Anda di halaman 1dari 11

LEMBAR KERJA SISWA

NAMA / KELAS : ..………………… / ……..


Bahasa Jawa: Pemantapan / IX /
HARI / TGL. : ……………./ ……….…...
Pemantapan / 09/ 2020

Pray before doing anything!

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi milih siji jawaban sing bener!

Gunung Bromo
Gunung Bromo nduwe kawah sing garis tengahe ±800 meter (lor-kidul) lan ±600 meter (wetan-kulon).
Dhaerah bebayane arupa bunderan sing nduwe jari-jari 4 kilometer saka pusat Kawah Bromo. Gunung Bromo
mbledhos paling gedhe ing tahun 1974 lan terakhir mbledhos ing tahun 2001.
(Kapethik saka buku Pinter Basa Jawa 3)
1. Kang kalebu wujude tembung dwilingga saka wacan kasebut yaiku …
A. Lor-kidul
B. Wetan-kulon
C. Bebayane
D. Jari-jari

Wacanen teks iki!


Jendral Besar Soedirman, miyos ing Bodas Karangjati, Rembang, Purbalingga, 24 Januari 1916. Dheweke yaiku
salah sawijining tokoh pejuang kemerdekaan Indonesia. Senajan dheweke dhuweni penyakit paru-paru sing
parah, dheweke pancet semangat kanggo ngelawan Walanda. Jendral Soedirman iku nduweni latar belakang
dadi guru HIS Muhammadiyah ing Cilacap lan giat ing kepaduan Hizbul Wathan. Dheweke nduweni pangkat
jendral ing yuswa 31 tahun.
2. Kang bisa dituladhani saka wacan profil Jendal Besar Soedirman yaiku …
A. Seorang guru HIS Muhammadiyah
B. Menjadi jendral saat usianya 31 tahun
C. Pejuang dan pahlawan Muhammadiyah
D. Pemimpin perang gerilya melawan musuh

Wacanen teks iki!


Bambang Pamungkas yaiku sosok striker nomer setunggal ing Tim Nasional Indonesia (TIMNAS). Dheweke
nekuni profesi dadi pesepakbola saka cilik. Dheweke sanes saka kaluwarga sing sugih lan mapan, nanging
amarga kegigihane wektu latihan, saiki dheweke dadi tulang punggung ing garis ngarep ndhek tim sepakbola
Indonesia.
3. Kang bisa dituladhani saka profil Bambang Pamungkas ing wacan kasebut, yaiku …
A. Menekuni profesi dengan giat berlatih
B. Menekuni profesi sebagai pesepakbola
C. Menjadi striker utama di timnas
D. Mengorbankan keluarga untuk meniti karir

Gatekna Tembang Iki!


Lir-ilir
Cah angon-cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira-dodotira kumitir …………….
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
4. Tembung kanggo njangkepi cakepan tembang kasebut yaiku …
A. Bedah ing mburi
B. Panganten anyar
C. Bedah ing pinggir
D. Suraka surak hiyo

Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Sawise lawas pisah


Ketemu wis padha dadi simbah
Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih
Pethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang
Ati trenyuh mripat kekembeng luh

Wor suh karo rasa bungah


Guyu-guyu renyah kaya nalika isih bocah
Dhek biyen nate dadi sakukuban
Njur padha pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang

Lungit angelangut, lam-lamen jaman kesaput pedhut


Nganti wancine srengenge dhoyong ngulon
Beja, dene isih bisa sapatemon
Dhuh Gusti ingkang Maha mirah
namung saged muji Syukur Alhamdulillah
Gene isih menangi kumpule balung pisah

(sumber: https://rejekinomplok.net/geguritan-bahasa-jawa/)

5. Tema kang trep kanggo geguritan kasebut yaiku …


A. Reuni
B. Ketemuan
C. Dunga ben bisa ketemu
D. Kangen

Wacanen Tembang Macapat Iki!


