Anda di halaman 1dari 11

MATA PELAJARAN

Mata Pelajaran : BAHASA JAWA


Jenjang : MTs
Kelas : VIII (Delapan)

WAKTU PELAKSANAAN
Hari / Tanggal : ...........................
Jam : ...........................

PETUNJUK UMUM
1. Berdo’alah sebelum mengerjakan soal.
2. Perhatikan dan ikuti petunjuk pengisian pada lembar jawaban yang disediakan.
3. Perikasa dan bacalah setiap soal dengan seksama sebelum menjawab.
4. Jumlah soal sebanyak 30 soal untuk mapel eksak, dan 40 soal untuk mapel non
eksak. Bentuk soal adalah pilihan ganda.
5. Laporkan kepada pengawas ujian kalau terdapat tulisan yang kurang jelas,
rusak, atau jumlah kurang.
6. Mintalah kertas buram kepada pengawas ujian apabila diperlukan.
7. Pilihlah salah satu jawaban yang paling benar dengan menghitamkan bulatan
pada lembar jawaban.
8. Kerjakan pada lembar jawaban yang disediakan dengan menggunakan pensil
2B.
Contoh cara menjawab pada lembar jawaban:

C D Benar A D Salah

A B C d Salah A B C D Salah

9. Apabila Anda ingin memperbaiki/menganti jawaban, bersihkan jawaban semula


dengan karet penghapus sampai bersih (jangan sampai rusak), kemudian
hitamkan bulatan jawaban yang menurut Anda benar.
10. Untuk soal uraian, tulislah jawaban sesuai dengan perintah pada lembar
jawaban yang tersedia.
11. Periksalah seluruh pekerjaan Anda sebelum diserahkan kepada pengawas.
12. Setiap bentuk kecurangan adalah pelanggaran.

SELAMAT MENGERJAKAN

Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 1
Pilihen wangsulan a, b, c utawa d kang paling bener!
1. Covid 19
Corona endah yen kinucap
Ora ngira yen tekamu bisa gawe dadakan
Virus iki ngumbara ing salumahing bawana
Itali, Amerika, Cina lan isih akeh kang durung kecacah
Datan bisa ngandeg kobare
Sing baku kudu waspada
Amrih kalis ing memala
Aja lena mring pangati-ati
Sabar lan tawakal iku dadi sanguning ati
Isi geguritan kasebut yaiku ….
A. Virus corona sumebar tekan ngendi-endi
B. Ora ana kang bisa medhot ubaling corona
C. Yen ana corona luwih becik waspada
D. Negara Itali, Amerika, Cina minangka sumbere corona

2. Wektu senggang dibuwang muspra


Kadhang ora ana sing rumangsa
Sembarang kang muspra
Kawengku setan-setan gawe dredah
Nothok ati kang rengka
Pratelan ing ngisor iki jumbuh karo isine geguritan ing ndhuwur , yaiku ….
A. Ati kang suwung
B. Wong kang padha ora rumangsa yen mbuwang wektu
C. Wektu kang muspra jalari ati dadi suwung
D. Wektu kang muspra digunakake dening setan

3. Langit wetan bang rerayungan


Codhot-codhot luru pandhelikan
Samirana sumbribit amidit
Bareng karo ocehing kukila
Padha manembrama asung pepuji
Sesanti rahayu
Geguritan ing ndhuwur titimangsane kira-kira dumadi ing wanci …
A. Esuk
Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 2
B. Awan
C. Sore
D. Bengi

4. Mula aku janji ing dhiri pribadi


yen uripku bakal dak ati-ati
ora gampang nibakake janji
metu saka samburang kudu takjlimeti
ben ora kejlungub ing kahanan sing medeni
pengalaman pahitku bakal ndak bundheli
purwakanthi kang dumunung ing geguritan sapada kasebut yaiku ...
A. Purwakanthi basa
B. Purwakanthi sastra
C. Purwakanthi swara
D. Purwakanthi lumaksita

5. Donga pangestumu
Nuntun margining sedyaku
Pethikan geguritan wacan ing ndhuwur migunakake purwakanthi ….
A. Guru sastra
B. Guru swara u
C. Guru sastra u
D. Guru basa/lumaksita

6. Tetembungan “nuntun marganing sedyaku” ngemu teges ...


A. Nuntun marang gegayuhan kang luhur
B. Nuntun marang gegayuhan muride
C. Nuntun marang dalan muride
D. Nuntun marang kekarepan

Wacan kanggo nomer 7-8


Ati….
Iya ati ludira kang kenthel
Sing bisa migunani uga bisa mbebayani
Migunani tumrap wong sing ngati-ati migunakake ati
Ora dengki ora srei.

Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 3
7. Migunani tumrap wong sing ngati-ati migunakake ati. Dasanamane tembung ati yaiku
….
A. Manah, kalbu, wardaya, penggalih, driya
B. Sungkawa, susah, sedih, rudatin
C. Badan, sarira, angga
D. Giri, aldaka, ancala, arga, ardi

8. ….iya ati ludira kang kenthel. Tembung ludira nduweni teges …


A. Awak
B. Ati
C. Getih
D. Jantung

9. Solah bawa lan obahing perangane awake Nita trep karo surasane geguritan kang
diwaca, mula dheweke dadi juwara siji ing lomba maca geguritan iku.
Manut andharan mau, Nita anggone maca nggatekake …
A. Wicara
B. Wiraga
C. Wirama
D. Wirasa

10. Sanajan Doni anggone maca geguritan cetha pocapane, nanging dheweke ora
nggatekake isine geguritan. Geguritan kang isine susah malah diwaca karo mesam-
mesem.
Doni anggone maca ora nggatekake?
A. Wicara
B. Wirama
C. Wiraga
D. Wirasa

11. Estu pantes tinuladha


Semar Gareng Petruk lan Bagong niki
Beciking bebudenipun
Remen laku prasaja
Abdi dalem pamomong satriya jujur
Tan keguh pangajak ala
Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 4
Anamung tindak utami
Manut andharan ing ndhuwur, wacan iki mau kalebu tembang macapat. Manut nom
tuwone kasusastraan Jawa, tembang macapat uga diarani tembang ....
A. Cilik
B. Gedhe
C. Dolanan
D. Tengahan

12. Tembang macapat mawa paugeran-paugeran kaya ....


A. Guru pada, guru gatra, guru lagu
B. Guru sastra, guru pada, guru lagu
C. Guru gatra, guru lagu, guru wilangan
D. Guru sastra, guru gatra, guru wilangan

Wacan kanggo nomer


Bab olah tani prakanca
Sawijining pakrayan kang utami
Supaya kabeh ben cukup
Nganggoa panca kridha
Gunakake pamilihing bibit unggul
Ngrabuk lawan ngolah lemah
Mbrastha ama ngatur warih
13. Para among tani supaya asile becik prayogane migunakake cara …
A. Pancaindra
B. Pancasona
C. Pancadriya
D. Pancakridha

14. Andharan ing ngisor iki kang ora kalebu perangan olah tetanen kanthi cara Pancakridha
yaiku…
A. Ngrabuk sakakeh-akehe
B. Pamiling bibit unggul
C. Mbrastha ama
D. ngatur warih

15. guru wilangan tembang macapat kasebut yaiku …


A. 7
Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 5
B. a, i, u, a, u, i, i
C. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
D. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8i, 8i

16. Miturut guru lagu lan guru wilangan wacan kasebut, kalebu tembang macapat aran ….
A. Sinom
B. Pangkur
C. Asmarandana
D. Maskumambang

17. Tembang Jawa macapat iku manut riwayate minangka pralambang uripe manungsa
wiwit lair tekan mati. Tembang pangkur minangka satunggaling tembang macapat
nduweni pralambang ….
A. Manungsa wis krasa menawa uripe bakal ngambang
B. Manungsa wiwit mungkur ora mikirake kadonyan
C. Manungsa lagi mangsane dikanthi utawa dituntun
D. Manungsa wis dibuntel utawa dipocong

Wacan kanggo nomer 18-20


Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipunkadulu
Miwah ingkang tatakrama
Den kaesthi siyang ratri

18. Tembang pangkur kasebut katujokake


A. Bocah ing pamulangan
B. Wong lanang lan wadon
C. Wong kang urip ing ngalam donya
D. Sapa wae kang ngrumangsani

19. Ing tembang Pangkur kasebut diandharake menawa wong urip ing galam donya
prayoga mangerteni babagan.
A. Den kaesthi
B. Pakulinan kang becik
Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 6
C. Kawurh tatakrama
D. Tumindak ala lan becik

20. Miturut tembang pangkur kasebut, ing wayah apa awake dhewe nindakake pakaryan
luhur iku …
A. Bengi
B. Ratri
C. Siyang
D. Siyang ratri

21. Mingkar mingkure angkara


Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih ketarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing Tanah Jawa
Agama agemaning aji
Pitutur kang bisa dijupuk saka tembang macapat kasebut, yaiku ….
A. Menawa ndhidhik anak kudu nyingkiri tumindak becik
B. Supaya anake tumindak becik wong tuwa kudu ngandani
C. Menawa kepingin ndhidhik anak kudu gelem nyingkiri tumidak ala
D. Supaya anak pinter ngidung wong tuwa kudu nyingkiri tumindak ala

