Anda di halaman 1dari 9

PAS 2018 SMA N 1 Salatiga

PEMERINTAH PROVINSI JAWA TENGAH UTAMA


DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1
SALATIGA
Jl. Kemiri 1 Salatiga 50711 Tlp. (0298) 326867 Faksimile (0298) 326867
Website: www.sman1salatiga.sch.id E-mail: sman1satiga@yahoo.com

PENILAIAN AKHIR SEMESTER GASAL


Tahun Ajaran 2018/2019

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Peminatan/Semeseter : MIPA, IPS, BAHASA / 5
Hari/Tanggal : Kamis, 6 Desember 2018
Waktu : 10.30 – 12.30 WIB

PETUNJUK UMUM:
1. Tulislah terlebih dahulu Nama, Kelas, Nomor Tes Anda pada lembar jawanb yang telah tersedia!
2. Periksalah soal dengan teliti sebelum Anda menjawab!
3. Laporkan kepasda pengawas bila terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak, atau jumlah kurang!
4. Jenis soal adalah Pilihan Ganda sebanyak 60 soal.
5. Tulislah jawaban Anda pada lembar jawab yang tersedia!
6. Dahulukan menjawab soal yang Anda anggap paling mudah!
7. Periksa kembali pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada Pengawas!

PETUNJUK KHUSUS:
Kanggo nomer 1-50, wenehana tanda ping (X) ing aksara A, B, C, D, utawa E ing Lembar
Jawab sing kokanggep paling bener!

Gatekna geguritan ing ngisor iki!


Cethetan kanggo Galang
Dening: Ahmad Sumijat

Thole, menawa sliramu takon


Ana ngendi dununge bebener
Nalika donya iki wis kebak ludira
Ngumbar angkara ing jagad madya
Bapa amung bisa
Paring tetenger kanggo pathokan pener
Golekana susuhing katresnan suci
Ing pinggiring ati ....

1. Tembung ludira ing geguritan iku duweni teges ....


A. Angin D. Rupa
B. Eluh E. Getih
C. Suci

2. Paring tetenger, iki padha tegese karo tembung ing ngisor iki, yaiku ....
A. diwenehi wadhah D. diwenehi dalan
B. diwenehi papan E. diwenehi gambaran
C. diwenehi tandha

Gatekna pethilan geguritan ing ngisor iki!

Dongane Ibu
Dening: Istiqomah

Dongamu bisa dadi cagak awak ing uripku


Bisa nggugah kekuwatanku
Bisa nambah imanku
Golek ngelmu kanggo mulyaning uripku

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga
3. Tegese unen-unen cagak awak ing uripku, yaiku ....
A. gawe sangu D. sangu urip
B. kanca sinau E. mulyaning
C. dedongane

4. Isi saka geguritan ing dhuwur yaiku ....


A. Pangarep-arep dongane ibu kanggo urip anake supaya bisa sehat uripe
B. Pangarep-arep dongane ibu kanggo urip anake supaya bisa winadi uripe
C. Pangarep-arep dongane ibu kanggo urip anake supaya bisa mulya uripe
D. Pangarep-arep dongane ibu kanggo urip anake supaya bisa sugih uripe
E. Pangarep-arep dongane ibu kanggo urip anake supaya bisa bubrah uripe

Anak Wedok
Apa kowe bisa nglangi
Inggih bapak kula cobi
Nglangi ana ngendi
Ing bebrayan sesami

5. Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka pethilan geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. Urip ing bebrayan iku kudu tansah bisa wani ngrubah pamikiran
B. Urip ingkang bebrayan iku kudu tansah ngudi elmu kang utama
C. Urip ingkang bebrayan iku kudu bisa kumawani marang sapa wae
D. Urip ing bebrayan iku kudu tansah bisa nglangi
E. Urip ing bebrayan iku aja tansah digawe abot

