Anda di halaman 1dari 17

Soal PTS 2 KLS 7

(1) Salah sawijining asil kasusastran modern kanggo ngetokake gagasan yaiku….

a.) wayang

b.) geguritan

c.) lagu dolanan

d.) tembang macapat

(2) Geguritan kanthi irah- irahan Gugur gunung ing dhuwur isine yaiku…..

a.) Ngajak para warga kumpul- kumpul

b.) Ngajak para warga sing tansah urip makmur

c.) Ngajak para warga kanggo urip seneng- seneng

d.) Ngajak dhateng para warga nindakaken gugur gunung


(3) Tembung “gugur gunung” tegese padha karo……
a.) gotong-royong

b.) kumpul para warga

c.) urip seneng-seneng

d.) rapat para pemudha

Ayo......

Para kanca kadang wredha lan taruna


Mumpung lagi gagat rahina

Hawa kang adhem aja kok gawe rasa

Makarya bebarengan kanggo rejaning bebrayan

Nanging..…

Siji kang kudu dieling

Sedya lan niat kudu sing suci

Yen tumandang kudu kanthi tulusing ati

Gantinen rasa nggresula dadi suka

(4) Manut geguritan ing dhuwur, masyarakat dijak gotong-royong ing wayah…..

a). sore

b.) esuk

c.) awan

d.) bengi

(5) Wong gotong-royong iku siji kang kudu dieling yaiku….

a.) ora kena ninggal tata krama

b.) ora kena ngarep-arep opah

c.) oleh karo nggresula


d.) oleh karo sembrana

(6) Ing ngisor iki sing ora kalebu tujuane gotong -royong yaiku …..

a.) Ngraketake paseduluran

b.) Pagaweane cepet rampung

c.) Pagawean kang abot dadi entheng

d.) Bisa kumpul lan ngrasani tanggane


(7) Pagawean kang abot datan karasa. Tembung “datan” tegese…..
a.) ora

b.) melu

c.) mesti

d.) tansah

(8) Ing ngisor iki sing ora kalebu jinising purwakanthi yaiku……

a.) purwakanthi guru basa

b.) purwakanthi guru swara

c.) purwakanthi guru sastra

d.) purwakanthi guru wilangan
(9) Gawe geguritan supaya katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi guru basa/ lumaksita.

Purwakanthi guru basa yaiku…..

a.) vokal sing dibaleni
b.) swara sing dibaleni

c.) tembung sing dibaleni

d.) konsonan sing dibaleni

(10) Endahe geguritan bisa uga amarga nganggo purwakanthi guru swara. Purwakanthi guru swara yaiku…..


a.) ambaling vokal

b.) ambaling ukara

c.) ambaling tembung

d.) ambaling konsonan

PEMERINTAH KABUPATEN…
DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
SMP NEGERI PENAGURU.COM

Jl. ……………
PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS)
SEMESTER GENAP
TAHUN PELAJARAN 2021/ 2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : 7 (Tujuh)
Hari, tanggal : ………………………………….
Waktu : ………………………………….

I. Pilihen jawaban kanthi milih A, B, C, utawa D, tumrap jawaban sing paling bener!
1. Salah sawijining asil kasusastran modern kanggo ngetokake gagasan yaiku….
A. wayang
B. geguritan
C. lagu dolanan
D. tembang macapat

Kanggo soal nomer 2

GUGUR GUNUNG

Mangga para sedherek ing kampung Sami nindakaken gugur gunung


Makarya mbangun rejaning kampung Supados para warga mboten
keduwung
Ayo para sedulur,
nanduri lemah kang subur amrih para warga urip akur
kampunge dadi makmur
Gugur gunung iku minangka srana kanggo kumpule para warga
njaga resiking desa
kanggo makmure para warga

2. Geguritan kanthi irah- irahan Gugur gunung ing dhuwur isine yaiku…..
A. Ngajak para warga kumpul- kumpul
B. Ngajak para warga sing tansah urip makmur
C. Ngajak para warga kanggo urip seneng- seneng
D. Ngajak dhateng para warga nindakaken gugur gunung
3. Tembung “gugur gunung” tegese padha karo……
A. gotong-royong
B. kumpul para warga
C. urip seneng-seneng
D. rapat para pemudha

Kanggo soal nomer 4-5

GOTONG ROYONG
Ayo......
Para kanca kadang wredha lan taruna Mumpung lagi gagat rahina
Hawa kang adhem aja kok gawe rasa
Makarya bebarengan kanggo rejaning bebrayan Nanging..…
Siji kang kudu dieling
Sedya lan niat kudu sing suci
Yen tumandang kudu kanthi tulusing sti Gantinen rasa nggresula dadi
suka