Durung puncul kesusu keselak cucul
Kaseselan hawa
Cupet kapepetan pamrih
Tangeh nedya hanggambuh mring Hyang Wisesa
6. Guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku …
A. 12i, 6a, 8i,12a
B. 12u, 6a, 8i, 12a
C. 12a, 6i, 8i, 12a
D. 12u, 6o, 8i, 12a

? *uAyutukubuah.
7. Aksara jawa kasebut yen ditulis nganggo latin kang trep unine yaiku …
A. Bu Ayu tuku buah
B. Bu Ayu tuku gajah
C. Bu Ayu umbah-umbah
D. Bu Ayu tumbas buku

Kancil karo Monyet


Ing sawijine dina ing rimba, ana akeh jenise kewan sing urip tentrem lan akur siji lan sijine. Kabeh
kewan nduweni keuripan lah lakune dewe-dewe. Nanging ana siji kewan sing anane gawe drusila lan
paling licik, arane Kancil. Kelicikane utek lan pintere ngomong nipu kanca batir. Kancil wis dikenal kaya
dene kewan sing duweni sayuto tipu daya. Nah iki sing dadi sasarane Monyet.
(sumber:http://aakkuucintaindonesia.blogspot.com/2012/06/kancil-karo-monyet-cerita-dengan-bahasa.html)
8. Miturut jinise crita rakyat, cuplikan wacan kasebut kagolong …
A. Legenda
B. Fabel
C. Sage
D. Mite

Wacanen teks iki!


Dea Kudu Bisa
Sawise kepilih dadi ketua kelas, tanggung jawabe Dea dadi tansaya akeh. Saliyane ngayahi kewajibane
minangka murid dheweke kudu bisa ngoordinir kanca-kancane saengga ora ana kang nglanggar aturan
sekolahan. Saliyane iku dheweke uga kudu bisa dadi sesulihe bu guru nalika ora bisa rawuh jalaran gerah utawa
ana tugas saka sekolahan. Saka akehe kewajiban kadhangkala dheweke ngrasa ora sanggup maneh dadi ketua
kelas.
9. Dasanamane tembung sesulih, yaiku …
A. Ganti
B. Murid
C. Kanca
D. Wakil

10. Pesan moral kang bisa dijupuk saka cuplikan wacan kasebut, yaiku …
A. Kudu bisa tanggungjawab
B. Kudu bisa dadi seseulihe bu guru sewektu-wektu dibutuhake
C. Ora oleh ngeluh
D. Kudu seneng amarga bisa dadi ketua kelas

11. Paribasan Busuk ketutuk, pinter keblinger tegese, yaiku …


A. Wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka
B. Golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe
C. Becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine
D. Wong pinter mungsuh wong kang podho pintere

Wacanen teks wawancara iki!


Ayundha : “Sugeng enjing, Pak.”
Pak Indra : “Sugeng enjing, Ndhuk.”
Ayundha : “Nyuwun pangapunten saderengipun, Pak. Punapa pareng menawi kula nyuwun wekdalipun
sekedhap kagem wawancara?”
Pak Indra : “Iya, ora apa-apa ndhuk. Kebeneran iki bapak lagi ora repot, arep takon babagan apa?”
12. Miturut struktur teks wawancara, cuplikan wawancara kasebut, kalebu …
A. Isi
B. Pambuka
C. Panutup
D. Dudutan

Wacanen teks iki!


Ibuk : “Ndhuk, kowe bar tamat SMP iki, arep nerusne nyang ngendi?”
Anis : “Kula pingin nerusaka sekolah dhateng SMA, lajeng dhateng perguruan tinggi buk.”
Ibuk : “kena apa ora milih sekolah kejuruan wae? Apa kowe sanggup sekolah terus?
Anis : “……………………………………………………………………………………………”
Ibuk : “Dosen kuwi apa ta Ndhuk?”
13. Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon kasebut, yaiku …
A. O iya ya buk, kula bakal kesel sekolah terus.
B. Pancen penak dados guru utawa dosen wae buk.
C. Kula sanggup buk, amaergi kula pingin dados guru utawa dosen.
D. Insya allah sanggup buk. Jenengan dungaaken kula supaya berhasil.