Manuk
Dening: Sulispriyanto

Dak sawang manuk greja


Metu saka sarang
Mabur nglayang
Muluk dhuwur ing akasa
Nyawang kabeh alam semesta
Yen aku kaya manuk
Dak bukak amba swiwiku
Aku mabur dhuwur
Kanggo nyawang alam negariku

6. Gegeuritan ing dhuwur kalebu jinis geguritan ....


A. Himne D. Epigram
B. Elegi E. Balada
C. Satire

Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan soal nomer 7-8!
TITIR SAKA DESA
Dening : Bambang P

Dak rungu titir saka desa


Dudu titire eyang, paman, uga biyung
Kang ngudarasa jalaran
Jago-jago padha kluruk wayah sore
Dak rungu-rungu titir saka desa
Titir lawas saka sangpujangga
Menawa kali ilang kedhunge
Wong wadhon ilang wirange
Pasar ilang kumandhang
Uga ha, na, ca, ra, ka kasustran
Nate ngrenggani tanah Jawa
Bakal ilang sirna tanpa sabawa
Mitra, apa kita tetep ngelus jaja?!

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga
7. Bakal ilang sirna tanpa sabawa.
Tegese tembung sabawa yaiku ....
A. swara D. mangsa
B. owah E. ketiga
C. tandha

8. Pitutur luhur saka geguritan ing dhuwur yaiku ....


A. Aja ngrusak kali lan pasar D. Kudu nguri-uri budaya liya
B. Aja seneng marang budayane E. Kudu nglestarikake budaya Jawa
C. Aja nglalikake budaya Jawa

Gatekna geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan soal nomer 9-10!
Pemimpin Dudu Panguwasa
Dening : Erma Elviana

Dina iki wis titi wancine


Paduka medhar sabda kanthi
manising janji
Yen perlu paduka uga kena nebah
dhadha
Kanggo ngoyak dhampar kencana
Nanging paduka uga kudu eling
marang pepeling
Yen pemimpin iku dudu panguwasa
Ngenani apa bedane
Becike paduka sumarah marang
Gusti Kang Maha Suci
Saengga paduka ora bakal dadi
Manungsa

9. Paduka medhar sabda kanthimanising janji.


Tembung kang kacethak kandel duweni teges ....
A. Pemimpin mung ngumbar janji D. Pemimpin mung mikir donyane
B. Pemimpin kang kalena E. Pemimpin kang setya
C. Pemimpin kang ora mikir rakyate

10. Pitutur luhur kang bisa dijupuk saka geguritan ing dhuwur yaiku ....
A. Dadi pemimpin kudu mikirake bandha lan dunyane
B. Dadi pemimpin kudu seneng ngumbar manising janji
C. Dadi pemimpin kudu eling uga bisa ngayomi rakyate
D. Dadi pemimpin kudu tansah bisa dadi tuladha rakyate
E. Dadi pemimpin kudu tansah bisa sakepenake dhewe

11. Raden Ayu Kartini iku lair ing Wulan April. Yen ditulis nganggo aksara Jawa kang trep yaiku ....

A.

B.

C.

D.

E.

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga
12. Ulul Albab saiki kuliyah ing kutha Jakarta. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

A.

B.

C.

D.

E.

13. Indonesia negari kang duweni sayuta kaendahan alam. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

A.

B.

C.

D.

E.

14. Osaka iku salah sawijining kutha ing Jepang. Yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ....

A.

B.

C.

D.

E.

15.

Tulisan aksara Jawa ing dhuwur unine ....


A. Siti Aminah dadi juwara Olimpiade Matematika.
B. Siti Aminah dadi juwara Olimpiade Matematik.
C. Siti Aliyah dadi juwara Olimpiade Matematika.
D. Siti Aliyah dadi juara Olimpiade Matematika.
E. Siti Aminah dadi juhara Olimpiade Matematika.

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga

16. ....