4. Manut geguritan ing dhuwur, masyarakat dijak gotong-royong ing wayah…..


A. sore
B. esuk
C. awan
D. bengi

5. Wong gotong-royong iku siji kang kudu dieling yaiku….


A. ora kena ninggal tata krama
B. ora kena ngarep-arep opah
C. oleh karo nggresula
D. oleh karo sembrana

6. Ing ngisor iki sing ora kalebu tujuane gotong -royong yaiku …..
A. Ngraketake paseduluran
B. Pagaweane cepet rampung
C. Pagawean kang abot dadi entheng
D. Bisa kumpul lan ngrasani tanggane

7. Pagawean kang abot datan karasa. Tembung “datan” tegese…..


A. ora
B. melu
C. mesti
D. tansah
8. Ing ngisor iki sing ora kalebu jinising purwakanthi yaiku……
A. purwakanthi guru basa
B. purwakanthi guru swara
C. purwakanthi guru sastra
D. purwakanthi guru wilangan

9. Gawe geguritan supaya katon endah iku kudu nggatekake anane purwakanthi guru basa/ lumaksita.
Purwakanthi guru basa yaiku…..
A. vokal sing dibaleni
B. swara sing dibaleni
C. tembung sing dibaleni
D. konsonan sing dibaleni

10. Endahe geguritan bisa uga amarga nganggo purwakanthi guru swara. Purwakanthi guru swara
yaiku…..
A. ambaling vokal
B. ambaling ukara
C. ambaling tembung
D. ambaling konsonan
11. Purwakanthi kang runtut konsonane diarani purwakanthi guru……
A. swara
B. sastra
C. wilangan
D. lumaksita

Kanggo soal nomer 12 RADEN AJENG KARTINI

Sanajan panjenengan wanita Nanging gelem rekasa Sanajan


dipingit wong tuwa
Atine tetep mbela Mbela kaum wanita
Aja nganti kalah prakosa Jejere wanita
Kudu tetep siyaga Ngowahi nasibe bangsa

12. Pungkasaning gatra ing pethikan geguritan ing dhuwur migunakake purwakanthi guru…..
A. swara “a”
B. swara “ta”
C. sastra “a”
D. sastra “ta”

13. Ing ngisor iki ukara kang tembung- tembunge migunakake purwakanthi sastra “t” yaiku…..
A. Para warga gage gumregah Gugur gunung.
B. Sekolah golek ngelmu saben dina.
C. Sasa durung bisa masak usus.
D. Titus tuku tahu karo Tata.

14. Ukara ing ngisor iki kang migunakake purwakanthi swara “ar” yaiku….
A. Jajan bakso jaro soto.
B. Tuku buku cacahe wolu.
C. Entuk teri ing pinggir kali.
D. Samar-samar krungu swara saka kamar.

15. Kudu jujur yen kowe kepengin makmur.


Ukara kasebut migunakake purwakanthi guru……
A. basa
B. swara
C. sastra
D. lumaksita

16. Dhasare wong jejodhoan iku yaiku bobot, bibit, bebet. Ukara ing dhuwur migunakake
purwakanthi guru….
A. swara “it”
B. swara “et”
C. sastra “b”
D. sastra “b,t”

Kanggo soal nomer 17-18

Dina Jum’at para siswa lan siswi


Ana sing nyapu ana uga sing ngresiki Meja kursi lan lemari
Gombal sapu ora lali Minangka piranti kerja bakti

17. Pethikan geguritan sapada ing dhuwur isine……


A. Kahanane meja, kursi, lan lemari
B. Kahanane para siswa ing dina Jum’at
C. Kahanane para siswa sing lagi padha nyapu
D. Kahanane para siswa sing lagi padha kerja bakti

18. Minangka piranti kerja bakti.


Tembung “piranti” tegese padha karo…..
A. alat
B. wektu
C. papan
D. gawean

19. Kang kudu digatekake tumrape wong maca geguritan kaya kang disebutke ing ngisor iki, yaiku…..
A. wicara, wirama, wiraga, wirasa
B. wicara, wiwaha, wiraga, widara
C. wicara, wiwaha, wiraga, wilapa
D. wisesa, wiwaha, winarna, wirasa

20. Cethane pocapan nalika maca geguritan iku diarani…..


A. wirama
B. wirasa
C. wicara
D. wiraga

21. Dene patrap obahing awak lan pasemon nalika maca geguritan iku kalebu tehnik…..
A. wirama
B. wirasa
C. wicara
D. wiraga