Gatekna iklan iki!

14. Miturut tujuwane, gambar iklan kasebut kalebu …


A. Jasa
B. Barang
C. Komersil
D. Layanan masyarakat

Gatekna iklan iki!


AYO PATUH MARANG LALU LINTAS 1

2
Aja sembrana ing dalanan yen ora pingin cilaka 3

Dadi masyarakat kang becik matuhi aturan…!!! 4

15. Struktur headline gambar iklan kasebut dituduhake ing nomor …


A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

Gatekna layang iki!


Katur
Mbak Endri
Ing ndalem
Mbak, ngapunten aku sore iki durung bisa mbalekake buku amarga awakku lagi lungkrah amarga mau kudanan,
Insya Allah sesuk awan tak ampirke.
Malang, 20 November 2015
Anggraini
16. Miturut jinise, layang kasebut kagolong layang …
A. Kitir
B. Lelayu
C. Dhawuh
D. Pariwara

Wacanen teks iki!


(1) Blitar, 7 Juli 2016
(2) Katur dhumateng
Bapak saha Ibu Sutrisno
Ing dalem Kediri.
(3) Sembah pangabekti kula mugi katur,
Kanthi serat punika kula badhe caos kabar bilih kawonten kang putra sakeluwarga ing Blitar
tansah ginanjar wilujeng mboten wonten alangan setunggal menapa. Ingkang kula suwun mugi-mugi
kawontenanipun Bapak saha Ibu dalasan sedaya keluwarga ugi mekatana. Mugi-mugi tansah
pinaringan pangayoman saha berkah saking Gusti Ing Kang Maha Agung
(4) Kejawi saking punika, saderengipun kang putra nyuwun agunging sing samodra pangaksami,
bilih wekdal punika taksih dereng saged sowan dhateng Kediri amargi kathah jejibahan ingkang kedah
kula rampungaken ing salebetipun wulan punika. Mbokbilih sedaya pedaleman sampun cekap kula
enggal-enggal sowan dhateng dalemipun Bapak saha Ibu ngambil atur, kados dene ingkang sampun
kula aturaken wulan kepengker, bilih anggen kula bedhe nyelam dhik Rizky tamtunipun mbenjang
dinten Sabtu Pon, katiti mangsa 24 Rejeb 1427 H utawi kaleres 19 Agustus 2016. Bilih wonten
dhanganing penggalih, Bapak kalihan ibu keparenga rawuh saderengipun tempuk ing damel. Kula
mebtahaken sanget pitedah saking Bapak kaliyan Ibu ngenani kajat ingkang badhe kula lampahi.
(5) Sawetawis semanten rumiyin atur kula, mbokbilih wonten kirang trapsilaning tetembungan kula
nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Nuwun.
(6) Kang Putra,
(7)
(8) Trisnawati
17. Miturut struktur layang ganep kasebut, sing nuduhake struktur purwaka basa ing nomer, …
A. 3
B. 4
C. 5
D. 6

18. Nanang Nyapu latar omah. Ukara kasebut yen ditulis nganggo aksara Jawa, kang nggunakake aksara
Murda yaiku …
A. Na
B. Nya
C. La
D. Ma

19. Gatekna tembung-tembung ing ngisor iki!


1) Akuluwe
2) *usisiluz
3) AIshturu
4) Origmi
Panggonane aksara Swara kang bener, manggon ing nomor …
A. 1,4
B. 2,3
C. 3,1
D. 4,2

?Ami / luz mev= kediri


20. Yen katulis mawa tulisan latin, yaiku …
A. Amir lunga menyang Kediri
B. Emir lunga menyang Banyuwangi
C. Amir lunga menyang Janti
D. Emir lunga menyang Gresik

Gatekna teks ing ngisor iki!