22. Agama agemaning aji. Ukara karsebut nduweni teges ….


A. Agama kanggo srana ngedohi tumindak angkara
B. Agama ngemot ajaran ngelmu luhung
C. Agama iku sandhangane wong urip
D. Agama kanggo nggladhi wong urip

?ssMitaiku[bochsk[fs.[aom[api=gi/k[ln\,witWitnGe[dai=skiwteze[n.anm[yoni,jti,
[aorkHrikLnÒ~mBesi.ssMits}gepH=[z]w[zo[w=otuw[n.aiyz=su,
[go[lkKyuap[f[nxsik>sik\,ssMitkulinHuripP]sj,apan[n.senjnM|=[l[mkn\kLs,m=skM|
=z=[gokWli.nni=ati[nHyemTenÒ~m\

23. Adhedhasar wacan kasebut, paraga kang dicritake yaiku …


A. Tasripin
B. Sasmita
C. Saskia

Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 7
D. Sastra

24. Adhedhasar wacan kasebut, wit-witan apa kang ana ing sakiwa tengene omahe
paraga?
A. Maoni, jati, orak-arik, lan trembesi
B. Jati, pelem, pring lan trembesi
C. Maoni, sengon, lan trembesi
D. Maoni, jati, sengon, lan trembesi

25. Adhedhasar wacan kasebut, ing ngendi omahe paraga?


A. Pinggir segara
B. Pinggir desa
C. Pinggir kalen
D. Pinggir dalan

26. jen_kuAp+i[k+oairiyh
Andharan kasebut menawa katulis ing aksara latin yaiku ….
A. Jenengku Afi Khoiriyah
B. Jenengen Alfi Khoiriyah
C. Jenengan Afi Khoiriyah
D. Jenengmu Afi Khoiriyah

27. ?jerukHikuznD|tP+itmin\
Andharan kasebut menawa katulis ing aksara latin yaiku ….
A. Gethuk iki ngandhut vitamin
B. Jeruk iki ngandhut vitamin
C. Gethuk iku ngandhut vitamin
D. Jeruk iku ngandhut vitamin

28. ?pk\AbF|lLtip+M[yosB|ku
Andharan kasebut menawa katulis ing aksara latin yaiku ….….
A. Pak Abdul Gani maos buku
B. Pak Abdul Latif maos buku
C. Pak Abdul Latif pados buku
D. Pak Abdul Latif caos buku

29. ?aibutnShm[aosF+iki/
Andharan kasebut menawa katulis ing aksara latin yaiku ….
Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 8
A. Ibnu tansah maos dzikir
B. Ibu tansah maos dzikir
C. Ibu tansah caos dzikir
D. Ibnu tansah caos dzikir

30. ?;341;
Andharan kasebut unine yaiku ….
A. Tigang atus kawandasa setunggal
B. Tigang atus kalih welas
C. Tigang atus kawanlikur
D. Tigang atus kalih welas
31. ?;312;
Andharan kasebut unine yaiku ….
A. Tigang atus kawandasa setunggal
B. Tigang atus kalih welas
C. Tigang atus kawanlikur
D. Tigang atus kalih welas
32. ?;333;
Andharan kasebut unine yaiku ….
A. Tigang atus tigang dasa tiga
B. Tigang atus kalih welas
C. Tigang atus kawanlikur
D. Tigang atus kalih welas
33. ?;324;
Andharan kasebut unine yaiku ….
A. Tigang atus kawandasa setunggal
B. Tigang atus kalih welas
C. Tigang atus kawanlikur
D. Tigang atus kalih welas

34. Kanthi ngetog kekuawatan lan numpak kasudibyan, Sang Hyang Antaga tumuli
njunjung gunung bajur diemplok. Nanging senajan mripate nganti mlolo mendolo lan
tutuke nganti suwek, Sang Hyang antaga ora bisa ngulu gunung mau, mulane gunung
banjur dilepehake. Sirna kebagusan Sang Hyang Antaga, amarga netrane banjur mlolo
mendolo, tutuk pindha wiwaraning guwa.
Wacan ing ndhuwur nyritakake mulabukane paraga wayang….
A. Bilung sarawita
B. Bathara guru

Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 9
C. Semar
D. Togog

35. Sang Hyang Ismaya tumuli tumandang. Gunung jinunjung, diemplok, nuli diulu
maklegender. Sang Hyang Ismaya bisa ngulu gunung senajan netrane nganti kriyap-
kriyip. Ananging bareng gunung wis diulu, Sang Hyang Ismaya ora bisa ngetokake
metu dubure. Gunung mandheg ana sadhuwure dubure Sang Hyang Ismaya. Mara
saka iku bokonge Sang Hyang Ismaya banjur gedhe banget jalari sirnaning
kabagusane..
Wacan ing ndhuwur nyritakake mulabukane paraga wayang….
A. Bilung sarawita
B. Bathara guru
C. Semar
D. Togog

36. Ujaring kandha Sang Hyang Puguh lan Sang Hyang Ismaya utawa Sang Hyang
Punggung nganakake pasanggiri nguntal gunung. Sapa sing bisa nguntal gunung yaiku
kang wenbang jumeneng ratu ing Suralaya.
Kanthi ngetog kekuawatan lan numpak kasudibyan, Sang Hyang Antaga tumuli
njunjung gunung bajur diemplok. Nanging senajan mripate nganti mlolo mendolo lan
tutuke nganti suwek, Sang Hyang antaga ora bisa ngulu gunung mau, mulane gunung
banjur dilepehake. Sirna kebagusan Sang Hyang Antaga, amarga netrane banjur mlolo
mendolo, tutuk pindha wiwaraning guwa.
Sang Hyang Ismaya tumuli tumandang. Gunung jinunjung, diemplok, nuli diulu
maklegender. Sang Hyang Ismaya bisa ngulu gunung senajan netrane nganti kriyap-
kriyip. Ananging bareng gunung wis diulu, Sang Hyang Ismaya ora bisa ngetokake
metu dubure. Gunung mandheg ana sadhuwure dubure Sang Hyang Ismaya. Mara
saka iku bokonge Sang Hyang Ismaya banjur gedhe banget jalari sirnaning
kabagusane.
Piwulang luhur kang iso kajupuk saka wacan ing ndhuwur yaiku….
A. Sapa adigang adigung adiguna bakal mulya
B. Pemimpin kudu bisa ngayomi kawula dudu nguwasani
C. Aja dumeh mundhak semugeh
D. Aja dhuwe penganggep dhiri sampurna mundhak cilaka.

37. Ing perang Barathayudha, karna mbelani Kurawa. Satria iki ngerti yen sejatine Kurawa
kang salah. Nanging dheweke ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing
Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 10
mbiyen mbela dheweke. Ing perang kuwi, Karna kudu bisa mateni Gathotkaca nganggo
pusaka Kuntawijayandanu. Dheweke uga meh mateni Arjuna. Nanging panahe luput
amarga Prabu Salya nyendhal jarane. Salya nalika iku dadi kusire Karna, kang sejatine
mantune dhewe. Dene Arjune dikusiri Kresna.
Isi cerita wayang ing dhuwur yaiku ….
A. Ing perang Barathayudha, karna bisa mateni Gathotkaca nagnggo pusaka
Kuntawijayandu
B. Ing perang Bharatayudha, Salya dadi kusir Karna, kang sejatine mantune dhewe.
Dene Arjuna dikusiri dening Kresna.
C. Ing perang Bharatayudha, Karna uga meh mateni Arjuna. Nanging panahe luput
amarga Prabu Salya nyendhla jarane.
D. Ing perang Bharatayudha, senajan ngerti yen salah, Karna mbelani Kurawa amarga
ngugemi jejer satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyen mbela dheweke.
Wacan kanggo soal nomer 38-40
Ing sisih liya Raden Abimanyu kang sudibya jayeng palugon uga kasil nyirnakake Jatha
Gimbal sawise linepasan jemparing Sarotama. Ora suwe sinusul Raden Arjuna uga
kasil niwasake Jathasura ambruk ndhepani bantala sawise jajane ketaman jemparing
Ardhadhedhali.
38. Ing ngisor iki kang dudu jenenge paraga crita ing dhuwur yaiku …
A. Raden Abimanyu
B. Ardhadhedhali
C. Raden arjuna
D. Jatha Gimbal
39. Jathasura ambruk ndhepani bantala. Tegese bantala yaiku …
A. Langit
B. Angin
C. Banyu
D. Lemah
40. Jathasura ambruk ndhepani bantala sawise jajane ketaman jemparing Ardhadhedhali.
Jemparing iku tegese nunggal teges karo ….
A. Pedhang
B. Keris
C. Panah
D. Tumbak

Penilaian Akhir Tahun Bahasa Jawa VIII MTs Swasta Kabupaten Sleman 11

Anda mungkin juga menyukai