Tembung kang trep kanggo jangkepi ukara aksara Jawa ing dhuwur yaiku ....
A. D.

B. E.

C.

17.

Tulisan aksara Jawa ing dhuwur unine ....


A. Raden Abimayu iku putrane Arjuna lan Dewi Sambadra.
B. Raden Abimayu iku putrane Arjuna lan Dewi Sembadra.
C. Raden Abimanyu iku putrane Arjuna lan Dewi Sembadra.
D. Raden Abimanyu iku putrane Arjuna lan Dewi Sambadra.
E. Raden Abimayu iku putrane Arjuna lan Dewi Sambadra

18.

Tulisan aksara Jawa ing dhuwur unine ....


A. Imeldha piknik menyang Istambul. D. Imelda plesir menyang Isthambul.
B. Imeldha piknik menyang Isthambul. E. Imelda plesiran menyang Istambul.
C. Imelda piknik menyang Istambul.

19. Ali iku bocah kang seneng tetulung marang sapa wae. Yen ditulis nganggo aksara Jawa kang trep
yaiku ....
A.

B.

C.

D.

E.

20.

Yen disalin nganggo aksara latin unineukara iku kaya ing ngisor iki ....
A. Limang taun Ismi diopeni Simbahe Putri, merga ditinggal wong tuwane.
B. Limang tahun Ismi diopeni Simbahe Putri marga ditinggal wong tuwone.
C. Limang taun Ismi diopeni Simbahe Putri merga ditinggal wong tuwone.
D. Limang tahun Ismi diopeni Simbahe Putri merga ditinggal wong tuwane.
E. Limang taun Ismi diopeni Simbahe Putri merga dhitinggal wong tuwanane.

21. Ukara tegese ….

A. sepi sanget D. peteng ndhedhet


B. rame sanget E. padhang njingglang
C. wonten swanten

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga
22. Geguritan ing ndhuwur wose ….
A. enget nalika sepi D. nalika ing sepi eling rame
B. ing sepi tansah kesepen E. nalika ing sepi tansah ajrih
C. nalika wayah sepi eling Gusti

23. Sinonim tawang kaya kasebut ing ngisor iki, kejaba ….


A. uwang wung D. jalanidhi
B. awiyat E. mega mendhung
C. langit

24. Prastawa kang sing dilaporake dening wartawan biasane duweni sifat aktual, mula diarani ….
A. wara-wara D. kalawarti
B. pawarta E. layang
C. ariwarti

25. Pengalaman bisa digawe karangan jenis ….


A. deskripsi D. narasi
B. eksposisi E. persuasi
C. argumentasi

SISKAMLING
Sistem keamanan lingkungan lumrahe dicekak siskamling, iku pinangka tanggung jawabe para
warga RT lan RW ing babagan njaga tata tentreme bebrayan. Tata tentreme kampung ora mung dadi
tanggung jawabe para nara praja, nanging uga dadi tanggung jawabe warga kampung. Majune jaman
pranyata uga dibarengi karo majune tumindak dursila. Mula jaman uga kudu dikanteni undhake
kawaspadan ing bab njaga tata tentreme bebrayan. Umpane, sarana nindakake sistem keamanan
lingkungan utawa siskamling kuwi. Cak-cakane siskamling kuwi upamane ana rondha, pranatane
kampung kang majibake para wargane gawe kenthongan, pranatan manawa ana tamu sing nginep
kudu dilapurake marang pangarsane RT utawa RW, lelungan adoh kudu nggawa surat katrangan,
pindhah alamat kudu lapur marang kang kawongan, lan liya liyane.
Kajaba bab-bab kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, ora lali para warga kampung uga kudu
tansah njaga kawilujengane dhewe-dhewe, sarana ngudhakake pangati-ati. Umpamane, ing wayah
bengi cendhela lan lawang kudu diinep lan dikancing, lan ora ninggal barang glethak-glethek saenggon-
enggon.
Manawa kabeh warga kampung padha njaga kawilujengane dhewe-dhewe lan munggahe padha
gotong royong guyup rukun njaga tentreme kampunge, wis mesthi kahanane bebrayan tansah ayem
tentrem, adoh ing rasa was sumelang.