Sekolahanku mapan ing karang padesan. Senajan mapan ing padesan nanging aku krasan banget ana ing
sekolahan jalaran sekolahane katon endah, asri, edum, lan ngresepake. Platarane jembar, ing sakiwa tengene
kebak wit-witan kang katon tumata kebak tetanduran lan kekembangan kang njalari endahing sesawangan.
Hawane ing sekolahku krasa seger lan endhum jalaran ing sekiwa tengene sekolah kebak wit-witan lan
tetandhuran kang tumata rapi.
(kapethik saka buku Pinter Basa Jawa Gagrag Anyar Kelas IX)
21. Struktur teks palapuran asil observasi kasebut perangan …
A. Isi
B. Pambuka
C. Dudutan
D. Panutup

Wacanen teks iki!


Sampah yaiku materi sisa kang ora dikarepake, sawise akhire dibuwang ing pambuwangan pungkasan
(akhir). Sampah bisa ana ing saben materi: awujud padhet, encer, utawa gas.
Khususe sampah padhet kang awujud plastik, dadi masalah lingkungan ing Indonesia. Amarga, plastik iku
kalebu sampah kang angel dimusnahake. Butuh pirang-pirang taun kanggo musnahake sampah plastik kuwi.
Satemene, wong-wong Indonesia sing saben dinane migunakake plastik kanggo wadhah, iki bisa nyebabake
sampah plastik dadi numpuk. Apa maneh, wong Indonesia jumlahe akeh banget lan padha kurang sadhar lan
kurang nguri-uri mungguh babagan mbuwang sampah ing panggonane.
22. Isi saka teks palapuran asil observasi kasebut yaiku …
A. Sampah yaiku sisa kang ora dikarepake.
B. Sampah iku ana telu jenise, yaiku awujud padhet, cair, utawa gas.
C. Sampah plastik iku angel dimusnahake.
D. Wong Indonesia akeh banget sing ora mbuwang sampah ing panggonane.

Wacanen teks iki!


(1) Indhustri omahan luwih asring minangka wujud saka bisnis sampingan.
(2) Usaha home industry utawa indhustri omahan mujudake salah sijine indhustri sing ora mbutuhake
modal sing gedhe.
(3) Sanajan wiwitane wujud bisnis sampingan wusanane ndadekake bisnis sing ngrembaka lan
nguntungake.
(4) Malang salah sawijining kutha ing Jawa Timur, akeh maneka warna usaha indhustri omahan kang bisa
ditemoni.
23. Urutan struktur teks palapuran asil observasi kang bener, yaiku …
A. 4, 3, 2, 1
B. 1, 2, 3, 4
C. 2, 1, 3, 4
D. 4, 2, 1, 3
Kanthi mangkono bisa ditegesake maneh Manawa program adiwiyata kuwi dudu lomba-lomba nanging
mujudake program sing diarahake marang anane rasa tanggung jawab kanggo melu njaga lan nglestarekake
lingkungan kanggo kaperluwan panguripan anak putu ing tembe mburi.
24. Perangan kasebut yen ing teks palapuran asil observasi kalebu …
A. Isi
B. Pambuka
C. Dudutan
D. Panutup

Wacanen teks drama iki!


Mustakaweni : “Ngapa bocah bagus?”
Bambang Irawan : “Pusakaku endi?”
Mustakaweni : “Ngapa?”
Bambang Irawan : “Pusaka Jamus Kalimasada balekna!”
Mustakaweni : “Yen ora takbalekake, kowe arep ngapa?”
Bambang Irawan : “Wo… kowe sido klakon mati dening aku!”
Mustakaweni : “Wo… bocah isih kencur. Yen ngono ayo kene majua, lawanen aku!”
25. Resolusi saka cuplikan drama kasebut yaiku …
A. Bambang Irawan maju nyerang Mustakaweni.
B. Mustakaweni ditembak Bambang Irawan.
C. Mustakaweni akhire mbalekna Pusakane Bambang Irawan.
D. Bambang Irawan tambah nantang Mustakaweni kanggo gelut.

