudara
D. Dasamuka
E. Patih suwanda

34. Saka teks ing dhuwur, kang ngandharake patuladan saka Kumbakarna yaiku ….
A. I lan II
B. II lan III
C. III lan IV
D. IV lan V
E. V lan I

35. Miturut tembang ing dhuwur, kang bisa dituladhani saka Adipati Karna, yaiku ....
A. perang nglawan sedulure dhewe amarga raja brana.
B. wani mati ing perang amarga mbales wong tuwane.
C. perang nglawan sedulure dhewe amarga mbela negarane.
D. perang mungsuh sedulure amarga wis mukti ing astina.
E. wani gugur ing paprengan amarga wis dadi sumpahe.

36. Cleaning servis utawa petugas reresik gedhung, dhuweni tugas kang abot. Sanajan listrik hotel
panggonan kerjane mati, awan bengi dheweke tansah reresik hotel, Diwiwiti saka nyapu latar,
ngelap meja-kursi uga masak opor. Sakliyane njaga resiking hotel, cleaning servis uga njaga
awake dhewe. Kayata, Luluran, lan motongi kukune sing rada dawa, amarga penampilane kudu
maksimal. Nanging sing ditindakake Cleaning servis nalika bengi iku ora disarujuki ibune,
amarga nerak wewaler.
Wacan ing dhuwur dhuweni wewaler kang padha tegese, yaiku ….
A. ora ilok singsot wengi-wengi, sebab bisa ngundang setan
B. aja metu sanding kala, mbokan diculik wewegombel.
C. aja ngidoni sumur, mengko suwing lambene.
D. aja nyapu lan ngetoki kuku wengi-wengi, amerga peteng.
E. bocah wadon aja dolan bengi-bengi, mundak ora payu.

37. Bocah Unting-unting.
Gugon tuhon ing dhuwur duweni tegese ....
A. anak lanang siji
B. anak wadon siji
C. anak loro lanang wadon
D. anak lima wadon kabeh
E. anak lima lanang kabeh

38. Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen. Ukara Gugon tuhon ing dhuwur kalebu jenis ....
A. gugon tuhon salugu
B. gugon tuhon kang isi pitutur sinandi
C. gugon tuhon kang kalebu pepali utawa wewaler
D. purwakanthi
E. paribasan

Kanggo mangsuli pitakon nomer 39 lan 30.


?znTisaiki%[koJ,;80;taunHisih[fo[folLnLe[gn\,[d[w[kKzku[ynLe[g[nR=obumB|=pyu[nwtr;50;(39)…znTi;100;
[awu.(40)…[aortauzG~sul.
39. Ukara kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. atus\
B. [sn\
C. yut
D. [awu
E. milY/
40. Ukara kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. %[k Mo
B. %[kWo
C. %[kTo
D. %[koJ
E. %[kNo

II. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor iki kanthi pratitis!


41. Saka teks ing ngisor iki sebutna piwulangan kang bisa kajupuk saka panganan tradisional!
Panganan tradisional Jawa iku panganan lan inuman sing biasane dipangan lan diombe dening
masyarakat Jawa, kanthi citarasa khas sing ditampa dening masyarakat Jawa. Para leluhur
jaman biyen anggone gawe panganan iku ora mung dhapur enak, mirasa, maregi ing tata lair,
nanging ing tata batin uga aweh pituduh, piwulang kepiye urip ana ing bebrayan agung.
Panganan tradisional ing Indonesia uga ngandhut nilai positif kayata nggunakake bahan kang
alami, gizine dhuwur, sehat lan aman, murah lan gampang ditemokake.
42. Gawenen teks surasa sesorah kanthi tema “Nguri-uri Unggah Ungguh ing Jaman Milenial!
43. Gawea parafrase geguritan ing ngisor iki migunakake basamu dhewe!
Tikus-Tikus
Tikus-tikus ing omahku, slutha-sluthu
ora duwe sungkan, awan-awan
ngrikiti cikal ndhuwur daringan
Tikus-tikus ing kantoran, pencilakan
angon mangsa mbukaki lemari, laci
meja ora kari dadi sasaran, wewatekan
mentalan mbalung sungsum nganti saiki

44. Gawea paragraph eksposisi adhedhasar gambar ing ngisor iki!

45. Salinen migunakake aksara latin!


?ssiO[kTobe/taun\;2018;ai=t=gl\;7;aku[mlusemin/bsjwai=tLth$urk/tafi!
i=z]t\,ai=semin/,akuketemukvCkujen_[zpi+k]iAriyfi.

_jujur manggihi kamulyan_


SUGENG MAKARYA!!

KUNCI JAWABAN UTAMA


UJIAN SEKOLAH BAHASA JAWA 2019/2020

I. PILIHAN GANDA

1. E 11. B 21. E 31. A


2. C 12. B 22. C 32. A
3. C 13. A 23. E 33. E
4. A 14. D 24. C 34. B
5. C 15. D 25. C 35. E
6. E 16. D 26. A 36. D
7. D 17. E 27. B 37. B
8. A 18. C 28. A 38. C
9. A 19. B 29. A 39. D
10. B 20. B 30. B 40. D

A 9
B 9
C 8
D 7
E 9

Penskoran PG
1 2 11 22 21 42 31 62
2 4 12 24 22 44 32 64
3 6 13 26 23 46 33 66
4 8 14 28 24 48 34 68
5 10 15 30 25 50 35 70
6 12 16 32 26 52 36 72
7 14 17 34 27 54 37 74
8 16 18 36 28 56 38 76
9 18 19 38 29 58 39 78
10 20 20 40 30 60 40 80

II. ESAY

No. Kunci Jawaban Skor


41 Kawicaksanan 4
42 Kawicaksanan 4
43 Kawicaksanan 4
44 Kawicaksanan 4
45 sasi Oktober tahun 2018 ing tanggal 7 aku melu seminar basa jawa ing tlatah
Surakarta Hadiningrat, ing seminar, aku ketemu kancaku jenenge Fikri 4
Aryadi.
Jumlah Skor 20

( 40 × 2 )+ 20
Nilai Penskoran= =100
10

Anda mungkin juga menyukai