26. Saka wacan ing dhuwur manut wos surasane lan wujude kagolong karangan....
A. deskripsi D. eksposisi
B. deskripsi obyektif E. persuasi
C. deskripsi subyektif

27. Ukara ing ngisor iki kalebu isbat, yaiku....


A. Eseme pait madu
B. Golek kayu gung susuhe angin
C. Ana catur mungkur
D. Jenang gula, kowe aja lali
E. Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu

28. Ukara ing ngisor iki kalebu sanepa, yaiku....


A. Eseme pait madu
B. Golek kayu gung susuhe angin
C. Ana catur mungkur
D. Jenang gula, kowe aja lali
E. Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburiné blangkon, makili modhèl rambut priya sing
kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta.
Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saiki arambut cendhak.
Modhèl trèpès iki digawé kanthi njahit langsung mondholan ing bagéyan mburi blangkon. Saliyané saka
suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakaké panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé,
yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalané. (Wikipedia)

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga
29. Katilik saka topike, pethikan wacana ing dhuwur kagolong karangan....
A. deskripsi D. eksposisi
B. persuasi E. argumentasi
C. narasi

30. Bathik mujudake kain ginambar saka piranti canthing lan malam dicoretake. Salah sijine bathik
kang kondhang kaya ta bathik sida mukti. Bathik sida mukti dhuweni teges....
A. kemakmuran D. wicaksana
B. drajat pangkat E. sugih pangapura
C. luhur ing budi

31. Wujude karangan eksposisi bisa arupa....


A. gayane informatif D. fakta subyektif
B. obyek nyata E. data faktual
C. opini

32. Karangan kang mrelokake fakta kang dikuwatake utawa cethakake kanthi angka, peta statistik,
grafik,organigram, gambar, lsp. Karangan kang mangkono iku kalebu perangan kamot ing
karangan....
A. deskripsi D. deskripsi obyektif
B. eksposisi E. persuasi
C. deskripsi subyektif

33. Gambar ing dhuwur mujudake salah siji conto gamelan Jawa kang diarani....
A. saron D. demung
B. peking E. slenthem
C. bonang

34. Laras pelog lan slendra ing gamelan Jawa dibedakake karo nadane saben saoktaf. Ing ngisor iki
bedane notasi laras pelog lan slendra....
A. pelog ana notasi 1 (ji) D. slendra ana notasi 6 (nem)
B. slendra ana notasi 4 (pat) E. pelog ana notasi 4 (pat)
C. pelog ana notasi 6 (nem)

35. Sakperangkat gamelan Jawa pelog apa dene slendra iku diarani....
A. sak set D. sak laras
B. sak pangkon E. sasuwukan
C. pathet

36. Layang sing ditulis dheweke iku sipate rahasia. Manut jenising, ukara kasebut kagolong ukara….
A. tanggap D. pitakon
B. tanduk E. camboran.
C. pakon

37. Tembung camboran iku gabungan tembung loro utawa luwih sing ndhuweni teges siji. Tuladha
tembung camboran yaiku ….
A. semar mendhem
B. meja kursi
C. gana-gini
D. gagah pideksa
E. ada-ada

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga
Lintang-Lintang

Lintang-lintang abyor ing tawang


Cumlorot sliweran nalika alihan
Kumleyang mencok ing socamu asihku
Cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
Ing telenge atimu sliramu tansah dak antu
Lintang-lintang alihan
Cumlorot telu ana pundhakku
Kawitan lintang abang lintang perang
Kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan

38. Tembung ing telenging atimupadha tegese karo tembung ….


A. salebeting raos D. sajroning batos
B. tengahing kalbu E. salumahing batos
C. sawingkinging batos
39.Sliramu tansah dak antu,padha karo tembung ….
A. ana kene tak tunggu D. kowe arep tansah tak ajak
B. ing kene tak enteni E. kowe tansah tak enteni
C. kowe bakal tak tinggal

40. yen ditulis latin dadine...

