Anda di halaman 1dari 7

SMP KABUPATEN KULONPROGO

PENILAIAN AKHIR TAHUN (PAT)


TAHUN PELAJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VIII (Delapan)
Hari dan Tanggal : Rabu, 9 Juni 2022
Pukul : 10.00 – 11.30 (90 Menit)

PETUNJUK UMUM
1. Isikan identitas Anda dengan benar
2. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan paket tes tersebut.
3. Jumlah soal sebanyak 50 butir, pada setiap butir soal terdapat 4 (empat) pilihan jawaban.
4. Periksa dan bacalah soal-soal sebelum Anda menjawabnya dengan cermat.
5. Periksalah pekerjaan Anda sebelum dikirim / submit
6. Berdoalah sebelum mengerjakan

PETUNJUK KHUSUS
Pilihlah salah satu jawaban di bawah ini yang paling benar!
Wacan 1

KIDUNG SAKA GUNUNG


Dening: Woro Puspa

Adoh saka kutha


adoh saka punjering warta
sandhingku gumuk watu, kayu-kayu waru
kiwa tengenku alas gung umyek tetuwuhan lan manuk tuwu
adoh saka ratu
………………..

1. Punggelan geguritan sapada ing ndhuwur iku, nggambarake kahanan ing… .


A. pegunungan C. pinggir desa
B. pesisir D. pinggir kutha

2. Sandhingku gumuk watu, kayu-kayu waru…


Kang diarani gumuk yaiku… .
A. lemah jembar C. gunung cilik
B. kali cilik D. pategalan

Wacan 2

ATI
Mung siji, kabeh padha nduweni
Merga kuwi manungsa bisa ngrasa,
Ngrasa seneng bungah lan susah,
Malah ....
Manungsa uga bisa kakehan polah
Ala lan becik ing uripe
Gumantung saka barang siji iki,
Ati .....
Iya ati ludira kang kenthel
Sing bisa migunani uga bisa mbebayani
Migunani tumrap wong sing ngati-ati migunakake ati
Ora drengki lan srei.

3. Manut wujud lan tata panulise, wacan ing ndhuwur awujud ... .
A. Tembang macapat C. Wangsalan
B. Parikan D. Geguritan

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 1


4. Titikan kang baku jinis karangan puisi mardika utawa geguritan yaiku ... .
A. Kudu ana guru gatra, guru wilangan lan guru lagune
B. Mardika, bebas gumantung kang ngripta
C. Kudu nggunakake purwakanthi swara
D. Mardika, nanging kudu ana tembunge kuna

5. Migunani tumrap wong sing ngati-ati migunakake ati. Dasanamane tembung ati yaiku ... .
A. Manah, kalbu, wardaya, penggalih, driya C. Badan, sarira, angga
B. Sungkawa, susah, sedih, rudatin D. Giri, aldaka, ancala, arga, ardi

6. ....Iya ati ludira kang kenthel....


Tembung ludira nggadhahi teges … .
A. Awak C. Getih
B. Ati D. Jantung

Wacan 3

Kemulku sarung sarapanku jagung


aku ora pinter gawe kidung
ora wasis nulis ngetung
amung bisa tetulung bapa biyung
nderes, pek cengkeh, nglumpukake kleyung

7. amung bisa tetulung bapa biyung


nderes, apek cengkeh, nglumpukake kleyung
Saka pethikan geguritan iku bisa dirasakake menawa paraga ing geguritan iku bocah kang….
A. Nrima apa anane. C. Sedhih marang nasibe.
B. Ora seneng uripe. D. Ugal-ugalan

8. Sing diarani Puisi Jawa Modern/Puisi Bebas yaiku….


A. tembang macapat C. tembang campursari
B. geguritan D. cerkak

9. Underaning gagasan kang ana ing geguritan diarani….


A. purwakanthi C. pamilihing tembung
B. tema D. ekspresi

10. Menawa maca geguritan kudu nggatekake carane maca, ora kena groyok pangucape tembung cetha,
ora pelo. Bab iki diarani….
A. wicara C. wiraga
B. Wirama D. wirasa

11. Nalika sesorah patraping awak kudu jejeg, mantep, lan tangan ngapurancang. Menawa ulat sumeh,
grapyak, ora besengut ateges nggatekake….
A. wicara C. wiraga
B. wirama D. wirasa

12. Nggoleki batangan wangsalan iku kudu tliti amarga….


A. batangane ora gampang ditemokake.
B. tembung-tembung kang digunakake memper ing ukarane.
C. tembung-tembung kang digunakake njlimet.
D. ukara kudu diudhal dhisik.

