Anda di halaman 1dari 5

PEMERINTAH KOTA SURABAYA

DINAS PENDIDIKAN
SMP NEGERI 14 SURABAYA
Jalan Jurang Kuping Benowo Pakal Surabaya
Penilaian Akhir Semester 2 (Genap)
Tahun Pelajaran 2018/2019
Mata Pelajaran: BAHASA JAWA Hari/Tgl :
Kelas : VII Waktu : 60 MENIT

I. PILIHEN WANGSULAN A, B, C, UTAWA D KANG KOANGGEP BENER!


Gusti
(Intan Nukhi Adhiya)
Dalem namung tiyang kang lemah
Kang boten saged mlampah piyambak
Gusti
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil
Tansah kegoda kesenengan donya
Gusti
Hamung siji panyuwunku
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti
Duh Gusti
1. Wacan ing dhuwur kuwi kalebu . . . .
A. Cerkak C. Geguritan
B. Dongeng D. Tembang
2. Wacan ing dhuwur kadadeyan saka pirang gatra . . . .
A. 3 C. 9
B. 6 D. 35
3. Langkah wiwitan kang kudu ditindakake nalika arep nulis geguritan yaiku . . . .
A. negesi tembung C. ngumpulake tetembungan
B. nemtokake tema D. ngrakit kara
4. Supaya bisa nulis geguritan kang apik tur enak di waca, kudu....
A. Tembunge endah, mentes C. Tembunge akeh
B. Tembunge apik, mentes D. Tembunge ilmiyah
5. Asil karya sastra jawa kang ora kaiket ing aturan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu,
lan awujud puisi di arani....
A. Tembang Macapat C. Geguritan
B. Tembang dolanan D. Gancaran
6. Wong sing ngasilake karya sastra wujud geguritan di arani....
A. Panggurit C. Komposer
B. Niaga D. Penyanyi
7. Ing basa indonesia, geguritan gagrag anyar di arani ....
A. Puisi C. Karya ilmiah
B. Prosa D. Semboyan
8. Basa sing asring digunakake ing geguritan iku basa.....
A. Krama inggil C. Ngoko
B. Kedhaton D. Bagongan
9. Supaya bisa mangerteni isine geguritan, luwih dhisik kudu mangerteni.....
A.Tegese tembung C. Tegese ukara
B.Carane Maca D. Golek ide
10. Gatekna petikan geguritan ing ngisor iki !
Wanci sekolah miwiti pasinaon
Kathah siswa kang sami pitakon
Sabtu enjing kagem lingkungan kemawon
Kerja bakti tanpa di kongkon
..................................................................
Purwakanthi kang tinemu ing geguritan yaiku....
A. Purwakanthi guru swara C. Purwakanthi lumaksita
B. Purwakanthi guru sastra D. Purwakanthi guru basa
LINTANG LINTANG
Suharmono K

lintang lintang abyor ing tawang


cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dak rantu

lintang lintang alihan


cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
Jaya Baya, 6 Maret 1997
11. Geguritan ing ndhuwur cacahe pada yaiku...
A. 4 C. 2
B. 3 D. 1

POCUNG
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saka wong sudra pepeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo

12. Tembung sayektine iku duweni teges. . . .


A. Sabenere C. Sakarepe
B. Ora bener D. Saperlune
13. Tembang ing dhuwur iku isine ngenani . . .
A. Pitutur C. Nesu
B. Asmara D. Prihatin
14. Tembang ing dhuwur cacahe guru wilangan gatra ka 3 yaiku ana . . . .
A. 7 C. 10
B. 9 D. 12
15. Tembung pepeki kalebu tembung. . . .
A. Dwilingga C. Dwiwasana
B. Dwipurwa D. Dwibasa

MIJIL
Dedalane guna lawan sekti
Kudu andhap asor
Wani ngalah luhur wekasane
Tumungkula yen dipun dukani
Bapang den simpangi
Ana catur mungkur
16. Tembang mijil ing ndhuwur kang guru wilangan lan guru lagune 10 e dumunung ing gatra …
A. 1 C. 4
B. 3 D. 6
17. Guru wilangan lan guru lagune gatra 5 tembang mijil iku …
A. 10 i C. 6 u
B. 10 u D. 6 i
18. Tembang mijil iku ana … gatra
A. 5 C. 7
B. 6 D. 8
19. Ana catur mungkur tegese … .
A. Akeh alesan nanging gelem nindakake.
B. Guneman waton metu tanpa dipikir dhisik.
C. Ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik
D. Nacad sejatine melik.
20. Cacahe wanda saben sagatra di arani…
A. Guru wilangan C. Guru lagu
B. Guru gatra D. Guru basa
21. Ing ngisor iki kang dudu kalebu tembang macapat yaiku......
A. Sinom C. dhandhangula
B. durma D. Campursari
22. Cacahe gatra saben sapada diarani.....
A. Guru lagu C. Guru wilangan
B. Guru gatra D. Guru basa
23. Dhong-dhinge ing pungkasane gatra diarani.....
A. Guru lagu C. Guru wilangan
B. Guru gatra D. Guru basa
24. Tembung – tembung ing ngisor iki kang migunakake sandhangan pepet manawa ditulis
nganggo aksara Jawa yaiku ….
A. sambel C. peyek
B. tempe D. Marlene
25. Pasangan kang owah dadi wujud asline menawa oleh sandhangan suku, cakra, keret
apadene pengkal yaiku pasangan ….
A. na, ga, pa C. sa, ra, nga
B. ka, ta, la D. nya, tha, ma

