Anda di halaman 1dari 4

PEMERINTAH KABUPATEN JOMBANG

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SMP NEGERI 1 KESAMBEN
Jalan Taman Siswa No. 3 Kesamben Jombang 61484 Telp. 0321-890784
E-mail : smpn1kesamben@yahoo.co.id Website:smpn1kesamben.sch.id

SUMATIF AKHIR SEMESTER GANJIL KELAS 8


TAHUN PELAJARAN 2023/2024
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa Hari, tanggal : Senin, 4 Des 2023
Kelas : VIII (Delapan) Waktu : 13.35 – 14.

I. PILIHEN WANGSULAN ING NGISOR IKI KANTHI BENER!

1. Karya sastra Jawa gagrag anyar awujud gancaran sing nyeritakake (sebagian) lelakon kang
dialami paragane ngenani urip bebrayan, kang ngandhut pitutur, piweling, lan pasemon (kritik)
diarani ....
A. Cerbung
B. Cerkak
C. Latar
D. Tokoh
2. Amanat ing sajroning cerkak tegese yaiku ....
A. Paraga kang ana ing sajroning cerkak
B. Manggone pangripta sajroning crita.
C. Pesen kang diandharake dening prangripta marang para pemaos.
D. Katrangan ngenani panggonan, wayah, lan kahanan kang ana sajroning crita.
3. Ukara ing ngisor iki sing nggunakake basa krama lugu yaiku ....
A. Aku wis mangan
B. Sampeyan wau dalu tilem jam siji
C. Panjenengan mau apa wis dhahar?
D. Kula sampun dhahar

Gatekna tugelan teks cerkak ing ngisor iki!


Dina liburan akhir taun pelajaran wingi, aku ndherek bapak lan ibu wisata kluarga
menyang Jakarta, Bogor, lan Bandung. Kebeneran sekolah ing panggonane bapak ngasta
nganakake kegiyatan wisata kluwarga. Aku lan adhiku ndherek.. sakudurunge budhal
bengine mripatku angel dakeremake. Kok ora ndang esuk-esuk, ya? Pikirku. Aku ora bisa
enggal turu, awit wis saka kelas 8 SMP aku dhurung weruh langsung ibukota negara RI
kasebut. Iki uga pengalamanku sing sepisan wisata adoh bareng-bareng sakluwarga.
Rong dina sakdurunge budhal, aku lan ibu blanja kapreluan sasuwene perjalanan wisata.
“Awakmu tuku jajan apa, Fit...?” Ibu ndangu aku nalika blanja ing minimarket
sacedhake omahku.
“Ampun kesupen kacang atom kaliyan kripik kentang, Bu,” sumaurku marang ibu.
“Bapakmu lan adhikmu dipundhutake apa ya, Fit?” Ibu ngunjali maneh pitakon
marang aku.
“Biyasanipun Bapak karemenanipun pia kering ingkang isi selai nanas utawi
strawberry.”
“Iya, Fitri pilihna jajanan kanggo adhikmu. Ibu tak nggolek perlengkapan liyane.
4, Latar panggonan sing ana ing cerkak ing dhuwur, yaiku ....
A. Ing minimarket
B. Ing omah
C. Ing kamar lan minimarket
D. Ing kamar
5. Apa arane gegambaran panggonan lan kahanan ing sawining geguriran?
A. Alur
B. Setting
C. Tema
D. Dhiksi
6. Pemilihane tembung kang mentes arane…
A. Alur
B. Setting
C. Tema
D. Dhiksi

Napisah
Dening: St Ismaniasita

Napisah kembang dhukuhan


Ayune pinunjul tandhing
Gedhe dening kali bening
Rerungkudan glagah alasan
Enggon dolanan lan blusukan
Napisah sabane sawah
Ayune pinunjul tandhing
Gedhe dening kali bening
Capinge dawir pinggire
Lan ebor cangkingane
Tugase sedina nates
Utawa ngindhit mbriyit
….
7. Apai irah irahane geguritan ing nduwur?
A. Ihlas
B. Pinunjul tandhing
C. Napisah
D. Kembang dhukuhan
8. Sapa sing nganggit gegurutan ing nduwur?
A. Romdhonah
B. St Ismaniasita
C. Sri Setya Rahaya
D. Choiril
9. Napisah kuwi pralambang inga apa?
A. Prawan kembang desa kang lugu
B. Rasa tresna marang desa
C. Prawan desa kang seneng dolan
D. Prawan desa kang seneng dandan
10. Tembung kang bisa digunaake kanggo nyulihi wong yaiku…
A. Sesulih panuduh
B. Sesulih purusa
C. Sesulih pitakon
D. Sesu;ih panyilah

II. JAWABEN PITAKONAN ING NGISOR IKI KANTHI RINGKES!

11. Tembang macapat iku cacahe ana 11, saliyane nduweni paugeran kang pinathok saben jinis
tembang macapat uga nduweni watak dhewe – dhewe. Sebutna 5 tembang macapat sing
kokweruhi?

PUCUNG
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara

12. . Kepriye paugerane : guru gatra, guru lagu lan guru wilangan tembang ing dhuwur?
13. . Pesan moral apa sing bisa kojupok saka tembang pucung ing dhuwur?
14. Irama utawa nada ing sawijining tetembangan sehingga tetembanagn mau bisa kepenak
dirungoakake, diarani….

15. yen ditulis latine dadi …


Kunci jawaban

1. B
2. C
3. C
4. A
5. B
6. D
7. C
8. B
9. A
10. B
11. Tembang maskumambang, mijil, sinom, gambuh lan pucung
12. Guru gatra 4, Guru lagu lan guru wilangan 12u, 6a, 81,1 12a
13. Nuntut ilmu iku kudu sing sregep lan akas
14. Titi laras
15. Mangan roti

Anda mungkin juga menyukai