13. Jenang gula lho Dhik, aja lali janjimu wingi. Wangsalan iku batangane….
A. gula C. glali
B. legen D. banyu kambil

14. Cagak griya, yan yogya duhka nestapa. Batangane wangsalan kasebut yaiku….
A. saka C. tembok
B. cangkriman D. tembang

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 2


15. Balung pakel, gedheya sisaning kalong
Kari loke, ketanggor padha jarote
Batangane wangsalan ing dhuwur iku….
A. Kweni, pelok C. Pelem, nanggor
B. Jarot, kweni D. Pelok, sontrot

Wacan 4

Langit wetan bang rerayungan


codhot-kalong luru pandhelikan
samirana sumribit amidit
bareng karo ecehing kukila
padha manembrama asung pepuji
sesanti rahayu

16. Geguritan ing ndhuwur titimangsane kira-kira dumadi ing wanci … .


A. esuk C. sore
B. awan D. bengi

17. Solah bawa lan obahing perangane awake Widi trep banget karo surasane geguritan kang diwaca mula
dheweke dadi juara siji ing lomba maca geguritan iku. Bab iku amarga Widi anggone maca nggatekake
….
A. wicara C. wiraga
B. wirama D. wirasa

18. Maca geguritan kudu nggatekake babagan wirama, kang teges tegese … .
A. Munggah mudhune swara C. Gedhe cilice ukara
B. Dawa cendhake tetembungan D. Rasa pangrasane pocapan

19. Kang minangka titikane geguritan kacetha ing ngisor iki, yaiku … .
1. ana kalane nganggo lelewaning basa(gaya bahasa)
2. cacahing gatra ajeg lan wis gumathok
3. tetembungane pilihan
4. isine mentes
A. 1,3 lan 4 bener C. 1,2 lan 3 bener
B. 2,3 lan 4 bener D. 1,2 ,3 lan 4 bener

Wacan 5

Satru sekti saya ndadra


Pangrenahe kalangkung mbebayani
Wus nabras ing dhusun-dhusun
Yeku inuman keras
Narkotika obat teler sabu-sabu
Sabarang tindak maksiyat
Iku kabeh den singkiri

20. Tembang macapat ing dhuwur menawa katitik saka paugerane klebu jenis tembang….
A. Mijil C. Kinanti
B. Pangkur D. Pocung

21. Narkotika lan obat-obatan terlarang iku dadi satru tumrap para mudha. Tembung satru iku tegese….
A. mungsuh C. bebaya
B. kanca D. kesenengan

22. Narkoba iku saya saya suda, malah tambah ndadra. Tembung ndadra tegese….
A. kondhang C. moncer
B. ngambra-ambra D. ilang

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 3


23. Sutrisna tansah waspada anggone srawung, supaya ora kagodha marang tumindak maksiyat lan
narkoba. Tembung waspada iku tegese….
A. pilih-pilih C. ngati-ati
B. sembrana D. mbedakake kanca

Wacan 6

Jirak pindha munggweng wana,


Sayeng kaga we rekta kang muroni,
Nyenyambi kalane nganggur,
Wastra kang tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar Pangkur,
Baon sabin ing nawala,
Kinarya langen pribadi.

24. Nitik anane sasmita tembang, cetha menawa tembang ing ndhuwur iku tembang … .
A. Sinom C. Asmaradana
B. Pangkur D. Mijil

Wacan 7
Mingkar-mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap neng tanah Jawa,
Agama ageming aji.
(Saking Serat Wedhatama: Mangkunagara IV)

25. Tembang ing ndhuwur kang guru wilangane ana 8 mapan ing gatra … .
1. 3, 6, 1 lan 7 3. 3, 4, 6 lan 7
2. 2, 4, lan 6 4. 1, 3, 6 lan 7

A. 1 lan 2 bener C. 3 lan 2 bener


B. 2 lan 4 bener D. 1 lan 4 bener

Wacan 8
Sekar Pangkur kang winarna,
Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip,
Ala lan becik puniku,
Prayoga kawruhana,
Adat waton puniku dipun kadulu,
Miwah ta ing tatakrama
Den kaesthi siyang ratri

26. Den kaesthi siyang ratri


Tembung ratri tegese ... .
A. Esuk C. Sore
B. Awan D. Bengi

27. We rekta kang muroni,


Nyenyambi kalane nganggur ,
Badhekane we rekta kang muroni yaiku … .
A. Kesambi C. Iket
B. Kala D. Anggur

28. Tembung kang padha tegese karo tembung we yaiku … .


1. Banyu 3. Her 5. Kukila 7. Toya
2. Gunung 4. Warih 6. Manuk 8. Alas
A. 1, 2, 3 lan 4 bener C. 3, 4, 7 lan 1 bener
B. 2, 4, 6 lan 8 bener D. 5, 6, 7 lan 8 bener

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 4


29. Wastra tumrap mustaka,
Pangikete wangsalan kang sekar pangkur,
Badhekane wastra tumrap mustaka yaiku … .
A. Iket C. Blangkon
B. Pecis D. Surban

30. Mingkar-mingkuring angkara,


Ukara kasebut migunakake purwakanthi ... .
A. Guru swara C. Guru basa
B. Guru sastra D. Guru gatra

Wacan 9

Wus ngumandhang waosan teks proklamasi


Sukarna lan Hatta
Pitulas Agustus nenggih
Taun patang puluh lima

Wiwit iku Indonesia dumadi


Yekti wus mardika
Panjajah padha kalindhih
Gusti wus paring nugraha

31. Isine tembang Maskumambang ing dhuwur iku nyeritakake … .


1. Kumandhange teks proklamasi 3. Penjajah wus kalah
2. Dumadine negara Indonesia 4. Pengetan kamardikan
A. 1 lan 3 bener C. 1, 2 lan 3 bener
B. 2 lan 4 bener D. Kabeh bener.