26. smBtSp pasangan kang digunakake ana ing tetembungan iku pasangan…..
A. Ba lan sa C. Ca lan ka
B. Ba lan ka D. Ca lan ta
27. Tembang Maskumambang. Panulisane Jawa sing trep yaiku … .
A. [tmB=msÑ|mmB= C. temB=msÑ|mmB=
B. temB=msÑ|mmBz\ D. temB=msÑ|mb=
28. Jinise sandhangan ing aksara jawa ana telu kaya ing ngisor iki, kejaba ....
A. Sandhangan swara
B. Sandhangan panyigeg wanda
C. Sandhangan wyanjana
D. Sandhangan wignyan
29. Setitekna sandhangan - sandhangan ing ngisor iki!
1. ....u 2. ....h 3. ....e 4.[....o
5. ...i. 6. [.... 7. ....] 8. ....}
9. ....= 10. ..../ 11. ....\ 12. ....-

Saka tabel sandhangan kasebut, sing kalebu sandhangan swara diduduhake nomer pira
wae....
A. 1, 2, 3, 4, 5 C. 1, 3, 4, 5, 6
B. 1, 3, 5, 6, 7 D. 1, 2, 4, 5, 7
30. Tembung nukokake yen ditulis nggunakake aksara Jawa yaiku ....
A. nu[kokH[k
B. nu[kokS[k
C. nu[kok[k
D. nu[kokke
31. Sandhangan aksara jawa sing munine aksara[ i ] yaiku kasebut .. .
A. pepet C. taling
B. Suku D. wulu
32. Sandhangan aksara jawa sing munine [ u ] yaiku kasebut . . .
A. pepet C. taling
B. Wulu D. suku
33. Tembung sapi telu yen di tulis nganggo aksara jawa yaiku...
A. spitelu C. spisiji
B. spit[lo D. spisij i
34. Tembung wit pari yen di tulis nganggo aksara jawa yaiku .....
A. witPri C. witpy
B. wiwt D. witdadi
SAWUNGGALING
Bedhug kenthang-kenthang , mulih saka dolan Jaka Berek atine bedhegel praupane abang
branang ngempet kanepson, Jaka Berek muring-muring temenan, saben-saben dolan
dienyek karo kanca-kancane amarga mlarat, diloke bocah karam ora duwe bapak.
35. Pethikan crita rakyat ing dhuwur , kalebu perangan/bageyan struktur teks. . . .
A. Koda C. Komplikasi
B. Resolusi D. Orientasi
36. Tembung abang mbranang ing dhuwur duweni teges….
A. sumeh banget C. nesu banget
B. seneng banget D. Abang banget
37. Pethikan crita ing dhuwur paraga Jaka Berek nduweni watak ….
A. Sabar C. Sumeh
B. Mangkelan D. Grapyak

Bedhug kenthang-kenthang , mulih saka dolan Jaka Berek atine bedhegel praupane abang
mbranang ngempet kanepson,
38. Kang kalebu jejer ing ukara ndhuwur yaiku …
A. Jaka Berek C. Praupane
B. Mulih D. Kanepson
39. “ He bocah bagus kenapa kowe nangis kelara-lara kuwi ?” Ukara iki kalebu ukara . . . .
A. Langsung C. tanggap
B. ora langsung D. tanduk
40. “Nyuwun pangapunten Gusti Prabu, kula nangisi ibu kula ingkang sampun panjenengan
sedani”. Ukara kasebut katitik saka unggah-ungguh basa kalebu basa ….
A. Krama alus C. Ngoko lugu
B. Ngoko alus D. Krama lugu

II. WANGSULANA PITAKON-PITAKON ING NGISOR KANTHI PATITIS!

Pahlawanku ....
Mbok korbanke jiwa ragamu kanggo bumiku
Bandha lan nyawa kopasrahake
Kanggo kamulyaning bumiku
Indhonesiaku ....
Getih luber mili netesi Ibu pertiwi

1. Kepriye unine gatra pungkasane geguritan Ing dhuwur?


Lembar-lembar iku ngono ya wujudmu
Kaca mbaka kaca
Diwaca lan ditulisi
Barang iku dibutuhke para siswa

2. Sebutna paugerane (Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu) tembang macapat ing
dhuwur anjur aranana jinising tembang apa!
3. Tembung – tembung ing ngisor iki tulisen nggunakake aksara Jawa sing bener!
a. Nerusake
b. Sepatune
c. Turua
4. Tembung – tembung ing ngisor iki tulisen latine!
a. sinauw
b. turutTn
c. tu[konNn
5. Sebutna struktur teks cerita rakyat !

Anda mungkin juga menyukai