22. Supaya katon endah lan ngresepake maca geguritan iku kudu nggatekake wirama. Tegese wirama yaiku…..
A. pocapan kudu cetha
B. dawa cendhake ukara
C. munggah mudhune swara
D. rasa pangrasane geguritan

23. Dara anggone maca geguritan bisa nganti nangis, luh e nganti dleweran. Kahanan kaya mangkono iku
ateges Dara nggatekake bab……
A. wirama
B. wirasa
C. wicara
D. wiraga

24. Sadurunge maca ana ing panggung, geguritan perlu dingerteni isine (ditafsirkan) luwih dhisik. Kegiatan kaya mangkono
diarani….
A. nggoleki purwakanthi
B. ngetung cacahe gatra
C. nggagapi isine geguritan
D. ngerteni sapa sing ngarang
25. Unjal ambegan landhung paling ora kaping telu, banjur maju kanthi ati teteg, madhep lan mantep.
Iku mau patrap supaya siyaga kanggo……
A. performance/penampilan
B. teknik vokal
C. olah napas
D. olah raga

26. Sero lirihe swara kudu dijumbuhake karo kahanane ruangan. Bab kaya mangkono kalebu
ing…...
A. performace/penampilan
B. teknik vokal
C. olah napas
D. olah raga

27. Ing ngisor iki kalebu pituduh cara gawe geguritan, kejaba…..
A. Nemtokake tema
B. Nemtokake irah-irahan
C. Bisa migunakake purwakanthi
D. Nemtokake sing arep maca geguritan

28. Cara njupuk dhasaring swara kang paling apik nalika maca geguritan yaiku saka….
A. irung
B. lambe
C. dhadha
D. tenggorokan

29. Ing ngisor iki kalebu unsur kang gawe endahing geguritan, kejaba….
A. Nganggo tembung kang ora ana gegayutane karo bab sing dikandakake ing geguritan
B. Rerangkening tembung mengku purwakanthi kang endah
C. Makna tembung bisa nuwuhake pirang-pirang tafsiran
D. Mengku angen-angen/imajinasi kang jero

30. Wiraga kang apik nalika maca geguritan yaiku……


A. Ngobahake tangan lan sikil terus
B. Ndingklukake sirah madhep ngisor
C. Nggeleng-nggelengake sirah/gelang-geleng
D. Ngobahake awak saperlune jumbuh karo isine geguritan

Kanggo soal nomer 31-32

Ati sing lara dadi waras Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas Ndeleng ciptaan sing Kuasa

31. Tema saka pethikan geguritan ing dhuwur yaiku…..


A. katresnan marang wong tuwa
B. kaendahan alam
C. pendhidhikan
D. budi pakarti

32. Ndeleng ciptaan sing Kuasa.


Tembung “ndeleng” pada tegese karo…….
A. ngrusak
B. ngrumat
C. nyawang
D. nglestarekake
Kanggo soal nomer 33-35

Amrih jembar ing wawasan,


Aja sungkan ngambah perpustakaan,
Awit perpustakaan dudu gudhang pustaka,
Nanging papan kanggo nggladhi kawegigan lan sumbering katerangan, Supaya wegig maca lan
nulis, kepara limpad sasaliring pangawikan,
Ja sumelang ngangsu kawruh kang mapan ing perpustakaan,

33. Ja sumelang ngangsu kawruh kang mapan ing perpustakaan. Tembung “kawruh”
tegese…..
A. meja
B. buku
C. ngelmu
D. sekolahan

34. Supaya wegig maca lan nulis, kepara limpad sasaliring pangawikan. Ukara iku tegese….
A. Supaya bisa pinter nulis.
B. Supaya pinter maca buku.
C. Supaya pinter ing sekolah uga golek pangan.
D. Supaya pinter maca, nulis, lan pinter sakabehing ngelmu.

