Anda di halaman 1dari 3

TEKS LAPORAN KEGIATAN

BAHASA JAWA

Oleh :
Agra Ailsa Ananta Pasa IX-B/01

SMP Negeri 22 Surabaya


2020 / 2021
LAPORAN KEGIATAN
NGEPIT SARENG KELUARGA

1. PAMBUKA
1.1 Lelandhesan
Saderengipun pandemi corona, kita sakeluarga saged ngepit sareng
saben dinten. Amargi ngepit sampun dados kebiasaan kaliyan bisa
nyehataken badan. Kala pandemi puniki kita namung ngepit saben dinten
minggu mawon. Ngepit dinten puniki radi spesial amargi dipunkancani
mbakyu nomor setunggal ingkang ketepaan liburan sekolah saking
Universitas Gunsan, Korea Selatan. Lelandhesan kasebut kita sakeluarga
ngepit.

1.2 Tujuan
Kegiatan ngepit sareng keluarga nduweni tujuwan :
a. Ngeraketaken hubungan paseduluran.
b. Dados Olah raga supaya bisa ningkataken imun.
c. Rekreasi saget ngirangi stress kaliyan kebosenan.

2. ISI
2.1 Jeneng Kegiatan : Ngepit Sareng Keluarga Dinten Minggu.
Dina lan Tanggal : Minggu, 21 Februari 2021
Papan Tujuwan : Kompleks Omah kaliyan Masjid Agung
Peserta kegiatan : Agra Ailsa Ananta Pasa Kaliyan keluarga.

2.2 Dheskipsi Ringkes


Ngepit inggih punika salah setunggal kegiatan olah raga kaliyan
transportasi darat ingkang migunakake pit. Ngepit kathah sanget
disenengi masyarakat amargi saged dados transportasi lan nyehataken.
Limrahipun ngepit dipunlampahaken ing lapangan, taman, masjid agung,
kaliyan kompleks omah. dinten puniki kula lan keluarga, ngepit wonten
masjid agung lan kompleks omah mawon.
1) Masjid Al-Akbar
Masjid Al-Akbar utawi asring disebut Masjid Agung inggih punika salah
satunggaling masjid ing Surabaya. Ing dinten Minggu utawi akhir pena
Masjid Agung rame sanget. Limrahipun kangge namung mlampah-
mlampah, papan sadean lan tumbas tedha, utawi kangge olah raga.
Nanging saiki masjid agung mboten patos rame amargi wonten
pandemi lan dijaga satpol PP. Dadi kita mung ngepit keliling masjid
agung lan mboten mampir kangge tumbas tedha.
2) Kompleks omah
Kompleks omah inggih punika margi ingkang wonten ing perumahan.
Margi ing perumahan kula saged dipunetang cekap wiyar, nggadhahi
kathah wit lan hawa ingkang seger cocok sanget kangge olah raga lan
ngepit. Kita sakeluarga ugi namung ngepit keliling wonten kompleks
omah wae. Senadyan namung ngepit keliling mawon nanging kula
seneng banget amargi dipunkancani keluarga.
2.3 Dokumentasi Foto

3. PANUTUP
Kegiatan ngepit sampun kaleksanan kanthi lancar lan seru.
Sasampunipun kegiatan ngepit saged rumaos seneng lan kringeten. Kita
saged nggadhahi wekdal dolanan lan olahraga sareng keluarga sanadyan
lebet pandemi puniki. Nanging tetep patuhi protokol kesehatan.

Anda mungkin juga menyukai