A. Wani ngalah dawa walesane D. Wani ngalah dhuwur wekasane


B. Wani ngalah ora oleh upah E. Wani kalah wani menang
C. Wani lunga kudu wani bali

41. Prastawa kang dilaporake dening wartawan biasane duwe sifat aktual, mula diarani ….
A. wara-wara D. kalawarti
B. pawarta E. layang
C. ariwarti

42. “Diwulang kok ngembang duren, ndhlongop wae”. Unen-unen kasebut diarani….
A. Cangkriman D. Pepindhan
B. Wangsalan E. Paribasan
C. Parikan

43. Serat wedhatama yen ditulis nganggo aksara jawa dadine…

A. D.

B. E.

C.

44. ….

Sesanti kang sinerat jawa ing ndhuwur jangkepe ….


A. D.

B. E.

C.

45. Ana ing sajroning pawarta, katrangan kahanan utawa kedadiyan sing awujud kasunyatan
diarani ....
A. fakta D. evaluasi
B. opini E. aktual
C. objektif

Bahasa Jawa
PAS 2018 SMA N 1 Salatiga

46. A :“Halo….”
B :“Halo, sugeng sonten, Pak!”
A :“Inggih, sugeng sonten.“
B :“…..........“
A :“Inggih leres.”
Jangkepe ukara sing bener saka tuladha pacelathon ing telepon dhuwur, yaiku .…
A. Punapa kula saged kepanggih kaliyan Pak Karjo?
B. Niki sinten nggih
C. Wonten punapa Pak Karjo?
D. Kula piyambak.
E. Punapa leres menika dalemipun Pak Karjo?

47. ….Lemari wesi kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. lawange wis ora bisa diinepake,
tur teyengen sisan. Rak- rakane ya wis padha peyok. Mula ya wis ora kuwat nyangga buku - buku utawa
piranti liyane kang arep disimpen ana kono….
Wacan ing ndhuwur kalebu jenising paragrap ….
A. narasi D. argumentasi
B. deskripsi E. eksposisi
C. persuasi

48. …. Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara’ake malah uga ana neng
dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng
jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing). Wong Jawa
percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu
dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo
penerangan, iki dadi simbol “pepadhang” kanggo bayi. Senthir iki dinyala’ake nganti 35 dina (selapan).Ari-ari
dikumbah nganti resik dilebo’ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo’ake, alas kendhi
diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori.
Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu
neng sisi tengen pintu utama umah. Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi .
Wacan iku kalebu tuladha paragraph ….
A. narasi D. argumentasi
B. deskripsi E. eksposisi
C. persuasi
.................................
Sore iki katon mongkok
Anakku kang kinasih
Kasil antuk kang diarep
Sanadyan durung sampurna
Anggonku nggulawenthah
Sanadyan durung trep anggonku memulang
Nanging siswa kang tak tresnani
Kasil antuk kang diarep
Sanadyan ora kang kapisan
Nanging aku wus trima
Mbok menawa kanthi iki
Aku dadi eling
……. (kapethik saka Basa Jawa 12 kc: 16 “Rasa Syukurku”)

49. Saka geguritan ing ndhuwur nuduhake menawa sing dadi latare, yaiku ….
A. panggonan D. kahanan
B. wektul E. kasunyatan
C. swasana

50. Manut wose geguritan ing ndhuwur, sejatine pangripta arep nggambarake kahanane ….
A. murid sing mongkok D. guru sing marem
B. guru sing bombong E. bapa sing mongkok
C. ati sing nggresula

@##########@

Bahasa Jawa

Anda mungkin juga menyukai