Wacanen teks drama iki!


Rudi : “Pak, Rudi kan mboten natos nyuwun neka-neka dhateng bapak lan ibu, tapi wekdal niki Rudi kepingin
nuwun… he.. he (sungkan arep ngomong)”
Bapak : “Arep nyuwun apa? Mumpung bapak isih ana ing omah.”
Rudi : “(mesam-mesem) Kula kajenge nyuwun PS3 pak.”
Bapak : “Rud, menawa njalukmu PS3 bapak ora gelem nukokake, PS3 iku larang regane. Saliyani kuwi, menawa
awakmu bapak tukokake PS3 mengko malah nganggu sinaumu. Apa maneh sedhela maneh awakmu
bakal ujian.”
Rudi : “Pokoke Rudi tetep pengen PS3, pak (wiwit muring-muring)
Ibu : “Rud, njaluk barang iku sing ana paedahe ngono lho, mengko lak mesthi ditukokake bapakmu.”
Rudi : “Pokoke kula pengen PS3. Rudi bosen pak, sinau terus (ngalih, mlayu menyang kamar, banjur keprungu
suara lawing dibanting).”
26. Saka cuplikan drama kasebut, watak kang diduweni dening Rudi yaiku …
A. Manut
B. Egois
C. Sopan
D. Jujur

Nina : “Din, kowe lagi ngapa?” (teko malang kerik karo ngguya-ngguyu)
Diah : “Aku lagi nandur kembang iki, Nin.”
Nina : “Halah, wong tanduran kembang ing omahmu wis akeh kok sek nandur ae toh, Di?”
Diah : “Iya, soale ancen kaluwargaku seneng ambek kembang, mangkane nandhur terus, Nin.”
Nina : “Oalah ngono a? lek ndek kaluwargaku gakpati seneng kembang mangkane jarang nandhur-nandhur
kembang, Di”
Diah : “Haduh arek iki wong aku yo gak takon.”
Nina : “Ngomong opo kowe iki mau, Din?”
Diah : “Ora Nin aku gak ngomong opo-opo.”
27. Saka cuplikan kasebut kang kelebu monolog yaiku …
A. “Oalah ngono a? lek ndek kaluwargaku gakpati seneng kembang mangkane jarang nandhur-nandhur
kembang, Di”
B. “Haduh arek iki wong aku yo gak takon.”
C. “Ora Nin aku gak ngomong opo-opo.”
D. “Aku lagi nandur kembang iki, Nin.”

Wacanen Kanthi Patitis!


Ayu Kusuma : “Mbok, nyuwun pangapunten amargi wangsul sonten”.
Mbok Jah : “Sampeyan sinten?” (bingung lan kagum aluse pekerti bocah ayu iku).
Ayu Kusuma : “Kula Ayu Mbok, kala wau panggih Den Aji wonten tegilan kula kanthi bengak-bengok madosi Sri.”
Aji Saka : “Mbok, tulung golekna klambiku sing paling apik.”
Mbok Jah : “Nggih Den.” (mesem karo Ayu Kusuma)
Ayu Kusuma : “Kula pamit rumiyin Den”
Aji Saka :Yo, matur nuwun.”
28. Setting panggonan ana ing cuplikan drama kasebut yaiku …
A. Omah
B. Kerajaan
C. Pawon
D. Lapangan

Sumangga kita sesarengan memuji Gusti Allah SWT ingkang tansah paring katentreman, lan kasarasan
dhumateng kita sedaya.
29. Cuplikan pidhato kasebut kalebu perangan …
A. Salam pambuka
B. Pambuka
C. Panutup
D. Sapaan