32. Tembung kang tegese padha karo tembung kalindhih yaiku … .


1. Kalah 3. Kepepet
2. Kasoran 4. Mlayu
A. 1 lan 3 bener C. 1 lan 2 bener
B. 2 lan 4 bener D. 1, 2, 3 lan 4 bener.

33. Guru lagu lan guru wilangane cakepan tembang Maskumamabang yaiku … .
A. 12i ,6a, 8i, 8a C. 10i, 6a, 8a, 8i
B. 12a, 6i, 8a, 8i D. 12i, 6a ,8a, 8i

34. Jam pitu, Bu Patmi wis rawuh ing sekolahan.


Miturut unggah-ungguhe ukara kasebut klebu basa….
A. ngoko lugu C. ngoko alus
B. krama lugu/desa D. krama alus

35. Rani : “Sugeng enjing, Bu!”


Bu Tiwi : “Sugeng enjing, Nak!”
Rani : “ Nepangaken, …. Kula Rani, …. Ibu sinten?”
Tembung kang trep kanggo ngganepi ukara ing dhuwur yaiku….
A. jeneng, asma C. asma, nama
B. nama, asma D. asma, jeneng

36. Ibu….growol lan tempe besengek Budhe Karni, sawise ….saka Pasar Wates.
Kanggo ngganepi ukara ing ndhuwur, tembung kang trep manut unggah-ungguhe yaiku….
A. maringi, kondur C. nyaosi, kondur
B. nyukani, wangsul D. menehi, wangsul

37. Dina iki pak guru ora tindak jalaran lagi lara.
Ukara kasebut menawa didadekake basa krama yaiku….
A. Dinten menika pak guru boten tindak amargi lagi sakit.
B. Dinten menika pak guru boten tindak amargi nembe gerah.
C. Dinten menika pak guru boten tindak amargi nembe sakit.
D. Dinten menika pak guru boten tindak amargi lagi gerah.

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 5


38. Omahe Yeni udakara telung kilo saka sekolah.
Tembung udakara saka ukara kasebut tegese….
A. benere C. prenahe
B. cedhake utawa adohe D. kurang luwih utawa kira-kira

39. Patrape tangan kang bener nalika matur yaiku….


A. Tangan dibanda ing buri. C. Tangan ngepel/nggegem.
B. Tangan malangkerik. D. Tangan ngapurancang.

40. Minangka anak kang bekti marang wong tuwa, saben arep mangkat sekolah kudu pamit kanthi patrap
kang becik lan migunakake ukara kang trep.
Ukara kang trep kanggo pamit mangkat sekolah yaiku….
A. Pak/bu kula ajeng tindak sekolah, nyuwun sangunipun
B. Pak/bu kula badhe mlampah sekolah, nyuwun sangu.
C. Pak/bu kula ajeng tindak sekolah, nyuwun pangestu.
D. Pak/bu kula badhe kesah sekolah, nyuwun pangestunipun.

Wacan 10

41. Midherek waosan ing nginggil menika, mahyakaken bilih Narayana menika putranipun … .
A. Prabu Kresna C. Raden Janaka
B. Prabu Basudewa D. Dewa Wisnu

Wacan 11

42. Gurunipun Narayana midherek seratan ing nginggil asmanipun inggih menika … .
A. Prabu Kresna C. Prabu Basudewa
B. Dewa Wisnu D. Begawan Padmanaba

Wacan 12

43. Wonten ing waosan nginggil menika, kacariyosaken bilih pusakanipun Narayana namanipun … .
A. Senjata Cakra lan Kembang Wijaya Kusuma C. Nenggala lan Alugora
B. Aji Bala Srewu D. Pasopati lan Senjata Cakra

44.

Unine tulisan Jawa iku .....


A. Raden Gathutkaca ngambah dirgantara. C. Raden Gathutkaca mabur ing dirgantara.
B. Raden Gathutkaca ngambah ing akasa. D. Raden Gathutkaca mabur ngambah dirgantara.

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 6


45.

Sapa sing mabur ing akasa?


A. Anoman C. Prabu Dasamuka
B. Raden Gathutkaca D. Prabu Kresna

46. Raden Gathutkaca satriya kang asala saka ing ... .

47. Tembung we rekta , menawa ditulis Jawa … .

48. Sanggya pra dasih, yen ditulis Jawa ... .

49. Prabawaning ratri, yen ditulis Jawa ... .

50.

Tulisan aksara jawa menika menawi kaserat latin … .


A. Doni tangi adus dandan, banjur mangkat sekolah.
B. Doni tangi, adus dandan banjur mangkat sekolah.
C. Doni tangi, adus, dandan banjur mangkat sekolah.
D. Doni tangi, adus, dandan, banjur mangkat sekolah.

pat_smp_kab.Kulonprogo Kelas - VIII Bahasa Jawa 7

Anda mungkin juga menyukai