35. Amrih jembar ing wawasan. Ukara kasebut tegese…..


A. Supaya akeh kancane.
B. Supaya akeh kawruhe.
C. Supaya akeh bandhane.
D. Supaya akeh sesawangane.

36. Jinising tembang kang ora nganggo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Biasane ditembangake dening
bocah-bocah cilik, utamane ing padesan diarani tembang……
A. dangdut
B. dolanan
C. macapat

D. campusari Kanggo soal nomer 37-38

GUNDHUL-GUNDHUL PACUL

Gundhul- gundhul pacul cul gembelengan Nyunggi- nyunggi wakul


gembelengan Wakul ngglimpang segane dadi sak latar Wakul ngglimpang
segane dadi sak latar

37. Nyunggi- nyunggi wakul kul gembelengan. Tembung “gemblelengan”


tegese…..
A. urik
B. umuk
C. susah
D. seneng

38. Tembung “nyunggi” tegese…..


A. nggawa barang nganggo tangan loro
B. nggawa barang  kanthi ditumpangke ing geger
C. nggawa barang ditumpangke ing pinggir awak
D. nggawa barang kanthi ditumpangke ing ndhuwur sirah
39. Budi pakarti kang tinemu ing tembang Gundhul-gundhul Pacul yaiku…..
A. Wong sing seneng gemblelengan
B. Wong sing seneng nyunggi wakul
C. Wong sing seneng nggawa sega kanthi gemblelengan
D. Wong nyambut gawe aja sembrana mundhak nemu cilaka

40. Nyunggi- nyunggi wakul gemblelengan. Tembung “wakul” tegese…..


A. wadhah sega
B. wadhah jamu
C. wadhah beras
D. wadhah banyu

41. Ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan yaiku……


A. Andhe-andhe Lumut, Kinanthi, Jamuran
B. Gambuh, Gundhul-gundhul Pacul, Jamuran
C. Andhe-andhe Lumut, Jamuran, Cublak-cublak Suweng
D. Maskumambang, Andhe-andhe Lumut, Cublak-cublak Suweng

Kanggo soal nomer 42-44 MENTHOG-MENTHOG

Menthog-menthog tak kandhani Mung rupamu angisin-isini


Mbokya aja ngetok ana kandhang wae Enak-enak ngorok ora nyambut
gawe Menthog-menthog mung lakumu Megal-megol gawe guyu
42. Piwulang ing lagu menthog-menthog kaya ing ngisor iki, kejaba…..
A. Dadi manungsa ora kena umuk, amarga kauripan kang ana ing donya iki kuwasaning Gusti.
B. Dadi wong kudu sing kesed, amarga seneng turu sakarepe dhewe iku kepenak ing awak.
C. Dadi wong kudu gelem nyambut gawe kanggo nyukupi kabutuhan urip.
D. Dadi wong kudu bisa mangerteni marang awake dhewe (instrospeksi).

43. Mbokya aja ngetok ana kandhang wae. Tembung “kandhang” tegese…..
A. omah ing pinggir dalan
B. omah apik ing tengah alas
C. omah kanggo ngingu kewan
D. omah kanggo dolanan bocah cilik

44. Enak-enak ngorok ora nyambut gawe, iku watak sing ora apik, luwih becike yaiku…..
A. nyambut gawe sakselone wae
B. turu nalika wayahe nyambut gawe
C. aja turu nalika wayahe kudu nyambut gawe
D. kena turu sawayah-wayah ora perlu nyambut gawe

45. Tembang kanggo bocah-bocah sing lagi dolanan kaya gambar ing dhuwur yaiku……
A. Cublak-cublak Suweng
B. Andhe-andhe Lumut
C. Menthog-menthog
D. Padhang Bulan

46. Gambar ing dhuwur yaiku salah sawijine dolanan tradhisional Jawa kang diarani…..
A. bekel
B. neker
C. dakon

D. egrang 

Kanggo soal nomer 47-49 PADHANG BULAN

Ya prakanca dolanan neng njaba Padhang bulan padhange kaya


rina Rembulane ne sing ngawe-awe Ngelingake aja padha turu sore

47. Manut tembang ing ndhuwur isine ngandhut makna religious/keagamaan yaiku…..
A. Supaya wong padha turu sore.
B. Supaya wong padha turu wektu awan.
C. Supaya wong padha dolan ing wayah bengi.
D. Supaya wong tansah nindakake dhawuhe lan ngedohi larangane Gusti.

48. Tembang “Padhang Bulan” kalebu jinising tembang……


A. lawas
B. dolanan
C. macapat
D. campursari

49. Padhang bulan padhange kaya rina. Tegese tembung “rina” yaiku…..
A. sore
B. esuk
C. awan
D. bengi

50. Wujud barang kang bisa didelikake nalika bocah dolanan cublak-cublak suweng yaiku…..
A. krikil
B. pring
C. buku
D. bolpen

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

1. Sebut lan terangna 4 teknik maca geguritan!

2. Sebut lan terangna 3 jinising purwakanthi!

3. Gawea ukara kang mengku purwakanthi guru swara! (2 wae)

4. Apa budi pakarti kang ana ing tembang dolanan “Gundhul-gundhul Pacul”?

Anda mungkin juga menyukai