30. Wasana namung sementen atur kula minangka sesulih rencang-rencang kelas IX sedaya, mbok bilih
wonten galap-gangsuling saha tutur kula, kula tansah nyuwun lumuntuhuring samodra pangaksami.
Perangan pidhato kasebut diarani …
A. Pambuka
B. Panutup
C. Sapaan
D. Isi

31. (1) Panyapa (4) Pambuka


(2) Salam Pambuka (5) Salam Penutup
(3) Isi pranatacara (6) Panutup
Sing kalebu urutane struktur teks pewara kasebut kang bener yaiku …
A. 1,2,4,3,5,6
B. 2,1,2,3,6,5
C. 2,1,3,4,5,6
D. 4,1,2,3,5,6

32. Penganggone basa Jawa Krama Inggil jroning ukara kasebut kang trep yaiku …
A. Kula mangke badhe ashar arep tindak menyang omah e budhe Narti.
B. Pak Lurah tumbas kopyah ing pasar isuk mau.
C. Dina tumut ibune menyang pengajian engko bengi.
D. Kula kersa sowan datheng daleme yai Ihsan.

Wacanen teks drama iki!


Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Sardi lan Jono. Bocah loro iku seneng
banget nggawe polah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek amarga mesthi digarai. Wektu iku
sawise sekolah Sardi ngampiri Jono.
Sardi : “Jon, ayo engko dolan!” (Nggeplek pundake Jono)
Jono : “Gaweanmu dolan ae, koyok wong pinter wisan.”
Sardi : “Dolan nandi lho?”
Jono : “Yo emboh, pokoke dolan ben koyo cah gaul ngono lho.”
Sardi : “Emmm, ayo wes lek ngono. Tapi aku wegah yo lek sampek magrib maneh mulihe!”

33. Pungkasan kedadeyan kang ana ing cuplikan drama kasebut yaiku …
A. Sardi atine seneng amarga Sardi ngarepake dolan.
B. Sardi mangan disek yo Jon.
C. Jono budhal golek mangan karo Sardi.
D. Sardi lan Jono akhire siap-siap kanggo dolan.

34. (1) Udana kaya ngapa bapak tetep tindhak pasar.


(2) Sinaua rada suwe aku mau entuk biji apik.
(3) Sikilku ndang maria, aku bisa bal-balan maneh.
(4) Tukua buku gambar saiki mumpung isih ngaso!
Ukara sambawa kang nduweni teges sanajan yaiku!
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4

35. Ukara ing ngisor iki kang kalebu rimbag agnya yaiku …
A. Cepet metuo, Gus!
B. Ana pira jumlah e karpet sing arep dienggo kajatan engko sore?
C. Bapak lan ibu arep lunga menyang Surabaya.
D. Ya Allah aku loro untu!

Wacanen teks drama iki!


Awan-awan Juna ngamuk nang kos-kosane.
Juna : “He Vik, awakmu yo sing nggawe sandalku metu iki mau?” (ambek ndobrak lawang)
Viki : “Loh loh nyapo toh kowe iki, aja suudzon aku ora nandi-nandi mulai maeng.”
Juna : “Halah wes ta ngakuo, daripada gentian sandalmu saiki tak buwang lo ya!”
Viki : “Yaweslah Jun, lek ora percaya ambek aku, sing penting aku gak ngapusi nang awkmu.”
36. Watak kang diduewni paraga Viki ana ing ing cuplikan kasebut yaiku ….
A. Protagonis
B. Antagonis
C. Tritagonis
D. Harmonis

Gatekna laporan kegiyatan iki!


Laporan kegiyatan
a) Dasar panemu (latar belakang masalah)
b) Ancas kegiyatan (tujuan kegiatan)
c) Jeneng kegiyatan
d) Peserta
e) Wektu/panggonan
f) Rantaman acara
g) Panutup
37. Saka struktur teks kasebut, kang kalebu purwaka teks laporan kegiyatan yaiku …
A. Jeneng kegiyatan, peserta, wektu/panggonan
B. Wektu/panggonan, rantaman acara, panutup, peserta
C. Dasar panemu (latar belakang masalah lan ancas kegiyatan
D. Dasar panemu (latar belakang masalah, peserta, lan wektu/panggonan

38. Jeneng kegiyatan : Paskibra Jendrayosa Camp


Peserta : 24 siswa kelas 8, 2 pendamping saka guru pembina, 2 pendamping saka pelatih.
Wektu : Sabtu-Minggu, 12-13 April 2019 jam 12.30 nganti sakmarine.
Panggenan : SMP Islam Sabilillah Malang
Rantaman acara : a) Upacara pembuka
b) Materi kepaskibraan
c) Ishoma
d) Malam inagurasi
e) Kenaikan pangkat
f) Out bond
g) Panutup
Teks kasebut kalebu perangan struktur laporan kegiyatan yaiku …
A. Pambuka
B. Dudutan
C. Panutup
D. Isi

39. Kang kalebu ukara camboran sejajar yaiku …


A. Aku sesok ora mlebu sekolah amarga aku karo bapakku arep lunga menyang Surabaya.
B. Adi kuwi arek nakal nanging pinter mincing.
C. Budi tuku iwak banjur tuku beras.
D. Pak guru nerangake pelajaran matematika.

40. Ukara andharan ana ing wangsulan …


A. Aku ora sido lunga amarga adikku loro untu.
B. SISMA SCOUT CAMP diadhakake sasuwene rong dina.
C. Budhe dhahar, pakdhe ngunjuk kopi, dene adhi maem othe-othe.
D. Budhe tindhak pasar banjur banjur resik-resik omah.

Wangsulana Pitakon-pitakon Kanthi Patitis!


Gatekna tembang macapat ing ngisor iki!

Kinanthi

Jen wus tinitah wong agung


Adja sira nggunggung diri
Adja raket lan won gala
Kang ala lakunireka
Nora wurung ngadjak-ngadjak
Satemah anenulari
1. Jelasna paugeran guru lagu, guru wilangan lan guru gatra tembang kinanthi ing dhuwur!
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
(Sumber: https://www.google.com/search)
2. Gawea iklan nganggo basa Jawa adhedhasar gambar iki!
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
3. Gatekna teks ing ngisor iki!
Ekstra kurikuler Bola Basket SMP Negeri 1 Turen
A. Siswa sing melu ekstra bola basket:
1. Siswa sing melu ekstra bola basket ing SMP Negeri 1 Turen cacahe ana 50 siswa.
2. Sing wadon ana 20 lan sing jaler ana 30.
3. Sragam sing dienggo yaiku sragam olahraga sekolah.
B. Sing mbina ekstra bola basket:
1. Pembinae ana 3.
2. Sing loro yaiku guru olahraga sing sijine saka njaba.
C. Panggonan lan wektu latihan:
1. Panggonan ing lapangan bola basket sekolah sing cacahe ana 2.
2. Wektu latihan saben dina rebu lan sabtu jam 14.00-16.00 WIB.
Jelasna isi laporan hasil observasi saka teks kasebut!

……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………

4. Saline nganggo basa krama inggil.


Cukup semene ae sing iso tak ucapna, yen ana kurange aku jaluk sepura sing akeh.
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………………………………………………
5. Ukara iki tulisen nganggo aksara jawa:
Ing dina senin kabeh sekolah pada Upacara.
……………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………....

Berdo’alah setelah mengerjakan dan telitilah sebelum mengumpulkan


PARAF GURU : ………….. NILAI : …………..PARAF ORANG TUA : ……….Verifikasi GKMBS:……..

Anda mungkin juga menyukai